WorksheetsPSAJ Prep 1
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Apa tegese pitik walik saba kebon?
salak
nanas
apel
kemucing
Pitik walik saba meja, tegese ...
sapu
kemucing
piring
kursi
Dikethok malah tambah dhuwur (tinggi).
Batangane (jawabane) cangkriman/teka-teki ing ndhuwur, yaiku ...
andha/tangga
clana panjang
topi
dalan bolong/lobang
Bocah cilik nggendhong omah.
Batangane/jawabane cangkriman ing ndhuwur yaiku ...
uler
semut
keong
ula
Kabeh kesuksesan mbutuhake wragad/biaya/usaha/pangorbanan.
Paribasan kang trep miturut ukara ing ndhuwur, yaiku ...
jer basuki mawa beya
kakehan gludhug kurang udan
kaya bumi karo langit
kaya nguyahi segara
Bedane (bedanya) adoh banget (jauh sekali).
Paribasan kang trep (cocok) kanggo ukara ing ndhuwur, yaiku ...
jer basuki mawa beya
kaya bumi karo langit
kaya nguyahi segara
esuk dhele sore tempe
Nglakoni tumindak kang sabenere muspra/mubazir.
contoh: nyramahi kyai, ngajari chef Juna masak, ngajari Bruno Mars nyanyi, lsp
Paribasan kang trep kanggo ukara ing ndhuwur, yaiku ...
jer basuki mawa beya
esuk dhele sore tempe
kaya nguyahi segara
kaya bumi karo langit
Dargombes iku yen ngomong mencla-mencle.
Paribasan kang trep kanggo omongane Dargombes, yaiku ...
kaya nguyahi segara
kaya bumi karo langit
kakehan gludhug kurang udan
esuk dhele sore tempe
Diapiki malah nglamak, diwenehi nglunjak, diwenehi malah rakus njaluk maneh luwih akeh.
Paribasan kang trep kanggo ukara-ukara ing ndhuwur yaiku ...
kakehan gludhug kurang udan
kaya nguyahi segara
diwenehi ati ngrogoh rempela
esuk dhele sore tempe
Omongane akeh nanging ora ana buktine.
Paribasan kang trep kanggo ukara ing ndhuwur, yaiku ...
esuk dhele sore tempe
kaya nguyahi segara
jer basuki mawa beya
kakehan gludhug kurang udan
Pak Dhe ............dhateng Banjarmasin.
lunga
tindak
mulih
kondur
Eyang kakung .....saking bandung.
sare
lunga
kondur
mulih
Eyang Putri .... kopi ginasthel (legi panas kenthel).
dhahar
ngombe
ngunjuk
mangan
Pak Lik .... rawon.
mangan
dhahar
lunga
sare
Sega sakepel dirubung tinggi.
Cangkriman ing ndhuwur tegese ...
salak
nanas
apel
gedhang
