wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN ASAJ BAHASA JAWA KELAS 6

Total questions: 55

Worksheet time: 28mins

Name
Class
Date
1.

Setitikna gambar ing ngisor iki! Gambar wayang iku arane …

a)

Bagong

b)

Semar

c)

Petruk

d)

Gareng

2.

Gatekna tugelan crita ing ngisor iki!

Nalika esuk wis surup, Pandhawa lumaku alon mlebu alas Wanamarta. Kahanan ing kana isih peteng lan sepi. Swara manuk kukila kadang krungu kadang ilang. Arjuna mlaku luwih dhisik, disusul déning Bima, Yudhistira, Nakula, lan Sadewa. Dheweke lagi arep nggoleki papan kang aman kanggo ngungsi saka kejaran Kurawa.

Latar panggonan crita ing dhuwur yaiku ….

a)

Kraton Ngastina

b)

Alas Wanamarta

c)

Kali Gangga

d)

Kahyangan Jonggring Saloka

3.

Wacanen kanthi patitis!

Nalika Pandhawa diusir saka kraton Ngastina, dheweke ora dendam marang Kurawa. Nanging malah milih manggon ing alas lan nampa nasib kanthi sabar. Yudhistira ngandhani seduluré supaya tetep nrima lan ora mbalés ala kanthi ala. Dheweke yakin manawa kabecikan bakal menang ing pungkasane.

Saka pretilan crita ing dhuwur ngandhut pesen moral, yaiku ….

a)

kudu pinter ilmu kanuragan kanggo nglawan mungsuh

b)

urip ing alas luwih penak tinimbang ing kraton

c)

aja gampang percaya marang sedulur dhewe

d)

sabar lan nrima iku tindak becik kang bakal ngasilake kabecikan

4.

Gatekna crita ing ngisor iki! Nalika perang Baratayuda saya rame, Gathutkaca mabur ing angkasa kanthi gagah prakosa. Dheweke ora wedi marang mungsuh kang luwih akeh lan luwih kuat. Kanthi kesaktian lan semangat juangé, Gathutkaca maju paling ngarep kanggo mbela Pandhawa lan nglindhungi bala tentara saka serangan Kurawa. Watake Gathutkaca miturut crita ing dhuwur yaiku ….

a)

cerdas lan pinter diplomasi

b)

lugu lan gampang diapusi

c)

gagah wani lan setya

d)

licik lan seneng balas dendam

5.

Crita ing ngisor iki kang kagolong paragraf narasi yaiku ….

a)

Dina Senin esuk, kabeh siswa wis padha kumpul ing lapangan sekolah kanggo upacara. Upacara dilakokake kanthi khidmat, lan sawise iku siswa padha mlebu kelas kanggo nampa pelajaran pisanan. Ing saben kelas, guru wis nyiapaké materi supaya pelajaran bisa lumaku lancar lan siswa bisa luwih paham.

b)

Yen mangsa udan wis teka, kita kudu luwih ngati-ati. Akeh dalan licin amarga teles. Kajaba iku banjir uga bisa nyebabaké paring ora lancar. Mulane sak kuwi, ayo padha njaga kebersihan lingkungan supaya ora ana sampah sing nyumbat saluran banyu.

c)

Nalika aku isih cilik, saben sore aku lan kanca-kancaku padha dolanan gobag sodor ing lapangan mburi omah. Sore iku langit katon oranye lan angin semilir nggugah rasa tentrem. Siji wektu, aku tiba amarga kesandhung watu, nanging aku meneng lan terus dolanan maneh. Pengalaman iku ora bakal tak lali nganti saiki.

d)

Kembang mawar iku salah siji jinis kembang mawa nduweni rega estetika dhuwur. Warnane abang cerah lan wangi semerbak. Dudu mung kembang dekorasi, kembang arum aring dienggo nyatakaké rasa katresnan utawa kekaguman marang wong liya. Duri-durine uga nglambangake manawa keandahan kudu dijaga kanthi ati-ati.

6.

