NEW
Font size
WorksheetsSoal Ujian Bahasa Jawa kls 9
Total questions: 40
Worksheet time: 1hrs 20mins
Wacanen teks tanggapan dheskriptif iki kang patitis!
JEMBATAN SURABAYA
Jembatan Surabaya yaiku salah siji ikon wisata anyar kanggo warga Kutha Surabaya. Jembatan iki manggon ing dhaerah Kenjeran lan Bulak. Jembatan Surabaya dawane kurang luwih 800 meter kathi amba 18 meter, lan dhuwure 12 meter. Jembatan iki dibangun wiwit wulan Januari 2015 lan diresmekake dening Walikota Surabaya, Ibu Tri Rismaharini ing tanggal 9 Juli 2016. Dibangune jembatan iki nduweni pengarep-arep supaya bisa majokake indhustri pariwisata Kutha Surabaya, sing mligine dhaerah Kenjeran lan Bulak. ……. (www.google.com)
Jembatan Surabaya kalebu ikon Kutha Surabaya sing manggon ing …
Kenjeran lan Suramadu
Bulak lan Mulyosari
Mulyosari lan Sutorejo
Kenjeran lan Bulak
Wacanen teks tanggapan dheskriptif iki kang patitis!
SENDHANG BIRU
………………………………
Pesisir Sendang Biru ing dinane iki dikelola dening perusahaan negara aran Forestay. Ing kana fasilitas wis sumadiya, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan. Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum, yaiku mikrolet jurusan Gadang – Turen – Sendang Biru. (kirtya basa kelas VII kaca 14)
Miturut struktur teks tanggapan dheskriptif, bagean kasebut kalebu bagean …
Idhentifikas
Klasifikasi
Deskripsi Bagean
Orientasi
Wacanen teks profil tokoh iki kang patitis!
RADEN AJENG KARTINI
Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng Kartini putrane bupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi putra pambarep, kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini. …………. (kirtya basa kelas VII kaca 19)
R.A Kartini nduweni dulur sing cacahe ana …
1
2
3
4
Wacanen teks carita wayang iki kang patitis!
Karna Tandhing
Perang Bharatayudha tambah dina ora mendha, nanging tan saya sengit lan nggegirisi. Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabalane Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni, lan disampurnakake, nanging isih luwih sing ora kaurus. Ambu anyir ludirane prajurit padha campur bawur. Aneng pakuwoning wadyabala padha atetawang tangis, anggetuni sedane para pepundhene.
Adhimas Prabu Yudhistira kudu enggal milih salah siji saka para kadang Pandhawa dadi senopatine perang, nanging Yudhistira rumaos ciut manah kangge nglajengaken perang. Banjur Prabu Kresna netepake Arjuna sing kudu dadi senopati, amarga Kurawa wis netepake Ratu Awangga Karna dadi senopatine.
Ing satengahe palagan Arjuna dielingake yen perang iki dudu perkara sedulur apa dudu sedulur, nanging wujud antara bebener lan kamurkan, perang mbelani hak, lan ngayahi kewajiban, mbelani jejeging nagara. Karna senajan sedulur tuwa sing kebeneran dadi mungsuh uga netepi darmaning satriya utawa males budi marang pawongan sing sasuwene iki wis menehi kamulyan uripe.
Cekake carita aneng satengahing palagan Tegal Kurusetra, katon satriya loro, tan bisa kabedakake, pindah jambe sinigar, pawakane, pasuryane, panganggone, sanjatane. Kekarone mudhun saka kreta. Arjuna ngaturake sembah pangabektine uga nyuwun agunging samodra pangapura sampun kumawani marang seduluran tuwa. Lan ngayahi wajib darmaning satriya
Pungkasane Karna Adipati Karna ambruk kumalasa mental saking kreta sawise panah pasopatine Arjuna nujem ing dhadhane. Ngerteni kahanan kaya mangkono Arjuna gage nulungi lan kekarone padha nyuwun pangapura. Adipati Karna uga pesen yen dheweke ngaturake sembah pangabekti lan nyuwun pangapura amarga durung bisa dadi putra kang tuhu bekti marang Ibu Kunthi. Sabubare iku anggane Adipati Karna mumbul ngawiyat tumuju swarga lan kunarpane Adipati Kara karukti dening para Pandhawa. (kirtya basa kelas VII, Kaca 38-39)
Sing kalebu tujuwan perang Bharatayudha yaiku …
Milih kadurakan
Perang antara bebener lan kamurkan
Wujud bales budine Karna
Rasa pangapurane Karna
Wacanen tembang iki kanthi permati!
