Font size
WorksheetsASAS B.Jawa 9
Total questions: 50
Worksheet time: 1hrs 2mins
Gatekna ukara ing ngisor iki!
Fitri tuku alat kanggo nemtokake arah
Maksud saka ukara camboran ing ndhuwur yaiku....
Fitri tuku jam
Fitri tuku peta
Fitri tuku kompas
Fitri tuku stopwatch
Sing diarani amanat ing drama tradisional yaiku......
Gagasan pokok kang dikembangake dadi cerita kang digelar ing pementasan
Piwulang kang kinandhut ana ing njero cerita utawa pementasan.
Piwulang kang ana ing njabane cerita utawa pagelaran.
Gegambaran swasana lumakuning cerita kang ginelar.
Gatekna perangane teks pidato ing ngisor iki!
“ Puja puji syukur konjuk dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng panjenengan lan kula arupi kesehatan jasmani lan rohani, saengga ing wekdal punika kita saged ngawontenaken pepanggihan kangge ngrembag bab kaleksananing lomba karesikan lingkungan”
Perangane teks pidato ing ndhuwur kelebu struktur tek pidato awujud....
Pambuka
Andharan isi
Salam pambuka
Salam pakurmatan
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!
1. Nemtokake tema, idhe pokok drama
2. Nemtokake peraga/tokoh lan watak-watake
3. Nemtokake wektu, latar panggonane cerita
4. Miwiti nulis draf skenario karo nggambarake jiwane naskah
5. Ngrancang alur cerita, adegan lan dhialoge peraga
6. Yen skenario wis dadi diwaca maneh bola-bali supaya luwih apik
Urutana cara nulis skenario ing ndhuwur kanti bener!
1, 2, 3, 4, 5, 6
1, 2, 3, 5, 4, 6
1, 2, 5, 3, 4, 6
1, 2, 5, 4, 3, 6
Piwulang kang kinandhut ana ing njero cerita utawa pementasan, diarani ?
(a)
Sebutna salah siji unsur intrinsik kang ana ing drama tradisional !
(a)
Gatekna petilan teks drama tradisional ing ngisor iki!
Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka. Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.
Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.
"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."
………………………………………………………………………..
Apa judul drama tradisional ing nduwur !
(a)
Ngomong ing ngarepe wong akeh kanthi ancas lan tujuwan tertamtu diarani....
Ndonga
Nembang
Maca geguritan
Tanggap wacana
Perangane pidhato kang ngandharake pangucap syukur lan panuwun marang gusti kang maha agung diarani. . . .
(a)
Miturut kahanane pidato kaperang dadi telu, yaiku kahanan resmi, kahanan setengah resmi, kahanan ora resmi. Sing diarani kahanan setengah resmi yaiku......
Pidato kang tetep ngetokake kesan resmi, nanging ora keiket wektu, isi tetep kudu runtut, nanging isih bisa dikembangake
Pamicara bisa ngandharake babagan kang pas karo kahanan lan pemirenge, ora keiket dening wektu
Pidato sing ditindakake dening pejabat ana ing acara resmi sing keiket dening wektu lan isine
Pemicara bisa ngandharake babagan kang keiket anane wektu lan isi
Gatekna wacan ing ngisor iki!
“Saiki wes wayahe ulan Agustus, wes meh wayahe akeh lomba-lomba sing bakal diadakno ing RW 1 kaya biasane. Tahun iki pak Adi (ketua RW 1) bakal ngadakno lomba karnaval saben RT, beda kaya tahun biasane seng ora ana lomba karnaval. Sedurunge diumumna, pak Adi ngajak kumpul santai karo para RT ing balai RW 1 kanggo bahas lomba agustusan iki”.
Tuladha wacan ing nduwur kelebu jenis pidato.......
Resmi
Dadakan
Ora resmi
Setengah resmi
Gatekna tugas pranatacara ing ngisor iki!
1. Nyiapake lan nrancang acara
2. Mbukak acara
3. ...............................
