Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PSAT Bahasa Jawa Kelas 5

Total questions: 31

Worksheet time: 33mins

Name
Class
Date
1.

Kebakaran

Pas iku, aku lagi siap-siap menyang sekolah. Nanging ndilalah ing televisi wongten “Pawarta Enjing” ingkang mawartakake berita tentang kajadian kebakaran. Peristiwa iku kedadean ing salah sawijining panggong cerak marang sekolahanku.

Kebakaran iku kedadean jam 2 esuk. Amargi ana berita iku, aku banjur kaget lan kelingan kanca-kancaku sing manggon omah cerak panggon kebakaran. Ning sakjroning bathin, aku ndonga supados rencang-rencangku ora ono sing kenapa-kenapa.

Selawise ndeleng berita, aku banjur menyang sekolah. Sakbanjure mara sekolah, dongaku kandas, aku sedih, lan ngrasa melu nelangsa, amarga ana 10 kancaku ingkang panggonan omahe melu kebakar.

Miturut jinise, teks ing dhuwur kalebu jenis teks …

a)

Narasi

b)

Dheskripsi

c)

Persuasi

d)

Argumentasi

2.

Kebakaran

Pas iku, aku lagi siap-siap menyang sekolah. Nanging ndilalah ing televisi wongten “Pawarta Enjing” ingkang mawartakake berita tentang kajadian kebakaran. Peristiwa iku kedadean ing salah sawijining panggong cerak marang sekolahanku.

Kebakaran iku kedadean jam 2 esuk. Amargi ana berita iku, aku banjur kaget lan kelingan kanca-kancaku sing manggon omah cerak panggon kebakaran. Ning sakjroning bathin, aku ndonga supados rencang-rencangku ora ono sing kenapa-kenapa.

Selawise ndeleng berita, aku banjur menyang sekolah. Sakbanjure mara sekolah, dongaku kandas, aku sedih, lan ngrasa melu nelangsa, amarga ana 10 kancaku ingkang panggonan omahe melu kebakar.

Kebakaran iku kedadean jam …

a)

Jam 2

b)

Jam 10

c)

Jam 4

d)

Jam 8

3.

Legenda Mbah Jegot ing Alas Donoloyo

Ing jaman kawitan madege Kasultanan Demak, Raden Patah kang mujudake sultan kapisan ing Kasultanan Demak pengin nggawe masjid agung kanggo sembahyang kawulane.

Kanggo mujudake gegayuhane Sultan Demak ngutus para wali sanga golek kayu jati menyang alas Donoloyo kang ana ing dhaerah Wonogiri. Sawise prentah ditampa, para wali sanga banjur lunga menyang alas donoloyo. Rampung ngandharake angkah lan tujuane menyang alas Donoloyo. Para wali sanga diijini golek kayu jati sing disenengi lan dianggep pantes kanggo nggawe masjid demak.

Satekane wewengkon kasultanan

Demak. Kayu-kayu jati iku banjur wiwit digarap kanggo mbangun masjid. Akeh sing ngrasa nggumun karo apike kayu jati saka alas Donoloyo. Mung emane wektu iku ana kayu siji kang rada aneh wujude. Senajan wujude gedhe, kayune ora lurus kaya kayu jati liyane. Merga wujude kang beda tinimbang kayu jati liyane.

Banjur para tukang lan para wong sing nonton proses pembangunan Masjid Agung Demak akeh sing maido lan ngilokna kasebut kanthi tetembungan kang ora pantes. Menawa wae, merga rumangsa dipaido lan dielek-elek merga wujude ora sampurna. Kayu jati iku banjur mabur lan bali maneh menyang alas Donoloyo.

Tekan saiki kayu jati iku isih ana lan manggon ing satengahe alas Donoloyo. Warga sakiwa tengene alas donoloyo ngarani kayu kaseut kanthi sebutan Mbah Jegot.

Paraga ana ing wacan dhuwur yaiku . . .

a)

Sunan Gunung Jati, Raden Fatah, Ki Ageng Poncokusumo

b)

Sunan Muria, Raden Fatah, Ki Ageng Donoloyo

c)

Sunan Kalijaga, Raden Fatah, Ki Ageng Donoloyo

d)

Sunan Gresik, Raden Fatah, Ki Ageng Donoloyo

4.

