wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASSEMEN FORMATIF NOVEL BASA JAWA

Total questions: 30

Worksheet time: 39mins

Name
Class
Date
1.

Kurang luwih rong wulan digarap, omahe Pak Basiran wis temata. Ratri wis ngabari yen dheweke karo kulawargane arep teka. Mbok Muji banjur ibut tata-tata omah. Jogan diresiki kabeh lan pekiwan kanggo tamu ora entuk dileboni putune. Tekan titi wancine, rombongan saka Prambanan padha teka. Irawan ora ngatonake wong sugih. Tangkepe grapyak marga ngerti kulawargane Pak Basiran nate nulungi bojone. Tekane rombongan dipethukake Mbok Muji lan tangga kiwa tengene.

Sawise ngaso, Ratri kandha yen arep ngijing sareyane wong tuwa. Kijing wis pesen sadurunge tekan Kebonrejo lan rencanane slametane neng omahe Pak Basiran.

"Mbok, sesuk sing masang kijing taksuwun tenaga saka kene wae. Dhik Sarono kareben nggolek kanca, wong enem apa wong pitu. Rampung masang kijing, Mas Irawan langsung kondur Prambanan. "Mau Mas Irawan ngendika supaya Dhik Sarono dijak pisan," kandhane Ratri.

"Tegese Sarono, sida didhawuhi ndherek nyambut gawe neng Prambanan?"

"Sida, Mbok. Mas Irawan wis nggolek papan sing kira-kira cocog karo kabisane Dhik Sarono."

Wiwit teka nganti tekan slametan kanggo ngijing lawase telung dina. Ratri karo bojone duwe wektu nemoni kanca lawas sing isih manggon neng Kebonrejo. Rampung ngijing, Irawan mulih menyang Prambanan. Ratri nginep sewengi maneh karo anak-anake sing krasan manggon neng Kebonrejo. Baline, Sarono dijak supaya enggal bisa nyambut gawe. Warga Kebonrejo padha cingak weruh owah-owahan ana ing kulawargane Pak Basiran, Sadurunge ora ana sing ngira yen Ratri gelem males kabecikan marang kulawarga kuwi.

Kapethik saka novel Pintan, kanthi besutan.

"Mbok, sesuk sing masang kijing taksuwun tenaga saka kene wae. Dhik Sarono kareben nggolek kanca, wong enem apa wong pitu. Rampung masang kijing, Mas Irawan langsung kondur Prambanan. Mau Mas Irawan ngendika supaya Dhik Sarono dijak pisan," kandhane Ratri. Pethilan novel kasebut nuduhake yen Irawan arep mulih menyang....

a)

Prambanan

b)

Klaten

c)

Beringhajo

d)

Surakarta

e)

Jogjakarta

2.

Kurang luwih rong wulan digarap, omahe Pak Basiran wis temata. Ratri wis ngabari yen dheweke karo kulawargane arep teka. Mbok Muji banjur ibut tata-tata omah. Jogan diresiki kabeh lan pekiwan kanggo tamu ora entuk dileboni putune. Tekan titi wancine, rombongan saka Prambanan padha teka. Irawan ora ngatonake wong sugih. Tangkepe grapyak marga ngerti kulawargane Pak Basiran nate nulungi bojone. Tekane rombongan dipethukake Mbok Muji lan tangga kiwa tengene.

Sawise ngaso, Ratri kandha yen arep ngijing sareyane wong tuwa. Kijing wis pesen sadurunge tekan Kebonrejo lan rencanane slametane neng omahe Pak Basiran.

"Mbok, sesuk sing masang kijing taksuwun tenaga saka kene wae. Dhik Sarono kareben nggolek kanca, wong enem apa wong pitu. Rampung masang kijing, Mas Irawan langsung kondur Prambanan. "Mau Mas Irawan ngendika supaya Dhik Sarono dijak pisan," kandhane Ratri.

"Tegese Sarono, sida didhawuhi ndherek nyambut gawe neng Prambanan?"

"Sida, Mbok. Mas Irawan wis nggolek papan sing kira-kira cocog karo kabisane Dhik Sarono."

Wiwit teka nganti tekan slametan kanggo ngijing lawase telung dina. Ratri karo bojone duwe wektu nemoni kanca lawas sing isih manggon neng Kebonrejo. Rampung ngijing, Irawan mulih menyang Prambanan. Ratri nginep sewengi maneh karo anak-anake sing krasan manggon neng Kebonrejo. Baline, Sarono dijak supaya enggal bisa nyambut gawe. Warga Kebonrejo padha cingak weruh owah-owahan ana ing kulawargane Pak Basiran, Sadurunge ora ana sing ngira yen Ratri gelem males kabecikan marang kulawarga kuwi.