4. Ngatur lan nyumanggaaken para tamu jronng acara
5. Nrangkum kabeh lumakune acara
6. Nutup acara
Tugas pranatacara ing ngisor iki sing trep kanggo jangkepi cecek-cecek ing nduwur yaiku....
Atur panuwun marang sing padha rawuh
Ngatrur acara lan lumakune acara
Ngandharake tujuwane patemon
Ngandharake susunan adicara
pidhatokang kudu ditindadake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut diarani pidhato . . . .
(a)
" Dhumateng ingkang ngrasuk agami sanesipun Islam kula aturaken bagyan yuwana lan rahayu! Mugi-mugi kawilujengan saha kasarasan tansah kasarira wonten ngarsa panjenengan sedaya". Ukara ing nduwur kelebu struktur teks pranatacara bagiyan....
Isi
Panutup
Pambuka
Kesimpulan
Tembung "jumeneng" yen katulis aksara Jawa yaiku ….
Struktur teks drama kang dadi panutup lan mujudake perangan pungkasan jroning teks drama kang awujud dudutan lan piweling sing dijupuk saka teks drama diarani...
dhialog
monolog
epilog
prolog
Struktur teks drama sing awujud pacelathon utawa pirembugan kang kudu diucapake dening paraga drama diarani.....
monolog
epilog
dhialog
prolog
Paraga sing tansah lelawanan karo paraga utama, biasane digething penonton jalaran tumindake ora becik utawa watake ala diarani paraga...
tritagonis
protagonis
pentagonis
antagonis
Unsur teks drama kang nerangake papan panggonan kanggo main drama, wektu dumadine kedadeyan, lan kahanan (situasi) kang dicritakake jroning pagelaran drama diarani ....
amanat
alur
paraga
seting
Unsur teks drama kang mujudake rerangkening crita utawa rerangkening konflik para paraga saka wiwitan nganti tumekane pungkasan diarani ....
paraga
amanat
seting
alur
Gambar menika nedahaken bilih nalika wonten tiyang khotbah utawi nerangake sawijining bab, kedah..
Ninggalake kewajiban mirengake
Merem
Mirengake kanthi teliti / gatekake
Mendel namung mrisani
Sapa sing rene ? Ukara iki diarani……
Ukara panantang
sambawa
pangipat-ipat
pitakon
Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …
krama
Krama inggil
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama andhap
Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …
krama
Krama inggil
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama andhap
Pranatacara kuwi yen ngucapake ukara lan tembunge kudu cetha. Yen nganti salah ucap bakal ngurangi kawibawane pranatacara. iki kalebu olah swara babagan...
logat
pocapan
prana
intonasi
kajiwan
endi sing bener?
a. Aku mau tuku koco moto, amergo mripatku loro
b. Aku mau tuku kaca moto, amerga mripatku loro
c. Aku mau tuku kaca mata, amergo mripatku lara
d. Aku mau tuku kaca mata, amerga mripatku lara
a
b
c
d
Sadurunge pagelaran diwiwti, sutradara nganakake sayembara kanggo milih paraga utama kang pas karo karakter ing drama.
Sutradara kasebut lagi nganakake...
chasing
cashin
editing
cushion
casting
Pagelaran lakon bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen ....
sekabehe pawongan kasangkut ing pagelaran kanthi nduweni rasa seneng.
sekabehe pawongan melu ngatur pakaryan kanthi nduweni rasa seneng.
sekabehe pawongan makarya kanthi nduweni rasa seneng lan tanggung jawab.
sekabehe pawongan melu netepake pakaryan kanthi nduweni rasa seneng.
sekabehe pawongan melu milih pakaryan kanthi nduweni rasa seneng.
Paraga drama nalika guneman ijen ing panggung diarani ...
dialog
monolog
epilog
prolog
casting
Ingkang kalebet sarat menawi dados pranatacara inggih menika…
wiraga kaliyan busana.
pawiyatan kaliyan katewajuhan.
kadigdayan kaliyan kasekten.
olah swara.
basa kaliyan sastra.
