Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

artikel

Total questions: 65

Worksheet time: 2hrs 40mins

Name
Class
Date
1.

Unesco ngakoni menawa bathik Indonesia mujudake karya agung warisan budaya donya mula masarakat banjur padha mendem bathik. Wong padha nganggo klambi bathik kamangka biyen klambi bathik mung kanggo nekani resepsi. Nanging saiki wong bebas nganggo klambi bathik ora mung winates kanggo acara resmi nanging uga acara kang ora resmi, kadidene kantoran lan sekolahan.


Bathik tekan saiki isih diproduksi ing kutha Solo, Yogyakarta, Pekalongan, Sidoarja,Madura,Lasem lan Cirebon. Bathik mau fungsine ora mung kanggo eksport nanging kanggo kabutuhan masarakat. Kanthi diakoni bathik minangka warisan budaya donya, mula njalari para pengrajin bathik kebanjiran pesenan. Nom-noman kang maune isin nganggo bathik amarga dianggep kuna ora njamani. Nanging saiki jamane wis beda, wis padha gelem nganggo bathik. Kajaba nguri-uri budaya bangsa uga mekarake industri bathik.


Wosing rembag paragrap setunggal ing nginggil inggih menika…

a)

Unesco ngakoni bathik Indonesia

b)

Bathik Indonesia mujudake karya agung warisan budaya donya

c)

Unesco ngakoni bathik Indonesia warisan budaya donya

d)

Biyen klambi bathik kanggo nekani resepsi

e)

Bathik ora mung kanggo acara resmi

2.

Bathik menika dipun damel wonten pundi kemawon? Kajawi…

a)

Solo

b)

Yogyakarta

c)

Pekalongan

d)

Cirebon

e)

Kediri

3.

Tiyang ngangge bathik menika nggadhahi ancas…

a)

Kangge eluning jaman

b)

Nguri-uri kabudayan

c)

Nedahaken ciri khas Yogyakarta

d)

Nedahaken ciri khas solo

e)

Gebyaring mode

4.

Wonten ing salebeting seratan, jinising karangan saged kaperang menapa kemawon…kajawi…

a)

Naratif

b)

Deskriptif

c)

Eksposisi

d)

Cerkak

e)

Persuasi

5.

Wacana ingkang nggambaraken kanthi cetha sawijining kahanan , saengga kahanan kalawau kados cetha wonten ing sangajengipun tiyang ingkang maos, dipunwastani seratan…

a)

Naratif

b)

Deskriptif

c)

Eksposisi

d)

Artikel

e)

Persuasi

6.

Seratan ingkang nyariosaken kedadosan kanthi lugu lan menapa wontenipun, kadosta laporan utawi pawarta dipunwastani seratan…

a)

Narasi Ekspositoris

b)

Narasi Sugestif

c)

Eksposisi

d)

Artikel

e)

Persuasi

7.

GUNUNG GAMPING ING AMBAR KETAWANG


Saparan kanthi mbeleh bekakak. Gunung Gamping iki umure wis luwih saka 50 yuta taun. Gunung Gamping kang dununge watara 5 km sakulone kutha Yogyakarta kuwi, saiki mung kari jeneng. Sing ana mung kari wujud watu gamping gedhe kang dhuwure kira-kira 10 m, kaya tugu. Kanggone warga Yogyakarta, cagar alam Gunung Gamping Ambarketawang (kang dumunung ana Desa Ambarketawang) iki kondhang amarga saben sasi Sapar ing papan iki diadani upacara Saparan kanthi mbeleh bekakak dikantheni arak-arakan. Ing sakidule Gunung Gamping iki, ana patilasan kraton Ambarketawang (tilas kratone Pangeran Mangkubumi sadurunge pindhah menyang kutha Ngayogyakarta tanggal 7 Oktober 1756). Kanggone ahli geologi, Gunung Gamping iku unik jalaran ing donya iki mung ana loro, ing Inggris lan ing Yogyakarta. Dianggep unik jalaran umure watu Gunung Gamping iku wis luwih saka 50 yuta taun. Mangka gunung-gunung gamping liyane umure ora nganti samono.