KUNCUNG
(Anggitane Ranto Edi Gudel/Dipopulerake dening Didi Kempot)
cilikanku rambutku dicukur kuncung
kathokku saka karung gandum
klambiku warisane mbah kakung
sarapanku sambel korek sega jagung
kosokan watu neng kali nyemplung ing kedhung
jaman dhisik durung usum sabun …,
(pabrike rung dibangun)
andhukku mung cukup andhuk sarung
dolananku montor cilik saka lempung
bis holopis kuntul baris
rekasane saiki wis
bis holopis kuntul baris
gegere gek mbok ndang uwis
tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder (seser)
aku dikudang suk yen gedhe dadi dhokter
tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder (seser)
bareng wis gedhe aku disuntik bu dhokter
ha na ca ra ka
iki crita jaman semana
da ta sa wa la
iki crita saka wong tuwa
(kirtya basa kelas VII kaca 56
Tembang kasebut dianggit dening …
Ki Narto Sabda
Ranto Edi Gudel
Didi Kempot
Manthous
Lumbung Desa
Lumbung desa pra tani padha makaryo - ayo Dhi
Njupuk pari nata lesung nyandhak alu - ayo Yu
Padha nutu yen wis rampung nuli adang - ayo Kang
Dha dumandang yen wis mateng nuli madhang
Pesen moral sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku …
Dadi wong kudu guyub, rukun lan gotong royong wujud pakulinan ing masyarakat
Dadi wong kudu sregep makarya
Dadi wong kudu ngrampungake tugase
Dadi wong kudu gelem masak bebarengan
Wacanen geguritan iki kang patitis!
MERAPI
(Putu Aryana)
………………………………………..
Merapi....,
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
…………………………….
(kirtya basa kelas VII kaca 83)
Purwakanthi sing tinemu ing geguritan kasebut yaiku …
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru basa
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi lumaksita
Wacanen geguritan iki kang patitis!
Ramaku …
(dening: Amanda + Bimbi)
Ramaku …
Panjenengan sing paling gantheng
Duweni awak dhukur banget
Alise sing nanggal sepisan
Irunge sing ngudhup melathi
Ramaku …
Ramaku sing dawa ususe
Sing jembar segarane
Ora tau ngambek lan nesu
Ramaku …
Nalika isih gesang, aku kerep nyusahake sliramu
Senajan sliramu wis ora ana
Muga sliramu panggah bagya mulya ing kana
Ramaku …
Matur nuwun kanggo jasamu
Senajan ora bisa ngancani aku saiki
Aku mung bisa dedonga
Amanat sing bisa dijupuk saka geguritan kasebut yaiku …
Dadia wong sing migunani supaya bisa dieling
Aja nyusahake wong tuwa nalika isih urip supaya ora getun
Senajanta wong tuwa wis ora ana kita kudu tetep dongakake
Kita kudu ngenang jasane wong tuwa
ukara kasebut yen ditulis latin unine yaiku …
Ayah teka pasar
Aku tuku buku anyar
Aku lunga menyang pasar
Aku menyang manyar
Sandhangan swara sing ana ing ukara kasebut yaiku …
Taling, pepet, taling tarung
Layar, pangkon, pepet
Wulu, suku, pepet
Wulu, taling, suku
ukara kasebut yen ditulis latin yaiku …
Nggawa krupuk urang
Tuku krupuk jipang
Mangan krupuk urang
Nggawa jenang
Wacanen teks carita rakyat iki kang patitis!
SAWUNGGALING
“Bedhug kenthang-kenthang, mulih saka dolan Jaka Berek atine mbedhegel, praupane abang mbranang ngempet kanepson. Jaka Berek muring-muring temenan, saben-saben dolan mesthi dienyek karo kanca-kancane amarga mlarat, diloke bocah karam ora duwe bapak. (kirtya basa kelas VII kaca 127) ”
Paragraf kasebut yen katitik saka struktur teks carita rakyat kalebu bagean …
Komplikasi
Klimaks
Orientasi
Resolusi
Wacanen teks cerkak iki kang patitis!