Kapethik saka novel Pintan, kanthi besutan.

Pitutur kang bisa dijupuk saka paraga Irawan ing pethilan novel kasebut yaiku ....

a)

Menawa bali menyang omah kudu gawa gawan sing akeh.

b)

Tetep prasaja sanajan sugih.

c)

Nutupi ati senajan runtik.

d)

Aja seneng dol tinuku omong.

e)

Aja gampamg nesu yen durung ngerti sanyatane

3.

Dina Minggu esuk wayah jam pit ing pakebonane sldhah R.Ng.Kartamardika ana bocah nonnoman kang manganggo sarwa bregas bebed lan ikete sawitan ,klambine sutra cina bukaan,dhasine sutra biru,selope gilap,cedhak kaaro olehe ngadeg. Martini ing sandhinge bapake.Satemene Martini wis ora seneng nemoni tekane bocah nom-noman mau yaiku Sindu.Dene kang diarep-arep.Martini mung si Endra.Nanging ing wektu kuwi si Endra lunga menyang desa golek padon dagangan krambil gebigan (koprah)lan niti agen-agene ,apa yambut gawe kalawan bener.Sindu tansah nglawan marang martini wae.lan sedela-sedela ndeleng tanduransladhahkang pancenthukule durung gedhe.

Kapetik saka R.B Sulardi Ing Rembulan ndhadhari,Yogyakarta

a)

  ana   kidul omahe R. Ng. Kartamardhika

b)

  Kebon sidhah R.Ng, Kartamardhika

c)

  Kebon Koprah R.Ng.Kartamardhika

d)

Pinggir kali cedhak sawahe Kartamardhika

e)

   Kebon koprah ing wetan desa

4.

Dina Minggu esuk wayah jam pit ing pakebonane sldhah R.Ng.Kartamardika ana bocah nom noman kang manganggo sarwa bregas bebed lan ikete sawitan ,klambine sutra cina bukaan,dhasine sutra biru,selope gilap,cedhak kaaro olehe ngadeg. Martini ing sandhinge bapake.Satemene Martini wis ora seneng nemoni tekane bocah nom-noman mau yaiku Sindu.Dene kang diarep-arep.Martini mung si Endra.Nanging ing wektu kuwi si Endra lunga menyang desa golek padon dagangan krambil gebigan (koprah)lan niti agen-agene ,apa nyambut gawe kalawan bener.Sindu tansah nglawan marang martini wae.lan sedela-sedela ndeleng tanduran sladhah kang pancen thukule durung gedhe.

Nilai kang kakandhut ana ing novel kasebut yaiku ....

a)

agama

b)

adat istiadat

c)

sosial

d)

pendhihikan

e)

budi pakarti

5.

  “ Oo…… yen Warsobo kae mono satemene dudu apa-apaku.Wong kaemung putra angkate pakdhe kok.Wah pancen kumenthus,gumaguse wis nganti ora ilok temenan.Kemaki lan gemaipe prasasat entek ngamek .Dupeh dadi putrane wong sugih bae,dheweke iku nggepe wani nggegampang marang aku ,cetha banget yen dheweke iku sawijining bocah bagus kang kurang ajar.”

Wewatake Warsobo ing pethikan novel kasebut yaiku…………………………

a)

Kumaki

b)

Kejem

c)

Sawenang-wenang

d)

Grapyak

e)

Sumanak

6.

Kurang luwih rong wulan digarap, omahe Pak Basiran wis temata. Ratri wis ngabari yen dheweke karo kulawargane arep teka. Mbok Muji banjur ibut tata-tata omah. Jogan diresiki kabeh lan pekiwan kanggo tamu ora entuk dileboni putune. Tekan titi wancine, rombongan saka Prambanan padha teka. Irawan ora ngatonake wong sugih. Tangkepe grapyak marga ngerti kulawargane Pak Basiran nate nulungi bojone. Tekane rombongan dipethukake Mbok Muji lan tangga kiwa tengene. Sajrone paragrap kuwi ana tembung ibut kang duweni teges...

a)

mung bisa nyawang wae

b)

dituku sadurunge panen

c)

sengkud anggone tumandang

d)

sing digawe saka watu

e)

njejaluk nganggo ngarani

7.

Kurang luwih rong wulan digarap, omahe Pak Basiran wis temata. Ratri wis ngabari yen dheweke karo kulawargane arep teka. Mbok Muji banjur ibut tata-tata omah. Jogan diresiki kabeh lan pekiwan kanggo tamu ora entuk dileboni putune. Tekan titi wancine, rombongan saka Prambanan padha teka. Irawan ora ngatonake wong sugih. Tangkepe grapyak marga ngerti kulawargane Pak Basiran nate nulungi bojone. Tekane rombongan dipethukake Mbok Muji lan tangga kiwa tengene.

