NEW
Font size
WorksheetsTEST AWAL 8
Total questions: 50
Worksheet time: 51mins
Puisi Jawa ing jagading sastra Jawa gagrag enggal dipun wastani ….
cerkak
geguritan
tanggap wacana
laporan
Tembung geguritan asale saka gurit sing ateges ….
tembang
maca
tulis
nyemak
Pamilihe tembung kang digunakake ing geguritan diarani ....
judhul
tema
amanat
diksi
Ing ngandhap menika ingkang mboten nedahaken endahing geguritan inggih menika ….
Pilihan tetembungan ingkang mentes , trep lan mantesi
Diginakaken saben dina
Kaiket dening guru gatra, guru lagu lan guru wilangan
Busananipun basa ingkang maneka warna
Ingkang dipun wastani rima inggih menika ….
underaning crita utawi bakuning tembung
tibaning swara ing sajrone larik uga ing pungkasaning larik
cacahing wanda ing saben gatra
tetembungan kang kapilih kanggo ngrakit geguritan
Ing ngandhap menika bab ingkang mboten perlu dipun gatosaken nalika maos geguritan kanthi becik ….
mangertosi isi lan kekajengane geguritan
kedah nggatosaken pocapan lan wirama
saged mragakaken kanthi mimik lan ekspresi ingkang trep
Swantenipun alon lan lirih kemawon
Miturut geguritan ing nginggil urip menika boten dipunkeparengaken menapa?
samudana
kuciwa
eling
papa cintraka
Tembung “papa- cintraka” saking geguritan ing nginggil nggadahi teges menapa?
bungah
susah
bandha
rejeki
Purwakanthi kang tinemu ing geguritan iku ....
Purwakanthi guru basa
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi lumaksita
Tembung bagaskara ing gegurtan ing ndhuwur, tegese padha karo ....
srengenge
segara
angin
lintang
Tembung “ wadya bala, blaka suta, gandheng renteng” kalebu tembung ....
saroja
entar
camboran
sanepa
Tema saking geguritan ing inggil ingih menika ....
agama
pahlawan
pendhidhikan
karesikan
Pitutur luhur kang bisa dijupuk saka geguritan iku mau apa?
Urip kudu golek dalan bener, aja sakarepe dhewe
Nindakake kabeh kang dadi kasenengane, senjan gawe rugi wong liya
Sregep sinau lan maca buku, kurmat marang guru, patuh marang wong tua
Teknologi iku penting, ora perduli senajan ngrusak tata krama
Menawi dipuntingali kanthi saestu, adhedhasar tata aturan utawi paugeranipun sekar, setunggal pada menika kalebet tembang....
pangkur
sinom
dhangdhanggula
kinanthi
Tembung andhap asor ing sekar kasebat sami tegesipun kalihan tembung ....
Nistha
Lembah manah
Asor drajadipun
Asor bebudene
Piwulang utawi piwucal menapa ingkang saged dipun pendhet saking wacana sekar ing inggil menika ....
Tiyang gesang ing alam donya menika kedah nggadhahi ngelmu kanthi landhesan kasaenan.
Tiyang gesang menika boten perlu pados kapinteran, cekap andhap asor kemawon.
Tiyang gesang menika ingkang baku makarya supados pikantuk bandha ingkang kathah.
Tiyang gesang menika ingkang baku makarya supados pikantuk bandha ingkang kathah
Tembang macapat kang nggambarake manungsa nalika manungsa lagi lahir yaiku tembang ...
durma
sinom
gambuh
mijil
Mingkar mingkur ing angkara
Akarana karenan mardisiwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba Sinukarta
Mrih kretarta pakatining ngilmu luhur
Kang tumrap ing tanah jawa
Agama ageming aji
Tembang ing inggil kalebet salah satunggaling tembang macapat, inggih menika tembang....
pangkur
kinanthi
sinom
pucung
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u, minangka paugerane tembang macapat ....
mijil
kinanthi
asmaradana
durma
Urut-urutan tembang macapat kang bener yen kanggo nggambarake manungsa wiwit lahir nganti mati yaiku ....
Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmaradana, Dhangdhanggula, Gambuh, Maskumambang, Durma, Pangkur, Megatruh, Pocung
Mijil, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Dhangdhanggula, Gambuh, Maskumambang, Pangkur, Durma, Megatruh, Pocung
Mijil, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Dhangdhanggula, Gambuh, Maskumambang, Durma, Pangkur, Megatruh, Pocung
Mijil, Kinanthi, Sinom, Dhangdhanggula, Asmaradana, Gambuh, Maskumambang, Durma, Pangkur, Pocung, Megatruh
Aksara jawa ingkang dereng angsal wuwuhan dipunwastani….
Aksara murda
Aksara legena
Aksra swara
Aksara rekan
Sandhangan ing aksara jawa ana telung warna. Kasebut ing ngisor iki kajaba ….
sandhangan swara
sandhangan panyigeg wanda
sandhangan wyanjana
sandhangan sastra
Kang dudu sandhangan wyanjana yaiku ....
Panganggone pada lungsi yaiku kanggo ....
Mungkasi ukara
Miwiti nulis ukara
Mandheg ing tengah ukara
Miwiti nulis jeneng
Pasangan ingkang dipunginakaken ing ukara kasebut inggih menika ....
ba lan ga
ma lan na
nga lan ga
ba lan na
Wingi udan deres, saengga lemahe teles. Menawa ditulis nganggo aksara jawa ....
Grapyak sumanak, menawa ditulis nganggo aksara jawa ....
Desaku ayem tentrem, menawi dipunserat ngginakaken aksara jawa ....
Pasangan aksara jawa kang manggon ana ing sandhinge aksara, kajaba ....
ha
la
sa
pa
Dongeng menika kalebet crita rakyat ingkang diwarisaken kanthi cara ….
langsung
lisan
batin
meguru
Dongeng menika wigati sanget kangge ndhidhik lan mulang, sebab ing salebetipun dongeng menika kathah ….
gorohe
pitutur becik
sejarah
budi pekerti
Salah setunggal ingkang narik kawigaten tumrapipun dongeng inggih menika ….
isine crita kabeh ora bisa dinalar
isine dongeng bener kabeh, sejarah
ana paraga lan kadadeyan sing aneh
juru dongeng wis tua kabeh
Dongeng ingkang awujud fabel, upamanipun ….
Timun Mas
Keong Mas
Kancil lan Baya
Asal Usul Kutha Surabaya
Dongeng ingkang kalebet legenda umpamanipun …..
Nyi Rara Kidul
Jaka Kendhil
Brandhal Lokajaya
Asal Usul Tuban
Kacarita ana sawijine putri kang sulistyawarna asmane Dewi Kadita. Dewi Kadita putrine Raja. Mundhing Wangi, Raja Kraton Pajajaran. Senajan sang raja kagungan putri kang ayu, panjenengane tetep susah panggalihe amarga kepengin kagungan putra kakung. Sang raja banjur nggarwa Dewi Mutiara, lan saka Dewi Mutiara sang raja kagungan putra kakung. Penggalihe sang raja seneng banget.
Saking punggelan dongeng ing inggil Mundhing Wangi menika raja ….
Kraton Majapahit
Kraton Surakarta
Kraton Dhaha
Kraton Pajajaran
Asil karya sastra Jawa ingkang kaiket dening aturan guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan dipunwastani ….
geguritan
tembang dolanan
tembang macapat
gancaran
Gatosaken pethikan geguritan menika!
Wanci sekolah miwiti pasinaon
Kathah siswa kang sami pitakon
Sabtu enjing kangge lingkungan kemawon
Kerja bakti tanpa dikongkon
…………………………………….
Purwakanthi geguritan ing inggil inggih menika purwakanthi ….
guru sastra
guru swara
lumaksita
guru basa
Geguritan ing inggil isinipun ngenani napa?
para siswa ingkang sampun lulus lajeng boten nerusaken sekolah
piweling/ nasihat kangge para siswa ingkang sampun purna saking pawiyatan (sekolah)
siswa ingkang sregep sinau bakal kagayuh pepenginanipun
siswa ingkang sedhih amargi gegayuhanipun boten kawujud
Pesen moral menapa ingkang saged kapundhut saking geguritan kasebat?