BUDI DHEMEN TETULUNG
Dening: Om Pawit
Budi, minangka ketua kelas iku pancen sregep lan dhemen tetulung. Apa sing dadi tanggung jawabe sing magepokan karo tugase ketua kelas mesthi ditandangi kanthi beres. Lan, dheweke dhemen tetulung marang sapa wae tanpa pilih kasih. (kirtya basa kelas VIII kaca 8)
Adhedhasar cuplikan kasebut nuduhake setting latar ing …
Omah
Sekolah
Plataran
Gubuk
Wacanen teks cerkak iki kanthi permati!
BUDI DHEMEN TETULUNG
Dening: Om Pawit
Budi, minangka ketuwa kelas iku pancen sregep lan dhemen tetulung. Apa sing dadi tanggung jawabe sing magepokan karo tugase ketuwa kelas mesthi ditandangi kanthi beres. Lan, dheweke dhemen tetulung marang sapa wae tanpa pilih kasih. Kanggo nyiyapake ujian akhir, Bu Ani, guru wali kelase maringi gladhen soal-soal marang bocah-bocah. Diajab mangkone bocah-bocah ing taun iki bisa lulus kabeh kanthi biji sing maremake. Nanging, nalika Bu Ani arep mbagi gladhen soal, pranyata soale keri ing ndalem. "Wadhuh cah, kertas soale kok keri nang ngomah, jare! " ature Bu Ani karo nggoleki kertas soal ing tase. "Kula pendhetaken napa, Bu? " ujare Budi. Senajan ora didhawuhi, Budi gelem aweh pitulungan marang Bu Ani. Miturut Budi, iku mau uga salah sijine tugas ketuwa kelas. "Ora usah wae, daleme Bu Ani adoh, kok! Kejaba kuwi, sing ana ngomah uga durung mesthi ngerti nggone soal-soal mau. " "Wah...! Njur ora sida gladhen, ki...! " pambengoke sebagean bocah bebarengan. Katone padha gela dina iku ora sida gladhen soal-soal ujian. "Mbesuk rak ya bisa ta, cah! " "Menawi soal aslinipun wonten boten, Bu? Kula purun motocopi, " kandhane Budi.…
O, lha iya, kosik-kosik takgolekane. " Bu Ani banjur dhudhah-dhudhah nggoleki isi laci mejane. Sauntara, Bu Ani lagi nemokake kertas soal sing asli. Kertas mau banjur diwenehake Budi supaya difotocopi. Budi dipesen supaya ngati-ati lan ora usah adoh-adoh anggone motocopi. Budi banjur mlayu njrantal marani sepedhahe ing parkiran. Sawise rampung motocopi, Budi meruhi Pak Darso ing sabrang dalan. Pak Darso lagi nuntun skutere kanthi krenggosan, amarga dalane pancen munggah. Budi ora mentala, dheweke banjur ngaruhake. Sapa ngerti dheweke bisa aweh pitulungan. Budi banjur age-age ngenggokake sepedhahe marani Pak Darso. ….. (kirtya basa kelas VIII, kaca 8-9)
Amanat utawa pesen sing bisa dijupuk saka cerkak kasebut yaiku …
Dadi bocah kudu sregep sinau
Dadi bocah kudu gelem dikongkon gurune
Dadi bocah kudu gelem susah wiwit cilik
Dadi bocah kudu enteng tangan marang sapa wae
Pejabat kuwi kaya dene pemimpine rakyat, yen pejabat gelem rekasa rakyate bakal mulya. Kaya pepindhan "obah ngarep kobet mburi."
Ukara kasebut kalebu jinis basa rinengga …
Saloka
Bebasan
Paribasan
Pepindhan
Ing jaman saiki wong tuwa kaya kebo nusu gudhel.
Tegese ukara saka saloka kasebut yaiku …
Wong tuwa njaluk wuruk marang anake
Wong mlarat nduwe kekarepan sing mokal kasembadan
Wong asor nanging suguh bandha donya
Wong sing njarag marang kacilakan
Wacanen teks wawancara iki kanthi permati!
OLAHAN BANDENG
Tata : Kulanuwun, Bu.
