Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ARTIKEL KELAS 10

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Panulisane artikel sing bener manawa kaudhal manut strukture yaiku....

a)

Isi, masalah, dudutan

b)

Dudutan, isi lan masalah

c)

Pambuka, dudutan lan masalah

d)

Pambuka, isi lan dudutan

e)

Pambuka, isi lan masalah

2.

Karangan nonsastra kang digawe kanggo diwartakake bisa online bisa offline liwat koran lan majalah kang nduweni tujuan kanggo nyampekake gagasan lan fakta kang bisa ndadekake wong bisa yakin utawa percaya, menehi piwulang utawa menehi panglipur diarani....

a)

Pacelathon

b)

Cerkak

c)

Drama

d)

Geguritan

e)

Artikel

3.

Ora kanyana babar blas, nalika pamarintah lagi repot ngadhepi pemilu legistatif 9 April 2009, ing tlatah Kabupaten Tangerang, Propinsi Banten ana kedadeyan banjir bandhang amarga dhadhale bendungan Situ Gintung. Dumadine ing dina Jemuwah tanggal 27 Maret 2009 ing wayah esuk, nalika wong-wong isih padha turu. Wis bisa dipesthekake omah-omah dadi rusak bosah baseh, ajur mumur kagawa banjir bandhang. Malah sing nemahi tiwas luwih saka 100 wong. Durung maneh sing padha ilang lan kelangan sedulur, kanca, omah, lan bandha liya-liyane. Kang dirembug ing artikel kasebut, yaiku…

a)

Pemilu legistatif

b)

Wadhuk Situ gintung

c)

Banjir sing gedhe banget lan nerjang sembarang-mbarang

d)

Omah rusak

e)

Korban banjir

4.

Ora kanyana babar blas, nalika pamarintah lagi repot ngadhepi pemilu legistatif 9 April 2009, ing tlatah Kabupaten Tangerang, Propinsi Banten ana kedadeyan banjir bandhang amarga dhadhale bendungan Situ Gintung. Dumadine ing dina Jemuwah tanggal 27 Maret 2009 ing wayah esuk, nalika wong-wong isih padha turu. Wis bisa dipesthekake omah-omah dadi rusak bosah baseh, ajur mumur kagawa banjir bandhang. Malah sing nemahi tiwas luwih saka 100 wong. Durung maneh sing padha ilang lan kelangan sedulur, kanca, omah, lan bandha liya-liyane.
Wektu dumadine kedadean ing situ Gintung, kajaba…

a)

9 April 2009

b)

Tanggal 27 Maret 2009

c)

Nalika wong-wong isih padha turu

d)

Ing wayah esuk

e)

Dino Jemuwah

5.

Artikel sing ngandharake sawijining masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga bisa disumurupi apa sing satemene dumadi diarani jinis artikel…

a)

Preskriptif

b)

Deskriptif

c)

Prediktif

d)

Eksplanatif

e)

Eksploratif

6.

Artikel sing isine nerangake sawijine masalah sing bisa dipahami dening sing maca diarani artikel…

a)

Eksplanatif

b)

Deskriptif

c)

Prediktif

d)

Preskriptif

e)

Eksploratif

7.

Ora kanyana babar blas, nalika pamarintah lagi repot ngadhepi pemilu legistatif 9 April 2009, ing tlatah Kabupaten Tangerang, Propinsi Banten ana kedadeyan banjir bandhang amarga dhadhale bendungan Situ Gintung.
Tembung tlatah tegese…

a)

Negara

b)

Kutha

c)

Dhaerah

d)

Desa

e)

Dukuh

8.

Artikel sing nerangaken tuntunan carane gawe kolak sing enak tumprap sing maca diarani jenis artikel…

a)

Prediktif

b)

Deskriptif

c)

Eksplanatif

d)

Eksploratif

e)

Preskriptif

9.

Tembung sing paling cilik sakecap wis due teges diarani tembung…

a)

Lingga

b)

Wod

c)

Andhahan

d)

Panggandheng

e)

Panambang

10.