Ing ngisor iki kang kalebu ciri-ciri teks deskripsi yaiku....

a)

isiné crita kedadeyan utawa pengalaman pribadi sing dilakokaké dening tokoh, nganggo alur wektu lan konflik kanggo narik kawigaten pamaca. Teks iki lumrahé nduwéni unsur paraga, latar, lan alur

b)

nyeritakaké sawijining lelampahan utawa petualangan tokoh saka wiwitan nganti pungkasane kanthi rinci, kadang uga nyritakaké perasaan lan pikiran saka tokoh utama

c)

teks iki nggambaraké sawijining kahanan, panggonan, barang, utawa wong kanthi rinci, kanthi tujuan supaya pamaca bisa mbayangaké kanthi cetha. Biasané nganggo ukara-ukara gambaran sing konkret lan rinci

d)

nduwéni tujuan kanggo ngyakinaké pamaca supaya setuju karo pendapat penulis, biasané ana panemu lan bukti pendukung kanggo nguataké argumentasi

7.

Wacanen teks berita ing ngisor iki!

Tanggal 27 Mei 2006, Kutho Klaten nampa pacoban. Pacoban mau rupa bencana alam gempa bumi utawa lindhu. Kedadéan sadurunge jam enem esuk sing suwene kurang rong menit mau nyebabake akeh wong sing kelangan nyawa. Atusan, malah ewun manungsa padha nandang lara kebrukan omah. Omah-omahé warga padha benthet, rusak, lan rubuh. Omah sing mangkono uga ewun cacahé. Sabanjure lindhu iku nuwuhake kasangsarané warga. Atusan ewuh padha ngungsi utawa ngedegne tenda-tenda.

Para warga kena dipesthekke urip sengsara lan nandang kacingkrangan. Isiné berita ing dhuwur yaiku ....

a)

Pacoban lindhu ing Kutho Yogyakarta ing tahun 2006

b)

Tanggal 27 Mei 2006 ana bencana banjir ing Kutho Klaten

c)

Lindhu minangka bencana sing disebabake dening alas kang gundhul

d)

Lindhu nyebabake ewun manungsa padha nandang lara kebrukan omah

8.

Wacanen teks berita ing ngisor iki!

Teks 1: Dina Senin, 15 April 2024, Gunung Merapi mancaraké wedhus gembel nganti dhuwuré tekan 1.500 meter saka pucuk. Warga ing radius 5 km diwènèhi imbauan kanggo evakuasi lan tetep waspada.

Teks 2: Miturut pendapat sawetawé warga, pembangunan mall anyar ing tengah kutha nyebabaké kemacetan parah saben sore. Padha nyaranaké supaya ana solusi transportasi umum sing luwih efektif.

Teks 3: Warga ngandharaké yen banjir iki luwih parah tinimbang taun-taun sadurungé. Nanging miturut data saka BMKG, curah udan ing sasi iki pancen luwih dhuwur saka rata-rata normal.

Pernyataan ing ngisor iki kang paling trep kanggo ngelompokaké jinis teks miturut sumberé yaiku....

a)

teks 1 kalebu opini, teks 2 kalebu fakta, lan teks 3 kalebu campuran

b)

teks 1 kalebu fakta, teks 2 kalebu opini, lan teks 3 kalebu campuran

c)

teks 1 kalebu campuran, teks 2 kalebu fakta, lan teks 3 kalebu opini

d)

teks 1 kalebu opini, teks 2 lan 3 kalebu fakta

9.

Setitike tembang kinanthi iki!

Pra sedulur, dimen sira nora getun

Na ing jaman mangkya

Marang panggawy utami

Tumrap gesang ana alam pasrawungan

Tembang ing ndhuwur sing nduweni guru wilangan lan guru lagu 6a, yaiku ana ing gatra ....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

10.

Gatekna paugerane tembang macapat ing ngisor iki!

  1. 1. Guru gatra ne 7

  2. 2. Nduweni watak asih asuh

  3. 3. Guru wilangane = 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

  4. 4. Guru lagune = i, o, e, i, u, i, o

Paugeran ing ndhuwur kang kalebu paugerane tembang pangkur yaiku nomer ....

a)

1 dan 2

b)

2 dan 4

c)

1 dan 3

d)

2 dan 3

11.

Gatekna tembang ing ngisor iki!
Aja dumeh nduweni kuwasa,
Yèn salah kudu gelem ngakoni,
Urip iku mung sadhela,
Mung mampir ngombe baé.

Tembang macapat ing ndhuwur kalebu tembang jenis ....

a)

Pocung

b)

Dhandhanggula

c)

Kinanthi

d)

Mijil

12.