Legenda Mbah Jegot ing Alas Donoloyo

Ing jaman kawitan madege Kasultanan Demak, Raden Patah kang mujudake sultan kapisan ing Kasultanan Demak pengin nggawe masjid agung kanggo sembahyang kawulane.

Kanggo mujudake gegayuhane Sultan Demak ngutus para wali sanga golek kayu jati menyang alas Donoloyo kang ana ing dhaerah Wonogiri. Sawise prentah ditampa, para wali sanga banjur lunga menyang alas donoloyo. Rampung ngandharake angkah lan tujuane menyang alas Donoloyo. Para wali sanga diijini golek kayu jati sing disenengi lan dianggep pantes kanggo nggawe masjid demak.

Satekane wewengkon kasultanan

Demak. Kayu-kayu jati iku banjur wiwit digarap kanggo mbangun masjid. Akeh sing ngrasa nggumun karo apike kayu jati saka alas Donoloyo. Mung emane wektu iku ana kayu siji kang rada aneh wujude. Senajan wujude gedhe, kayune ora lurus kaya kayu jati liyane. Merga wujude kang beda tinimbang kayu jati liyane.

Banjur para tukang lan para wong sing nonton proses pembangunan Masjid Agung Demak akeh sing maido lan ngilokna kasebut kanthi tetembungan kang ora pantes. Menawa wae, merga rumangsa dipaido lan dielek-elek merga wujude ora sampurna. Kayu jati iku banjur mabur lan bali maneh menyang alas Donoloyo.

Tekan saiki kayu jati iku isih ana lan manggon ing satengahe alas Donoloyo. Warga sakiwa tengene alas donoloyo ngarani kayu kaseut kanthi sebutan Mbah Jegot.

Amanat ana ing wacan dhuwur yaiku . . .

a)

Aja seneng muji wong liya

b)

Aja seneng nyolong ing alas donoloyo

c)

Aja seneng melbu ing alas donoloyo

d)

Aja seneng nyacat pakaryane wong liya

5.

Gatekna pernyataan ing isor iki!

1) Njlentrehake kedadean miturut urutan waktu

2)   Njlentrehake samubarang kanthi rinci

3)  Njlentrehake kedadean kanthi runtut lan jelas

Ngajak pamaca supaya gelem melu ajakan

Pernyataan ing dhuwur kuwi kang kalebu ciri-ciri teks eksposisi yaiku nomer . . .

a)

(1)

b)

(2)

c)

(3)

d)

(4)

6.

Alise nanggal sepisan kalebu tembung . . .

a)

Pepindhan

b)

Parikan

c)

Panyandra

d)

Panyendhu

7.

Tembung kang digunakake kanggo nemoni/nacad diarani tembung . . .

a)

Panyendhu

b)

Panyandra

c)

Pepindhan

d)

Parikan

8.

Cacahe tembang macapat yaiku ana . . .

a)

6

b)

7

c)

10

d)

11

9.

Gatekno tembang ing ngisor iki!

Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pengekesing durhangkara

Tembang ing dhuwur kalebu jenis tembang . . .

a)

Maskumambang

b)

Pucung

c)

Asmaradhana

d)

Sinom

10.

Sandhangan kang bisa nguneni aksara dadi u yaiku …

a)

Wulu

b)

Suku

c)

Taling

d)

Taling Taruna

11.

Panerus Sejati Rahwana

Wibisana kaget samungkure ngerti Dewi Tari nglairake bayi wadon kang ayu banget rupane. Ngrasa ana kahanan nggegirisi kang dumadi ing tembe mburi marang nasibe si bayi. Wibisane njaluk idi palilah marang Dewi Tari.

Sawise pikantuk idi palilah, bayi wadon kuwi banjur dilebokake peti lan banjur dilarung menyang kali Gangga.

Sawise nglarung bayi wadon, Wibisana ngadeg jejeg ing satengahe alun-alun Alengka. Wibisana katon ngrapal mantra sadurunge njemparingake panah saktine menyang angkasa.

Dumadanan ana mega kang ceblok ana ing ngarepe. Mega mau banjur dipondhong lan diaturake menyang kakange, Rahwana.

Mesthi wae Rahwana bingung lan takon marang Wibisana.

“Sapa iki adhi?” takone Rahwana.

“Iki putramu kang lair saka garbane Dewi Tari, kakang,” wangsulane Wibisane.

Mesthi wae Rahwana nesu banget. Rahwana rumangsa ora trima duwe putra kang wujude mung kaya mega.