Bu Suci : Oh, nggih mangga pinarak. Ana perlu apa, Mbak?
Tata : Punika kula kaliyan kanca kula kepengin mangertosi kadospundi caranipun ngolah bandeng lan kadospundi caranipun panjenengan masaraken prodhuk olahan bandeng punika.
Bu Suci : Oh, iya-iya
Lintang : Punapa naminipun prodhuk olahan bandeng ingkang panjenengan prodhuksi punika, Bu?
Bu Suci : Akeh, Mbak. Prodhuk olahan bandeng ing kene, kayata; bandeng presto, othak-othak bandeng, bandeng cabut duri, abon bandeng, lan sapanunggalane.
Lintang : Menawi ingkang kondhang utawi ingkang laris punika prodhuk ingkang pundi, Bu?
Bu Suc : Sing paling laris lan sing asring digoleki pelanggan, yaiku othak-othak bandeng. …………… (kirtya basa kelas VIII kaca 48)
Adhedhasar cuplikan wawancara kasebut weneh informasi ngenani …
Jinis-jinis olahan bandeng
Dadi wong sarwa bisa
Meguru dadi pengusaha bandeng
Olahan bandeng
Wacanen teks wawancara iki kanthi permati!
USAHA JAMU PAREM
Bocah-bocah : Assalamu’alaikum
Bu Atik : Wa’alaikumsalam
Gangga : Saderengipun nyuwun pangapunten, Bu. Kula sakanca ngrusuhi panjenengan.
Bu Atik : Ora dadi ngapa. Ana perlu apa, nak?
Gangga : Kados sampun kula aturaken minggu kepengker, menawi kancakanca kepengin wawancara kaliyan panjenengan.
Bu Ati : Oh, iya iya. Apa sing kepengin ditakokake?
Ryan : Babagan punika lho, Bu. Ngengingi jampi prodhuksi panjenengan ingkang sampun kondhang kaloka punika.
Gangga : Nggih, Bu. Kula kepengin mangertosi prodhuksi jampi panjenengan punika diparingi nami punapa?
Bu Atik : Jenenge yaiku Parem Jawa.
Esti : Bahan kangge damel parem punika, punapa kemawon?
Bu Atik : Bahan-bahane, kayata: kunir, asem, uyah, gula Jawa, lan banyu putih.
Ryan : Jampi parem punika saged dipununjuk sinten kemawon?
Bu Atik : Bisa kanggo sapa wae, bocah enom lan bisa uga kanggo wong sepuh. Wong jamu parem iki jinise ombenan kang seger banget. …… (kirtya basa kelas VIII kaca 58)
Adhedhasar wawancara kasebut, pawawancara nggunakake basa …
Ngoko alus
Ngoko lugu
Krama lugu
Krama alus
Gatekna layang iki kanthi permati!
Bagean sing diwenehi tandha panah diarani …
Paprenah
Pambuka
Adangiyah
Papan lan titi mangsa
“Kula kinten cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten keladuking atur saha kirang duga, keng wayah nyuwun agunging samodra pangaksami. Nuwun.”
Bagean kasebut yen ditintingi saka strukture layang diarani bagean …
Paprenah
Wasana basa
Surasa basa
Pambuka
Gatekna layang iki kanthi permati!
Layang kasebut tuladha layang …
Layang lelayu
Layang dhawuh
Layang ulem
Layang pribadi
Gatekna layang iki kanthi permati!
Surasa basa ing tuladha layang kasebut
ngenani …
Kabar kaslametan
Kabar kahanan
Kabar kepaten
Kabar tasyakuran
Gatekna tembang iki kanthi permati!
Pucung
Bapak pucung amung sira lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pucung dadi dahana
Tembang kasebut guru lagune yaiku …
U, A, A, A
U, A, I, A
U, A, I, I
U, I, A, A
Gatekna tembang kanthi permati!
Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangadhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Kangiga-iga kaeksi
Tembang kinanthi kasebut nduweni guru wilangan …
8, 8, 8, 8, 8, 8
8, 7, 8, 8, 9, 8
7, 8, 8, 9, 7, 8
8, 8, 7, 7, 9, 8
Gatekna kanthi permati!