Gunung Gamping wonten ing Ambar Ketawang dipunanggep unik dening ahli geologi amargi...

a)

saben wulan sapar dipunadani Upacara Saparan

b)

umuripun watu gamping sampun langkung 50 yuta taun

c)

dipunkonservasi dening Djawatan Geologi Bandung

d)

dipunpager ngangge kawat berduri

e)

tilas kratonipun P. Mangkubumi

8.

Awujud menapa papan wisata Gunung Gamping ing Ambar Ketawang punika?

a)

watu gamping kados tugu

b)

bangunan kraton

c)

cagar alam

d)

beteng

e)

taman

9.

Cagar alam Gunung Gamping Ambarketawang iki kondhang amarga saben sasi Sapar ing papan iki diadani upacara Saparan. Dasanamanipun tembung kondhang, kejawi...

a)

kaloka

b)

kasusra

c)

misuwur

d)

kawentar

e)

katon

10.

Cagar alam Gunung Gamping Ambarketawang iki kondhang amarga saben sasi Sapar ing papan iki diadani upacara Saparan. Tembung diadani wonten ing ukara nginggil ngemu suraos ....

a)

dianakake

b)

diwiwiti

c)

dipimpin

d)

dipunwiwiti

e)

dipunlekasi

11.

Salebeting ngempalaken dhata kangge nyerat pawartos, wartawan saged ngayahi . . . .

a)

ngamati kedadeyan lumantar TV

b)

nengga pawartos saking ‘kantor berita’ sanes

c)

pados warta dhumateng nara-sumber ing papan kedadeyan

d)

wawancara dhateng tokoh ingkang boten sesambetan kaliyan kedadeyanipun

e)

mendhet dhata saking arsip pawartos ingkang sampun dipun-cetak 10 taun kepengker

12.

Ingkang kalebet karya jurnalistik inggih menika . . . . . .

a)

serat, sesorah, opini, profil, pawarta

b)

jagading lelembut, geguritan, macapat, serat Jawi

c)

pawartos, serat lelayu, serat iber-iber, karangan

d)

reportase, artikel, budaya, seni, laporan penelitian

e)

pawartos langsung, reportase, artikel, opini, profil

13.

Kagatosna pratelan-pratelan menika!

1) nyetak pawarta

2) milih kedadeyan ingkang ngemu raos pawartos

3) ngumpulaken dhata

4) ngirim dhateng redhaktur

5) ngripta pawartos


Tata urutan kridhaning wartawan inggih menika . . . . . . .

a)

3-4-5-2-1

b)

2-3-5-4-1

c)

3-2-5-4-1

d)

3-5-4-2-1

e)

2-3-5-1-4

14.

Ngandhap menika jinising artikel, kejawi . . . . . .

a)

tajuk

b)

pendapat siswa

c)

opini

d)

kolom

e)

antologi puisi

15.

Kawaosa kanthi saksama!


Kanggo mekarake apresiasi sastra Jawa para penggurit kudu luwih sregep, gamben, sengkut-gumregut ngripta karya, kepiye carane geguritan tansah diremeni lan digandrungi dening pamaos. Para novelis lan pangripta cerkak uga kudu luwih ubed ningkatake bobot karya-karyane. Ora mung mikirke pira honore nulis, nanging uga katresnane marang sastra Jawa. Kanthi cara kasebut, karya-karya sastra Jawa kaajab bisa mumpangati tumrap bebrayan agung, dene para maos luwih ngregani marang karya sastra, mligine sastra daerah.


Katitik saking undheraning prakawis, seratan jurnalistik ing nginggil awujud .....

a)

gegambaraning apresiasi sastra Jawa

b)

ajakan supados ngapresiasi sastra Jawa

c)

artikel kangge ningkataken apresiasi sastra Jawa

d)

paparan maneka warna jinis sastra Jawa

e)

cariyos bab tokoh ‘penggurit’ ing sastra Jawa

16.

