wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen tes akhir sumatif kelas 9

Total questions: 50

Worksheet time: 26mins

Name
Class
Date
1.

Prabu Rama wusanane ngutus marang Anoman supaya menyang negara Alengka, kang ratune jenenge Rahwana amarga ana pawarta kang simpang siur bab kaanane Dewi Sinta. Prabu Rama ngutus Anoman amarga Anoman duwe kasekten saengga yen ing dalan ngadhepi musuh bisa ngawekani. Saliyane iku, Anoman bisa mabur, dadi bisa luwih cepet anggone tekan Alengka.

Menapa irah-irahan ingkang trep kangge waosan ing ndhuwur?

a)

Anoman Duta

b)

Anoman Obong

c)

Sinta Dhusta

d)

Sinta Obong

2.

Prabu Rama wusanane ngutus marang Anoman supaya menyang negara Alengka, kang ratune jenenge Rahwana amarga ana pawarta kang simpang siur bab kaanane Dewi Sinta. Prabu Rama ngutus Anoman amarga Anoman duwe kasekten saengga yen ing dalan ngadhepi musuh bisa ngawekani. Saliyane iku, Anoman bisa mabur, dadi bisa luwih cepet anggone tekan Alengka.

Pungkasane sapa kang kautus golek dununge dewe sinta?

a)

Anggada

b)

Ramawijaya

c)

Anoman

d)

Subali

3.

Nalika Anoman pamitan marang Prabu Rama, dumadakan Anggada teka. Anggada iku putrane Subali lan Dewi Tara kang nyuwun supaya Prabu Rama mbatalake anggone ngutus Anoman menyang Alengka. Anoman lan Anggada gelut rebutan ayahan menyang Alangka. Prabu Rama misah Anoman lan Anggada supaya ora gelut. Kekarone dilungguhake. Prabu Rama banjur nguji kesektene kanthi takon wektu kanggo menyang Alengka.

"Anoman lan Anggada gelut rebutan ayahan menyang Alangka". Tembung ayahan tegese apa?

a)

Kewajiban

b)

Akon / prentah

c)

Gawean

d)

Perkara

4.

"Prabu Rama banjur nguji kesektene kanthi takon wektu kanggo menyang Alengka. Anoman nyanggupi 10 dina, dene Anggada nyanggupi pitung dina. sabanjure Anoman nyanggupi limang dina, dene  Anggada nyanggupi telung dina. Anoman ora gelem kalah, dheweke nyanggupi sedina. Pungkasane Prabu Rama ngutus Anoman kang kudu mangkat menyang  Alengka kang didherekake dening para Punakawan, Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Kanggo nggampangake anggone mlaku, para punakawan dilebokake ing jero kancing gelung Anoman supaya bisa kagawa mabur". Kepriye saguhe Anoman lan anggada nalika diuji kasektene?

a)

Anoman saguh 10, 7, 5, 3, 1 dina, yen Anggada saguh 7, 5, 3, 1 dina

b)

Anoman saguh 10, 5, 1 dina, yen Anggada saguh 7, 3 dina

c)

Anoman saguh, 10, 5, 3, 1 dina, yen Anggada saguh 5, 3 dina

d)

Anoman saguh 10, 7, 3, 1 dina, yen Anggada saguh 7, 5, 3 dina

5.

"Ing dina kapisan lakune Anoman tumuju menyang kayangan saperlu  nyuwun marang Bathara Surya kersa naleni srengenge supaya ora angslup mangulon. Bathara Surya kabotan lan ora bisa nyanggupi panjaluke Anoman, Semar kang nengahi perang lan njaluk marang Bathara Surya supaya nuruti Anoman. Bathara Surya nyanggupi panjaluke lan naleni srengenge kang ana ing dhuwur sirah, saengga negara Pancawati bakal ngalami wektu awan kang dawa nalika Anoman mlaku tumuju Alengka". Kenapa nagara Pancawati bakal ngalami wektu awan kang dawa?

a)

Sebabe Anoman naleni srengenge

b)

Sebabe Bathara Surya naleni srengege ing dhuwur sirah

c)

Sebabe semar ngalahake Bathara Surya

d)

Sebabe Anoman ngalahake Bathara Surya

6.

"Nalika Anoman pamitan marang Prabu Rama, dumadakan Anggada teka. Anggada iku putrane Subali lan Dewi Tara kang nyuwun supaya Prabu Rama mbatalake anggone ngutus Anoman menyang Alengka. Anoman lan Anggada gelut rebutan ayahan menyang Alangka. Prabu Rama misah Anoman lan Anggada supaya ora gelut. Kekarone dilungguhake. Prabu Rama banjur nguji kesektene kanthi takon wektu kanggo menyang Alengka". Sapa sing misah Anoman lan Anggada nalika padu?

a)

Prabu Rama

b)

Dewi Tara

c)

Rahwana

d)

Dewi Sinta

7.

