Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

AM BAHASA JAWA 2023-2024

Total questions: 50

Worksheet time: 4hrs 10mins

Name
Class
Date
1.

Naliko bapak maos koran ing teras, dilalah mas Pandu lewat ngarep omah, bapak sing pirso ana mas Pandu banjur  ndangu, “Mas Pandu, rawuh jam piro mau.”

       Basa kang digunakake bapak naliko ndangu mas Pandu yaiku...?

a)

Krama lugu 

b)

krama alus

c)

krama inggil

d)

ngoko alus

2.

Naliko maca geguritan ing ngarep kelas, Dewi maca kanthi swara kang cetho, ubahe awak uga trep ora kecepeten. Nanging satemene surasaning crita ngandharake bab kamardikan kang kudu semangat nanging malah Dewi sedih lan nglokro. Saka andharan kasebut Dewi kurang treb anggone maca geguritan babagan....?(HOTS)

a)

Wirama

b)

Wiraga

c)

Wicara

d)

Wirasa

3.

Tembung ing ngisor iki sing ora kalebu watak tembung dhandhanggulo yoiku...?

a)

Luwes

b)

Nresepake

c)

Rumaket

d)

Kewes

4.

Paugeran tembang macopat ngenani tibaning  swara ing pungkasaning gatra ingaran..

a)

Guru Sastra

b)

Guru Lagu

c)

Guru Wilangan

d)

Guru Gatra

5.

Kang aran guru gatra yaiku...?

a)

Cacahing wandha sagatra

b)

Pungkasaning gatra

c)

cacahing gatra sapuluh

d)

cacahing gatra sapada

6.

Tembang macopat kang nggambarake kahanan wong kang wus rumangsa kacukupan uripe banjur tuwuh rasa welas kanggo nulungi marang liyan yaiku tembang...?

a)

Pangkur

b)

Dhandhanggula

c)

Durma

d)

Asmaradhana

7.

Jinise tembang ana kang alit, tengahan lan tembang gedhe. Dene ing ngisor iki kang klebu tembang tengahan yaiku...?

a)

Citramengeng

b)

Balabak

c)

Magatruh

d)

Mintajiwa

8.

Tembang macopat kang ancase kanggo medarake rasa kang lagi susah, sedih yaiku tembang...?

a)

Maskumambang

b)

Pocung

c)

Pangkur

d)

Dhandhanggula

9.

Geguritan asale saka tembung linggagurita kang diowahi saka tembung gerita. Dene gerita saka tembung gira. Tegese tembung gita yaiku...?

a)

Tulisan

b)

Swara endah

c)

Tulisan tatahan

d)

Tembang

10.

Maca geguritan ora kena lugu kaya maca gancaran, nanging kudu ana intonasi lan ekpresi. Bab kasebut klebu maca...?

a)

Endah

b)

Seru

c)

Pemahaman

d)

Cepet

11.

Naliko maca geguritan ing ngarep kelas, Salma maca kanthi swara kang cetho, ubahe awak uga trep ora kecepeten. Nanging satemene surasaning crita ngandharake bab kamardikan kang kudu semangat nanging malah Salma sedih lan nglokro. Saka andharan kasebut Salma kurang treb anggone maca geguritan babagan....?(HOTS)

a)

Wirama

b)

Wiraga

c)

Wicara

d)

Wirasa

12.

Geguritan gagrak anyar migunakake basa jawa...?

a)

Kuna

b)

Kawi

c)

Krama

d)

Modern

13.

Gatekno pratelan ing ngisor iki...?

1.         Diwaca kanthi swara banter

2.         Mangerteni isine

3.         Maragakake kanthi niru patrape wong liya

4.         Migatekake pacopan

5.         Diwaca kanthi polatan sakepenake

6.         Maragakake kanthi ekspresi kang trep

Minangka cara maca geguritan kang trep kadudohake nomor...?

a)

1), 3) lan 4)

b)

2),3) lan 4)

c)

2),4) lan 6)

d)

4), 5) lan 6)

14.

Basa ing ngisor iki sing ora kalebu Rura basa yo iku ....?

a)

Nggodok telo

b)

Adang sego

c)

nggodok wedang

d)

Menek Klopo

15.