Ing andhap menika ancas lan manfaatipun artikel, kajawi .....

a)

minangka sarana kengge mahyakaken gagasan/panemu panyerat dhumateng masarakat

b)

minangka sarana publikasi asil panaliten kanthi cara ilmiah lumantar jurnal ilmiah

c)

cara kangge njlentrehaken utawi ngrembag babagan perkara miturut kaidah ngelmu tartamtu

d)

supados ingkang nyerat saged misuwur

e)

minangka sumbering informasi kanggo masarakat

17.

Wosing punika minangka faktaning kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih punika aktual, faktual, wigati, saha narik kawigaten. Ukara punika kalebet surasanipun... .

a)

Feature

b)

Resensi

c)

Kolom

d)

Pawarta

e)

Esai

18.

Tegesipun jurnalistik punika kathah sanget. Miturut etimologi, jurnalistik punika saking tembung jurnal saha istik. Jurnal punika saking basa Prancis, ingkang andharanipun... .

a)

journal : Cathetan Harian, istik : èstètika ingkang nggadahi teges ngèlmu ngèngingi kaéndahan

b)

jurnal : catetan, istik : kaendahan

c)

journal : ilmu panyerat, istik : èstètika ingkang nggadahi teges ngèlmu ngèngingi kaéndahan

d)

journal : Cathetan Harian, istik : èstètika ingkang nggadahi teges ngèlmu ngèngingi kasaenan

e)

diurnal : dinten menika, istik : ngelmu ngengingi kaendahan

19.

Jinising seratan punika kapérang dados kalih inggih punika seratan fiksi saha non fiksi. Tuladhanipun seratan fiksi inggih punika... .

a)

Pawarta

b)

Opini

c)

Cerkak

d)

Essay

e)

Resensi

20.

Wosing seratan awujud pamanggihing panyerat piyambak saged adhedasar fakta utawi pamanggih kemawon. Ukara punika minangka jinis karya jurnalistik... .

a)

Pawartos

b)

Opini

c)

Feature

d)

Kolom

e)

Tajuk Rencana

21.

Karya jurnalistik babagan pirembagan ngengingi underaning prekawis utawi irah-irahaan buku, wosing buku, saha informasi babagan sebab musabab saha ancasipun buku punika dipunserat. Karya punika dipunserat... .

a)

Kolom

b)

Feature

c)

Resensi

d)

Esai

e)

Opini

22.

Palapuran ngèngingi kadadosan awujud paparan fakta saha data ngèngingi kadadosan kasebat. Unsur fakta ingkang wonten ing palapuran inggih punika 5W+1H, inggih punika Who (sinten), What (punapa), When (kapan), Where (ing pundi), Why (kénging punapa), lan How (Kados pundi) inggih menika… .

a)

Esai

b)

Karya Ilmiah

c)

Pawartos

d)

Kolom

e)

Feature

23.

Artikel minangka karangan ingkang kaserat ing media massa cetak. Menawi ing media Jawa kadosta ing kalawarti saha ariwarti. Tuladhanipun... .

a)
b)
c)
d)
e)
24.

Ingkang boten kalebet titikanipun artikel inggih punika ...

a)

ringkes, mentes, gamblang, lan tuntas.

b)

wosipun artikel adhedhasar fiksi utawi mitos ingkang dereng mesthi leresipun

c)

Artikel sipatipun informatif lan faktual

d)

artikel saged ngemot opini lan analisis

e)

panyeratan artikel migunakaken basa baku utawi resmi

25.

Gambar ing andhap kasebat ingkang kalebet artikel... .

a)
b)
c)
d)
e)
26.