Sapa sing nyulik Dewi Sinta?

a)

Prabu Rama

b)

Prabu Rahwana

c)

Prabu Laksmana

d)

Prabu Anggada

8.

Rahwana iku Raja ing kraton apa?

a)

Ayodya

b)

Alengka

c)

Majapahit

d)

Sri Langka

9.

"Adegan 1

(Ing pendhapa Kadipaten Tuban, Ranggalawe lenggah kaadhep dening Sanggalangit)

Ranggalawe : “Paman Sanggalangit, yen sesuk aku mati, aku titip Watangan lan Buntaran reksanen lan jaganen ya!”

Sanggalangit : “Nuwun sewu, panjenengan ampun ngendika kados makaten, ampun damel ringkih manahipun piyambak."

Ranggalawe : “Apa maksude Paman?”

Sanggalangit : “Panjenengan mangke badhe nampi bintang minangka tumbal kusumaning negara.”

Ranggalawe : “Ya Paman, uripku bakal dadi tumbal kusumaning negara. Aku mantep nindakake dhawuhing Ratu Kencana Wungu kanggo nyekel Adipati Blambangan Minakjingga."

Apa kang ditampa Ranggalawe iku minangka tumbal ....

a)

Bintang Kusumaning ati

b)

Bintang Kusumaning Negara

c)

Bintang Sanggalangit

d)

Ratu Kencana Wungu

10.

"Adegan 1

(Ing pendhapa Kadipaten Tuban, Ranggalawe lenggah kaadhep dening Sanggalangit)

Ranggalawe : “Paman Sanggalangit, yen sesuk aku mati, aku titip Watangan lan Buntaran reksanen lan jaganen ya!”

Sanggalangit : “Nuwun sewu, panjenengan ampun ngendika kados makaten, ampun damel ringkih manahipun piyambak."

Ranggalawe : “Apa maksude Paman?”

Sanggalangit : “Panjenengan mangke badhe nampi bintang minangka tumbal kusumaning negara.”

Ranggalawe : “Ya Paman, uripku bakal dadi tumbal kusumaning negara. Aku mantep nindakake dhawuhing Ratu Kencana Wungu kanggo nyekel Adipati Blambangan Minakjingga". Sapa kang mrintah Ranggalawe?

a)

Ratu Kencana Wungu

b)

Ratu Kenanga Wungu

c)

Adipati Blambangan

d)

Sanggalangit

11.

Pacelathon Ranggalawe lan Sanggalangit ing istilah sandiwara diarani ….

a)

Monolog

b)

Prolog

c)

Epilog

d)

Dialog

12.

"Adegan 1

(Ing pendhapa Kadipaten Tuban, Ranggalawe lenggah kaadhep dening Sanggalangit)

Ranggalawe : “Paman Sanggalangit, yen sesuk aku mati, aku titip Watangan lan Buntaran reksanen lan jaganen ya!”

Sanggalangit : “Nuwun sewu, panjenengan ampun ngendika kados makaten, ampun damel ringkih manahipun piyambak."

Ranggalawe : “Apa maksude Paman?”

Sanggalangit : “Panjenengan mangke badhe nampi bintang minangka tumbal kusumaning negara.”

Ranggalawe : “Ya Paman, uripku bakal dadi tumbal kusumaning negara. Aku mantep nindakake dhawuhing Ratu Kencana Wungu kanggo nyekel Adipati Blambangan Minakjingga". Ana ing ngendhi latar adegan carita kasebut?

a)

Pendapa Sanggalangit

b)

Pendapa Nagara

c)

Pendapa kadipaten Tuban

d)

Pendapa Ratu Kencana Wungu

13.

"Adegan 1

(Ing pendhapa Kadipaten Tuban, Ranggalawe lenggah kaadhep dening Sanggalangit)

Ranggalawe : “Paman Sanggalangit, yen sesuk aku mati, aku titip Watangan lan Buntaran reksanen lan jaganen ya!”

Sanggalangit : “Nuwun sewu, panjenengan ampun ngendika kados makaten, ampun damel ringkih manahipun piyambak."

Ranggalawe : “Apa maksude Paman?”

Sanggalangit : “Panjenengan mangke badhe nampi bintang minangka tumbal kusumaning negara.”

Ranggalawe : “Ya Paman, uripku bakal dadi tumbal kusumaning negara. Aku mantep nindakake dhawuhing Ratu Kencana Wungu kanggo nyekel Adipati Blambangan Minakjingga". Basa apa sing digunakake Ranggalawe ing pacelathon kasebut?

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

14.

