NEW
Font size
WorksheetsREMEDIAL PAT 10
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Ungeling ketawang puspawarna, kinarya sasmita jengkaring sri penganten putri mijil saking tepas wangi, tepas mangku werdi papan, ingkang wangi wus hangarani, ateges medal saking panti busana nedya marak wonten ngarsanipun para rawuh ingkang kinurmatan, manjing salebeting sasana rinengga.
Pethilan teks ing dhuwur tuladhane panyandra tumrap...
Panganten Kakung
Putri Dhomas
Patah Sakembaran
Penganten Putri
Satriya Bagus
Menawi kadulu penganten putri mangangge busana penganten Jawi, lamun ta rinumpaka anggenipun ngadisarira penganten putri, mustakanipun pinaes paes, pepethan gajah, pingapit, pinithis saha godheg, ingkang mangku wasita sinandhi:
Enering palaparan rineka pephetan gajah, ingkang mangku pasemon kaagunganing ingkang Maha Kawasa, kanan kering gajah wonten pepethan pengapit, ingkang kinarya lambanging penganten putri pinasthi minangka wadhahing wiji kang sayekti, kanan kering pengapit rineka ugi pepethan panitis, kinarya lambanging penganten priya ingkang wenang hanurunaken wiji.
Minurut teks ing ndhuwur, perangan awak kang dicandra yaiku...
Gulu
Irung
Kuping
Mata
Bathuk
Palarapaning penganten putri sinungging papaes awarna kresna, ireng meles, menges, anjenges pantes. Cecundhuk phinetha wulan tumunggal, denapit centhung kanan kering, lir peksi jiwa-jiwa. Cundhuk mentul pinasang titi tata pinaut, katiyub ing maruta sumilir kadi kembang dewadaru. Lamun ginupit ing wardaya kadya astane kenya sulistya angawe-awe mring kekhasihe. Ukel kapetha bokor mengkureb kepenet ing sekaran pinilih , sinegsa ing sarana kang sarwa manik amung amibhuhi kasulistyane risang penganten putri, kadya Bathari Ratih angenjawentah.
Sajroning teks ing dhuwur tinemu anane purwakhanti guru sastra yaiku...
Kadya Bathari Ratih angejawentah
Katiyub ing maruta sumulir kadi kembang dewadaru
Pinasang titi tata piatut
Ireng meles, menges, anjanges pantes
Kadya astane kenya sulistya ngawe-awe
Kautamaning Sang Suba manggala saya ngalela, kacihna lebda ing adi endhaing budaya, katitik ngenira manggarsani kirabing penganten, tumapaking pada tinata runtut nut iramaning gendhing, sinawung ebahing asta mangulah langen mataya.
Kawuryan wadhana mandep pandulu tumukul ing bantala, sekedhap-sekedhap asta angapurancang, anteng jatmika.
Tembung pandulu tegese...
Mripat
Tangan
Sikil
Ati
Awak
Semaken pethilan teks geguritan ing ngisor iki!
Eklesna aku lunga biyung
Sanadyan ing dhuwur langite katon mendhung
Eklasna aku lunga bapa
Lungaku sangu ati lapis waja
Ora perlu panjenengan galih
Ing paran aku ora bakal mati amerga ngelih
Pethilan teks geguritan ing dhuwur kadunungan jenise basa rinengga...
Purwakhanti guru swara
Purwakhanti guru sastra
Purwakhanti guru basa
Parikan
Wangsalan
Aksara murda minangka aksara kang digunakake kanggo...
Nulis tembung basa krama alus
Nulis tembung pangalembana utawa jeneng dhuwur
Nulis tembung cekakan
Nulis tembung basa kasar
Nulis ungkapan basa Sansekerta
Aksara rekan digunakake kanggo nulis...
Kosa kata saka bahasa daerah
Tembung krama alus
Tembung asing, utamane saka basa Arab
Ukara kawi
Parikan lan geguritan
Tembung "Ulama" kudu ditulis nganggo aksara swara amarga…
Kalebu jeneng wewaton
Diwiwiti huruf vokal
Kalebu tembung kawi
Kalebu basa Sansekerta
Mung nganggo aksara rekan
Yen nulis teks agama Islam ing aksara Jawa, aksara rekan perlu digunakake amarga…
Supaya luwih ayu wujude
Akeh tembung Arab sing ora duwé lambang swarane ing aksara nglegena
Aksara rekan luwih cilik lan cetha
Tembung Arab luwih pas ditulis nganggo murda
Ngganti kabeh aksara nglegena
Wacanen konteks ing ngandhap iki:
Panitia sekolah arep nyetak sertifikat lomba kang isiné jeneng siswa: “Fikri Abdul Aziz” lan asal sekolah: “SMA Negeri 1 Srengat”.
Jeneng lan asal sekolah kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa, unsur aksara khusus kang kudu digatekake yaiku…
Aksara murda lan aksara rekan
Aksara rekan lan aksara sandhangan
Aksara swara lan aksara murda
Aksara murda lan angka
Aksara wilangan lan rekan
Rasa thinthingane swara cendhek nganti swara dhuwur ing tembang macapat diarani...
Cengkok
Pupuh
Laras
Titi laras
Pedhotan
Kang diarani guru wilangan ing paugeran tembang macapat yaiku...
Tibaning swara ing pungkasaning gatra
Tibaning swara ing pungkasaning pada
Cacahing larik saben sapada
Cacahing wandra saben sagatra
Cacahing wanda saben sapada
Paugeran tembang macapat ing antarane kaiket dening guru gatra. Kang diarani guru gatra yaiku...
Tibaning swara ing pungkasane gatra
Tibaning swara ing pungkasaning padha
Cacahing larik saben sapada
Cacahing wanda saben segatra
Cacahing wanda saben sepada
Tembang macapat kang gambarake manungsa kang lagi lair ing alam donya yaiku...
Pocung
Gambuh
Maskumambang
Asmaradana
Mijil
Tembang macapat kang gambarake manungso kang lagi nandhang asmara yaiku...
pocung
Gambuh
Mijil
Maskumambang
Asmarandana
