wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA KELAS VI

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Nalika Sabtu enjang

Baskara tasih katon Remeng

Kluruke pitik gagak saya gayeng

Katon bocah-bocah saya Nggrengseng

 

Eseme nalika miwiti pasinaon

Kanca lan kanca sami pitakon

Sabtu enjang kagem lingkungan kemawon

Kerja bakti resik pasinaon

 

Namung tekat saiyeg saeka kapti

Yambut gawe bareng kanthi senengen ati

Tansah sehat kang diupadi

Supados lingkungan kang tetep asri

Teks geguritan ing dhuwur kanthi tema…

a)

Kerjabakti ing masyarakat

b)

Kerjabakti ing sekolah

c)

kerjabakti ing desa

d)

kerja bakti ing lingkungan

2.

Nalika Sabtu enjang

Baskara tasih katon Remeng

Kluruke pitik gagak saya gayeng

Katon bocah-bocah saya Nggrengseng

 

Eseme nalika miwiti pasinaon

Kanca lan kanca sami pitakon

Sabtu enjang kagem lingkungan kemawon

Kerja bakti resik pasinaon

 

Namung tekat saiyeg saeka kapti

Yambut gawe bareng kanthi senengen ati

Tansah sehat kang diupadi

Supados lingkungan kang tetep asri

  Salah sijine struktur geguritan yaiku pamilihan tembung kang pantes lan mentes. Tembung dasanama kang digunakake geguritan ing duwur yaiku …

a)

kapti   

b)

gayeng

c)

remeng

d)

baskara

3.

1.       Aku duwe pitik

Aku duwe pitik, pitik tukung

Saben dino tak pakani jagung

Petog, gogog, petog

Ngendok pitu, tak ngremake, netes telu

Kebeh trondhol-ndhol, tanpa wulu

Mendhol-mendhol-dhol, gawe guyu

Tema saka tembang dolanan ing dhuwur yaiku…

a)

kerja bakti

b)

tanggung jawab

c)

urip rukun

d)

urip gayeng

4.

yen ditulis latin dadi

a)

uler kelelet

b)

uler keket

c)

uler kulet

d)

uler klelet

5.

Dina Minggu Adit, Edo Ian Bima budhal bebarengan menyang lapangan desa arep melu lomba kekehan kanggo bocah-bocah umur 10 taun. Ora lali deweke nggowo piranti kanggo lomba yaiku kekehan jantung werna-werni khas Desa Tanggul. Sakwise tekan lapangan, bocah telu mau banjur daftar ana panitia lomba.

  Wacan ing dhuwur kalebu jenise teks….

a)

dheskripsi

b)

eksposisi

c)

narasi

d)

persuasi

6.

  Teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kadadeyan kanthi runtut saka wiwitan nganti pungkasan, utawa kronologis (urut), nganti wong kang maca kaya-kaya ngalami dhewe kadadeyan kang diandharake yaiku teks ….

a)

dheskripsi

b)

eksposisi

c)

persuasi

d)

narasi

7.

Siti abang kupinge, amarga dipoyoki kanca-kancane. Tembung entar ing ukara kasebut yaiku…

a)

kanca-kanca

b)

amarga

c)

dipoyoki

d)

abang kupinge

8.

Guru lagu lan guru wilangan tembang pucung yaiku…

a)

12u, 6a, 8i, 12a

b)

12i, 6a, 6i, 12a

c)

12u, 6a, 8i, 6a

d)

12i, 8a, 6i, 8a

9.

Prabu Pandhu Dewanata ratu ing Negara Ngastina kagungan garwa loro. Sing nomer siji asma Dewi Kunthi Talibrata Ian sijine asma Dewi Madrim. Dewi Kunthi Talibrata kagungan putra telu lanang kabeh yaiku Yudhistira, Werkudara, Ian Janaka, dene Dewi Madrim kagungan putra kembar Nakula Ian Sadewa. Pambarepe Pandhawa Yudhistira uga karan Puntadewa.

Ibune Puntadewa yaiku…

a)

Pandu Dewantara

b)

Dewi Mandrim

c)

Ngastina

d)

Dewi Kunthi Talibrata

10.

