Font size
WorksheetsSoal Diagnostik Panatacara XII
Total questions: 40
Worksheet time: 39mins
Paraga ingkang gadhah jejibahan nglantaraken titilaksana acara utawi upacara, dipunwastani ...
Panata acara
Pranatacara
Pamedhar sabda
Panyiar
Pawarta
Bab-bab ingkang boten kedah dipungatosaken nalika dados pranatacara inggih menika ...
Wirama
Wirasa
Wicara
Wiraga
Witana
Ewah-ewahaning pasuryan ingkang mranani nalika dados pranatacara inggih menika ...
mbesengut
suntrut
mrengut
sumringah
cengenges
Patraping sarira ingkang mranani nalika dados pranatacara inggih menika ...
Jumeneng kanthi greget
Jumeneng kanthi kaken
Jumeneng kanthi rongeh
Jumeneng kanthi loyo
Jumeneng kanthi lelendhehan
Supados anggenipun ngayahi jejibahan saged kasil sae, pramila tiyang ingkang badhe dados pranatacara kedah gladhi bab ... (kajawi)
Olah swara
Olah basa
Olah sastra
Olah raga
Olah boga
Peranganing teks pranatacara ingkang ngandharaken urut-urutaning acara utawi upacara inggih menika ...
Salam pambuka
Atur pakurmatan
Atur pamuji sokur
Ancasing gati
Panutup
Gatosaken pethikan teks pranatacara ing ngandhap!
Wiwit purwa madya ngantos dumugi nyaketi wasana adicara pangaosan ing dalu menika, sampun lumampah kanthi widada kalis ing sambikala. Salajengipun kula ingkang tinanggenah ndherekaken lumaksitaning adicara menika temtu kemawon kathah kekiranganipun, sae saking pangrakiting ukara menapa malih subasita, jer kula namung titah sawantah ingkang tebih saking kasampurnan turta cubluk ing pangertosan. Pramila mugi keparenga panjenengan sadaya kersa paring samodraning pangaksama dhateng kula.
Peranganing teks pranatacara ing ngingil dipunwastani ...
Salam pambuka
Atur pakurmatan
Atur pamuji sokur
Ancasing gati
Panutup
Gatosaken seratan wonten kothak ing ngandhap menika!
1. Panutup
2. Salam pambuka
3. Salam panutup
4. Atur puji sokur
5. Atur pakurmatan
6. Ancasing gati
Urut-urutaning teks sesorah ingkang leres inggih menika ...
2-5-4-6-3-1
2-5-4-6-1-3
2-5-6-4-1-3
2-4-5-6-1-3
2-4-5-6-3-1
Gatosaken pethikan teks pranatacara ing ngandhap!
Bapak Lurah Desa Trimurti ingkang sinudarsana, Bapak Lurah Desa Pancasari ingkang kinurmatan, Para Bapak Ibu warga Desa Trimurti ingkang kula kurmati ugi.
Peranganing teks pranatacara ing ngingil dipunwastani
Salam pambuka
Atur pakurmatan
Atur pamuji sokur
Ancasing gati
Panutup
Keparenga kula nggempil kamardikan panjenengan sedaya, awit kula piniji panitya kinen ngaturaken urut reroncening Upacara Pelantikan Pengurus OSIS Tunas Harapan Periode 2024/2025.
Tembung “kinen” wonten pethikan teks pranatacara ing nginggil tegesipun….
Badhe
Acara
Didhawuhi
Kepyakan
Ayahan
Kang dudu kalebu dasanamane pranatacara yaiku...
panata adicara
pambiwara
pranata laksitaning adicara
panata sasmitaning adicara
pranata adicara
Adilaya yaiku salah sawijining adicara upacara...
kamardikan
ketahanan sekolah
lelayu
bela negara
laksitaning adicara
Raditya dadi panatacara mantenan dina iki, dheweke nganggo beskap lan jarik kang bagus, ndadekake awake lan rupane katon gagah lan pantes ing adicara mantenan kuwi. Carita singkat kuwi jumbuh karo sarat dadi panatacara...
mawwat
magatra
malaghawa
malaksana
maraga
Ing teks panatacara, surasa kuwi ngandharake ancasing gati. Tembung ancasing gati duweni makna...
bab penting
pangandikan penting
perangan penting
rantaman penting
tujuan penting
Pranatacara kuwi yen ngucapake ukara lan tembunge kudu cetha. Yen nganti salah ucap bakal ngurangi kawibawane pranatacara. iki kalebu olah swara babagan...
logat
pocapan
prana
intonasi
kajiwan
Basa kang diagem nalikane dadi pranatacara yaiku...
basa dhialek
basa krama lugu
basa ngoko lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Salah sijine syarat dadi pranatacara kang gamben yaiku kudu gladhen olah swara ing antarane kudu wasis ing babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara iku padha karo …
artikulasi
lafal
wirama gendhing
intonasi
vokal
Gatekna wacan iki !