Tembang macopat kang nggambarake kanoman, minongko kalodhangan sing paling wigati kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kaweruh sakakeh-akehe yaiku tembang...?

a)

Sinom

b)

Pangkur

c)

Mijil

d)

Kinanti

16.

Nasehat utawa piwulang becik kang den wedarake panganggit lumantar geguritan yaiku...?

a)

Tema

b)

Pamilihing tembung

c)

Lelewaning basa

d)

Pesen

17.

Ono pira jumlahe aksara jawa iku....?

a)

20

b)

21

c)

19

d)

22

18.

Saben babak ing sandiwara ana perangan kang diarani...?

a)

Adgan

b)

Tokoh

c)

Amanat

d)

Plot

19.

Drama utawa sandiwara kuwi pagelaran kang kalebu seni....?

a)

Karakteristis

b)

Ephmeral

c)

Eklusif

d)

Ekspresi

20.

Jenising sansiwara kang jinis paragane gunaake solah bawa kalebu mujudake sandiwara...?

a)

Komedi

b)

Sendratari

c)

Dramatikal

d)

Pantomin

21.

Sajeroning sekenario drama iku ngandhut perangan babag-babag. Dene babag kang nggambarake masalah tan saya gawat, ngombra-ombra lan jelas critane kalebu tahapan...?

a)

Klimak

b)

Penyelesaian

c)

Konflik

d)

Pengenalan

22.

Ing ngisor iki ora kalebu babagan kanggo nemthoake  watak wantune paraga, yaiku...?

a)

Apa kang ditindakake paraga

b)

Pacopan-pacopan paraga    

c)

Pacopan-pacopan pangripto

d)

Pacopan-pacopan paraga

23.

Paclethon antar paraga diarani...?

a)

Prolog

b)

Pandom

c)

Dialog

d)

Epilog

24.

Ludruk iku salah sawijine kesenian tradisional soko...?

a)

Jawa tengah

b)

Jawa barat

c)

Jawa timur

d)

Yokyakarta

25.

Wondene kethoprak iku kesenian tradisional kang asalae saka endi...?

a)

Jawa tengah

b)

Jawa Bararat

c)

Jawa timur

d)

Yokyakarta

26.

Perangane naskah kang nerangake kahanan/ swasana sifat lan solah bawa para  paraga diarani...? 

a)

Skenario

b)

Plot

c)

Naskah

d)

Pandhom

27.

Drama giyarane migunani ing pangrembakaning seting sakbanjure kalebu drama..?

a)

Panggung

b)

Radio

c)

Tipi

d)

Lataran

28.

Peranganing naskah kang mapan ing wiwitan biasane ngandharake crita sing arep digelar diarani....?

a)

Prolog

b)

Epilog

c)

Monolog

d)

Pandom

29.

Drama Lenong  asale saka daerah ...?

a)

Jakarta

b)

Betawi

c)

Bandung

d)

Banten

30.

Sing ora kalebu unsur kang mangun saka jroning crita yaiku...?

a)

Underaning crita

b)

Plot

c)

Setting

d)

Latar belakang pangripto

31.

Crita kang wujud rerangkaning adegan-adegan utawa rantaman lakon sandiwara diarani...?

a)

Sekenario

b)

Gaya bahasa

c)

Rura basa

d)

Kerata bahasa

32.

Kahanan kang gambarake watake manungsa kanti cara pentas ing panggung diarani....?

a)

Pambiawara

b)

Sandiwara

c)

Sesorah

d)

Pranatacara

33.

Perangan wiwitan crita kang duweni sifat protaganis kang duweni motifasi pepenginan tinamtu diarani...?

a)

Protasis

b)

Epitasis

c)

Catastasis

d)

Catastrophe

34.

Sajerone gelaran drama tamtu ana unsur paraga kanggo sarana nglantarake laku sajronng crita. Paraga kasebut kaperang dadi maneka warna. Dene paraga kang dianakake  supaya kahanane crita dadi nyata senadyan paraga iki ora nindaake dialog lan anane mung lewat saklebatan diarani...?(HOTS)

a)

Paraga utama

b)

Paraga antagonis

c)

Paraga figuran

d)

Paraga protagonis

35.