Sawise ngaso, Ratri kandha yen arep ngijing sareyane wong tuwa. Kijing wis pesen sadurunge tekan Kebonrejo lan rencanane slametane neng omahe Pak Basiran.

"Mbok, sesuk sing masang kijing taksuwun tenaga saka kene wae. Dhik Sarono kareben nggolek kanca, wong enem apa wong pitu. Rampung masang kijing, Mas Irawan langsung kondur Prambanan. "Mau Mas Irawan ngendika supaya Dhik Sarono dijak pisan," kandhane Ratri.

"Tegese Sarono, sida didhawuhi ndherek nyambut gawe neng Prambanan?"

"Sida, Mbok. Mas Irawan wis nggolek papan sing kira-kira cocog karo kabisane Dhik Sarono."

Wiwit teka nganti tekan slametan kanggo ngijing lawase telung dina. Ratri karo bojone duwe wektu nemoni kanca lawas sing isih manggon neng Kebonrejo. Rampung ngijing, Irawan mulih menyang Prambanan. Ratri nginep sewengi maneh karo anak-anake sing krasan manggon neng Kebonrejo. Baline, Sarono dijak supaya enggal bisa nyambut gawe. Warga Kebonrejo padha cingak weruh owah-owahan ana ing kulawargane Pak Basiran, Sadurunge ora ana sing ngira yen Ratri gelem males kabecikan marang kulawarga kuwi.

Kapethik saka novel Pintan, kanthi besutan.

Pitutur kang bisa dijupuk saka paraga Irawan ing pethilan novel kasebut yaiku

a)

Menawa bali menyang omah kudu gawa gawan sing akeh.

b)

Tetep prasaja sanajan sugih.

c)

Nutupi ati senajan runtik.

d)

seneng tetulung marang liyan

e)

Aja gampamg nesu yen durung ngerti sanyatane

8.

Para tangga teparo kumpul maneh ing daleme Bu Bono. Ibu-ibu padha rerangkulan ora kuwat neteske luhe, melu ngrasakake susaje Bu Bono kang tumpuk undhung tumpa-matumpa. Bocah loro kang lagi arep ngancik mudha wis padha nemahi lelakon kang abot, nemahi bapake sing ora ana.

Oh ya Allah, witing klapa padha nglembayung, suket godhong rewangana, kuwatna sing nandang papa cintraka supaya teteg, tatag, tanggon, tabah, tambuh-tambuh tangguh kang ginayuh, raharja kang sinedya.

Dene bapak-bapak sing tatag atine padha langsung gita-gita reresik omah, pasang tendha kursi lan nyepakake papan pangruktining laya. Rikat tampa rikuh rawuh uga dhukuh kamituwa, kaum, bayan, lurah, kaur, RT RW, lan para wiranom gupuh-gupuh gawe baris tata gelar nyambut jisim kang bakal teka, lan bocah sakloron kang slamet saka hardaning bebaya.

Ing batine wong-wong mau ana susah, ana seneng, ana lelayu, ana kemayu, tumpangsuh dadi siji, nganti angel embuh tangising duka cita merga lelayu, apa Benowo kang wis limang dina seprene lagi entuk kabare.

Kira-kira jam 13.30 wis krungu ambulans ngraung-raung saka kadohan, campuh wor karo tangise para kadang Klapisireng. Mobil putih jleret

abang kang nggawa jisime mandheg jegreg ing ngarep omah. Bu Bono, Yanti, Benowo, lan Indra kang melu mobil jenazah mudhun luwih dhisik kasambung udan tangis.

Bu Bono kang wis nata ati, tetep wae semedhot rasaning ati, ambruk kaya wayang ilang gapite. Indra lan tangga-tangga gage nggotong mlebu ngomah. Mengkono uga Yanti kang nyawang ibune ambruk ora nulungi malah metu gegrok atine. Mung Benowo kang luwih tatag disalami lan dirangkuli karo tangga teparo.

Kapethik saka novel Podhang Ngisep Sari, kanthi besutan.

Dene bapak-bapak sing tatag atine padha langsung gita-gita reresik omah, pasang tendha kursi lan nyepakake papan pangruktining laya. Rikat tampa rikuh rawuh uga dhukuh kamituwa, kaum, bayan, lurah. kaur, RT RW, lan para wiranom gupuh-gupuh gawe baris tata gelar nyambut jisim kang bakal teka, lan bocah sakloron kang slamet saka hardaning bebaya.

Tembung laya duweni teges....

a)

lunga

b)

turu

c)

adus

d)

jisim

e)

krendha

9.