Saking nesune mega kang diakokne putrane mau banjur dibanting lan diidak-idak. Anahe mega kang diidak-idak Rahwana iku malih rupa dadi raseksa dhiwasa kang gagah pideksa.

Rahwana kang sakawit nesu malih dadi ngguyu lakak-lakak merga rumangsa marem duwe putra kang gagah pideksa.

Kocape raseksa sing asale saka mega mau langsung didadekake putra mahkota lan diwenehi jeneng Indrajit.

Dene putrine Rahwana kang sejati. Kang dilarung Wibisana menyang kali Gangga ditemu prabu Janaka. Dening prabu Janaka bayi wadon mau diramut kanthi becik lan diwenehi jeneng Dewi Sinta.

Latar panggon cerito ing dhuwur yaiku . . .

a)

A. Alun-alun Alengka

b)

B. Kali Gangga

c)

C. Kali Brantas

d)

D. Alun-alun Hastinapura

12.

Paraga cerito ing dhuwur yaiku . . .

a)

A. Pandhawa

b)

B. Rahwana

c)

C. Wibisana

d)

D. Dewi Mega

13.

 Kucingku

        Moli iku kucingku sing manggon ing omah desa. Dheweke minangka kucing domestik sing wis suwe saya pelihara. Aku biyen ketemu dheweke ing selokan cedhak kali ing sakupenge omah.

Nalika semana aku isih kelingan, ana swara kucing cilik ngranyu ing hawa adhem nalika arep budhal les matematika lan basa Inggris ing desa tanggane. 

Ciri khas sing metu saka awak Moli yaiku anane wulu ireng tanpa warna tambahan. Saiki Moli wis umur limang sasi. 

Aku ketemu dheweke ing kahanan wulu teles amarga wengi sadurunge ana udan deres sing ngebaki selokan cedhak kali ngendi aku ketemu Moli. 

Aku ora tega supaya dheweke whimper lan beku lan ana ing panggonan sing ora pantes. Pungkasane aku mutusaken kanggo ngeterke dheweke menyang omah lan ngurus dheweke.

Ora let suwe aku ngeterke Moli menyang omahe, kahanane wis mari. Aku sregep menehi panganan lan vitamin, nganti saiki dheweke dadi kucing sing lincah lan ceria.

Miturut wacan ing dhuwur, titikane teks dheskripsi yaiku . , ,

a)

A. Nggambarake samubarang kanthi cetha

b)

B. Nerangake saweneh kegiatan kanthi runtut

c)

C. Njlentrehake saweneh bab kanthi bukti akurat

d)

D. Pamaca kaya-kaya ngrasakake dhewe kedadeane

14.

Gatekno ukara ing ngisor iki!

1) Kancaku rambute gimbal amarga ora tau kramas

2) Santi bocah ayu alise katon nanggal sepisan

3) Salah sawijine ciri Gareng yaiku tangane cekot

Aku weruh ana bocah sing nduweni rambut ngombak bakung

Ukara panyendhu ing dhuwur yaiku nomer . , ,

a)

A. (4)

b)

B. (3)

c)

C. (2)

d)

D. (1)

15.

Gatekno ukara ing ngisor iki!

1) Senajan irunge pesek, nanging Shinta bocah sing manis

2) Santi bocah ayu untune miji timun

3) Ayu duweni rambut ngombak bakung

Semar duweni weteng kang njemblung

Ukara panyandra ing dhuwur yaiku nomer . , ,

a)

A. (4)

b)

B. (3)

c)

C. (2)

d)

D. (1)

16.

senana titik-titik ukara ngisor iki nanggo tembung kang cumawis!

a)

Unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges mirip utawa memper diarani ….

1.

Panyandra

b)

Wacan kang isine nyritakake kedadean nganti runtut saka wiwitan nganti pungkasan , diarani teks ...

2.

Narasi

c)

Basa endah kang endahe sarana dipaesi yaiku .. .

3.

Rinengga

d)

Teks kang nggambarake objek, panggon, kadadeyan kanthi njlimet lan rinci nganti sing maca kaya ngalami dewe yaiku … .

4.

Deskripsi

e)

Tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang nduweni

5.

Macapat

17.

Gawea tuladha ukara kang mujudake panyandra!

4 lines
18.

Apa tegese panyandra alise nanggal sepisan ing duwur!

4 lines
19.

