Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Bab geguritan

Total questions: 30

Worksheet time: 21mins

Name
Class
Date
1.

Panulisan geguritan nggunakake basa sing ngandhut makna kang jero. Kang mangkono

nuduhake basa ing geguritan asipat ….

a)

mentes

b)

cekak

c)

edukatif

d)

estetis

e)

persuasif

2.

Panulisan geguritan migunakake basa kang endah lan bisa negesi pirang-pirang kekarepan

kanthi migatekake larasing uni. Babagan iki kaaran ….

a)

diksi

b)

amanat

c)

lelewaning basa

d)

tipografi

e)

tema

3.

Nilai pendhidhikan kang kinandhut sajroning geguritan lan pengin diwe dharake penulis

lumantar geguritan. Perangan iki kaaran unsur ….

a)

estetis

b)

koheren

c)

lelewaning basa

d)

estetika

e)

edukatif

4.

Gatekna geguritan ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomer 4–6!

Carita Wayang

Dening Eko Wahyu Nugroho

Sapa kandha wayang kuwi kuna?

Yen durung ngerti lakuning crita

Wiwit jejer tekaning paripurna

Dudu amung rikala gara-gara

Rentep-rentep piwulang kagambarna

Tindak-tanduk uga tata krama

Kang bisa tansah ngrembaka

Saka isining carita kang kababar

Kababar pitutur suci tumrap dhiri

Dhiri kang tansah nguri-uri

Nguri-uri kabudayan Jawa suci

Miguna mring nagari

Geguritan ing dhuwur klebu jinis geguritan ….

a)

kuna

b)

lawas

c)

anyar

d)

tengahan

e)

pinathok

5.

Katrangan kang trep kanggo nggam barake amanat geguritan yaiku ….

a)

crita wayang ora ngemu pitutur luhur ing jerone

b)

kadang kanoman ora kudu nguri-uri crita wayang amarga ora kabeh duwe kaprigelan

kanggo ndhalang

c)

kadang kanoman kudu bisa njaga warisan budaya kanthi ajar ndhalang

d)

crita wayang klebu budaya Jawa kudu diuri-uri amarga ngandhut pi tutur suci tumrap

dhiri kang migunani tumrap nagara

e)

crita wayang klebu crita kuna sing wis ora bisa ditrapake ing jaman saiki

6.

Geguritan ing dhuwur ngemu surasa kang ….

a)

ngalembana

b)

panyendhu

c)

nuturi

d)

nyemoni

e)

ngguroni

7.

Geguritan klebu jinis puisi Jawa gagrag ….

a)

kuna

b)

modheren

c)

tengahan

d)

anyar

e)

lawas

8.

Nulis geguritan supaya asile luwih becik lan endah ana saperangan paugeran kang bisa

digatekake. Ing ngisor sing ora klebu perangan kasebut yaiku ….

a)

ora prelu migunakake paramasastra

b)

migatekake swasana ati lan lingkungan

c)

milih tema

d)

migunakake purwakanthi

e)

migatekake tetembungan

9.

Ing ngisor iki kang ora perlu digatekake nalika nyulih wedharaning geguritan yaiku ….

a)

njingglengi menawa nggunakake pasemon

b)

maca tulisan kanthi tliti

c)

ora perlu njarwani pralambang utawa pasemon

d)

nggoleki teges tembung kan angel

e)

ngira-ira tetembungan kang diilangi nuli mbalekake

10.

Geguritan asale saka tembung lingga gurita kang diowahi saka tembung gerita. Dene gerita

saka tembung gita. Tegese tembug gita yaiku ....

a)

rumpakan

b)

swara endah

c)

tulisan kang awujud tatahan

d)

tulisan

e)

tembang

11.

Maca geguritan kudu nggatekake babagan kedaling lesan, tata pangaturing napas, lan

pamedhoting ukara. Kang mangkono diarani ….

a)

busana

b)

komunikatif

c)

sarana

d)

penampilan

e)

olah swara

12.

Unsur-unsur geguritan ing basa Jawa. Unsur kang kakandhut ing geguritan yaiku unsur

intrinsik. Alat kanggo medharake apa kang arep diandharake ing geguritan diarani ….

a)

sarana retorika

b)

citraan

c)

diksi

d)

underaning gagasan

e)

frasaologi

13.

Basa kang kinandhut sajroning geguritan yaiku ….

a)

ukarane dawa ngayawara

b)

migunakake tembung sing dianggo ing padinan

c)

basane njuwarehi

d)

tetembungane ngemu teges sing jero

e)

ora migunakake basa rinengga

14.

Kang klebu struktur fisik geguritan yaiku

a)

rasa-pangrasa

b)

swasana

c)

amanat

d)

nada/lagu

e)

imajinasi

15.