Jodhokna karo wangsulan kang bener

a)

“Sawisé kabeh prastawa sing marakaké ati gumolong, urip Nawang lan Bima mlebu bab anyar. Lintang-lintang isih sumunar ing langit wengi, nanging kanggo Nawang, lintang iku ora mung tandha kaendahan, nanging uga pangeling yen saben rasa lara mesthi ana enteke. Ing rerangkèn wektu, katresnan lan pangapura dadi lintang padhang sing ora tau padam.”

1.

epilog

b)

“Wengi kuwi, langit katon padhang karo lintang-lintang sing gumelap. Nanging ing tengah padhangé lintang, ana siji lintang kemukus sing nyamber, ngiris pepeteng lan ninggalake rasa penasaran ing ati Nawang. Ora ana sing ngerti, manawa lintang kemukus kuwi bakal nggawa owah-owahan gedhé ing uripe, nyeret dheweke mlebu lelakon sing kebak katresnan, pangorbanan, lan rahasia lawas sing durung tau kabukak.”

2.

Prolog

c)

Nawang nyepakaké wedang jahe kanggo Bima sing lagi mulih saka sawah, klambiné isih teles kringet. “Iki, Mas… ngombe dhisik. Sampeyan kudu istirahat,” ujare alus, karo mesem tipis. Senadyan atiné isih kegores amarga kabar sing ora nyenengaké awan mau, Nawang tetep nulak nesu lan milih nambani lelah Bima.

3.

Watak

10.

Pilihen jodhone wangsulan kang bener

a)

Nawang nglirik jam dinding, wis luwih saka setengah jam Bima ora mulih. Suara glodag-glodag udan ing atap pawon nggawa rasa khawatir. Nanging nalika Bima pungkasane teka karo tampang kesel, Nawang mung nyuguhake wedang anget lan sego jagung. “Mangan dhisik, Mas…,” ujare. Ora ana pitakonan babagan telate, mung perhatian sing alus.

1.

watak

b)

Ratri nyawang Nawang saka sela-sela lawang, mesem tipis sing kebak makna. “Ora kabeh lintang sing sumunar iku kanggo awakmu, Nawang,” ujare lirih, nanging cukup kanggo ngiris ati. Nawang nyoba mbales senyum, nanging rasa lara ngluwihi kekuwatane.

2.

konflik

c)

Langit wengi kaya kanvas ireng sing kebak lintang. Saka tengah sawah, lintang kemukus nyambar cepet, ninggalake garis padhang. Bima ngadeg wae, kaya wong sing nyawang pratanda saka ndhuwur. Ing pikirane, saben lintang mesthi nggawa crita lan pangarep-arep anyar.

3.

latar

d)

Esuk kuwi, Bima wis ana ing sawah nalika kabut isih nutupi pucuk pari. Tangane nglempit rumput liar sing nyekeli batang padi. “Urip kudu ditanduri kaya sawah iki, ben iso panen apik,” pikiré. Nalika kringet netes, sing ana mung semangat kanggo masa depan.

4.

tema

11.

Watara rong sasinan sawise iki ,ing wektu esuk Endang Sandyati pinuju lungguh katone tumungkul sajak ngandhut rasa sedhih ana ing sangarepe ibune,dheweke ing semu migatekake banget marang pangandhikane ibune.

      Swasanane ing pethikan novel ing dhuwur yaiku swasanane…

a)

Bungah

b)

Nelangsa

c)

Sedhih

d)

Kuciwa

e)

Seneng

12.

Para tangga teparo kumpul maneh ing daleme Bu Bono. Ibu-ibu padha rerangkulan ora kuwat neteske luhe, melu ngrasakake susaje Bu Bono kang tumpuk undhung tumpa-matumpa. Bocah loro kang lagi arep ngancik mudha wis padha nemahi lelakon kang abot, nemahi bapake sing ora ana.

Oh ya Allah, witing klapa padha nglembayung, suket godhong rewangana, kuwatna sing nandang papa cintraka supaya teteg, tatag, tanggon, tabah, tambuh-tambuh tangguh kang ginayuh, raharja kang sinedya.

Dene bapak-bapak sing tatag atine padha langsung gita-gita reresik omah, pasang tendha kursi lan nyepakake papan pangruktining laya. Rikat tampa rikuh rawuh uga dhukuh kamituwa, kaum, bayan, lurah, kaur, RT RW, lan para wiranom gupuh-gupuh gawe baris tata gelar nyambut jisim kang bakal teka, lan bocah sakloron kang slamet saka hardaning bebaya.

Ing batine wong-wong mau ana susah, ana seneng, ana lelayu, ana kemayu, tumpangsuh dadi siji, nganti angel embuh tangising duka cita merga lelayu, apa Benowo kang wis limang dina seprene lagi entuk kabare.