Ajining dhiri wonten kedhaling lathi, ajining raga wonten ing busana, ajining badan saking tumindak. Menika wujud wiraga kaliyan busana (penampilan) pranatacara. Mawastha inggih menika…
badan, pasuryan, cara dandan kaliyan busananipun jumbuh, pantes, wajar.
caranipun mlampah katingal kewes kaliyan luwes, boten ragu-ragu.
jumeneng jejeg kanthi kapitayan, boten dhoyong.
mantep, anteng, boten gemeter, panyawangioun tajem dhateng pamiyarsa.
terampil, lancar, boten kalonen, boten kecepeten.
Teks panatacara ingkang ngandharaken menawi adicara sampun paripurna inggih menika…
Kawula nuwun, ingkang satuhu kinurmatan Bapak Kepala Dinas Pendidikan kaliyan Kabudayan Kab. Cilacap.
Mekaten menggah lampahing adicara Purna Wiyata Adisajana SMP N2 TULUNGAGUNG sampun paripurna kanthi rancag, rahayu widodo nir ing sambekala.
Kagem adicara saklajengipun nun inggih pasugatan beksan Gambyong ingkang badhe kaaturaken dening Liana, Annisa, kaliyan Mega.
Saderengipun kapurwakan lampahing tata adicara Purna Wiyata Adisajana, langkung rumiyin badhe kawula aturaken menggah reroncening adicara ingkang sampun sinanggit.
Langkung rumiyin sumangga sesarengan kula dherekaken manungku puja hastawa puji hastuti ngaturaken syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT.
Bu Guru : “Lho Nu, dina Senen wingi Bu Guru ora pirsa kowe melu pelajaran basa Jawa. Kenapa?”
Sunu : “ ........ ”
Wangsulanipun Sunu ngagem ragam krama, ingkang trep inggih punika…
Pangapurane Bu, kula dikongkon Pak Tanto gladhi upacara kangge pengetan HUT RI benjang
Ngapurane Bu, kula dipunkengken Pak Tanto gladhi/latihan upacara kangge pengetan HUT RI benjang.
Pangapuntenipun Bu, kula dipundhawuhi PakTanto gladhi upacara kagem pengetan HUT RI benjang.
Pangapuntene Bu, kula didhawuhi Pak Tanto gladhen upacara kagem pengetan HUT RI benjang.
bapak: Ibu, anakke dhewe ngunduri gedhe, ayo enggal-enggal disiapake dana pendidhikane.
ibu: iya pak, iki ibu wis usaha nyimpen saka sisane dhuwit belanja. (karo maca daftar menu makanan sing arep dipesen)
saka pacelathon kasebut, settinge ana ing...
omah
warung
rumah makan
meja makan
Manawa maca pawarta kudune nggatekake koma, titik, sero lirihe, cepet rindhike anggone maca supaya sing ngrungokake bisa nangkep isine kanthi cetha. Maca kang mangkono iku atages nggatekake ... .
Wicara
Wirasa
Wiraga
Wirama
Tembung kang migunakake aksara swara iku, menawa kalatinake yaiku....
6. ekonomi
6 konomi
Ekonomi
Ekeh neh mi
Aksara MURDA digunakake kanggo nulis tembung kanng kacetha ing ngisor iki, kejaba....
A.
nulis gelar
nulis jeneng panggonan
nulis jeneng lembaga pemerintah
nulis jeneng kewan
Nami kula Basuki Ahmad, kaserat ngangge aksara Jawi ingkang leres …
sandhangan kanggo menehi ng mati ana ing aksara yaiku ....
28. Gatekna pethikan drama iki!
RUDI LAN PS3
Ing bug sacedhake prapatan, katon nom-noman kang lagi padha cangkrukan.
Tomo : Cangkrukan sore-sore ngene iki enak banget ya? (sambi molet)
Hasan : Iya Tom, bener. Aku ya seneng banget, bisa ngerti wong sliwar-sliwer.
