WorksheetsSAS Genap Bahasa Jawa Kelas 4
Total questions: 30
Worksheet time: 15hrs 0mins
Basa ngoko lugu digunakake nalika guneman karo…
Wong tuwa
Guru
Kanca sapantaran
Wong sing luwih dhuwur pangkate
Ukara ing ngisor iki sing kalebu basa ngoko lugu yaiku…
Bapak sampun dhahar?
Kowe arep lunga menyang ngendi?
Panjenengan bade tindak pundi?
Ibu lagi sare.
Wacaen Pacelathon ing ngisor iki!
Budi: "Din, kowe sesuk arep melu dolan?"
Dina: "Wah, aku ora bisa, Bud. Sesuk aku arep ngrewangi Ibu resik-resik omah."
Budi: "Oalah, ya wis yen ngono."
Pacelathon ing dhuwur nggunakake basa…
Ngoko lugu
Ngoko andhap
Krama lugu
Krama alus
Wacaen Pacelathon ing ngisor iki!
Yoga: "Bu, kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah."
Ibu: "Iya, Ngger. Ati-ati ing dalan ya."
Yoga: "Inggih, Bu."
Pacelathon ing dhuwur nggunakake basa....
Ngoko lugu
Ngoko andhap
Krama lugu
Krama alus
Yen nyuwun pirsa marang wong sing luwih tuwa, becike nggunakake basa…
Ngoko lugu
Ngoko andhap
Krama lugu
Krama alus
Bapak: "Adi, kowe wis __________ (adus)?"
Ukara sing trep kanggo ngisi titik-titik ing dhuwur yaiku…
Siram
Adus
Dhahar
Rawuh
Tembung sare iku basa krama aluse tembung ____________.
Yen arep njaluk tulung marang wong sing luwih tuwa, becike nganggo basa ______________.
Aku mangan soto lan ibu mangan rujak.
Ukara iki yek dikramakake alus yaiku ....
Apa gunane kita sinau unggah-ungguh basa Jawa?
Tembang dolanan yaiku tembang sing biasane ditembangake dening…
Wong tuwa
Bocah-bocah nalika dolanan
Para seniman
Guru
Ciri-ciri tembang dolanan yaiku…
Basane angel dipahami
Lagu lan syair gampang diapalke
Isine babagan crita rakyat
Ditembangake ing upacara adat
Isine tembang dolanan biasane babagan…
Carane nandur wit witan
Crita kewan lan tanduran
Kahanan saben dina bocah-bocah lan piwulang
Perang lan kepahlawanan
Wacanen syair tembang dolanan ing ngisor iki!
Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundhung gudel
Pak Empo Lera-Lere
Sapa ngguyu ndhelikake
Sir sir pong dhele kopong
Sir sir pong dhele kopong
Isine tembang "Cublak-Cublak Suweng" yaiku babagan…
Dolanan layangan ing sawah
Dolanan golek barang sing didhelikake
Nuduh wong liya
Aroma sing ora enak
Wacanen syair tembang dolanan ing ngisor iki!
Lir ilir, lir ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon
Penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna
Kanggo mbasuh dodotira
Dodotira kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana, jlumatana
Kanggo seba mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Ya suraka surak hore!
Tembang "Lir Ilir" nduweni piwulang supaya…
Males-malesan urip
Sregep ngibadah lan nguri-uri agama
Seneng tetanen
Mburu harta donya
Salah siji cara nglestarekake tembang dolanan yaiku kanthi…
Ora gelem nyanyi
ora gelem ngrungokake
Diajarke marang adhi-adhine
Diowahi syair lan lagune
Tembang dolanan yaiku tembang sing ditembangake nalika bocah-bocah lagi ____________.
Salah sijine tuladha tembang dolanan yaiku ____________.
Tembang dolanan "Menthog-Menthog" nyritakake babagan kewan _____________.
Terangna apa sing diarani tembang dolanan miturut pamawasmu dhewe!
Teks narasi yaiku karangan sing nyritakake babagan…
Nggambarake sawijining barang
Urutan carane gawe
Kedadean utawa prastawa kanthi runtut
Njlentrehake informasi
Dongeng anak kalebu jinis teks…
Deskripsi
Narasi
Prosedur
Eksposisi
Teks deskripsi yaiku karangan sing tujuane…
Nyeritaake kedadean
Nggambarake sawijining objek kanthi rinci
Nerangake cara nindakake penggawean
Nyritakake pengalaman pribadi
Yen arep ndeskripsiake kucingmu, sing perlu kok tulis yaiku babagan…
Carane ngopeni kucing
Warnane, wulune, lan polah tingkahe kucing
Crita kucing nalika lair
Manfaat ngopeni kucing
Teks prosedur yaiku karangan sing isine…
Crita lucu
Langkah-langkah nindakake sawijining bab
Gambaran sawijining panggonan
Informasi umum
Yen arep nulis teks prosedur babagan "Carane Gawe Teh Anget", urutan sing bener yaiku…
Wadhahi teh ing gelas, wenehi gula, siram banyu panas, aduk
Siram banyu panas, wadhahi teh ing gelas, wenehi gula, aduk
Wenehi gula, aduk, wadhahi teh ing gelas, siram banyu panas
Aduk, siram banyu panas, wenehi gula, wadhahi teh ing gelas
Wacanen cuplikan teks narasi ing ngisor iki kanggo njawab soal!
Ing sawijining esuk, ana kancil mlaku-mlaku ing pinggir kali. Dheweke krasa ngelak banget. Nalika arep ngombe, kancil weruh ana timun ing sebrang kali. Kancil banjur kepengin banget mangan timun kuwi.
Teks ing dhuwur kalebu jinis teks…
Deskripsi
Prosedur
Narasi
Eksposisi
Wacanen cuplikan teks deskripsi ing ngisor iki kanggo njawab soal!
Sekolahku resik banget. Latare amba lan ana wit-witan sing ijo royo-royo. Kelas-kelase resik lan cetha. Ing ngarep kelas ana taman kembang sing wernane maneka rupa.
Teks ing dhuwur nggambarake babagan…
Carane sinau
Kahanan sekolah
Kegiatan ing sekolah
Murid-murid sekolah
Yen arep nulis teks prosedur sing apik, ukara sing digunakake kudu…
Dawa lan ruwet
Cetha lan gampang dimangerteni
Nggunakake basa krama
Akeh tembung sing ora dingerteni
Terangna apa bedane teks narasi karo teks deskripsi!