Teks kang Ngandharake kedadeyan kang nyata (fakta) yaiku teks …

a)

narasi

b)

pawarta

c)

dheskripsi

d)

eksposisi

11.

Resik iku perangan iman satuhu

Melu sabyantua

Program pemrentah sayekti

Lahir batin mbudidaya adipura

Tembang ing dhuwur kalebu tembang…

a)

Asmaradana

b)

Pangkur

c)

Dhandanggula

d)

Pucung

12.

Roni digething konco-koncone amergo tipis lambene. Tegese tipis lambene yaiku …

a)

lambene tipis

b)

seneng kerja

c)

cerewet

d)

tipis lambene

13.

Kang kalebu unen-unen jawa yaiku…

a)

entar

b)

paribasan

c)

camboran

d)

saroja

14.

Unen-unen kang tetembungane ora kena diwolak-walik yaiku…

a)

bebasan

b)

camboran

c)

paribasan

d)

saloka

15.

Kang kalebu bebasan yaiku…

a)

Endhas gundul dikepeti

b)

Kacang ora ninggal lanjaran

c)

Becik ketitik ala ketara

d)

Pitik trondol diumbar ing padaringan

16.

Criwis cawis, tegese …

a)

Nggawe kerusuhan ing papan tentrem

b)

Nremeng nanging gelem tumandang

c)

tumindake anak niru wong tuwa

d)

wes enak dikepanaki

17.

sega sak kepel dirubung tinggi, batangane…

a)

pitik jago

b)

salak

c)

nanas

d)

jalak

18.

       Pakboletus kalebu jenise cangkriman …

a)

pepindah

b)

plesetan

c)

wancahan

d)

sinawung ing tembang

19.

Pak Demang klambi abang, disuduk manthuk-manthuk. Batangane…

a)

Klambi abang

b)

Kembang kanthil

c)

kates

d)

kembang gedhang

20.

Pidhato kanthi cara ngapalake teks kang wis disiapake sadurunge diarani…

a)

memoriter

b)

naskah

c)

impromtu

d)

ekstemporar

21.

Pedhoman kanggo ngandharake teks pawarta kudu nggunaake ngenani ...

a)

latar

b)

karakter

c)

Apa, sapa, kapan, nyapa, nang endi, kepriye

d)

kawigaten

22.

Yen arep ngandharake teks persuasi kudu adhedhasar ... .

a)

Data/fakta/fenomena

b)

laporan

c)

pitutur

d)

pengalaman

23.

Salah sijine titikane teks pawarta yaiku ...

a)

faktual

b)

duweni isi ngajak sing maca

c)

kronologis

d)

ngemu pitutur

24.

Struktur (susunane) teks pawarta, yaiku ...

a)

Alenia pambuka, pawarta, penutup pawarta

b)

Irah-irahan, pawarta, penutup pawarta

c)

Irah-irahan, alenia pambuka, awak pawarta, penutup pawarta, sumber pawarta

d)

Irah-irahan, Awak pawarta, Alenia pawarta, sumber pawarta, penutup pawarta

25.

Titikane pariwara / iklan yaiku

a)

Basane kang prasaja, lan gampang dingerteni

b)

Basane kang dawa

c)

Nganggo basa kang jlimet

d)

Nganggo basa rinengga

26.

Gambar pariwara ing sisih kiwa miturut isine kalebu iklan ...

a)

olahraga

b)

kesehatan

c)

pendidikan

d)

pariwisata

27.

Ukara ing ngisor iki sing kalebu slogan, yaiku ...

a)

Sepi ing pamrih rame ing gawe

b)

Pitik trondhol diumbar ing padaringan

c)

Nguyahi segara

d)

Tumbak cucukan

28.

Anoman malumpat sampun,
Prapteng witing nagasari,
Mulat mangandhap katingal,
Wanodyayu kuru aking,
Gelung rusak wor lankisma,
Kangiga-iga kaeksi.