Gatekna tembang ing ngisor iki!
Aja nganti kabanjur
Barang polang ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik nyupaya iku
Pituturingkang sayektos

Tembang macapat ing ndhuwur kalebu tembang jenis ....

a)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

b)

7a, 10i, 12a, 8u, 8a

c)

7u, 8i, 9a, 10u, 8a

d)

7a, 7u, 6i, 8u, 8o

13.

Gatekna wacana iki kanthi patitis!
Saben dina Minggu, Pak Darto ngajak anak-anaké dolan menyang taman kutha. Biasane dheweke numpak sepur mini utawa ngubengi taman nganggo bentor. Saliyane kuwi, ana uga wong-wong sing dolan karo dokar utawa mung lungguh-lungguh santai ing kursi taman. Suasana taman katon rame lan nyenengaké.

Miturut paragraf ndhuwur sing kalebu tembung camboran tugel yaiku ....

a)

sepur mini

b)

bentor

c)

dokar

d)

dolan

14.

Gatekna tembang ing ngisor iki!
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sangkanmu Palembang
Ngon-ingone sang bupati
Yen lumampah si pocung lembehan grana

Batange tembang pocung ing ndhuwur yaiku....

a)

sepur

b)

klenthing

c)

penthol korek

d)

gajah

15.

Gatekna ukara iki!
Gawe nyukupi kebutuhan keluargane, Pak Wito adol keringet kawit esuk nganti teko bengi.

Ana ing ukara ndhuwur kang klebu tembung entar yaiku ....

a)

nyukupi

b)

kebutuhan keluargane

c)

adol keringet

d)

kawit esuk nganti teko bengi

16.

Gatekna ukara iki!
Dadi bocah kudu andhap asor marang wong tuwo

Tembung ing ndhuwur kang klebu tembung saroja yaiku ....

a)

dadi bocah

b)

andhap asor

c)

wong tuwo

d)

asor marang

17.

Pangucape sing bener yaiku ....

a)

Sesuk lali

b)

Sesuk bali

c)

Sesuk lagi

d)

Susuk bali

18.

Ukara ing ngisor iki kang nganggo aksara ma lan pasangan da yaiku ....

a)

ꦱꦶꦪꦸꦫꦶꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ ꦠꦺꦴꦩꦸꦠꦿꦏꦤ

b)

ꦤꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦪꦤ꧀ ꦱꦸꦪꦶ ꦱꦁ ꦠꦸꦫꦸ

c)

d)

19.

Pitik walik saba kebon, batangane yaiku ....

a)

salak

b)

kates

c)

nangka

d)

nanas

20.

Cebloke yang ngisor, sing ... mendhuwur.

a)

dideleng

b)

digoleki

c)

ditadongi

d)

digawa

21.

Gatekna batangan cangkriman ing ngisor iki!

Klenthing
Cangkriman kang mathuk kanggo batangan ing dhuwur yaiku ....

a)

Bapak pocung dudu tali dudu dhadhung Dawa kaya ula Pencokanmu cagak garing Prapteng wisma si pocung ngetokke cahya

b)

Bapak pocung dudu watu dudu gunung Dawa kaya ula Pencokanmu wesi miring Prapteng wisma si pocung ngumbar swara

c)

Bapak pocung cangkemu madhep mandhuwur Sabanmu ing sendhang Pencokanmu lambung kering Prapteng wisma si pocung muntah guwaya

d)

Bapak pocung dudu watu dudu gunung Sangkanmu Palembang Ngon-ingone sang bupati Yen lumampah si pocung lembehan grana

22.

Gatekna paribasan ing ngisor iki:

Ana catur mungkur

Tegese paribasan ing dhuwur yaiku ....

a)

seneng mado nanging ya seneng menehi utawa muruki

b)

samburagan gegayuhan mbutuhake ragad utawa biaya

c)

emoh ngrungokake perasane liyan kang kurang prayoga

d)

congkrah bisa gawe musuhan, yen rukun bisa gawe kakuwatan

23.

Gatekna paribasan ing ngisor iki!

Anak polah bapak ....

Tembung kang mathuk kanggo njangkepi paribasan ing dhuwur yaiku ....

a)

kepradhah

b)

sedih

c)

seneng

d)

lara ati

24.