Pokok kang dadi dasaring lakon ing lakon drama diarani...?

a)

Amanat

b)

Alur

c)

Latar

d)

Tema

36.

Prastawa kang nglantari adegan kang kadadeyan lan nglantari lakon kuwi kedadeyane diarani...?

a)

Latar swasana

b)

Latar panggonan

c)

Latar wektu

d)

Latar prastawa

37.

Kanggo nemtokake watak paraga bisa dideleng saka status sosiale, pendidikan lan sak panunggalane kang kalebu ing..?

a)

spek fisik

b)

Aspek sosiologi

c)

Aspek Psikologi

d)

Aspek fisiologi

38.

Sakjroning alur kang mretelakake andharan ngenanin prekara kang dialami utawa konflik ing karakter sajrone lakon diarani...?

a)

Aksi pendorong

b)

Krisis

c)

Eksposisi

d)

Klimak

39.

Saben crito ngandhut rerangkening sebab akibat ing ngaran alur. Ana crita kang tahapane kawiwitan saka rerampungan masalah utawa konflik lan ing pungkasa crita diandharake latar belakang jalaran dumadining masalah. Dene crita ing mangkono iku migunakake jenis alur...?(HOTS)

a)

Maju

b)

Campuran

c)

Progresif

d)

Mundur

40.

Ing ngisor iki kang ora kalebu tembung panyandra perangan awak yoiku...?

a)

Pundhake nraju mas

b)

Polahe wang kaya gabah diinteri 

c)

Tangane nggedhewa pinenthang

d)

Rambute ngembang bakung 

41.

Babak kang nggambarake masalah sangsaya gawat, ngambra-ambra, lan jenis critane kalebu kalebu...?

a)

Pengenalan

b)

Konflik

c)

Klimak

d)

Penyelesaian

42.

Jinising sandiwara kang diparagakake kanthicara geguyonan lan asifat nyindhir lan pungkasane seneng –seneng diarani..?

a)

Komidi

b)

Dramatikal

c)

Parodi

d)

Pantomin

43.

Jinising sandiwara kang diparagakake kanthicara geguyonan lan asifat nyindhir lan pungkasane seneng –seneng diarani..?

a)

Komidi

b)

Dramatikal

c)

Parodi

d)

Pantomin

44.

Prastawa utawa kadadeyan wiwit anane masalah antarane paraga nganti ing puncake ingaran perangan........ sajroning alur drama.

a)

Pangenalan

b)

Klimak

c)

Komplikasi

d)

Rerampungan

45.

Sajroning lakune crita ing drama minangka paraga kang duweni dialog nanging ora dadi punjering crita diarani...?

a)

Tokoh utama

b)

Tokoh pembantu

c)

Tokoh figuran

d)

Antagonis

46.

Panulisan lapuran kagiatan iku ditulis sawise nglaksanaake sawijining kagiatan. Dene anggone nulis kudu migatekake dhasar kang wis ana dadi bisa sistenmatis lan logis. Sawijining lapuran kagiyatan bisa kaaran sistematis menawa....?(HOTS)

a)

Andharane miturut kahanan saknyatane

b)

Lapuran kagiatan kalebu nalar

c)

Tumata manut sistem

d)

Lapuran saka kagiatan sing bener-bener dilakoni

47.

Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi..?

a)

Kasar lan mangkelake

b)

Alus lan nrenyuh ake

c)

Suci lan nyenengake

d)

Endah lan aji

48.

Nulis geguritan migunakake basa kang endah lan bisa negesi pirang-pirang kekarepan kanthi migatekake larasing uni sing diarani...?

a)

Surasa

b)

Swara

c)

Diksi

d)

Pada / Bait

49.

Geguritan kang kadapuk saka enem gatra saben padane diarani...?

a)

Gita saptagatra

b)

Gita sadgatra

c)

Gita catur gatra

d)

Gita pancagatra

50.

Ing ngisor iki panulisan tanggal layang kang trep lan bener yaiku...?

a)

Ponorogo, 16 April '23

b)

Ponorogo, 16 April 2023

c)

Ponorogo, 16-04-2023

d)

Ponorogo, 16 Apr 2023