Kira-kira jam 13.30 wis krungu ambulans ngraung-raung saka kadohan, campuh wor karo tangise para kadang Klapisireng. Mobil putih jleret

abang kang nggawa jisime mandheg jegreg ing ngarep omah. Bu Bono, Yanti, Benowo, lan Indra kang melu mobil jenazah mudhun luwih dhisik kasambung udan tangis.

Bu Bono kang wis nata ati, tetep wae semedhot rasaning ati, ambruk kaya wayang ilang gapite. Indra lan tangga-tangga gage nggotong mlebu ngomah. Mengkono uga Yanti kang nyawang ibune ambruk ora nulungi malah metu gegrok atine. Mung Benowo kang luwih tatag disalami lan dirangkuli karo tangga teparo.

Kapethik saka novel Podhang Ngisep Sari, kanthi besutan.

Ditilik saka pethilan novel ing dhuwur ,kang kalebu lelwaning basa yaiku ....

a)

Ibu-ibu padha rerangkulan ora kuwat neteske luhe

b)

Kira-kira jam 13.30 wis krungu ambulans ngraung-raung saka kadohan

c)

Yanti kang nyawang ibune ambruk ora nulungi malah metu gegrok atine

d)

Dene bapak-bapak sing tatag atine padha langsung gita-gita reresik omah,

e)

Indra kang melu mobil jenazah mudhun luwih dhisik kasambung udan tangis.

13.

Esuk isih remang nalika Ki Mas Nayapada lan kulawargane tekan stasiun cilik ing pinggir desa. Angin esuk ngliwati sela-sela papan peron, nggawa aroma tanah teles sisa udan wengi. Ing tangan kiwa, Ki Mas Nayapada nggawa buntelan kain, dene bojone nggawa tas anyaman isi oleh-oleh kanggo tuan rumah ing Dlanggu. Putrane sing isih enom mlipir ana ing wingking, nyawang sekeliling karo rasa penasaran.

“Ayo cepet, Sepure wis meh mlebu,” ujare Ki Mas Nayapada setengah mlayu nyedhaki gerbong tengah.

Nalika mlebu, dheweke kaget ndeleng ana Mas Bei lungguh ing pojok kursi, nyandhak tas kulit lawas. “Lho, Ki Mas Nayapada! Ora nyangka ketemu kene,” ujare Mas Bei karo mesem sumringah.

“Waduh, kebetulan sanget. Kula sekeluarga badhe njagong wonten Dlanggu, wonten pawiwahan sederek,” wangsulane Ki Mas Nayapada sambil njabat tangan kancane kuwi.

Sepur wiwit mlaku alon, banter rodha nyampur karo swara peluit sing nyaring. Obrolan antarane Ki Mas Nayapada lan Mas Bei ngalir kaya banyu kali ing mangsa rendheng: ngrembug kabar desa, pitakon kabar kulawarga, nganti crita lawas nalika padha isih enom lan kerep dolanan wayang ing balai desa.

Bojone Ki Mas Nayapada sesekali melu nyelaki, nambah guyonan sing ngguyu kabeh penumpang ing kursi cedhak. Putrane mung lungguh meneng, ngrungokake crita-crita lucu sing kadang digawe luwih dramatis dening Mas Bei.

Nalika sepur mandheg ing stasiun cilik sakdurunge Dlanggu, swasana ing njero gerbong wis kaya reuni cilik. Ki Mas Nayapada rumangsa lelungan sing mesthine mung kanggo njagong, saiki malah nggawa rasa seneng lan kangen sing suwe ora dirasakake.

Garwane Ki Mas Nayapada kagungan watak remen guyon lan akrab

a)

bener

b)

luput

14.

Latar kang diagem ana ing pethilan novel kasebut yaiku ana ing ngarep stasiun wayah awan

a)

Bener

b)

Luput

15.

Kahanane trenyuh marga critane Ki Mas Nayapada

b)

Mas Bei duwe watak srei marang Ki Mas Nayapada lan kuluwargane

c)

Tema saka novel kasebut yaiku lelungane wong desa kanggo njagong, sing dadi ajang silaturahmi lan pangeling marang paseduluran lawas.

d)

Alur kang ana ing sajroning novel yaiku maju utawa progresif

e)

Pitutur luhur saka crita kasebut yaiku Silaturahmi lan paseduluran iku kudu dijaga, amarga nggawa rasa seneng lan kangen sing nguwatake hubungan sosial.

16.

Pilihen jodho kang jumbuh karo wangsulane

a)

"Kula nyuwun pangapunten, sedaya punika namung saget kula aturaken kanthi kawruh alit kula."

1.

Litotes

b)

"Matur nuwun sanget, kowe wis nulungi aku tur malah nambah masalah."

2.