"Adegan 1

(Ing pendhapa Kadipaten Tuban, Ranggalawe lenggah kaadhep dening Sanggalangit)

Ranggalawe : “Paman Sanggalangit, yen sesuk aku mati, aku titip Watangan lan Buntaran reksanen lan jaganen ya!”

Sanggalangit : “Nuwun sewu, panjenengan ampun ngendika kados makaten, ampun damel ringkih manahipun piyambak."

Ranggalawe : “Apa maksude Paman?”

Sanggalangit : “Panjenengan mangke badhe nampi bintang minangka tumbal kusumaning negara.”

Ranggalawe : “Ya Paman, uripku bakal dadi tumbal kusumaning negara. Aku mantep nindakake dhawuhing Ratu Kencana Wungu kanggo nyekel Adipati Blambangan Minakjingga". Basa apa sing digunakake Sanggalangit ing pacelathon kasebut?

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

15.

Apa tegese ukara "damel ringkih manahipun piyambak"?

a)

Gela

b)

Seneng

c)

Wedi

d)

Wani

16.

Pratelan ing ngisor iki sing bener karo isi carita yaiku!

a)

Ranggalawe arep nyekel Sanggalangit

b)

Ranggalawe derajade luwih dhuwur timbang Sanggalangit

c)

Ranggalawe arep dicekel Minakjingga

d)

Ranggalawe dhawuhi Ratu Kencana Wungu kanggo nyekel Adipati Blambangan

17.

Susi : “Mbak, njenengan mau wis dhahar durung ta?”

Dina : “Durung je Dhik, lha arep maem ketungka ana tamu”. Susi ngunakake basa apa?

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

18.

Kados pundi anggenipun matur menawi telat sekolah…

a)

Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula ajeng piwucalan?

b)

Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapura aku telat, menapa kepareng aku melu piwucalan?

c)

Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula dherek piwucalan?

d)

Nuwun sewu Bu/Pak, kula telat, menapa kepareng kula badhe piwucalan?

19.

panjenengan sampun dhahar?

a)

nggih kula sampun dhahar

b)

nggih kula sampun nedha

c)

nggih kula sampun ngunjuk

d)

nggih kula sampun mangan

20.

Simbah maca koran! Sing bener?

a)

Maca

b)

Maos

c)

Mirsani

d)

Ningali

21.

Kula saweg mangan bapak saweg adus! Sing bener?

a)

Dhahar - adus

b)

Maem - pakpung

c)

Nedha - siram

d)

Mangan - adus

22.

Kepriye anggonmu pamit mangkat sekolah?

a)

bu aku pamit budhal sekolah yo?

b)

bu kula pamit tindak sekolahan

c)

bu kula badhe nyuwun pamit bidhal sekolah

d)

bu kula njaluk pamit menyang sekolah

23.

Geguritan iku kangga gampange diarani uga?

a)

Puisi gagrag lawas

b)

Puisi gagrag anyar

c)

Tembang macapat

d)

Tembang campursari

24.

Kalebu struktur batin geguritan yaiku:

a)

Tema lan amanat

b)

Diksi lan tipografi

c)

Panyitra lan diksi

d)

Purwakanthi lan rasa

25.

Sing kelebu struktur lair geguritan yaiku

a)

Tema lan amanat

b)

Diksi lan tipografi

c)

Panyitra lan diksi

d)

Purwakanthi lan rasa

26.

"Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani".

Ing geguritan kasebut, panggurit (pencipta) dadi apa?

a)

Bapak

b)

Ibu

c)

Anak

d)

Sedulur

27.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani".

Isi geguritan iku apa?

a)

wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak

b)

bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

c)

susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong

d)

bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara

28.

...

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani.

Purwakanthi (sajak) sing digunakake yaiku purwakanthi guru apa?

a)

Swara i

b)

Sastra t

c)

Basa

d)

Swara um

29.

Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin                        

                                                                                                Dening Siti Purwati, S.Pd.

                              .........

                              Nanging, jajalen

                              titenana

                              Yen panjenengan klakon lungguh kursi

                              Aja maneh kok takon lan nyalami aku

                              Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!

                              Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan".

Tembung "lungguh kursi" ing pethikan geguritan iku ateges ...

a)

Dadi pemimpin

b)

Dadi Juwara

c)

Lungguh kepenak

d)

Kursi sing empuk

30.

Guruku...

  Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmU

Saged dados sangU

Kanggo nggayuh gegayuhanku

Geguritan ing ndhuwur nduweni tema apa?

a)

Sekolahku

b)

Sinau

c)

Guruku

d)

gegayuhan

31.

cara maca endah gegurtian ing ngisor iki, kejaba?

a)

diwaca alon kanthi iramane trep

b)

maca karo kesuh-kesuh

c)

macane aja gemrungsung

d)

dhuwur cendheke swara manut ukara

32.

Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake . . .

a)

Tema

b)

Inspirasi

c)

Bahasa

d)

foto

33.

Amanat utawa pesen sajrone geguritan yaiku?

a)

nemtokake tema sajrone gegurotan kanthi cara nggathukake ukara

b)

Tatacara ngudhari utawa negesi tembung-tembung sing utama sajrone geguritan sing dikarang

c)

Piwulangan apa wae sing kepengin diandharake dening panggurit marang pamaca lumantar geguritane

d)

Carane ngonceki isine geguritan sarana negesi tembung-tembung sing utama lan nggoleki bakune gagasan

34.

Manut unggah-ungguhe basa, sing ora kalebu jinise basa yaiku?

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa ngoko alus

c)

Basa krama alus

d)

Basa krama asor

35.

Bejo          : “Kula nuwun… Kula nuwun.. Kula nuwun…  assalamualaikum

Eyang       : “Waalaikum salam, sinten nggih niki?”

Ukara ing pacelathon iku , mratelakake yen Bejo arep apa?

a)

pamitan

b)

mertamu

c)

golek alamat

d)

lunga

36.

Eyang       : “O.. putuku Bejo ta, kene-kene mlebu kene. Karo sapa iki mau?

Bejo          : “ ……… yang. Kula sampun kelas 8, dados sampun wantun.

Tembung kang trep kanggo ngisi ukarane Bejo sing gothang yaiku?

a)

dewekan

b)

sareng-sareng

c)

ijen

d)

piyambak

37.

Bejo      : “Makaten yang, sowan kula wonten mriki, ingkang angka sepisan badhe silaturahim, kaping kalihipun kula dipunutus Bapak, kula badhe ………… ulem saking paguyuban selasa kliwonan. Benjang selasa punika wonten pagelaran ringgit wonten gedhung Taman Budaya Raden Saleh. Dhalangipun Ki Narto Sabdo.

Tembung kang paling trep kanggo ngisi ukarane Bejo sing gothang yaiku?

a)

mekeki

b)

menehaken

c)

maringaken

d)

ngaturaken

38.

Bapak …. Kopi wonten ing teras

a)

dahar

b)

ngunjuk

c)

tindak

d)

siram

39.

Ibu sare wonten kamar, dene aku … ing ruang tengah

a)

turu

b)

siram

c)

dahar

d)

nyare

40.

yen dongeng karo pakde/ guru/pak lebe, awake dewe bocah cilik / enom nggunakake basa apa?

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama alus

d)

krama asor

41.

Garwane Dewi Sinta?

a)

Rahwana

b)

Anoman

c)

Rama

d)

Semar

42.

Punakawan ana papat, sing ora yaiku?

a)

Petruk

b)

Garing

c)

Semar

d)

Bagong

43.

"Sadurunge nulis geguritan, penulis kudu nemtokake struktur lan tema. Tema iku minangka inti saka geguritan, dene struktur iku cara penulis ngatur tembung lan ukara supaya bisa nyampaiake pesen."Apa sing kudu ditindakake penulis sadurunge nulis geguritan?

a)

Nemtokake tema lan struktur

b)

Nulis tanpa rencana

c)

Nggawe cathetan pribadi

d)

Ngumpulake inspirasi saka alam

44.

"Nalika nulis crita, penulis kudu eling marang karakter lan latar. Karakter iku tokoh-tokoh ing crita, dene latar iku panggonan lan wektu kedadean. Keduane penting kanggo nggawe crita sing menarik."

Kepriye peran karakter lan latar ing crita?

a)

Karakter ora penting, latar sing penting

b)

Karakter minangka tokoh, latar minangka panggonan

c)

Karakter lan latar ora ana hubungane

d)

Karakter minangka latar, latar minangka tokoh

45.

Lintang Panjer Rahina

Nalika bumi isih sepi

lintang panjer rahina wis tangi

menehi padang sagunging dumadi

kang wiwit grumegah ngoyak rejeki

...............

Gambarake wujude lintang!

46.

Yen dongengan karo kanca saumuran / padha nggunakake basa apa?

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama alus

d)

krama lugu

47.

Kenapa awake dewe bocah kudu basa marang sing tua?

a)

ngajeni

b)

supaya ketok alim

c)

supaya ora dimungsuhi

d)

supaya diwenehi jajan

48.

saya sudah makan. yen dadi basa krama?

a)

aku sampun maem

b)

kula wis dhahar

c)

kula sampun maem

d)

kula sampun dhahar

49.

Ing ngisor iki sing ora kena nggunakake basa ngoko?

a)

Murid karo gurune

b)

Guru karo murid

c)

ibu marang anak

d)

simbah marang putu

50.

Wedhuse ...... menyang kebon! tembung sing trep?

a)

tindak

b)

dahar

c)

lunga

d)

kesah