Gatekna crita ing ngisor iki!
Pak Sastra nalika enom ngumbara menyang ngendi-endi, bareng tuwa bali menyang desane.
Paribasan kang cocok kanggo kahanan ing dhuwur yaiku ....

a)

Pitik mati ing lumbung pari

b)

Gagak elar merak

c)

Ngulangi bebek nglangi

d)

Kebo mulih menyang kandhange

25.

Gatekna crita ing ngisor iki!

Wulan tau janji ora bakal kancan maneh karo Sari amarga padha tau padu. Nanging sawise seminggu, Wulan nyedhaki Sari maneh lan ngajak dolan kaya biyen. Wong-wong ing sakupenge padha gumun karo sikape Wulan.

Bebasan sing cocok kanggo nyritakake kahanan kuwi yaiku ...

a)

Idu didilat maneh

b)

Gajah ngidak rapet-rapet

c)

Nglurug tanpa bala

d)

Kebo mulih kandhang

26.

Gatekna tabel iki!

Bebasan lan artine kang trep yaiku ana ing nomer ....

a)

1)

b)

2)

c)

3)

d)

4)

27.

Kaya banyu karo lenga Tegese saloka ing dhuwur yaiku ....

a)

Wong kang nesu banget

b)

Wong asor tumindak kaya wong luhur

c)

Wong kang ora bisa rukun

d)

Wong kang mlarat banget

28.

Teks 1 Tanduran pari bisa urip ing lahan teles utawa irigasi. Tanduran iki dadi sumber pangan utama ing Indonesia lan dipanen kaping pindho saben taun...

Teks 2 Kopi minangka salah siji komoditas ekspor Indonesia. Tanduran iki butuh iklim adhem lan ditandur ing pegunungan. Kopi saka Indonesia misuwur ing pasar internasional.

Bedane teks kasebut yaiku ....

a)

Teks 1 lan Teks 2 padha nyritakake tetuwuhan sing butuh iklim panas

b)

Teks 1 nyritakake tanduran kanggo konsumsi lokal, Teks 2 nyritakake tanduran kanggo ekspor

c)

Teks 1 lan Teks 2 padha-padha nyritakake tetuwuhan sing dipanen saben musim

d)

Teks 1 nyritakake tetuwuhan kang mung ana ing pegunungan, Teks 2 nyritakake tetuwuhan kang mung ana ing rawa

29.

Gatekna pratelan crita iki!

Sukarno yaiku presiden pertama Republik Indonesia. Sukarno lair ing Blitar, 6 Juni 1901. Dheweke dadi salah siji pahlawan nasional sing nduweni peran penting ing kemerdekaan Indonesia. Sukarno dikenal kanthi pidato-pidato sing inspiratif lan gagasan-gagasan sing njurung rakyat supaya padha bersatu. Sukarno uga nglaksanakake diplomasi internasional kanggo ngembangake hubungan antar negara.

Isi crita ing dhuwur yaiku ....

a)

Sukarno yaiku presiden sing ora bisa ngomong kanthi lancar

b)

Sukarno iku tokoh sing duwe peran penting ing proklamasi kemerdekaan Indonesia

c)

Sukarno mung dikenal ing Blitar lan ora duwe pengaruh ing dunia internasional

d)

Sukarno ora melu dalam ngembangake hubungan internasional

30.

Wacanen kanthi setiti!

Globalisasi minangka proses integrasi antarnegara liwat perdagangan, teknologi, lan komunikasi. Globalisasi uga ngaruhake kabudayan, ekonomi, lan politik ing saindenging dunia. Teknologi komunikasi sing maju, kayata internet, nyebabake informasi bisa nyebar kanthi cepet antar negara. Globalisasi nggawe negara-negara bisa gampang kerja sama, nanging uga ana tantangan kayata nambah ketergantungan antar negara.

Informasi sing bener babagan globalisasi saka teks kasebut yaiku ....

a)

Globalisasi mung ngaruhi budaya lan ora mengaruhi ekonomi

b)

Teknologi komunikasi ora penting ing globalisasi

c)

Globalisasi nggawe negara luwih bisa kerja sama nanging uga nambah ketergantungan antar negara

d)

. Globalisasi mung kedadeyan ing negara maju

31.

Wacanen kanthi setiti teks informasi ing ngisor iki!
Lingkungan sekolah sing resik lan asri bisa nggawe siswa luwih semangat sinau. Sekolah kudu dijaga kebersihane, kaya mbuwang sampah ing panggonane, ngresiki kelas saben dina, lan nandur wit-witan ing pekarangan sekolah. Kabeh warga sekolah kudu melu tanggung jawab ngresiki lingkungan supaya tetep nyaman lan sehat.