Kang klebu titikane geguritan yaiku ….

a)

kawengku ing pathokan

b)

ora kasusun saka gatra lan pada

c)

ora migunakake purwakanthi basa, swara lan sastra

d)

migunakake tembung-tembung pinilih

e)

basa kang digunakake basa padinan

16.

Panulisan geguritan bisa migunakake dasanama. Upamane kaya punggelan larik geguritan

ing ngisor.

Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa.

Kang ora klebu dasanamane saka tembung janma yaiku …..

a)

jalma

b)

nawala

c)

manungsa

d)

manas

e)

nara

17.

Katrangan kang nuduhake titikane geguritan gagrag anyar yaiku ….

a)

cacahing wanda saben gatra kudu padha

b)

tibaning swara ing pungkasan gatra kudu padha

c)

ora dipurwakani tembung sun gegurit

d)

cacahe gatra ora tamtu nanging kudu padha, adate paling sithik patang gatra

e)

guru lagu ing pungkasan kudu runtut

18.

Sajroning pamacane geguritan kita bisa jupuk piwulangan kang kakandhut ing jerone sing

bisa dadi tepa tuladha ing urip saben dina. Kang mangkono klebu babagan ing jerone

geguritan kang diarani ….

a)

rumpakan

b)

unsur kaendahan

c)

nuwuhake rasa tresna

d)

unsur edukasi

e)

wutuh utawa koheren

19.

Sajroning panulisan geguritan bisa kanthi nganggo dasanama supaya luwih endah. Dene

ing ngisor iki kang ora klebu dasanama kanggo tembung angin yaiku ….

a)

maruta

b)

sindhung

c)

bayu

d)

bajra

e)

warih

20.

Gatekna punggelan geguritan ing ngisor iki!

Gemricik swaramu ing wayah esuk

Agawe tentrem ing ati

Kricik-kricik kaya tatanan tembang kang endah

Katrangan kang trep karo geguritan ing dhuwur yaiku ….

a)

medharake amanat ing geguritan

b)

nengenake babagan wirama ing pandhapukaning tembung

c)

nuduhake nada sajroning ge guritan

d)

migunakake pamilihan tembung denotatif

e)

ngemu imajinasi pangindran pangrungu

21.

Ing ngisor iki klebu dasanama tembung "Geni" yaiku ...

a)

guntur

b)

dahana

c)

giri

d)

sindhung

e)

bayu

22.

Ing struktur fisik geguritan ana sawijining struktur kang wewudujan larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait diarani ....

a)

wirama

b)

imajinasi

c)

diksi

d)

tipografi

e)

busananing-basa

23.

Ing ngisor iki kang klebu geguritan tradhisional awujud tembang tengahan yaiku ....

a)

dhandhanggula

b)

asmaradana

c)

wirangrong

d)

citramengeng

e)

candrakusuma

24.

Geguritan duweni sawatara paugeran kaya mangkene, (kejaba) ....

a)

ora kaiket pathokan guru gatra

b)

migunakake tetembungan kang endah

c)

migunakake tetembungan padinan

d)

isine ngandhut sindiran, pitutur, kritikan

e)

luwih nengenake isi geguritan kang mentes lan endah

25.

Paugeran kang digatekake nalika maca geguritan amrih bisa kalaksanan kanthi becik. Ing ngisor iki ora klebu perangan maca geguritan .....

a)

wicara

b)

wiraga

c)

wirasa

d)

wirama

e)

winarna

26.

Babagan kang kudu digatekake nalika gladhen nulis geguritan ing ngisor iki, (kejaba) ....

a)

nglatih tanggap sasmita

b)

menehi rerenggan ing tembung

c)

milih tetembungan kanthi sak karepe dhewe

d)

ngetokake tembung pisanan

e)

ngrantam tembung

27.

Babagan kang kudu digatekake nalika ngripta geguritan sawise nemtokake tema yaiku ...

a)

milih tetembungan kang bisa dimangerteni

b)

milih tetembungan kang mentes lan endah

c)

gawe cengkorongan geguritan

d)

geguritan dirembakake migunakake purwakanthi

e)

menehi irah-irahan kang jumbuh

28.

Tandha (/) kanggo sesulih tandha koma ateges mandheg sedhela. Menawa (//), tegese apa ....

a)

ora mandheg

b)

rada seru

c)

lirih pocapane

d)

mandheg

e)

ana sesambungane

29.

Ing ngisor klebu struktur batin geguritan yaiku ....

a)

diksi

b)

swasana

c)

imajinasi

d)

tipografi

e)

wirama

30.

Geguritan lan Tembang Macapat meh padha tapi ana bedane. Bedane kang paling umum yaiku ....

a)

nganggo basa rinengga

b)

migunakake tetembungan kiasan

c)

ngemu surasa pitutur, sindiran, kritikan

d)

ora kaiket guru gatra, guru lagu, guru wilangan

e)

kadhang migunakake purwakanthi swara