Langkung rumiyin ,sumangga kita tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sedaya arupi kasarasan saengga kita sedaya saged kempal wonten panggenan menika.
Struktur teks pidhato kasebut kalebu…
Salam pambuka
Pambuka
Salam panutup
Panutup
Isi
Wonten ing salebeting acara menika wonten pranatacara ugi wonten sesorah. Kalih paraga menika wonten bab ingkang sami katindakaken ugi wonten ingkang boten sami. Tegesipun pranatacara lan sesorah menika wonten persamaan saha ugi wonten perbedaan. Ing ngandhap menika babagan pranatacara saha sesorah ingkang leres inggih menika….
Katitik saking basanipun, pranatacara lan sesorah sami-sami ngginakaken basa ingkang komunikatif lan awrat dipunmangertosi
Pranatacara menika maos teks wonten ing wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken, dene sesorah maos teks saking wiwitan dumugi pungkasaning acara.
Ancasipun pranatacara ngandharaken lampahing acara, dene sesorah menika ngandharaken satunggaling pamanggih utawi pangertosan ngengingi satunggaling bab
Pranatacara boten ngaturaken salam ingkang wiwitan, dene sesorah ngginakaken salam ingkang wiwitan
Pranatacara kedah nggatosaken wicara, wirama, wiraga lan wirasa, dene sesorah menika boten prelu
Gatekna wacan iki!
Mugi-mugi kita sedaya saget istiqomah njaga kebersihan lingkungan sekolah iki kanthi telaten, saengga lingkungan sekolah sing dienggo sinau bisa nyaman amargi lingkungan resik.
Miturut struktur, cuplikan teks pidato kasebut kalebu…
Pambuka
Panyapa
Panutup
Pengarep-arep
Isi
Gatekna wacan iki!
Bapak/ibu ingkang dahat kinurmatan, keparengaken kula badhe ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang badhe lumampah wekdal siyang punika:
ingkang sepisanan inggih menika:
1. Pambuka
2. Atur pangandikan ketua panitia perpisahan kelas XI
3. Pasuguhan tari Gambyong saking kelas XI MIPA 1,2,3
4. Tanggap Wacana saking kepala sekolah
5. Pasuguhan Band saking kelas X lan XI
6. Tanggap Wacana saking wakil kelas XII
7. Drama saking kelas X lan XI
8. Tanggap Wacana saking perwakilan guru
9. Panutup
Miturut struktur teks pranatacara kasebut, wacan kasebut kalebu bagian…
Salam pambuka
Salam panutup
Pambuka
Panutup
Wosing Pranatacara
Urut-urutane ing sesorah kaping pisan yaiku…
wigatining atur
pangarep-arep
pambuka
salam pambuka
Conto babagan penutup teks pidhato, yakuwe....
Cekap semanten atur kula, menawi lepat nyuwun pangapunten
Mangga sami muji maring Gusti Sing Kuwasa, awit dinten niki kita teksih saged kempal wonten papan ngriki
Dhumateng Bapak lan Ibu Guru sing kula bekteni, lan kanca batir sing tak tresnani
Batir kabeh sing tak tresnani, dadi siswa kudu sregep sinau, manut maring guru, lan netepi aturan sekolah
Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Ingkang maos pidhato ing duwur yaiku ….
bapak/ibu kepala sekolah
guru kelas VI
perwakilan siswa kelas VI
adhik-adhik kelas
Tanggap wacana bisa disebut ngomong ing ngarepe wong akeh. Salah siji contoh tanggap wacana yaiku pranatacara. Tugas e pranatacara yaiku…
Ngatur lumakune sawijine acara murih bisa lumaku kanthi rancag.
Menehi sesorah utawa ceramah.
Menehi suguhan ing para tamu.