Pratelan kang cocog marang isi teks informasi ing dhuwur yaiku ....

a)

Sekolah sing kotor iso nggawé siswa semangat sinau.

b)

Ngresiki lingkungan sekolah mung tugas petugas kebersihan.

c)

Lingkungan sekolah ora perlu dijaga saben dina.

d)

Warga sekolah kudu melu tanggung jawab ngresiki lingkungan.

32.

Wacanen kanthi setiti!
Banjir kalebu salah siji bencana alam sing kerep kedadeyan ing mangsa udan. Banjir bisa disebabake amarga udan deres terus-terusan lan saluran banyu sing mampet. Banjir bisa nyebabake omah warga keleleb, lemah longsor, lan penyakit. Supaya ora kedadeyan banjir, warga kudu rajin ngresiki selokan lan ora mbuwang sampah sembarangan. Pemerintah uga kudu nyedhiyakake sistem drainase sing apik.

Ukara pitakon kang mathuk kanggo wacan ing dhuwur yaiku ....

a)

Apa wae akibat saka banjir?

b)

Apa sebabé banjir bisa kedadeyan?

c)

Sapa sing tanggung jawab ngresiki lingkungan?

d)

Kepiye cara ngresiki saluran banyu?

33.

Wacanen kanthi setiti!
Lingkungan sekolah sing resik lan teratur bisa ndhukung proses belajar siswa. Nalika lingkungan sekolah resik, siswa luwih semangat mlebu kelas lan ora gampang keganggu karo suasana kotoran. Sekolah kudu duwe jadwal piket supaya kebersihan kelas lan pekarangan tetep dijaga. Kajaba iku, warga sekolah uga perlu sinau milah sampah organik lan anorganik kanggo ngurangi polusi. Penanaman wit-witan uga bisa mbantu nyedhiyakake udara seger lan ngurangi panas. Kabèh usaha iki kudu ditindakaké bareng-bareng supaya lingkungan sekolah nyaman, sehat, lan nyenengake kanggo sinau.

Ukara pokok (kalimat utama) saka paragraf ing dhuwur yaiku ....

a)

Lingkungan sekolah sing resik lan teratur bisa ndhukung proses belajar siswa.

b)

Nalika lingkungan sekolah resik, siswa luwih semangat mlebu kelas lan ora gampang keganggu.

c)

Sekolah kudu duwe jadwal piket supaya kebersihan tetep dijaga.

d)

Penanaman wit-witan uga bisa mbantu nyedhiyakake udara seger lan ngurangi panas.

34.

Gatekna pratelan teks pidato ing ngisor iki!
Bapak-bapak. Ibu-ibu saha para kanca anggota karang taruna, ancas tujuan pepanggihan punika kanggo ngrancang adicara pameran. Mangga sesarengan kita ngrancang jadwalipun. Lajeng prodhuk unggulan menapa ingkang badhe dipunameraken. Ingkang baku prodhuk unggulan kedah ingkang dados ciri khas Dhusun Sukamaju miriki. Mangga sabibaripun kula matur, kita ngempal manut seksi-seksi ingkang sampun kasusun. Minangka ketua panitia kula gadhah pangajab adicara ing enjing punika ngasilaken keputusan ingkang sae.

Isi pidato ing dhuwur yaiku ...

a)

ngrancang bahan produk unggulan saking Dhusun Sukamaju

b)

ngrancang adicara lan jadwalipun pameran karang taruna Dhusun Sukamaju

c)

ngrancang adicara lan jadwalipun bapak-bapak lan ibu-ibu Dhusun Sukamaju

d)

ngrancang adicara pameran ketua karang taruna Dhusun Sukamaju

35.

Gatekna punggelan teks pidato iki!
Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, para siswa ingkang kula tresnani, perlu kawuningan bilih anggen kula nindakaken usaha rengginang tengiri menika sampun lumampah 17 taun. Nanging usaha kula menika mboten langsung lancar lan maju kadosta samenika. Kathah pepalang ingkang kula adhepi. Kanthi bandha tekad, ulet, lan semangat nglampahi kangelan-kantaran sekedhik mbaka sekedhik usaha kula saged lancar. Samenika rengginang tengiri prodhuk kula sampun dados jujugan tiyang damel oleh-oleh khas saking dhaerah mriki. Bab menika saged ningkataken ekonomi kulawarga kula. Kejawi menika kula saged mbikak lapangan kerja kange tanggi tepaliih.