Tegesipun jurnalistik punika kathah sanget. Miturut etimologi, jurnalistik punika saking tembung jurnal saha istik. Jurnal punika saking basa Prancis, ingkang andharanipun... .

a)

journal : Cathetan Harian, istik : èstètika ingkang nggadahi teges ngèlmu ngèngingi kaéndahan

b)

jurnal : catetan, istik : kaendahan

c)

journal : ilmu panyerat, istik : èstètika ingkang nggadahi teges ngèlmu ngèngingi kaéndahan

d)

journal : Cathetan Harian, istik : èstètika ingkang nggadahi teges ngèlmu ngèngingi kasaenan

27.

Jinising seratan punika kapérang dados kalih inggih punika seratan fiksi saha non fiksi. Tuladhanipun seratan fiksi inggih punika... .

a)

Pawarta

b)

Opini

c)

Cerkak

d)

Essay

28.

Wosing punika minangka faktaning kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih punika aktual, faktual, wigati, saha narik kawigaten. Ukara punika kalebet surasanipun... .

a)

Feature

b)

Resensi

c)

Kolom

d)

Pawarta

29.

Wosing seratan awujud pamanggihing panyerat piyambak saged adhedasar fakta utawi pamanggih kemawon. Ukara punika minangka jinis karya jurnalistik... .

a)

Pawartos

b)

Opini

c)

Feature

d)

Kolom

30.

Karya jurnalistik ingkang wosipun karangan punika fakta ingkang saged nggugah raos emosi (trenyuh, simpati, remen, jengkel utawi nesu) dipunsebat... .

a)

Resensi

b)

Kolom

c)

Feature

d)

Seratan Ilmiah

31.

Karya jurnalistik babagan pirembagan ngengingi underaning prekawis utawi irah-irahaan buku, wosing buku, saha informasi babagan sebab musabab saha ancasipun buku punika dipunserat. Karya punika dipunserat... .

a)

Kolom

b)

Feature

c)

Resensi

d)

Esai

32.

Seratan cekak ingkang wosipun mbabar ngengingi salah satunggaling wohing kasusastrann saha seni, limrahipun awujud pamanggih panyerat lan jinisipun wonten naratif, deskriptif, lan persuatif. Seratan punika dipunsebat... .

a)

Tajuk Rencana

b)

Esai

c)

Kolom

d)

Resensi

33.

Biografi kalebet satunggaling tuladha karya jurnalistik ingkang awujud... .

a)

Seratan Ilmiah

b)

Artikel

c)

Kolom

d)

Feature

34.

Seratan ingkang nyariosaken kedadosan kanthi lugu lan punapa wontenipun, kadosta laporan utawi pawarta dipunwastani seratan… .

a)

Artikel

b)

Aksposisi

c)

Persuasi

d)

Narasi sugèstif

e)

Narasi ekspositoris

35.

Seratan ingkang wosipun ngandharaken gagasan-gagasan ingkang dipunkanthèni katrangan- katrangan, adhedhasar pawadan-pawadan kanggé nyaruwé, nampik punapa déné ngiyataken penggalihan utawi setunggaling gagasan dipunwastani seratan… .

a)

Artikel

b)

Eksposisi

c)

Argumentasi

d)

Deskripsi

e)

Persuasi

36.

Seratan ingkang nyariosaken sawijining bab kanthi runtut lan saged nuwuhaken pangangen- angenipun ingkang maos dipunwastani seratan… .

a)

Artikel

b)

Persuasi

c)

Eksposisi

d)

Narasi Sugestif

e)

Narasi Ekspositoris

37.

Kanggo ngrembakakake apresiasi sastra Jawa para penggurit kudu luwih sregep, gambèn, sengkut-gumregut ngripta karya, kepriyé carané geguritan tansah diremeni lan digandrungi déning pamaos. Para novelis lan pangripta cerkak uga kudu luwih ubed ngundhakaké bobot karya-karyané. Ora mung mikirké pira honoré nulis, nanging uga katresnan marang sastra Jawa. Kanthi cara kasebat, karya-karya sastra kaajab bisa mumpangati tumrap bebrayan agung. Déné para maos luwih ngregani marang karya sastra, mliginé sastra dhaérah.

