wayground logo

Lembar Kerja Gratis yang Dapat Dicetak

Ukuran huruf

S
M
L
XL
Lembar kerja

Soal Bahasa Jawa Kelas 1 SD

Total soal: 27

Worksheet time: 21mins

Nama
Kelas
Tanggal
1.

Perangan awak sing gunane kanggo ndeleng yaiku ...

a)

Irung

b)

Mripat

c)

Kuping

2.

Basa kramane tangan yaiku ...

a)

Suku

b)

Mustaka

c)

Asta

3.

Gatekna gambar ing ngisor iki! Gambar ing dhuwur iku arane ...

a)

Suku

b)

Sirah

c)

Tangan

4.

Cacahe driji tangan kiwa lan tengen ana ...

a)

Lima

b)

Pitu

c)

Sepuluh

5.

Untu gunane kanggo ... panganan.

a)

Nggawa

b)

Ngrungokake

c)

Mamah

6.

Basa ngokone mustaka yaiku ...

a)

Sirah

b)

Gulu

c)

Pundhak

7.

Supaya sehat, rambut kudu ...

a)

Dicet

b)

Dikramasi

c)

Dicolke

8.

Cublak-Cublak Suweng

Cublak-cublak suweng Suwenge ting gelèntèr Mambu ketundhung gudèl Pak empong léra-léré Sapa ngguyu ndhelikaké Sir, sir pong delé kopong

Irah-irahan tembang dolanan ing dhuwur yaiku ...

a)

Kancil lan Bulus

b)

Gugur Gunung

c)

Cublak-Cublak Suweng

9.

Sing mambu ketundhung gudèl yaiku ...

a)

Suwenge

b)

Pak Empong

c)

Anake kebo

10.

Ing tembang kasebut, sing lera-lere yaiku ...

a)

Gudèl

b)

Pak Empong

c)

Suwenge

11.

Tembung "gudèl" ing tembang iku tegese ...

a)

Anake sapi

b)

Anake kebo

c)

Anake wedhus

12.

Tembang Cublak-Cublak Suweng iku ngajari supaya dadi bocah sing ...

a)

Jujur

b)

Sombong

c)

Medhit

13.

"Sapa ngguyu ndhelikaké". Tembung ngguyu tegese padha karo ...

a)

Nangis

b)

Nesu

c)

Mesem

14.

Suwenge ting ...

a)

Kopong

b)

Lera-lere

c)

Gelèntèr

15.

Dolanan Cublak-Cublak Suweng iku nggoleki bocah sing ... suweng.

a)

Nggawa

b)

Ndhelikake

c)

Nguwalake

16.

Kancil lan Bulus 


Sawijining dina, Kancil sing pinter mlayu ketemu karo Bulus. Kancil ngece Bulus amarga mlakune alon banget. Amarga ora trima diece, Bulus nantang Kancil balapan mlayu.

Kancil ngguyu lan nyaguhi tantangan kuwi. Esuke, balapan diwiwiti. Kancil langsung mlayu banter ninggalake Bulus adoh ing mburi. Amarga rumangsa wis arep menang, Kancil leren ing ngisor wit lan keturon. Dheweke ora sadar menawa Bulus terus mlaku alon-alon nanging ora mandheg. Akhire, Bulus tekan garis finis luwih dhisik. Kancil tangi lan kaget banget amarga dheweke kalah

Irah-irahan dongeng ing dhuwur yaiku ...

a)

Kancil lan Baya

b)

Kancil lan Gajah

c)

Kancil lan Bulus

17.

Irah-irahan dongeng ing dhuwur yaiku ...

a)

Kancil lan Baya

b)

Kancil lan Gajah

c)

Kancil lan Bulus

18.

Sapa sing ngajak balapan mlayu dhisikan?

a)

Kancil

b)

Bulus

c)

Gajah

19.

Sifate Kancil ing dongeng kasebut yaiku ...

a)

Jujur

b)

Sombong

c)

Seneng tetulung

20.

Sanajan mlakune alon, Bulus bisa menang amarga ...

a)

Usaha terus lan ora gampang nyerah

b)

Dibiyantu kancane

c)

Kancil menehi dalan

21.

Pungkasane, sing menang balapan mlayu yaiku ...

a)

Kancil

b)

Bulus

c)

Ora ana sing menang

22.

Kanggo ngrungokake swara, kita nggunakake ...

(a)  

23.

Basa kramane mripat yaiku ...

(a)  

24.

Tutuk gunane kanggo ...

4 lines
25.

Basa ngokone asta yaiku ...

(a)  

26.

Pitutur luhur apa sing bisa dijupuk saka tembang dolanan 'Cublak-Cublak Suweng'?

4 lines
27.

Apa sebabe Kancil bisa kalah balapan mlayu karo Bulus?

4 lines