Salim : Padha, aku iya. Amerga aku ora perlu nunggu toko ing omah. (ngadeg)
Hasan : (ngethak Salim) Pancen anak durhaka kowe iku Lim, Lim. dikongkon mbokmu
jaga toko kok malah dolan.
Salim : (ngendha saka kethakane Hasan) Heh! San, awakmu iki kok ngethak-ngethak
wong sakenake dhewe wae? Kok kira aku iki anakmu ngono ta? (rada nesu)
Hasan : Ya ora ngono Lim, mung aku iki ora tega karo ibumu, wis randha duwe anak siji
wae kok angel menawa dikongkon rewang-rewang. (sinambi ngelus dhadha)
Apa awakmu ora mesakake mbokmu?
Salim : Ya jelas ngesakake ta, San. Tapi aku cah enom kan ya pengin dolan barang.
Mosok arep neng omah terus, boring man, boring! (karo tangane melu obah-
obah, ekspresif)
Hasan : Perasaanku wiwit biyen gaweanmu mung dolan thok. (karo nglirik, nyindir
salim)
Saka wacan ing ndhuwur bisa didudut watak saka paraga Hasan yaiku ...
A. seneng dolan
B. seneng tetulung
C. seneng aweh pitutur
D. seneng nyemoni (nyindir)
27. Gatekna pethikan drama iki!
Narti : Ibu punapa siyos tindak sapunika?
(karo nyedhaki ibune sing lagi setrika)
Ibu : Ya, durung ta, Nar. Iki isih ngenteni Bapakmu.
Narti : Bapak kala wau tindak pundi ta, Bu. Ngantos yah manten kok dereng rawuh?
Ibu : Ngendikane mau neng daleme Pak RT, nanging kok ya suwemen!
Bapak : Assalamu’alaikum, walah-walah wis padha ganti klambi ta iki!
(mlaku karo nyopot helm tumuju ibu lan Narti)
Manut teks drama kasebut, papan panggonane Ibu, Narti, lan Bapak nalika rembugan ing ....
A. garasi mobil
B. kamare ibu
C. kamare Narti
D. ruwang setrikan
Narti :“Ibu punapa siyos tindak sapunika?”
(karo nyedhaki ibune sing lagi setrika).
Ibu :“Ya, durung ta, Nar, iki isih ngenteni Bapakmu.”
Narti :“Bapak kala wau tindak pundi ta, Bu, ngantos yah menten kok dereng rawuh?”
Ibu :“Ngendikane mau neng daleme Pak RT, nanging kok ya suwe men!”
Bapak :“Assalamu’alaikum, walah-walah wis padha ganti klambi ta iki!” (mlaku karo nyopot helm tumuju ibu lan Narti).
Nanang :“Ya Allah, Bapak, dirasani ibu karo mbak Narti kok ya mara kondur!” (melu-melu marani ibu).
Bapak :“Iya sepurane, iki mau ndadak ngrembug rapat RT kanggo sesuk barang, mulane dadi suwe! Hlo ... Narti kok durung salin klambi?” (karo nyekel pundhak anak wadone).
Narti :“Kula kesah mangke mawon, niki taksih ngrantos Mas Narno!”
Bapak :“Dadi Masmu sida bali mulih ta saiki!”
Narti :“Inggih, kala wau sampun wangsul, nanging taksih ngeteraken layang titipan dhateng tiyang sepuhing rencangipun.”
Bapak :“Sik dakpanasane sedhela mobile, mengko ibu lan Nanang ndang nyusul.” (ninggalake ruwang setrikan tumuju garasi).
Nanang :“Iya-iya, wis ayo, Bu, gek ndang nututi Bapak. Mas Narno karo Mbak Narti ditinggal wae, ben numpak bis!” (ninggalake ibu lan Narti tumuju garasi nututi bapake).