Ngatur apa wae kang dibutuhake nalika acara.
pidhatokang kudu ditindadake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut diarani pidhato . . . .
(a)
Perangane pidhato kang ngandharake pangucap syukur lan panuwun marang gusti kang maha agung diarani. . . .
(a)
Gatekna wacan ing ngisor iki!
“Saiki wes wayahe ulan Agustus, wes meh wayahe akeh lomba-lomba sing bakal diadakno ing RW 1 kaya biasane. Tahun iki pak Adi (ketua RW 1) bakal ngadakno lomba karnaval saben RT, beda kaya tahun biasane seng ora ana lomba karnaval. Sedurunge diumumna, pak Adi ngajak kumpul santai karo para RT ing balai RW 1 kanggo bahas lomba agustusan iki”.
Tuladha wacan ing nduwur kelebu jenis pidato.......
Resmi
Dadakan
Ora resmi
Setengah resmi
Dadi pranatacara kuwi kudu nduwe patrap wibawa, tegese apa...?
Nduweni subasita kang apik
Ora wedi, amarga kudu percaya dhiri
Bisa maca kahanan
Kudu mantep ing manah
Bisa mapanake awak ing ngendi wae
Bedane teks pranatacara lan pamedharsabda yaiku...?
Isi
Pambuka
Rantaman Acara
Panutup
Atur Pakurmatan
Nindakake pranatacara kuwi ora gampil, amarga kudu bisa ngracik tembung nggunakake basa rinengga. Basa rinengga tegese apa...?
Basa kang angel dimangerteni
Basa kanggo manten
Basa kanggo sekar macapat
Basa kang digunakake endah
Basa kang nggunakake basa jawa kuna
”Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati.”
Ukara kasebut kalebu ing perangan...?
Panutup
Atur Pakurmatan
Salah sawijine rantaman acara
Pambuka
Atur Pambagyaharja
Kang diarani pamedharsabda yaiku...?
Wong kang kerep ngomong ing ngarepe wong akeh saperlu ana jejibahan
Wong kang ora nindakake ayahan medhar sabda
Wong kang senengane ngomong
Wong kang ahli ngomong
Wong kang nata lakune acara
Para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan. Mundhi dhawuh pangandikanipun ingkang hamengku gati, kula minangka pambiwara pahargyan ing dalu menika nyuwun idi palilah lan pangestu panjenengan sedaya badhe maosaken rantaman acara ing dalu menika.
Tegese tembung hamengku gati, ing teks pethikan pranatacara kasebut yaiku ....
Kang nyengkuyung gawe
Kang nduwe gawe
Kang akeh gaweane
Kang gawe gawe acara
Kang rewang ing gawe
Pranatacara nggatekake dhuwur lan endheke, cepet lan alone swara, banter lan lirihe swara.
Perangan kasebut kalebu bab apa...?
Wicara
Wirama
Wirasa
Wiraga
Wiragya
Pangolahing raga minangka syarat pranatacara menika wonten SAPTAMA, ingkang dipunwastani "Mawasta" inggih menika...."
a. bleger utawi wewujudan
b. anggenipun mlampah dipuntata
c. jumeneng kanthi jejeg boten dhoyong
d. enthengan trengginas
e. tanggap swasana
Pranatacara ingkang dipundhapuk utawi dipundhawuhi tanpa tinda-tindha (dadakan) dipunwastani...
a. pratatacara apalan
b. pranatacara impromtu
c. pranatacara extemporan
d. pranatacara memoriter
e. pranatacara maos
Ukara ing ngisor iki kalebu perangan apa...?
”Para pepundhen, para pinisepuh ingkang dhahat kinabekten”
Atur Pangayubagya
Panutup
Salam Pambuka
Atur Pakurmatan
Pitepangan
Sangune dadi pranatacara yaiku olah raga, olah jiwa, olah swara, olah basa lan olah busana. Kang kalebu olah basa yaiku...?
Busanane sae lan resik
Pilihane tembung sae
Andhap inggile swara ora mung ajeg
Pocapane cetha, ora semrawut
Solah bawane trapsila, empan papan
Pranatacara nggatekake dhuwur lan endheke, cepet lan alone swara, banter lan lirihe swara.
Perangan kasebut kalebu bab apa...?
Wicara
Wirama
Wirasa
Wiraga
Wiragya