Tembung tinata, ginawa, sumandhing tembung linggane tata, gawa, lan sandhing. Sebabe oleh seselan…

a)

In, um, in

b)

In, in, um

c)

Um, in, in

d)

Tata, gawa, sandhing

e)

Tinata, gawa, sandhing

11.

Ing ngandhap punika tembung lingga, kajaba…

a)

Nyapu

b)

Gawa

c)

Laku

d)

Tulis

e)

Tuku

12.

Ukara ing ngisor iki kang kurang trep mapane miturut undha usuke basa yaiku…

a)

Dalem kula tebih saking mriki

b)

Nalika bapak sare, kula adus rumiyin

c)

Dalemipun Gus Iqdam wonten ing Desa Karanggayam

d)

Buku gadhahan kula ingkang werni pethak Mbak

e)

Asma panjenengan dipun serat ing serat kabar

13.

Tembung kang gunane kanggo ndawakake ukara, yaiku…

a)

Tembung andhahan

b)

Tembung wod

c)

Tembung panggandheng

d)

Tembung panyilah

e)

Tembung lingga

14.

Tembung ing ngisor iki tuladhane tembung wod, kajaba…

a)

Pyar

b)

Dheg

c)

Dhor

d)

Byur

e)

Tuku

15.

Ukara ing ngisor iki kang kalebu tembung panggandheng sing nyatake penambahan, yaiku…

a)

Bapak saha ibu ingkang sampun rawuh diaturi lenggah

b)

Grahana iku dumadi Amarga Suanggi utawa setan kang mangan srengenge

c)

Aku panggah tresno sliramu sanadyan tresnomu uduk kanggo aku

d)

Kancaku ngejak ndelok film nalika arep budal les

e)

Saupama aku sregep sinau mesti bakal pinter

16.

Ukara ing ngisor iki kang kalebu tembung panggandheng sing nyatake konsesif, yaiku…

a)

Grahana iku dumadi amarga Suanggi utawa setan kang mangan srengenge

b)

Bapak saha ibu ingkang sampun rawuh diaturi lenggah

c)

Aku panggah tresno sliramu sanadyan tresnomu uduk kanggo aku

d)

Kancaku ngejak ndelok film nalika arep budal les

e)

Saupama aku sregep sinau mesti bakal pinter

17.

Tembung panggandheng kang nyatakake angen-angen, yaiku…

a)

Sanadyan

b)

Saupama

c)

Amarga

d)

Nalika

e)

Saha

18.

Tembung panggandheng kang nduweni teges Tujuan, yaiku…

a)

Bisa

b)

Kudu

c)

Supaya

d)

Dijaga

e)

Kanggo

19.

Tembung tinabuh, lumintu, sinebut, tembung linggane…

a)

Tinab, lumin, sineb

b)

Tabuh, mintu, sebut

c)

Nabuh, lintu, sebut

d)

Nabuh, mintu, nebut

e)

Tabuh, lintu, sebut

20.

Teknologi pendidikan ing Indonesia terus berkembang kanthi cepet. Saiki, sekolah wiwit nggunakake sistem pembelajaran digital sing ngizini siswa sinau kanthi luwih interaktif lan fleksibel. Ing mangsa ngarep, kemungkinan teknologi iki bakal dadi luwih canggih kanthi aplikasi AI sing luwih akeh ing proses pamulangan lan sinau.
Artikel ing duwur kalebu salah sijine jenis artikel manut pitungane penulis amarga...

a)

Isine prediksi Pendidikan ing Indonesia

b)

Njelasake masalah kang ana ing Masyarakat

c)

Nuntun tata carane siswa gawe AI

d)

Keluwihane VR lan AR

e)

Siswa bisa sinau kanthi rinci tanpa kudu metu saka kelas

21.

Ngendi ing ngisor iki sing kalebu tembung andhahan?

a)

Tatuku

b)

Daktuku

c)

Ngrebut

d)

Maca

e)

Gawanen

22.

Tembung "dakjupuk" iku ngandhut makna...

a)

Aku sing njupuk

b)

Kowe sing njupuk

c)

Dheweke sing njupuk

d)

Jupuk bebarengan

e)

Ojo dijupuk

23.