Pucung
Bapak pucung amung sira lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pucung dadi dahana
Guru gatrane yaiku …
7 gatra
6 gatra
5 gatra
4 gatra
Pamacane aksara Jawa iki yaiku …
Surabaya
Sumedang
Sukolilo
Surakarta
Adhiku jenenge
Pamacane aksara Jawa kasebut yaiku …
Anina
Untari
Iskandar
Ontario
pamacane aksara kasebut yaiku …
Sing teka 57 wong
Sing teka 47 wong
Sing teka 68 wong
Sing teka 86 wong
Gatekna teks iki kanthi permati!
Kanthi nggunakake Teknologi Tepat Guna, uwuh sing ana ing masyarakat jebul bisa migunani maneh. Ngupaya uwuh iki bisa kaperang dadi telu, yaiku kanthi didhaur ulang, didadekake kompos, lan didadekake barang dadi utawa barang kerajinan. Ngupaya uwuh kanthi dhaur ulang biasane awujud uwuh sing arupa uwuh anorganik. Dene carane nggawe dhaur ulang iki kanthi diobong banjur sisane obongan didadekake lemah urug.
Uwuh organik bisa dioalah lan dimanfaatake maneh dadi …
Lemah urug
Kanggo fosil
Di dol maneh
Watu akik
Gatekna teks iki kanthi permati!
Uwuh organik yaiku sawenehing uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya-liyane. Sakabehing uwuh mau menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkasane bisa nyebabake lelara.
Uwuh -uwuh menawa ora diopeni kanthi becik pungkasane bakal nuwuhake …
Lelara
Kabecikan
Rekasa
Kasenengan
Gatekna teks iki kanthi permati!
Klana arep njotos Panji Asmara Bangun, ditamani sada lanang dening Dewi Sekartaji, sakala Klana Mudha Asmara kontal tiba ndhepani bumi.
Panji Asmara Bangun : Dhiajeng Sekartaji gandheng wus rampung, Mbok Randha dakkersakake kaboyong ing Jenggala saiki uga, kondur ana ing Tambak Baya.
Dewi Sekartaji : Sumangga kula dherekaken
Ing dhuwur minangka pungkasane drama tradhisional Andhe-Andhe Lumut.
Saka perangan crita drama iki bisa disebutake alur critane …
Campuran
Maju
Sakepenake
Mundur
Gatekna teks iki kanthi permati!
PKRJ : Nanging sira Ronggolawe, yagene randhat sowanira ana ing ngabyantaraningsun?
RL : Dhuh, dhuh Sinuwun, mugi wonten kepareng dalem ngluberaken agunging sih samodra pangaksami. Nanging tuhunipun Sinuwun wonten salah satunggaling bab ingkang badhe kula unjukaken dhumateng ngarsa Panjenengan Dalem, ingkang sesambetan kaliyan keagungan saha kejayaning negari Majapait ing kalenggahan menika Sinuwun.
Ana ing crita drama kasebut nyritakake kahanan yaiku ana ing …
A. Wewegkon krajan
Patemon kraton Mojopait
Patemon kraton
Patemon sawijining kraton
Gatekna pacelathon iki kanthi permati!
Antok : Lha ya… makane kuwi aku mrene. Aku pengin ngajak kancakanca dolanan PS anyar ing omahku.
Rudi : Wis gak usah suwe-suwe… Ayo budhal saiki! Padha mlaku, lagi oleh rong jangkah Antok muring-muring.
Antok : Heh enake… Sapa sing arep ngajak kowe, Rud?
Rudi ndhingkluk, isin tur lara ati.
Tomo : Lha kok ngono ta, Tok? Rudi kan ya kancane dhewe?
Antok : Heh.. iya, tapi bocah kaya Rudi ora pantes disilihi PS3. Salahe dhewe ulangan ora gelem muruki. Menawa pengin ya ben tuku dhewe, paling ya ora kuwat.. ha… ha…
Pacelathon iki nyritakake bocah-bocah kang arep dolanan. Dene Atok watake yaiku …
Nyenengake
Semanak
Lucu
Gumedhe
Gatekna pacelathon iki kanthi permati!
Ibu : Ana apa ta, Rud? Teka kok muring-muring?
Rudi : Mboten menapa-menapa buk… Kula namung mangkel kewon kalian Antok.