Ukara penutup kang trep kanggo teks pidato ing dhuwur yaiku ...

a)

Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah...

b)

Nuwun Bapak Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati...

c)

Kula remen sanget dene ing kalodhangan menika kula miwiti...

d)

Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, ing kalodhangan menika kula...

36.

Gatekna pedhotan pidato ing ngisor iki!
Wusana menapa mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi saged migunani tumrap warga panti asuhan mriki. Menawi wonten lepat anggen kula matur, nyuwun agunging pangaksami.

Perangan pidato ing dhuwur kasebut kalebu ...

a)

salam pambuka

b)

purwaka basa

c)

surasa basa

d)

wusana basa

37.

Wacanen tembang ing ngisor iki!
Tumartis kalbu wus sumilir,
sinareng sepi anging kinasih,
urip tansah rumangsa cukup,
sanadyan prasaja manggopipun,
guyub rukun saben dinipun,
tresna kang sinandhi laku,
kinarya becik tumrap liyan.

Tembang macapat ing nduwur nduweni watak ....

a)

Sedih, nelangsa, lan kuciwa

b)

Rukun, ayem, lan kebak rasa katresnan

c)

Nasehat kanggo wong tuwa

d)

Ngandhut rasa prihatin lan duka lara

38.

Gatekna tembang iki kanthi patitis!
Wiwit sekar kapethuk rasa,
Lumebu ing jroning ati,
Linambaran katresnan,
Lumuntur tresna sejati,
Tumrape wong kang ngudi,
Urip becik mulya titi,
Kinarya urip utama.

Guru gatra tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

12

b)

9

c)

7

d)

4

39.

Gatekna tembang ing ngisor iki!
Sinom iku tembang kang apik,
Digawe kanggo wejangan lathi,
Isine akeh pitutur utama,
Tandha katresnan marang sesami,
Bisa kanggo tuladha kang becik,
Ngemut supaya urip luwih mulya,
Saben dina tansah eling lan waspada,

Gatra sing nduweni guru lagu a ing tembang dhuwur yaiku ....

a)

1 lan 3

b)

2 lan 4

c)

3 lan 6

d)

4 lan 7

40.

Tulisan Aksara Jawa kasebut, unine sing bener yaiku ....

a)

Umurku saiki 14 tahun.

b)

Umurmu saiki 14 tahun.

c)

Umurku saiki 15 tahun.

d)

Umurmu saiki 15 tahun.

41.

Gatekna tembang ing ngisor iki!
Urip iku kaya banyu,
Nganti tekan puncak gunung,
Yen ora ati-ati, bisa sirna,
Nganti ora ana sing ngerti.

Tembang macapat ing ndhuwur kalebu tembang jenis ....

a)

Pocung

b)

Mijil

c)

Dhandhanggula

d)

Kinanthi

42.

Setitikna gambar ing ngisor iki! Gambar wayang iku arane …

a)

Bagong

b)

Petruk

c)

Gareng

d)

Semar

43.

Wacanen kanthi setiti!

Perubahan iklim minangka fenomena global sing nyebabake suhu bumi saya mundhak. Akibaté, cuaca dadi ora stabil, lan bisa nyebabake bencana alam kaya banjir lan kekeringan. Perubahan iklim uga ngancam keanekaragaman hayati lan sumber daya alam. Supaya bisa ngurangi dampak negatif, masyarakat perlu melu aktif ing upaya pelestarian lingkungan.

Informasi sing bener babagan perubahan iklim saka teks kasebut yaiku ....

a)

Perubahan iklim bisa nyebabake bencana alam lan ngancam keanekaragaman hayati

b)

Perubahan iklim mung kedadeyan ing negara maju

c)

Perubahan iklim ora bisa diatasi dening masyarakat

d)

Perubahan iklim ora duwe pengaruh marang cuaca

44.

Wacanen teks informasi ing ngisor iki!