Tembung "tulisna" iku duwé panambang "-na" sing nduwèni fungsi kanggo...

a)

Nggawé tembung dadi pengganti

b)

Nggawé tembung dadi pangandikane

c)

Nggawé tembung dadi bentuk pasif

d)

Nggawé tembung dadi perintah marang wong liya

e)

Nggawé tembung dadi luwih negatif

24.

Senajan mung suaramu

Ngademke ati

We ngucapne janji

We bakal mulih nemoni

Eluh tangis kangenmu

Nandes neng ati

Sampun ya sayangku

Ilangi banyu motomu


Tembung panggandheng saka lirik lagu LDR yaiku ...

a)

Senajan

b)

Sampun

c)

Bakal

d)

Mulih

e)

Sayangku

25.

Tembung panggandheng kang nyatakake kosok balen yaiku...

a)

saupama

b)

sanadyan

c)

utawa

d)

ananging

e)

amarga

26.

Ing basa Jawa, ater-ater tripurusa kapérang dadi telu, yaiku ...

a)

dak-, ko-, di-

b)

ana, ing, marang

c)

m-, n-, my-, ng-

d)

kum-, ka-, an-

e)

pi-, ka-, ke-

27.

Nalika kowe lan kanca-kanca sakelas ngrembug babagan tugas kelompok sing kudu dikumpul

sesuk, Dimas takon marang kowe, "Tugas poster digital iki sing bagean nulis teks narasi sapa sing

nggarap?" Kowe banjur mangsuli kanthi pratelan: "Teks narasi poster kasebut dakgarap

wingi surup-surup bareng adhiku ing omah.

Tembung sing kacetak kandel ing pirembagan kasebut nuduhake...

a)

Pakaryan sing ditindakake dening wong katelu (dhèwèké) marang wong kapisan.

b)

Pakaryan sing ditindakake dening wong kapisan (aku/sing micara) marang obyek.

c)

Pakaryan sing ditindakake dening wong kapindho (kowe) marang wong kapisan.

d)

Pakaryan sing asipat pasif lan ora ngerti sapa sing nindakake.

e)

Pakaryan sing kudu ditindakake bebarengan ing mangsa ngarep.

28.

GateknaPacelathon ing ngisor iki!

"Sofi, HP sing ana ing meja kaca iki sapa sing nyaosi sandi sandi wi-fi mau"

"Oh, sandi kuwi diwenehake marang kabeh anggota kelompok supaya gampang nggarap

tugas literasi digital, Pak."

Tembung diwenehake ing pacelathon kasebut migunakake ater-ater...

a)

Ater-ater anuswara (m-, n-, ng-, ny-)

b)

Ater-ater tripurusa womg kapisan

c)

Ater-ater tripurusa wong kapindho

d)

Ater-ater tripurusa wong katelu

e)

Ater-ater tripurusa 'ake-'

29.

Nalika kowe nggawe crita cekak (cerkak) basa Jawa babagan pengalaman liburan, kowe nulis

ukara mangkene "Tas sekolah anyar iki daktuku ing toko buku nalika preinan semester

kepungkur"

Manut paugeran basa Jawa, owah-owahan tembung yen subjek diganti dadi wong kapindho (kowe)

sing tuku tas kasebut yaiku...

a)

tas sekolah anyar iki dituku ing toko buku

b)

tas sekolah anyar iki kotuku ing toko buku

c)

tas sekolah anyar iki dakregani ing toko buku

d)

tas sekolah anyar iki diwenehake ing toko buku

e)

tas sekolah anyar iki kokgawa ing toko buku

30.

Ibu ngendika marang aku, "Sandal iki mau reged banget, apa kowe sing nyuci?" Aku mangsuli, "Enggih Bu, sandal niku wau daktuci resik." Tembung daktuci nduweni teges...

a)

Disuci dening Ibu

b)

Disuci dening aku

c)

Disuci dening kowe

d)

Disuci dening wong liya

e)

Ora ana sing nyuci