Bapak : Wis ta Rud, cerita wae ora usah sungkan-sungkan
Tuladha pacelathon iki paraga Rudi nggunakake basa kang aran …
Ngoko lugu
Ngoko andhap
Krama madya
Krama inggil
Gatekna teks iki kanti permati!
Kadang kula kelas VII ngantos IX ingkang kula tresnani, sakedhap malih kula sakanca kelas IX badhe nilaraken pawiyatan punika. Pramila, mbok bilih sadangunipun kula sesrawungan kaliyan panjenengan sadaya wonten kalepatan saha tindak tanduk ingkang kirang mranani ing panggalih panjenengan sadaya, kula sakanca nyuwun agunging pangapunten.
Perangan pidhato kasebut surasane ngenani …
Perpisahan sekolah
Pengetan kamardhikan
Ulang taun
Sekolah anyar
Gatekna teks iki kanthi permati!
Kathah sanget ing sakiwa tengen kita ingkang sajatosipun saged ngasilaken, nanging punika wau kantun kaprigelan saha ketrampilan kita ngolah dados barang punapa dene jasa ingkang saged .......... Upaminipun kemawon sedherek kita ingkang trampil ndadosaken kain perca (pipihan) dados barang ingkang mumpangati, kados tas lsp.
Jangkepane sing mathuk kanggo perangan teks pidhato ngembangake kewirausahaan yaiku …
Ngasilake kapitunan
Ngasilake arta
Ngasilake rekasa
Ngasilake rereged
Gatekna teks iki kanthi permati!
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-Bapak saha Ibu-Ibu guru ingkang satuhu kula bekteni, adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani. Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sadaya, saengga ing wekdal punika saged kempal manunggal kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Miturut struktur pidhtao, perangan kasebut diarani …
Isi
Pangarep-arep
Purwaka
Salam pambuka
Gatekna teks iki kanthi permati!
Wonten ing kalodhangan punika kula badhe ngaturaken bab upaya ngembangaken kewirausahaan. Saderenge matur kathah, kita kedah magertosi punapa ingkang kawastanan wirausaha. Wirausaha inggih punika daya kangge madeg (Ind: kemampuan untuk mandiri), mardika lair batin, sumber ningkataken kapribaden, satunggaling proses tiyang pados kalodhangan usaha, mujudaken sifat mental saha jiwa ingkang tansah aktif, kedah saged nglampahaken, mumpuni, mangertosi saha gadhah pengalaman kangge njurung kreativitas.
Perangan pidhato iki nyritakake menawa kita ing jagading ngaurip iki kudu bisa golek …
Kalodhangan amrih bisa prigel saha trampil
Kalodhangan kang nyenengake
Kanca lan mitra kang nyenengake
Samubarang angger ngasilake dhuwit
Gatekna teks iki kanthi permati!
SMP Tunas Bhakti saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya wisata. Karya wisata mung mligi kanggo para siswa kelas para siswa kelas 9. Miturut dhawuhe Bapak Kepala Sekolah, para siswa ora mung sinau neng njero kelas wae. Kanggo nambahi jembare wawasan tumrap bab-bab sing wis disinaoni ing kelas para siswa perlu sinau ing laboratorium alam.
Saka wacan kasebut siswa kelas 9 mbutuhake tambahan wawasan kang dibutuhake arupa …
Kasenengan ndeleng film
Srawung karo kancane
Ndeleng kasunyatane ing alam
Srawung ing madyaning bebrayan
Gatekna teks iki kanthi permati!
Yogyakarta kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan dhomestik lan wisatawan manca negara. Ora aneh, jalaran Yogyakarta pancen bener-bener panggonan sing nyenengake. Yogyakarta kondhang nduweni peninggalan sejarah lan kabudayan. Yogyakarta uga duwe jajanan khas.
Kraton Ngayogyakarto Hadiningrat, yaiku papan punjere panguwasa lan pusat kanggo memetri kabudayan Jawa. Ing lingkungan kraton bisa diweruhi kepriye tata cara adat Jawa ditindakake.
Isine teks kasebut yaiku …
Ngayogyakarta kalebu wewengkon kang adoh
Panggonan kang banget nyenengake
Panggonan samubarang maneka oleh-oleh
Ngayoyakarta panggon memetri kabudayan Jawa
