wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH BASA JAWA KELAS X

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Bedane basa kang dianggo ing teks sastra lan teks non sastra yaiku ...

a)

Teks sastra akeh nggunakake tembung entar lan simbol-simbol dene teks non sastra nggunakake tembung kang tegese lugas lan faktual (apa anane).

b)

Teks sastra akeh nggunakake tembung denotasi lan simbol-simbol dene teks non sastra nggunakake tembung kang tegese lugas lan faktual (apa anane).

c)

Teks sastra akeh nggunakake tembung kang multi tafsir dene teks non sastra nggunakake tembung kang ditegesi sapa wae padha.

d)

Teks sastra akeh nggunakake basa resmi lan simbol-simbol dene teks non sastra nggunakake basa ora resmi

e)

Teks sastra rakitane tembunge lumrah wae dene teks non sastra rakitane tembunge nuwuahake wirama (musikalitas)

2.

Sumini ayu nanging akeh wong seng ora seneng amarga tipis lambene. Ukara kasebut ngemu basa rinengga kanthi jenis …

a)

Tembung entar

b)

Tembung saroja

c)

Tembung garba

d)

Saloka

e)

Panyandra

3.

Ing ngisor iki kang kalebu saloka yaiku …

a)

Emprit abuntut bedhug. Kebo nusu gudel.

b)

Cagak nguntal empyak. Sing taberi, nastiti lan ngati-ati.

c)

Mripate ndamar kanginan. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.

d)

Gandane arum jamban. Pasuryane abang dluwang.

e)

Ing ngarsa sung tuladha. Ing madya mangun karsa

4.

Wangsalan “mbalung klapa, geleme mung ethok-ethokan” duweni tebusan, yaiku …

a)

Ethok-ethok

b)

Sada

c)

Bathok

d)

Glugu

e)

Golekan

5.

Pak Krama kae wong lumuh, ora doyan penggaweyan. Sanajan mangkono anake akeh banget. Nganti tanggane sok padha brebegen dening tangise anak-anake. Bojone uga ora nyambut gawe. Saben dina pikirane ajeg mumut mikir butuhe. Ajaa nyekolahke anake kanggo mangan saben dina wae ora ana. Saloka ingkang mathuk kangge cariyos kalawau …

a)

Cebol nggayuh lintang

b)

Timun mungsuh duren

c)

Kebo mulih menyang kandhange

d)

Kebo bule mati setra

e)

Kebo kabotan sungu

6.

Ayu lan baguse pawongan ora didheleng saka rupane, nanging tyas kang suci.

Tyas kagolong tembung kawi kang tegese …

a)

Jiwa

b)

Banda

c)

Ati

d)

Kebecikan

e)

Kepinteran

7.

Tegese tembung entar “rai gedheg” yaiku …

a)

Wong kang ora duwe isin

b)

Wong kang sipate kaya gedheg

c)

Wong kanga la kaya gedheg nanging duweni sipat becik

d)

Wong kang duweni rupa kurang apik

e)

Wong kang duweni isin

8.

Kancaku tuku buku, bukune cacahe ana telu, telung tahun suwine aku sekolah, sekolah ing jurusan basa, basa jawa iku ngajarake tata krama.

Unen – unen ing dhuwur kalebu  ….

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru basa

c)

Purwakanthi guru sastra

d)

Paribasan

e)

Bebasan

9.

Unen unen kang kalebu saloka yaiku...

a)

Nututi layangn pedhot

b)

Cecak nguntal cagak

c)

Ancik ancik pucuking eri

d)

Sing salah bakal seleh

e)

Kaya banyu karo lengo

10.

Yen mengko awakmu arep golek pasangan urip aja nganti lali di pirsani bibit, bebet, bobot.