Manut teks drama kasebut, patrape anak marang wong tuwa yaiku ....
ora ngurus karo kahanane wong tuwa
madoni marang klerune wong tuwa
ngerti marang kahanane wong tuwa
wegah nakoni wong tuwa kang sakepenake
Ing ruang tamu Pak Narko lan Prayitno padha lagi jagongan. Wong loro padha meneng. Sajake padha syik karo lelamunane dhewe-dhewe. Sedhela-dhela usreg mbenakake nggone lungguh. Bu Narko mlebu nggawa ceret, gelas, lan tela godhog, banjur lungguh neng kursi njejeri Pak Narko. Sawetara wektu wong telu padha meneng.
Pak Narko : “Lara rasane atiku!” (rada mbesengut)
Bu Narko : “Mbok ya wis ta Pak, ora usah dipikir jero. Mundhak mung diumekke
ngono wae ya aja lara ati. Pokoke sing penting nyatane rak ora tau.”
Pak Narko : “Lha wong wis kadhung wis lara tenan atiku dicap kaya mangkono iku.
Anake dhewe pancen ya kurang ajar, wong tuwane dicandhak-candak elek,
sapa sing ora muntab!”
Bu Narko : “Mulane bener jare unen-unen kae Pak, anak polah bapak kepradhah.”
Unen-unen kang disebutake ing pacelathon mau nduweni teges.....
Saben tingkahe anak mesthi ditanggung dhewe
Kabeh tingkah lakune wong tuwa mesthi ditiru karo anake
Satingkah polahe anak, wong tuwa kang bakal nanggung akibate
Mulane aja kakehan tingkah supaya apik budine
Gatekna pethikan drama iki!
RUDI LAN PS3
Ing bug sacedhake prapatan, katon nom-noman kang lagi padha cangkrukan.
Tomo : Cangkrukan sore-sore ngene iki enak banget ya? (sambi molet)
Hasan : Iya Tom, bener. Aku ya seneng banget, bisa ngerti wong sliwar-sliwer.
Salim : Padha, aku iya. Amerga aku ora perlu nunggu toko ing omah. (ngadeg)
Hasan : (ngethak Salim) Pancen anak durhaka kowe iku Lim, Lim. dikongkon mbokmu
jaga toko kok malah dolan.
Salim : (ngendha saka kethakane Hasan) Heh! San, awakmu iki kok ngethak-ngethak
wong sakenake dhewe wae? Kok kira aku iki anakmu ngono ta? (rada nesu)
Hasan : Ya ora ngono Lim, mung aku iki ora tega karo ibumu, wis randha duwe anak siji
wae kok angel menawa dikongkon rewang-rewang. (sinambi ngelus dhadha)
Apa awakmu ora mesakake mbokmu?
Salim : Ya jelas ngesakake ta, San. Tapi aku cah enom kan ya pengin dolan barang.
Mosok arep neng omah terus, boring man, boring! (karo tangane melu obah-
obah, ekspresif)
Hasan : Perasaanku wiwit biyen gaweanmu mung dolan thok. (karo nglirik, nyindir
salim)
Saka wacan ing ndhuwur bisa didudut watak saka paraga Hasan yaiku ...
A. seneng dolan
B. seneng tetulung
C. seneng aweh pitutur
D. seneng nyemoni (nyindir)
Yen nulis aksara Jawa
Kuping Gajah
Sandhangan kang digunakake ana ing frasa kasebut yaiku ....
A. suku, wulu, pepet, wigyan
B. suku, wulu, cecek, wigyan
C. suku, wulu, wignyan, cecek
D. suku, wulu, layar, taling
Nalika nulis aksara jawa iku kawiwitan kanthi tandha ..... lan di pungkasi kanthi tandha ...
Khoiri bayar zakat, yen ditulis nganggo aksara Jawa , yaiku...
Farid sinau filsafat
Farid sinau falsafat
Faris sinau filsafat
Faris sinau falsafat
Rosita kuwi bocah sing ora seneng yen diajak ngrasani kancane
Ukara dhuwur tuladhane ukara .....
Andharan/carita/pawarta
Panguwuh
Sambawa
Sananta
sandangan wyanjana pengkal, contone kanggo nulis ....
kyai
graji
clana
kweni