Tembang macapat ing dhuwur cacahing guru wilangan gatra nomer 2 ana ...

a)

6

b)

8

c)

10

d)

12

29.

Anoman malumpat sampun,
Prapteng witing nagasari,
Mulat mangandhap katingal,
Wanodyayu kuru aking,
Gelung rusak wor lankisma,
Kangiga-iga kaeksi.

Tembang macapat ing dhuwur  guru lagune gatra nomer 3 yaiku...

a)

u

b)

i

c)

ng

d)

a

30.

Pitik trondhol diumbar ing padaringan

Basa rinengga ing dhuwur kalebu

a)

saloka

b)

paribasan

c)

bebasan

d)

unen unen

31.

Becik ketitik, ala ketara.

Basa rinengga ing dhuwur tegese ...

a)

Sembarang tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

Tumindak ala iso disepuro 

c)

Tumindak becik dadi tuladha

d)

Sembarang tumindak ala lan becik, kabeh dilakoni manungsa

32.

Tutukna basa rinengga ing ngisor iki !

Kebo kabotan ... .

a)

sungu

b)

endhas

c)

gendhongan

d)

gudhel

33.

Bareng didhedhes, Sodin kandha yen dolanane didheleake Parmin. Parmin pancen dawa    tangane. Dituturi ibune bola bali nanging ora tau digugu. Parmin uga pancen kandel kupinge. Yen dielengake kancane, Parmin malah kandha yen kancane kuwi pancen tipis lambene. (Kapethek saka Tantri Basa 2016 Kelas 5)

 

Wacan ing dhuwur, ana tembung sing duweni makna denotatif, yaiku ... .

a)

kandhel kupinge

b)

tipis lambene

c)

dawa tangane

d)

dituturi

34.

Bareng didhedhes, Sodin kandha yen dolanane didheleake Parmin. Parmin pancen dawa    tangane. Dituturi ibune bola bali nanging ora tau digugu. Parmin uga pancen kandel kupinge. Yen dielengake kancane, Parmin malah kandha yen kancane kuwi pancen tipis lambene. (Kapethek saka Tantri Basa 2016 Kelas 5)

Kutipan wacan ing dhuwur, ana ukara sing duweni makna konotatif, yaiku ...

a)

didhedhes

b)

digugu

c)

kandel kupinge

d)

bola bali

35.

Ngubak-ngubak banyu bening      

Basa rinengga ing dhuwur kalebu ...

a)

unen unen

b)

paribasan

c)

bebasan

d)

saloka

36.

Cebol nggayuh lintang

Basa rinengga ing dhuwur tegese ...

a)

Wong sing duweni gegayuhan

b)

Wong cilik sing duweni gegayuhan tangeh lamun kelakon

c)

Wong sugih bondho

d)

Wong ala duwe lintang

37.

Endhas gundul ... .

Basa rinengga ing dhuwur tutukane yaiku ...

a)

dicukur

b)

gembelengan

c)

dikepeli

d)

dikramasi

38.

Festifal Geguritan

    Jam enem esuk Adam wis sarapan. Dina iki dheweke arep melu Festifal Geguritan ing gedung GOR Lamongan. Jam pitu Adam wis tekan GOR karo gurune. Ing kana tibake akeh peserta sing wis teka.

     Jam wolu festifal dimulai. Nalika tampil, Adam bisa apik lan nyawiji karo geguritan sing diwaca. Kabeh sing ndelok Adam padha nggumun banjur keplok-keplok. Kabeh mau amarga Adam bocah sing sregep lan telaten latihan, mula dheweke oleh juara siji.

 

Ide pokok paragraf 1, yaiku:

a)

Dheweke oleh juara siji

b)

Adam melu Festifal geguritan

c)

Jam enem isuk

d)

Jam wolu festifal dimulai

39.

Aksara Jawa ing dhuwur diwaca

a)

surti mangan

b)

suwe ora tangi

c)

sugih akal

d)

sumari lunga

40.

Aksara Jawa ing dhuwur diwaca ...

a)

Kembang mawar biru

b)

Sempal lawangku

c)

kembang mayang

d)

kembang mawar ungu