WorksheetsTUGAS DARING B. JAWA KL 9
Total questions: 50
Worksheet time: 26mins
Pidhato kanthi cara namung maca naskah lan ora diapalake diarani cara...
Naskah
Apalan
Impromptu
Ekstemporan
Kang diarani paraphrase geguritan tegese ...
Njarwani (menafsirkan makna) pasemon utawa pralambang geguritan
Anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah, seneng, wibawa, getun, nesu lan sapanunggalane
Iketaning basa kaya dene syair
Proses owah-owahan saka wujud geguritan didadekake wujud gancaran utawa paragrap, kanthi ancas supaya maknane/tegese geguritan luwih cetha
Obahing awak uga diarani ...
Wirasa
Wirama
Wiraga
Wicara
Basa endah ana ing geguritan uga diarani ...
Basa ngoko
Basa krama alus
Basa rinengga
Basa krama lugu
Kang diarani wirama yaiku ...
Banter alone lan munggah mudhune swara
Bisa ngrasakake susah, senenge, nesu, lan sapanunggalane saka isine geguritan
Obahe awak kanggo nyengkuyung kahanan kang diwaca
Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung
Urut-urutane pidhato kang bener, yaiku ...
Purwaka, atur puji syukur, surasa, salam panutup
Pambuka, atur pakurmatan, wasana basa, salam panutup, panutup
Salam pambuka, purwaka basa, surasa basa, wasana basa, salam panutup
Salam pambuka, purwaka basa, wasana, surasa, salam panutup
Perangane pidhato kang ngemot pangarep-arep lan ngaturake kaluputan klebu perangan ...
Purwaka basa
Wasana basa
Surasa basa
Adangiyah
Kang ora klebu ancase pidhato, yaiku ...
Nyindir wong liya
Menehi hiburan
Menehi kawruh
Ajak-ajak
Isi pidhato uga diarani ...
Purwaka basa
Uluk salam
Surasa basa
Wasana basa
Pawongan kang nindakake pidhato diarani ...
Panatacara
Pamedharsabda
Paniticara
Panitilaksana
Assalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuhu,
Ukara kasebut perangane pidhato kang diarani ...
Atur pambuka
Uluk salam
Purwaka basa
Salam panutup
Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan sadaya lan kula, aamiin.
Ukara kasebut kalebu ukara ...
Wasana basa
Purwaka basa
Salam panutup
Uluk salam
Kang kalebu ukara pangarep-arep, yaiku ...
Sadurunge kawiwitan ayo pafha ngeningake cipta!
Mbok kowe mengko dolan menyang omahku!
Duwea dhuwit, aku wis tuku omah.
Panasa ya klambiku ben garing.
Jupukna sandhal kae!
Ukara kasebut kalebu ukara ...
Crita
Pakon
Pitakon
Upama
Mengko sore, kowe aja lunga dhisik!
Ukara kasebut kalebu ukara ...
Panjaluk
Pakon
Pamenging
Prajanji
Ukara kang nyritakake sawijining bab utawa prastawa diarani ukara ...
Pakon
Pitakon
Crita
Pangajak
"Sun nggegurit" minangka pathokane geguritan ...
Gagrag anyar
Parikan
Wangsalan
Gagrag kuna
Nyangking ember, kiwa tengen
Lungguh jejer, tamba kangen.
Ukara kasebut kalebu ...
Wangsalan
Parikan
Tembang
Pepindhan
Bapak lunga menyang Jakarta dina Minggu.
Owahana dadi krama alus ...
Bapak tindak menyang Jakarta dina Minggu.
Bapak kesah dhateng Jakarta dinten Minggu.
Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.
Bapak tindak dhateng Jakarta dina Minggu.
Panjenengan arep tindak ngendi kok wis necis?
Ukara kasebut kalebu basa ...