Teknologi informasi saiki wis dadi bagian penting ing urip saben dinane. Internet, smartphone, lan aplikasi digital ngidini kita bisa komunikasi lan ngakses informasi kanthi cepet. Nanging, ana uga tantangan kaya privasi data lan penyebaran informasi palsu. Masyarakat kudu sinau nggunakake teknologi kanthi bijak supaya bisa entuk manfaat maksimal.

Pernyataan ing ngisor iki kang paling trep kanggo ngelompokaké jinis teks miturut isi yaiku....

a)

Teknologi informasi ora penting ing urip modern

b)

Teknologi informasi bisa nyebabake masalah privasi lan informasi palsu

c)

Teknologi informasi mung digunakake dening generasi muda

d)

Teknologi informasi ora duwe dampak positif

45.

Gatekna paribasan ing ngisor iki!

Gajah mati ....

Tembung kang mathuk kanggo njangkepi paribasan ing dhuwur yaiku ....

a)

kaya manuk

b)

ora ana

c)

ing alas

d)

ora bisa

46.

Wacanen kanthi teliti!
Ing sawijining sore, Pak Joko ngundang kanca-kancane kanggo ngumpul ing omahé. Dheweke nyiapake panganan lan minuman sing enak. Suasana dadi rame lan nyenengake, kabeh padha crita lan guyon bareng.

Pratelan kang cocog marang isi teks ing dhuwur yaiku ....

a)

Pak Joko ora nyiapake panganan.

b)

Pak Joko mung ngundang siji kanca.

c)

Pak Joko ora duwe kanca.

d)

Pak Joko ngundang kanca-kancane kanggo dolan.

47.

Gatekna tembang ing ngisor iki!
Urip iki mung sakedhik,
Yen ora ngati-ati,
Wong kang lali,
Bakale nandhang lara.

Tembang macapat ing ndhuwur kalebu tembang jenis ....

a)

Mijil

b)

Dhandhanggula

c)

Kinanthi

d)

Pocung

48.

Wacanen teks ing ngisor iki!

Ing sawijining dina, ana sawijining bocah cilik sing ngimpi bisa mabur kaya manuk. Dheweke ngupayakake supaya bisa nggayuh impené kanthi sinau lan latihan saben dina. Nanging, ora kabeh wong percaya marang impené.

Pernyataan kang paling trep kanggo ngelompokaké karakter bocah cilik ing teks iki yaiku ....

a)

ngandelake bantuan wong liya

b)

ora gelem nyoba lan latihan

c)

duwe tekad lan semangat sing dhuwur

d)

ora percaya marang impené dhewe

49.

Gatekna paribasan ing ngisor iki!

Golek banyu ing tengah gersang ....

Tembung kang mathuk kanggo njangkepi paribasan ing dhuwur yaiku ....

a)

kaya ngimpi

b)

ora ana

c)

kaya ngenteni

d)

kaya ngudani

50.

Wacanen crita ing ngisor iki!

Rina lan Dika padha sinau bareng ing perpustakaan. Dheweke ngrembug babagan tugas sekolah lan saling mbantu. Suasana dadi rukun lan nyenengake.

Bebasan sing cocok kanggo nyritakake kahanan kuwi yaiku ....

a)

kaya angin seger

b)

kaya udan deres

c)

kaya langit cerah

d)

kaya api nyala

51.

GAtekna tembang !

Gambuh

Sekar gabuh ping catur

kang cinatur polah kang kalantur

tanpa tutur katula-tula katali

kadaluwarsa katutuh

kapatuh pan dadi awon

Guru wilangan lan guru lagu tembang Gambuh gatra ketelu yaiku ....

a)

7i

b)

12i

c)

7u

d)

8u

52.

yen wayah udan, tandurane dadi ...

a)

gogrok

b)

layu

c)

subur

d)

mati

53.

Pangkur

sekar pangkur kang winarna

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

ala lan becik puniku

prayoga kawruhana

adat waton puniku dipunkadulu

miwah ingkang tata krama

den kaesthi siyang ratri

guru wilangan lan guru lagu gatra kaping papat yaiku ...

a)

8u

b)

7a

c)

8a

d)

8i

54.

ꦫꦸꦢꦶꦢꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦥꦤꦃ

wujude pasangan aksara pa ing nduwur yaiku ...

a)

b)

c)

d)

55.

Gambar ing ndhuwur asamane ...

a)

raden werkudara

b)

raden janaka

c)

raden puntadewa

d)

raden gathotkaca