Katitik saking underaning prakawis, seratan jurnalistik ing inggil awujud… .

a)

Gegambaraning apresiasi sastra Jawa

b)

Pamilut supados ngapresiasi sastra Jawa

c)

Paparan manéka warna jinis sastra Jawa

d)

Cariyos bab tokoh ‘penggurit’ ing sastra Jawa

e)

Artikel kanggé ningkataken apresiasi sastra Jawa

38.

Seratan jurnalistik ingkang gadhah cengkorongan awujud pambuka, jejering pirembagan saha pengantar jejering seratan, wosing seratan, saha panutup, inggih punika… .

a)

Esai

b)

Opini

c)

Feature

d)

Kolom

39.

Seratan jurnalistik ingkang saged nuwuhaken pangangen-angen saha nggugah raos dhateng pamaosipun inggih menika... .

a)

Esai

b)

Opini

c)

Kolom

d)

Feature

40.

Ing andhap punika jinising artikel ingkang wosipun ngandharaken babagan pamanggih subjektif saking satunggaling tiyang kanthi pana inggih menika… .

a)

Opini

b)

Esai

c)

Kolom

d)

Feature

41.

Palapuran ngèngingi kadadosan awujud paparan fakta saha data ngèngingi kadadosan kasebat. Unsur fakta ingkang wonten ing palapuran inggih punika 5W+1H, inggih punika Who (sinten), What (punapa), When (kapan), Where (ing pundi), Why (kénging punapa), lan How (Kados pundi) inggih menika… .

a)

Esai

b)

Karya Ilmiah

c)

Pawartos

d)

Kolom

42.

Artikel minangka karangan ingkang kaserat ing media massa cetak. Menawi ing media Jawa kadosta ing kalawarti saha ariwarti. Tuladhanipun... .

a)
b)
c)
d)
43.

Gambar punika kalebet jinis karya jurnalistik... .

a)

Seratan Ilmiah Populer

b)

Seratan Ilmiah

c)

Opini

d)

Artikel

44.

Gambar kasebat kalebet artikel... .

a)
b)
c)
45.

Irah-irahan ingkang megepokan kaliyan gambar punika... .

a)

Kraton Ngayogyakarta gadhah Museum Kereta

b)

Kraton Ngayogyakarta ngawontenaken grebeg setahun kaping 3.

c)

Regol Kraton wonten tetengeripun awujud sengkalan.

d)

Kraton Ngayogyakarta mapan ing Daerah Istimewa Yogyakarta

46.

Tulisan kang disabarake lumantar ariwati (koran), kalawarti (majalah), bulletin, lan sapiturute.Banjur isine penggalih penulis kang ngandharake sawijining prakara tartamtu. Prakara-prakara iku aktual lan kadangkala kontroversial diarani:

a)

Pecalathon

b)

Artikel

c)

Geguritan

d)

Drama

47.

Panulisan artikel manawa kaudhal manut struktur yaiku ...

a)

Isi, masalah, lan panutup

b)

Panutup, isi, lan masalah

c)

Pambuka, isi, lan panutup

d)

Pambuka, masalah, isi, lan panutup

48.

Tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining prakara tartamtu kang gambarake ngenani sawijining kahanan saengga pamaca kaya mangerteni, ngrungokake, utawa ngrasakake kahanan kasebut, diarani artikel ...

a)

Deskriptif

b)

Eksploratif

c)

Argumentasi

d)

Narasi

49.

Babagan kang dirembug sajrone artikel kasebut yaiku...

a)

Pemilu Legislatif

b)

Korban Banjir

c)

Omah Rusak

d)

Banjir Bandhang

50.