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…
ngaturake salam utawa kula nuwun
ngomong sakepenake nganti saktutuge
ndhodhok lawang paling akeh kaping telu
mlebu menawa wis dimanggakake
Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!
mundhut
nyuwun
tanglet
njaluk
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........
banyu resik
ngopeni banyu
ngopeni banyu sumber penguripan
banyu kali sumber panguripan
Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ........
uwuh utawa larahan
uwuh lan limbah
suket kang tukhul saparan-paran
gegodongan
Apa kang nyebabake sumber banyu lan kali akeh sing asat?
banyu kali kena polusi
akeh wit-witan ing pinggir kali
wit-witan kang nandon banyu wis entek ditegori
wis suwe ora udan
Akeh segara kang saiki dadi reged. Babagan iki amarga ...............
banyu kali kang kebak limbah mili menyang segara
kali-kali kang ana wis padha asat
ora an wit-witan ing pinggir-pinggir kali
larahan lan limbah ana ing ngendhi-endhi
Kucing mangan tikus ing ngisor amben. Wasesone ukara iku ....
Kucing
Mangan
Tikus
Ngisor amben
Sing kalebu tembang dolanan yaiku .... (kajaba)
Kupu kuwi
Buta - buta galak
Jaranan
Ampar - ampar pisang
Tegese "Ngasta" yaiku ....
Nggawa
Tindak
Nyapu
Menyang
Wajik klethik....,luwih becik sing prasaja.
A. Gula legi
B. Gula aren
C. gula jawa
D. gula abang
Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah padha seneng adus ing kali. Sisih kiwane kali ana sawah kang ditanduri jagung lan pari. Sisih tengene kali ana dalan kang nyambung desaku lan desa liyane.
Apa kang ana kiwa tengene kali ?
A. sawah lan tambak
B. wit-witan lan dalan
C. sawah lan dalan
D. kebon lan sumur
Tandang gawen aja ... dadine ora apik. Tembung saroja sing mathuk kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ....
Kebat kliwat
Lega lilo
Kasep lalu
Kokot bisu
Pitik walik saba meja, batangane yaiku ....
Nanas
Nangka
Sulak
Sapu
Dikethok malah ....
Tembung kang cocok kanggo ngganepi cangkriman ing ndhuwur yaiku ....
Gedhe
Dhuwur
Dawa
Rusak
Pangkur
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
Tembang Pangkur dhuwur iku ana … pada.
siji
loro
telu
papat
Iklan kang nawakake barang/produk diarani…..
iklan poster
iklan niaga
iklan layanan masyarakat
iklan plakat
Rinda ulang taun tanggal 28 Maret. Rinda kepingin Rani kanca akrabe nalika SMP bisa teka ing acara ulang taune. Nanging Rani ora bisa teka amarga ana acara. Mula Rani kirim layang marang Rinda. Layang sing dikirim Rinda menyang Rani yaiku layang ....
Kitir
Ulem
Lelayu
Paturan
“Sesarengan serat punika kula nagturi kabar dhateng Bapak, menawi kula sehat walafiat. Mugi Bapak kalian Ibu saha adhik-adhik sehat sedaya.”
Perangan layang kasebut nuduhake perangan ....
purwaka basa
surasa basa
wasana basa
adangiyah
Layang kasebut, tuladhane layang ....
Paturan
Kitir
Lelayu
Paturan
Pranyatan sing bener miturut teks layang kasebut yaiku ...
Lolita kangen marang Hesty lan Lolita kepingin menyang Rungkut
Hesty ngajak Lolita menyang Kenjeran wulan Juni yen ora ana acara.
Lolita karo Hesty kanca SD ing Surabaya, Lan Lolita wulan Juni menyang Rungkut
Eyange Lolita ana ing Rungkut, lan Hesty dijak menyang Kenjeran wulan Juni
Wacane ukara kasebut yaiku ...
Wong salah mesthi konangan.
Wong salah bakal seleh.
Wong salah bakal konangan.
Wong salah mesthi ketemon.
“Aku ngumbah tas.” Ukara kasebut yen ditulis aksara Jawa, panulise yaiku ...
Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku ....
Kula dipunsukani duwit katah
Simbah dipunaturi sare wonten kamar
Adik kulo dolanan ana ing plataran
Bapak nembe kesah saking omah
Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........
macapat
dolanan
tengahan
gedhe
Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
guru saka
bapak pucung
endi elor endi kidul
laku tapa brata
mung kepingin bisa malih
dadi kupu si pucung wedaring tapa
badhekane..
uler
ula
kodok
unta
Cacahe Tembang Macapat ana....
9
10
11
12
Sandhangan sing digunakake kanggo ngganteni aksara sigeg diarani
Sandhangan swara
Sandhangan wyanjana
Sandhangan panyigeg wanda
Sandhangan pangkon