Kucing

Kucingku kang jenenge Catty iki campuran ras Eropa lan kucing domestic. Umure setaun. Wulune putih lan ana bintik-bintik ireng cacah telu. Bintik kang gedhe dhewe ana ing weteng. Dene bintik cacah loro ana ing endhas.

Catty lair ing sasi Januari wulan wingi. Aku ngadopsi kucing imut iki jalaran wong sing nduwe ora gelem ngingu kucing maneh. Dina kapisan ing omah, Catty iseh wedi banget. Nanging ora butuh wektu suwe, Catty wis bisa cedhak karo wong omah. Catty iki kucing cluthak nanging lucu lan nyenengake. Catty uga seneng banget yen dielus-elusmburi kupinge.

Kepriye wateke Catty miturut wacan ing duwur?

4 lines
20.

Apa pasangan kang ana ing ukara kasebut!

4 lines
21.

Gunung kelud utawa Gunung Kamput mbledhos dina Kemis malem Jemuwah 13 Februari 2014. Maewu-ewu watu, krikil, lan awu diwutahake saka wetenge nganti sumebar tekan ngendi-endi. Ora mung tlatah Jawa Timur, nanging awune Kagawa angin nganti tekan Jawa Barat penere Bandung, Pangandaran, lan Bogor.

Ide pokok wacan ing ndhuwur yaiku

(a)  

22.

Gunung kelud utawa Gunung Kamput mbledhos dina Kemis malem Jemuwah 13 Februari 2014. Maewu-ewu watu, krikil, lan awu diwutahake saka wetenge nganti sumebar tekan ngendi-endi. Ora mung tlatah Jawa Timur, nanging awune Kagawa angin nganti tekan Jawa Barat penere Bandung, Pangandaran, lan Bogor.

Jinise teks ing ndhuwur klebu jinise teks…

(a)  

23.

Gunung kelud utawa Gunung Kamput mbledhos dina Kemis malem Jemuwah 13 Februari 2014. Maewu-ewu watu, krikil, lan awu diwutahake saka wetenge nganti sumebar tekan ngendi-endi. Ora mung tlatah Jawa Timur, nanging awune Kagawa angin nganti tekan Jawa Barat penere Bandung, Pangandaran, lan Bogor.

Gunung kelud uga sinebut gunung….

(a)  

24.

Sing nduweni guru lagu lan guru wilangan 12u, 6a, 8i, 12a yaiku  tembang…

(a)  

25.

Rambute ngembang bakung. Ukara mau klebu tembung…

(a)  

26.

Pandhawa lan Ibu Kunthi dikongkon lelana brata dening Duryudana lan Patih Sengkuni menyang alas Waranawata. Kurawa wis nggawe Bale Sigala-gala kanggo nyingkirake para Pandhawa. Nalika padha sare, Bale Sigala-gala diobong Becik ketitik ala ketara, Pandhawa bisa uwal saka bebaya. Slamet waras wiris Amarga pitulungane Gusti Kang Maha Kuwasa.

Paraga sing ana ing wacan ndhuwur yaiku…

(a)  

27.

Pandhawa lan Ibu Kunthi dikongkon lelana brata dening Duryudana lan Patih Sengkuni menyang alas Waranawata. Kurawa wis nggawe Bale Sigala-gala kanggo nyingkirake para Pandhawa. Nalika padha sare, Bale Sigala-gala diobong Becik ketitik ala ketara, Pandhawa bisa uwal saka bebaya. Slamet waras wiris Amarga pitulungane Gusti Kang Maha Kuwasa

Panggonan kedadeyan wacan ing ndhuwur yaiku ana ing…

(a)  

28.

Salah siji piranti pagelaran wayang yaiku gedebog gunane kanggo…

(a)  

29.

Piranti pagelaran wayang kulit ing samping arane…

(a)  

30.

Sinta Ayu Kartika bocah wadon kang ayu rupane Sasolahe gandhes luwes. Eseme merak ati. Sore kuwi Sinta mlaku-mlaku menyang kutha karo bapak lan ibune. Wong ing kutha Polahe kaya gabah diinteri. Sinta rumangsa welas nyawang bocah kang pancen memelas, irunge gruwung, lakune kekincungan, tangane sing cekot. Ghodhong klaras godhong kemangi, bocah memelas luru rejeki.

Sing klebu tembung pepindhan ana ing wacan ndhuwur yaiku…

(a)  

31.

Tulisen latin aksara ing ngisor iki!

(a)