Menawi sampun lulus sekolah, ampun nyrat-nyoret klambi, ngguyu lakak-lakak, nanging kita kedah mlampah miturut dalan bebener sarta njagi tata krama.
Kita kedah mngayubagya/ ngrayakaken kelulusan sekolah kanthi foya-foya amargi sampun bebas saking bebendu.
Minangka siswa kita kedah ngenut menapa kemawon ingkang dipundhawuhaken dening guru.
Para siswa jaman samangke tansah anut ilining jaman ingkang maju
Wosipun tembang pucung limrahipun ….
asmara
pitutur
prihatin
kanepson
Guru lagu lan guru wilangan tembang ing inggil menika ....
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5i, 7i
10i, 10o, 8e, 7i, 9a, 7a, 6o, 8a, 12i, 7a
Tembang menika tembang macapat ....
Dhandhanggula
Maskumambang
Megatruh
Gambuh
Isinipun tembang ingkang kaserat ing inggil inggih menika ...
Tiyang gesang kedah kathah sangunipun, sebab bilih boten gadhah arta ingkang kathah boten saged dados lelimbang ing ngagesang
Ing gesang jaman kelanggengan tiyang dipuntuntut kedah saged maos ingkangsae sebab bilih boten saged maos tingkah laku tiyang dados awon.
Tiyang gesang kedah remen maos amargi maos menika katah ginanipun, saged pikantuk sakathahing kawruh damel sangu ing ngagesang, saged mbetenaken antawis ingkang sae lan awon
Tiyang gesang supados boten awon kedah srawung mawon boten perlu maos ingkang kathah.
Piwulang menapa ingkang saged kapundhut saking tembang kasebat?
kita kedah remen maos
kita kedah sregep pados sangu
kita kedah remen sinau
kita kedah remen kalih donya
Kembang jambe, menawi dipunserat ngangge aksara Jawa ngginakaken sandhangan lan pasangan....
sandhangan cecak, pepet, taling lan pasangan ba
sandhangan cecak, pepet, taling lan pasangan ja
sandhangan cecak, suku, taling lan pasangan ba
sandhangan cecak, wulu, taling lan pasangan ja
“He bocah bagus ana apa kowe nangis kelara-lara?”
Ukara ing inggil katitik saking unggah-ungguh basa, tembung ingkang diginakaken kalebet ....
krama alus
krama lugu
ngoko alus
ngoko lugu
Bapak : “Rin, kowe mau wis mangan apa durung?”
Rinda : “ … (1) …sampun … (2) … kalihan sayur asem Pak”
Wangsulane Rinda sing bener dijangkepi tembung …
(1) dalem , (2) dhahar
(1) kula, (2) dhahar
(1) aku, (2) mangan
(1) kula, (2) nedha
Bapak durung mulih saka Semarang.
Ukara iku kleru, sing bener kepriye?
Bapak durung bali saka Semarang.
Bapak dereng wangsul saking Semarang.
Bapak dereng kondur saking Semarang.
Bapak durung wangsul saking Semarang.
Bulik durung rawuh saka kantor.
Ukara kasebut nggunakake basa ....
krama lugu
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
Simbah turu ing kamar, ibu lungguh ing teras sinambi mangan roti nalika aku bali saka omahe bulik.
Menawa diowahi dadi krama alus ....
Simbah tilem ing kamar, ibu lenggah ing teras sinambi dhahar roti nalika kula kondur saking griyanipun bulik.
Simbah sare ing kamar, ibu pinarak ing teras sinambi dhahar roti nalika kula wangsul saking dalemipun bulik.
Simbah sare ing kamar, ibu pinarak ing teras sinambi dhahar roti nalika kula kondur saking dalemipun bulik.
Simbah sare ing kamar, ibu pinarak ing teras sinambi nedha roti nalika kula kondur saking griyanipun bulik.