Ironi

c)

"Kanggo goleki Rianti,Aku wis ngumbara nganti tekan pungkasan bumi."

3.

Hiperbola

d)

"Dheweke iku macan ing medan perang politik."

4.

Metafora

e)

"Kembang mawar nyandhang dandanan wangi kanggo nyambut esuk."

5.

Personifikasi

17.

"Sawijining detik sakdurunge lomba panahan rampung, panah pungkasan saka Saka mabur ngliwati udhara lan nancep pas ing titik tengah."

Ukara ing dhuwur pethilan saka novel kalebu ....

a)

Lelewaning basa

b)

alur

c)

epilog

d)

konflik

e)

klimaks

18.

Nalika awalé, Sastrodarsono kuwatir lan ora setuju karo dalan sing dipilih Harimurti, nanging ing pungkasane, dheweke nyadari yen saben wong nduwèni pilihan urip dhewe-dhewe.

Ukara ing dhuwur dipethil saka Novel "Priyayi" kang sinebut Resolusi

a)

bener

b)

luput

19.

“Nalika lampu senterku nyorot pasir gumuk, atiku ndadak gumeter. Ana tapak sikil jembar, isih seger, mlebu jero ing lemah sing lembab. Angin ndadak mandheg, swara sepi kaya nutupi sapa sing wis liwat kene. Sapa sing tekan gumuk ing wayah wengi begini?”

Ukara ing dhuwur kalebu ....

a)

konflik

b)

plot

c)

suspense

d)

amanat

e)

tema

20.

Pilihen jodho kang trep

a)

"Sakwise ngerti yen Bu Rini lagi nandhang susah amarga anaké lara, Bu Minah sengaja ora muter musik kenceng-kenceng ing omahe."

1.

nilai adat

b)

"Banyu tetep lunga menyang pasar kanggo ngirim barang pesenan, sanajan udan deres lan dalan lunyu."

2.

nilai moral

c)

"Nalika omahe Bu Warti ambruk kena angin, Ratri nyumbang sandhangan lan panganan."

3.

nilai sosial

d)

"Sastrodarsono nyengkuyung anak-anake supaya sekolah nganti dhuwur.""Anak-anake tansah diwulang supaya teka sekolah pas wektu."

4.

nilai pendhidhikan

e)

"Pak Wiryawan, minangka kepala desa, nglumpukake warga kanggo rembugan bebarengan babagan rencana pembangunan irigasi supaya bisa nguntungake kabeh petani, ora mung kelompoké dhewe."

5.

nilai politik

21.

Pilihen jodho lang trep

a)

“Sandhi ngelus-elus pundhak Ratri, njamin yen dheweke bakal nemokake sapa dalang ing balik teror ing Gumuk Sandhi.”

1.

protagonis

b)

“Brahma sengaja nyebar gosip kanggo nggagalkan usaha Sandhi mbukak rahasia gumuk.”

2.

antagonis

c)

“Bima, kanca lawas Sandhi, tansah nyemangati lan menehi informasi saka warga desa, sanadyan dheweke ora melu langsung ing saben petualangan Sandhi.”

3.

tritagonis

22.

“Nalika lampu-lampu alun-alun wiwit murup, Ratri lan Bayu lungguh jejeg ing bangku kayu. Ora ana tembung, nanging pandhangane padha krasa ngucap luwih saka sakjuta ukara.”

Saka pethilan novel kasebut, unsur tema sing katon paling cetha yaiku …

a)

Katresnan tulus sing ora butuh akeh tembung

b)

Persaingan antar kanca lawas

c)

Perpisahan amarga salah paham

d)

Katresnan sing dumadi amarga paksa

e)

Katresnan kang tulus nanging kudu pisah

23.

“Nalika Bayu nyawang mata Ratri, atiné gumeter. Dheweke ngerti yen rasa tresna iki kudu diungkapaké, nanging ana swara alus ing pikirane sing terus ngelingaké, ‘Yen aku ngomong, aku bisa kelangan paseduluran iki.’”

Pethilan crita ing dhuwur sinebut ....

a)

konflik emosional

b)

konflik intelektual

c)

konflik moral

d)

konflik eksternal

e)

konflik sosial

24.

“Ratri krasa atié klelep nalika Bayu lunga tanpa pesen. Nanging, seprapat taun sakwise, Bayu bali karo kembang melati lan janji anyar.”

Ukara ing dhuwur nuduhake unsur ....

a)

klimaks

b)

anti klimaks

c)

latar papan

d)

latar kahanan

e)

latar wektu

25.

“Sawisé pirang-pirang wulan kleru paham, Bayu lan Ratri pungkasané ketemu ing alun-alun desa. Bayu njupuk tangan Ratri, lan kanthi swara lirih dheweke ngucap, ‘Aku nyuwun pangapura, lan ayo kita wiwit maneh saka nol.’”

