wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Geguritan

Total questions: 20

Worksheet time: 7mins

Name
Class
Date
1.

Salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadhah irama, rima, mitra, bait lan penyusunan lirik kang gadhah arti utawa makna yaiku...

a)

kakawin

b)

kidung

c)

macapat

d)

geguritan

2.

Miturut S. Padmo Soekotjo geguritan asale saka tembung guritan saka linggane tembung gurit kang tegese ....

a)

kakawin

b)

tembang utawa kidung

c)

tulisan

d)

pahatan

3.

Titikanipun geguritan gagrag kuna yaiku...

a)

Kawiwitan irah irahan

b)

Cacahe wanda ing saben gatra ora ajeg

c)

Tibaning swara kudu runtut

d)

Pilihan tembung mentes

4.

Titikanipun Geguritan Gagrag Anyar yaiku....

a)

Cacahing gatra (larik) ora ajeg, nanging sethithike papat

b)

Cacahing wanda (suku kata) ana ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe

c)

Sangarepe geguritan diwiwiti nganggo tembung sun nggegurit

d)

Dhong dhinge swara ing pungkasane gatra ora ajeg

5.

Geguritan kang surasane babagan pangalembana marang wong liya, negara, lan apa dene kang dianggep luhur yaiku....

a)

ode

b)

hymne

c)

elegi

d)

balada

6.

Geguritan kang surasane babagan pangalembana marang Gusti yaiku...

a)

ode

b)

hymne

c)

elegi

d)

balada

7.

Geguritan kang surasane babagan cerita utawa lakon kang nyata utawa mung lamunane pujangga yaiku...

a)

balada

b)

epigram

c)

satire

d)

romansa

8.

Geguritan kang surasane babagan katresnan yaiku...

a)

epigram

b)

satire

c)

romansa

d)

balada

9.

Geguritan kang surasane ngenyek utawa ngece kanthi kasar lan landhep yaiku...

a)

epigram

b)

satire

c)

romansa

d)

balada

10.

Geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai kehidupan kang becik lan bener yaiku....

a)

ode

b)

hymne

c)

epigram

d)

elegi

11.

Geguritan kang surasane babagan panelangsa yaiku...

a)

hymne

b)

ode

c)

elegi

d)

epigram

12.

Tipografi yaiku...

a)

rerangken tetembungan ing geguritan bisa medharake pengalaman indrawi

b)

wangun geguritan kang tinulis ora ngebaki larik lan ora kudu kawiwitan aksara gedhe, sarta ora dipungkasi tandha pawacan

c)

tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa nuwuhake imaji

d)

tembung kang digunakake penyair kanggo nyritakake sawijining bab kanthi cara mbandhingake karo barang utawa tembung liyane

13.

Tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa nuwuhake imaji yaiku...

a)

pengimajinasian

b)

purwakanthi

c)

diksi

d)

tembung konkret

14.

Pamilihe tetembungan kang maknane mentes (padat), kang bisa negesi pirang-pirang kekarepan kanthi nggatekake larasing unine tembung yaiku...

a)

diksi

b)

purwakanthi

c)

tembung konkret

d)

imaji

15.

Runtuting swara ing geguritan kang bisa ing wiwitan, tengah, utawa ing pungkasaning gatra yaiku...

a)

lelewaning basa

b)

purwakanthi

c)

diksi

d)

imaji

16.

Punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi yaiku....

a)

tema

b)

pangrasane penyair

c)

nada

d)

amanat

17.

Bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos yaiku...

a)

tema

b)

pangrasane penyair

c)

nada

d)

amanat

18.

Manjing tlatah arum,

Gurit putih,

Winengku, asih-Mu.

 

Gatra ing inggil menika nggambaraken swasana ati ingkang….

a)

mongkog  

b)

bombong

c)

mantep

d)

jenjem

19.

Cendek dhuwure nada/swara (intonasi) yaiku...

a)

wirama

b)

wicara

c)

wiraga

d)

wirasa

20.

Pangraos minangka maos geguritan yaiku...

a)

wirama

b)

wicara

c)

wiraga

d)

wirasa