Pawarta kang kaya mangkono mau mesthi enggal sumebar ing saindhenging donya, ora mung tlatah indonesia thok. Tembang tlatah tegese..

a)

Kutha

b)

Negara

c)

Dhaerah

d)

Desa

51.

Tembung Situ Gintung tegese ...

a)

Wadhuk kang mapan ing Desa Gintung

b)

Wadhuk

c)

Panggonan utawa desa

d)

Papan wisata

52.

Kang dadi korban anane banjir bandhang Situ Gintung yaiku ,,,

a)

Masyarakat ing Kab. Tangerang

b)

Wong-wong sing manggon ing sangisore bendungan

c)

Wong-wong sing manggon ing Desa Gintung

d)

Masyarakat ing Propinsi Banten

53.

Artikel kang gambarake kahanan kanthi rinci lan detail kalebu artikel apa....

a)

Deskripsi

b)

Persuasif

c)

Argumentasi

d)

Narasi

54.

9. Tembung kang gunane ndawakake ukara utawa kanggo nggandheng ukara, yaiku ....

a)

Lingga

b)

andhahan

c)

wod

d)

panggandheng

55.

Tembung kang nyatakake kosok balen yaiku ..

a)

Utawa

b)

Lan

c)

Ananging

d)

Saumpama

56.

Tembung kang nyatakake sebab akibat, yaiku....

a)

Lan

b)

Utawa

c)

Ananging

d)

Saengga

57.

Ing ngisor iki ukara kang nganggo tembung panggandheng kang nyatakake wayah, yaiku....

a)

Saumpama aku bisa nonton prastawa iku mesthi aku seneng banget.

b)

Sanadyan wis dianjurake nggunakake kaca mata kan gana filtere isih ana wae wong kang ora manut

c)

Nalika aku metu saka ngomah, kahanane dadi peteng banget

d)

Aku lan adhiku mlaku-mlaku ing Pasar Baru

58.

Kamangka kadadeyan iku amung dumadi watara 300 tahun sepisan ing bawana iki, kok ana uga wong kang ora kepingin meruhi, Tembung "Kamangka" nduweni teges....

a)

Panyetha

b)

Kosok balen

c)

Wayah

d)

Tujuan

59.

Pedotan Artikel ing ndhuwur kalebu artikel....

a)

Deskripsi

b)

Eksposisi

c)

Narasi

d)

Argumentasi

60.

Akeh wisatawan manca kang teka ing Indonesia ....... kepingin nyekseni kadadeyan grahana srengenge total kanthi langsung. titik-titik sadurunge ukara kudune diisi tembung.....

a)

Kamangka

b)

Amarga

c)

Supaya

d)

Nalika

61.

Gagasan pokok saka paragraf nomer 4 yaiku....

a)

Kahanan wana bakau ana ing Surabaya

b)

Jinis Vegatasi bakau ing tlatah Surabaya

c)

Wana bakau ing Surabaya Lor

d)

Maneka Jinis vegetasi bakau ing tlatah Surabaya Lor

62.

Paragraf - paragraf sajrone gambar kuwi sinambungan dadi sak artikel. Irah-irahan kang trep kanggo artikel kasebut, yaiku .....

a)

Peksi ing tlatah pesisir pantai Surabaya Lor

b)

Jinising bakau ing tlatah Surabaya

c)

Ambane kutha Surabaya

d)

Kahanan wana Bakau ing Pesisir Surabaya Lor

63.

Ing ngisor iki jinise artikel miturut isine, kajaba....

a)

Narasi

b)

Argumentasi

c)

Eksposisi

d)

Artikel Praktis

64.

Supaya alas kuwi ngrembaka lan lestari kabeh kudu njaga kahanane alas. Ukara kasebut kang migunakake tembung panggandheng kang nduweni teges tujuwan, yaiku....

a)

lan

b)

kudu

c)

supaya

d)

kahanan

65.

Tembung panggandheng kang nyatakake pilihan yaiku...

a)

saha

b)

ananging

c)

utawa

d)

nalika