Ukara ing dhuwur kalebu ing unsur ....

a)

penokohan

b)

epilog

c)

klimaks

d)

resolusi

e)

suspensi

26.

“Ah, ora usah … iki wae wis segere ora jamak “, ngendikane Bapak karo ngatonake rahab olehe dahar. Nanging ora ngerti yen satemene rahabe mung digawe-gawe kanggo ngepenakake atiku wae. Uga aku ngerti yen anggone ora kersa mundhut lawuh iku amarga saka ora nggembol dhuwit. Sebab aku yo sok krungu sababe grejegan karo sibu , merga prekara sepi dhuwit. “O, mbok nem…” Darminah leren sedhela karo unjal ambegan. “Nggih Mas Rara, bacute pripun …owalah, manah kula kados diiris-iris…ya ta lah …”

“iki isih kawitaning lelakon, mbok…Wiwitane aku  ngira yen kahanan mangkono iku enggal rampung , pulih kaya maune”. Pangiraku yen Bapak wis bar bayaran ,lan Ibu nampa dhuwit, mesthi banjur bungah. Sabab adate ya ngono. Nanging mleset panyanaku. Salawase aku ora tau mikir apa maneh ngarep-arep ndang tekan wayahe tanggal bayaran. Wektu iku olehku ngarep-arep kaya-kaya yen ngarep-arep ameh dina bakda kae, betheke kepingin supaya ibu bali kaya wingi-wingi. Jebul ...o, lagi iki aku weruh …ah, nganti  miris banget. Wiwitane mung rame padha ngendikane bae. Ibu ngendikan nyentak-nyentak jare dhuwit ora cukup. Apa-apa larang, bayare ora mundhak-mundhak.

“Lha olehe golek tambah nyang endi ta Bu, bu, ‘pangandikane Bapak semu jengkel semu nelangsa.’Ing atase bisaku anane penghasilan ya mung kuwi”

“Pancen wong lanang ora ngerti  butuhe wong wedhok, suthik nyambi-nyambi golek kasil liya. Ora kaya mas ranu kae sarwa mabyor. Mangka pangkate ya padha . Mas Jaya pangkate sangisormu, gene bisa nretes tangane sing wadon…Puluh-puluh pancen kowe…seneng yen bojone nyranthil, seneng yen anak-anake nggombal…”

“Njur aku mbok kon kepriye?Mbok kon ikhtiyar kepriye maneh?”

“Cekake wong lanang ki yen ora nurut ombyaking jaman ya ngono kuwi , mung sarwa lugu,gu, bares,res…Jaman saiki yen ora nekad ya mlarat. Yen mung ngendelake jujuuuuurrr , lebur …”

“Ya nekad priye?Mbok ya sing melek ndeleng kiwa tengene. Kae Mas Jaya bisa nyampluk kiwa tengen. Mas Ranu bisa ngrogoh kana ,ngrogoh kene. Jaman kaya ngene sapa sing arep ngurus .”

Bapak jumeneng menyat katon duka banget. Wadanane abang mbranang  mangar-mangar, nanging saka banget olehe ngempet dukane nganti ora titis pangandikane. Pancen yen padha-padha adu ngendikan Bapak salawase kalah lancer karo Ibu.

“O…dadi kowe ki ngajari aku supaya tumindak ala…supaya aku dhemen korupsi ngono apa?....

(Kapethik kanthi besutan novel irah-irahan Kumpule Balung Pisah)

Piwulang sing bisa dijupuk saka pethilan novel ing dhuwur yaiku dadi manungsa kudu …

a)

      Seneng tumindak becik marang liyan

b)

Blaka lan aja ngapusi marang liyan

c)

   Tansah setiti ngati-ati marang liyan

d)

Jujur aja seneng tumindak clemer

e)

Ngati-ati aja seneng dol tinuku omong marang liyan

27.

“Ah, ora usah … iki wae wis segere ora jamak “, ngendikane Bapak karo ngatonake rahab olehe dahar. Nanging ora ngerti yen satemene rahabe mung digawe-gawe kanggo ngepenakake atiku wae. Uga aku ngerti yen anggone ora kersa mundhut lawuh iku amarga saka ora nggembol dhuwit. Sebab aku yo sok krungu sababe grejegan karo sibu , merga prekara sepi dhuwit. “O, mbok nem…” Darminah leren sedhela karo unjal ambegan. “Nggih Mas Rara, bacute pripun …owalah, manah kula kados diiris-iris…ya ta lah …”

“iki isih kawitaning lelakon, mbok…Wiwitane aku  ngira yen kahanan mangkono iku enggal rampung , pulih kaya maune”. Pangiraku yen Bapak wis bar bayaran ,lan Ibu nampa dhuwit, mesthi banjur bungah. Sabab adate ya ngono. Nanging mleset panyanaku. Salawase aku ora tau mikir apa maneh ngarep-arep ndang tekan wayahe tanggal bayaran. Wektu iku olehku ngarep-arep kaya-kaya yen ngarep-arep ameh dina bakda kae, betheke kepingin supaya ibu bali kaya wingi-wingi. Jebul ...o, lagi iki aku weruh …ah, nganti  miris banget. Wiwitane mung rame padha ngendikane bae. Ibu ngendikan nyentak-nyentak jare dhuwit ora cukup. Apa-apa larang, bayare ora mundhak-mundhak.