Tegese bibit, bebet, lan bobot yaiku …

a)

Cikal bakal keturunan, ilmu kang diduweni, lan cara pola asuh ing keluwargane

b)

Cikal bakal keturunan, kaya kang di duweni lan cara pola asuh ing keluwargane

c)

Cikal bakal keturunan, ilmu kang diduweni, lan abote awake

d)

Banda kang di duweni, ilmu kang diduweni, lan cara pola asuh ing keluwargane

e)

Abote bobot awake, ilmu kang diduweni, lan cara pola asuh ing keluwargane

11.

Serat Wedhatama iku yasan pujangga agung …

a)

KGPH Mangkunegara IV

b)

Sri Susuhan Pakubuwana IV

c)

Yasadipura I

d)

Yasadipura II

e)

R.Ng. Ranggawarsita

12.

Sing ora kalebu tembang macapat, yaiku ...

a)

Sinom

b)

Asmaradhana

c)

Dhandhanggula

d)

Campursari

e)

Pocung

13.

Guru lagune tembang “Pocung” yaiku ...

a)

u – a – i –a

b)

u – i – u – i – o

c)

i – a – i – a

d)

a – i – u – e – o

e)

u – u – i – u – o

14.

Semaken tembang ing ngisor iki !

 

Wong makarya laras tugas lan fungsimu

Ngabdi mring Negara

Sregep tandang tan korupsi

Kang prayoga nggonmu labuh dadi bangsa

 

Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu tembang macapat kasebut yaiku ...

a)

12u, 6a, 8i, 12a

b)

12i, 6a, 8i, 12a

c)

13u, 6a, 8i, 12a

d)

12a, 6o, 8i, 12a

e)

12c, 8i, 6o

15.

Semaken tembang ing ngisor iki !

 

Aja sira niru tindak kang tan becik

Nadyan ta wong liya

Lamun pamuru becik

Iku kaki den estokno

 

Isine tembang ing dhuwur yaiku …

a)

Tumindake wong liya kang becik aja ditiru

b)

Tumindake becik iku asale saka wong liya

c)

Tansah niru tumindak kang becik

d)

Yen dudu wong liya ora gelem tumindak becik

e)

Tumindak ora becik iku kudu dibuang

16.

12u, 6a, 8i, 12a iku pathokan kanggo tembang. . . . .

a)

Pocung

b)

Asmaradhana

c)

Kinanthi

d)

Maskumambang

e)

Mijil

17.

Cacahing gatra Tembang Pangkur yaiku …

a)

7

b)

9

c)

8

d)

10

e)

4

18.

Ing ngisor iki kang ana ing serat Wedhatama, kejaba …

a)

Gambuh

b)

Sinom

c)

Megatruh

d)

Pangkur

e)

Kinanthi

19.

Jenenge penganggit kang didhelikake ing sajroning tembang diarani …

a)

Sandi

b)

Uluran

c)

Sandiasma

d)

Sengkalan

e)

Dasanama

20.

Gatekna Tembang ngisor iki!

Saka sasmita ing dhuwur, Tembang kasebut diarani …

a)

Dhandanggula

b)

Sinom

c)

Gambuh

d)

Maskumambang

e)

Mijil

21.

Tembung loro kang podo utowo meh podho tegese diarani …

a)

Tembung Entar

b)

Tembung Saroja

c)

Tembung Kawi

d)

Tembang Garba

e)

Tembung Sanepa

22.

Cacahe tembang macapat ana ...

a)

9

b)

11

c)

10

d)

12

e)

19

23.

Sing diarani guru lagu yaiku ...

a)

Cacahing wanda saben pada

b)

Tibaning swara ing pungkasaning gatra

c)

Cacahing gatra saben sagatra

d)

Cacahing gatra saben tembang

e)

Cacahing gatra saben sapada

24.

Tembang Macapat kang maknane ana manungsa kang wis nduwe rasa tresna marang lawan jenis, yaiku …

a)

Pangkur

b)

Sinom

c)

Durma

d)

Asmaradana

e)

Megatruh

25.

Tembang Dhandanggula ana …gatra.

a)

7

b)

8

c)

9

d)

10

e)

11