wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Asesmen Bahasa Jawa Bab 1 Kelas 6

Total questions: 36

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.
Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku ….
a)
banyu resik
b)
ngopeni banyu
c)
banyu kali sumber panguripan
d)
ngopeni banyu sumber penguripan
2.
Teks wacan ing dhuwur ngrembug bab ....
a)
limbah omahan
b)
banyu sumber panguripan
c)
banyu kali kang resik
d)
banyu resik ing ngendhi-endhi
3.
Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ....
a)
persuasi
b)
deskripsi
c)
narasi
d)
fabel
4.
Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ....
a)
gegodongan
b)
uwuh lan limbah
c)
uwuh utawa larahan
d)
suket kang tukhul saparan-paran
5.
Teks kang ngandung ajakan yaiku teks...
a)
teks narasi
b)
teks iklan
c)
teks informasi
d)
teks persuasi
6.
Yen gawe slogan basane kudu...
a)
narik kawigaten
b)
mamerake
c)
krama
d)
basa resmi
7.
Sing diandarake teks pawarta yaiku ...
a)
fiksi
b)
opini
c)
karangan
d)
fakta
8.
"Sapa sing nandur bakal ngunduh". Ukara iki klebu ....
a)
slogan
b)
narasi
c)
pawarta
d)
pariwara
9.
Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing media cetak lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongan, diarani teks ....
a)
slogan
b)
pawarta
c)
pariwara
d)
persuasi
10.
Gambar ing ngisor iki klebu jinise ....
a)
iklan
b)
pawarta
c)
sesanti
d)
persuasi
11.
Apa kang nyebabake sumber banyu lan kali akeh sing asat?
a)
wis suwe ora udan
b)
banyu kali kena polusi
c)
akeh wit-witan ing pinggir kali
d)
wit-witan kang nandon banyu wis entek ditegori
12.
Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku ....
a)
ukarane mentes
b)
ukarane mamerake
c)
ukarane nyenengake
d)
ukarane ngujuk-ujuki
13.
Wujude gancaran, isine ngajak lan ngelingake. Ciri-ciri iki minangka cirine teks ....
a)
slogan
b)
pawarta
c)
pariwara
d)
deskrpsi
14.
Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur. Ukara inti paragrap ing dhuwur kang bener yaiku ....
a)
tanduran kang mrodhuksi oksigen
b)
oksigen bisa nyehatake paru-paru
c)
ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen
d)
panguripane ing ngendi wae mesthi mbutuhake oksigen
15.
Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur. Kang ngasilake oksigen yaiku ....
a)
manungsa
b)
banyu kang resik
c)
tanduran sing subur
d)
kewan ingon-ingon
16.
“Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur”. Tembung mrodhuksi padha tegese karo tembung ....
a)
nambahi
b)
ngurangi
c)
ngasilake
d)
ngresiki
17.
Ing ngisor iki ukara sing klebu jenise pariwara/iklan yaiku ....
a)
ngundhuh wohing pakarti
b)
lemah longsor mendhem puluhan omah
c)
banjir nrajang pirang-pirang desa
d)
sabun deterjen rakyat, ramah lingkungan
18.
Teks kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku,lan digunakake, diarani ....
a)
teks slogan
b)
teks pawarta
c)
teks persuasi
d)
teks pariwara
19.
Teks pawarta anggone nyusun adhedhasar ....
a)
basa asing
b)
apa lan sapa
c)
sebab akibat
d)
apa, sapa, kapan, nyapa, neng endi, lan kepriye
20.
Gambar kang ana ngisor iki klebu jinise ....
a)
iklan
b)
sesanti
c)
pawarta
d)
persuasi
21.
Sing kalebu teks informasi yaiku ....
a)
Teks pawarta
b)
Teks persuasi
c)
Crita Kancil lan Baya
d)
Legenda Danau Toba
22.
Titikane teks pawarta yaiku ....
a)
ngandharake fakta
b)
kamomot ana ing media cetak
c)
isine ngajak-ajak
d)
isine mamerake
23.
Sing kalebu sesanti yaiku ....
a)
Negor sauwit, nandur satus bibit
b)
Alasku paru-parune donya
c)
Ayo nglestarekake alam
d)
Sabun deterjen rakyat, ramah lingkungan
24.
Sing kalebu teks pawarta yaiku ....
a)
Banjir Bandhang lan Longsor Trenggalek
b)
Gugur Gunung ing Desa Wringinanom
c)
Alas lestari, uripmu murakabi
d)
Taman Nasional Baluran, Wisata alam kang cocok kanggo liburan
25.
Sing kalebu teks pariwara yaiku ....
a)
Sabun deterjen rakyat, ramah lingkungan
b)
Rujak cingur, panganan khas Jawa Timur, enak lho...
c)
Banjir Bandhang Nrajang Desa Banyumas
d)
Lestari alamku, lestari negaraku
26.

Teks sing tujuane nginformaseake sawernane bab utawa apa wae diarani...

a)

teks informasi

b)

teks penjelasan

c)

teks pernyataan

d)

teks berita

27.

Wacanen kanthi patitis!


Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.


miturut wacan ing ndhuwur, kalebu jenise teks...

a)

pawarta

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

pariwara

28.

teks sing isine ngajak-ngajak, narik kawigatene liyan, lan ngyakinake wong sing maca diarani teks...

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

teks argumentasi

d)

pariwara

29.

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged ( tercemar ). Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


yen ditilik saka isine, paragraf ndhuwur iku kalebu jenise teks...

a)

pawarta

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

iklan/pariwara

30.

gambar ing ndhuwur kuwi kalebu jenise...

a)

pawarta

b)

slogan

c)

persuasi

d)

pariwara

31.

gambar ing ndhuwur iku kalebu...

a)

sesanti

b)

pariwara

c)

iklan

d)

pawarta

32.

endi gambar ngisor iki sing kalebu iklan?

a)
b)
c)
d)
33.

Taman Nasional Baluran kuwi salah sijine cagar alam utawa hutan lindung sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistem sing asli ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku bantheng.


Irah-irahan sing mathuk kanggo paragraf ing ndhuwur yaiku...

a)

Rekreasi ing Baluran

b)

Taman Nasional Baluran

c)

Rekreasi Keluargaku

d)

Padhang Savana ing Baluran

34.

Karangan sing isine nggambarake sawijining kahanan, saengga wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan...

a)

Deskripsi

b)

narasi faktual

c)

persuasi

d)

eksposisi

35.

Salah sijine teks sing diamot ing media cetak(koran, majalah) utawa media elektronik(TV), lan isine pawarta sing lagi anget dadi bahan omongane masyarakat diarani teks...

a)

teks deskripsi

b)

teks pawarta

c)

pariwara

d)

slogan

36.

Jodohkan berikut ini

a)

Mamerake supaya dideleng lan dituku

1.

pariwara

b)

Ngandharake fakta (prastawa nyata)

2.

pawarta

c)

Karangan sing isine ngajak lan ngyakinake

3.

persuasi

d)

Isine ngelingake

4.

slogan

e)

Teks kang nggambarake samubarang apa anane

5.

deskripsi