NEW
Font size
WorksheetsDiagnostik Sesorah
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Ing ngisor iki, solah bawa nalika sesorah kang jumbuh karo unggah-ungguh, kajaba...
Nguwasani bahan utawa perkara kang arep diwedharake
Patrap sikep trengginas, manteb, luwes, wibawa
Ngadi Salira, ngadi busana (ageman dilarasaken kahanan)
Jumeneng boten jejeg, kanthi linambaran suku setunggal
Saderengipun, puji syukur mugi konjuk wonten pangayunanipun Allah Gusti Ingkang Maha Wikan, ingkang sampun paring kabagaswarasan satemah kula panjenengan sami saged kempal manunggal wonten pahargyan punika.
Miturut pethilan teks sesorah ing dhuwur, kalebu perangan...
Purwaka Basa
Wasana Basa
Surasa Basa
Dudutan
Mekaten atur kula, mbok bilih wonten kekirangan saha lepat anggen kula atur, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Perangan sesorah ing ndhuwur kalebu...
Wasana Basa
Surasa Basa
Purwaka Basa
Dudutan
Solah bawa nalika sesorah kang bener, kajaba...
Sesorah lendhehan ing podium
Ora pareng kukur-kukur
Ora pareng mirsani ndhuwur terus
Ora pareng astane mlebu saku
Ing wasana, hambok bilih wonten kithal kuciwaning atur ingkang kirang mranani penggalih panjenengan, kula nyuwun agunging pangaksami.
Perangan pidato ing dhuwur kalebu...
Purwaka Basa
Surasa Basa
Wasana Basa
Dudutan
Para sesepuh, pinisepuh ingkang satuhu kinurmatan. Para rawuh kakung saha putri ingkang tansah winantu ing karaharjan.
Miturut petilan sesorah ing dhuwur, kalebu perangan...
Atur puji syukur
Atur pakurmatan
Atur Panuwun
Atur Pangapunten
Nalika panjenengan kaparingan tugas ngandharake sesorah babagan "Lingkungan Resik", apa sing sejatine kudu dipikirake luwih dhisik supaya pamiarsa bisa mangerteni lan kapengin ngrungokake?
Ngapalake teks sesorah kanthi temenan
Nggunakake basa sing kandel lan banter
Ngrancang isi sesorah sing trep karo kahanan pamirsa
Milih sandhangan sing paling mewah lan apik
1. Polatan tansah sumeh
2. Asta ngapurancang, kejawi rikala dipun betahaken.
3. Jumeneng kanthi jejeg, boten kaku boten loyo.
4. Pandulu tumuju dhateng tamu (mirsani tamu).
5. Pandulu tumuju dhateng nginggil / mandhap.
6. Pakulinan/sadaran kalih kukur-kukur, asta mlebet sak.
7. Cagak mic dipuncepengi.
Rikala medharsabda/ sesorah, patraping sarira utawa solah bawa kang trep yaiku...
1,2,3,4
1,2,3,5
1,2,3,6
1,2,3,7
Langkung rumiyin, kula hangonjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, dene sampun kepareng hangayomi lampah kula sakadang.
Adhedhasar pethilan teks sesorah ing ndhuwur, kalebu perangan sesorah...
Atur Pakurmatan
Atur Pangapunten
Atur Puji Syukur
Atur Panuwun
Ing ngisor iki kang kalebu tegesé sesorah yaiku ...
Carita cekak kang diwaca ana ing ngarepé wong akèh
Tembung kang diucapaké tanpa persiapan
Micara ngandharaken gagasan ing ngarepé wong akèh
Tembung kang ditulis banjur diwaca ing papan