“Lha olehe golek tambah nyang endi ta Bu, bu, ‘pangandikane Bapak semu jengkel semu nelangsa.’Ing atase bisaku anane penghasilan ya mung kuwi”

“Pancen wong lanang ora ngerti  butuhe wong wedhok, suthik nyambi-nyambi golek kasil liya. Ora kaya mas ranu kae sarwa mabyor. Mangka pangkate ya padha . Mas Jaya pangkate sangisormu, gene bisa nretes tangane sing wadon…Puluh-puluh pancen kowe…seneng yen bojone nyranthil, seneng yen anak-anake nggombal…”

“Njur aku mbok kon kepriye?Mbok kon ikhtiyar kepriye maneh?”

“Cekake wong lanang ki yen ora nurut ombyaking jaman ya ngono kuwi , mung sarwa lugu,gu, bares,res…Jaman saiki yen ora nekad ya mlarat. Yen mung ngendelake jujuuuuurrr , lebur …”

“Ya nekad priye?Mbok ya sing melek ndeleng kiwa tengene. Kae Mas Jaya bisa nyampluk kiwa tengen. Mas Ranu bisa ngrogoh kana ,ngrogoh kene. Jaman kaya ngene sapa sing arep ngurus .”

Bapak jumeneng menyat katon duka banget. Wadanane abang mbranang  mangar-mangar, nanging saka banget olehe ngempet dukane nganti ora titis pangandikane. Pancen yen padha-padha adu ngendikan Bapak salawase kalah lancer karo Ibu.

“O…dadi kowe ki ngajari aku supaya tumindak ala…supaya aku dhemen korupsi ngono apa?....

(Kapethik kanthi besutan novel irah-irahan Kumpule Balung Pisah)

Piwulang ing dhuwur sing jumbuh karo kahanan jaman saiki yaiku manungsa kudu bisa …

a)

  Tanggung jawab lan seneng tumindak ora clemer

b)

Njaga tindak-tanduke lan tumindak gemi sarta setiti

c)

Njaga dhuwite supaya ora dicolong wong liya

d)

Njaga jujur lan seneng tulung tinulung

e)

Njaga tindak tanduke lan ja seneng korupsi

28.

Nalika sunaring bagaskara trontong-trontong isih katon isin arep njedul, Indrajit mapag neng omahe Saraswati neng Bendul  Merisi Indah. Tekan omahe, Saras wis ngenteni  nganggo clana jeans biru tuwa, kaos lengen dawa jambon. Awake sing weweg katon cetha wangune. Rambute sing tumiba pundhak disilakake nganggo bandho ireng, dingengehke ponine ing bathuk sethithik.

Kapethik saka novel kanthi irah-irahan  Katresnan Lingsir sore

  Saka surasane pethikan novel ing dhuwur ana ukara “nalika sunaring bagaskara trontong-trontong isih katon isin arep njedul”, kang kalebu ing lelewaning basa , yaiku ....

a)

personifikasi

b)

ironi

c)

litotes

d)

hiperbola

e)

metafora

29.

1. panggambaran fisik paraga

2. katrangan langsung saka paraga liya

3. saka sudhut pandange

4. ditilik saka bobot ajining crita

5. dideleng saka pocapan-pocapan paraga

Saka andharan ing dhuwur kang ora kalebu cara nemtokake watak wantune paraga yaiku ...

a)

1, 2, 3

b)

1, 2, 4

c)

1, 2, 5

d)

1, 3, 4

e)

1, 3, 5

30.

Nalika jago kluruk umun-umun iku hawane Jutha Jakarta sisih kidul rada adhem sebab mentas digrujug udan deres ngarepake subuh, senajan udane ora patiya suwe nanging kuwawa ngresiki bledug lan lebu, gawe segere hawa esuk marakake wong padha wegah tangi.

(kapethik kanthi besutan novel kanthi irah-irahan Katresnan Lingsir Sore)

Wektu saka pethilan Novel ing dhuwur yaiku ...

a)

awan

b)

esuk

c)

bengi

d)

sore

e)

surup