wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Bader XI pra 1 ganjil

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Panulisan geguritan nggunakake basa sing ngandhut makna kang jero. Kang mangkono nuduhake basa ing geguritan asipat…

a)

mentes

b)

cekak

c)

edukatif

d)

estetis

e)

persuasif

2.

Nilai pendhidhikan kang kinandhut sajroning geguritan lan pengin diwedhareake penulis lumantar geguritan. Perangan iki kaaran unsur…

a)

Estetis

b)

Koheren

c)

Lelewaning basa

d)

Estetika

e)

Edukatif

3.

Geguritan klebu jinis puisi Jawa gagrag…

a)

Kuna

b)

Modheren

c)

Tengahan

d)

Anyar

e)

Lawas

4.

Nulis geguritan supaya asile luwih besok lan endah ana saperangan paugeran kang bisa digatekake. Ing ngisor iki sing ora klebu perangan kasebut yaiku…

a)

Ora prelu migunakake paramasastra

b)

Migatekake swasana ati lan lingkungan

c)

Milih tema

d)

Migunakake purwakanthi

e)

Migatekake tetembungan

5.

Ing ngisor iki kang ora perlu digatekake nalika nyulih wedharaning geguritan yaiku…

a)

njingglengi menawa nggunakake pasemon

b)

maca tulisan kanthi tliti

c)

ora perlu njarwani pralambang utawa pasemon

d)

ngira-ira tetembungan kang diilangi nuli mbalekake

e)

nggoleki teges tembung kang angel

6.

Geguritan asale saka tembung lingga gurita kang diowahi saka tembung gerita. Dene gerita saka tembung gita. Tegese tembung gita yaiku…

a)

tulisan kang awujud tatahan

b)

swara endah

c)

tembang

d)

Nengenake babagan wirama ing pandhapukaning tembung

e)

Migunakake pamilihan tembung denotatif

7.

Guritan minangka salah siji wujude karangan/anggitan sing ora migatekake pathokan…

a)

guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

b)

basane endah, mentes lan mantes

c)

basa rinengga, mentes lan mantes

d)

guru swara, guru sastra lan guru basa

e)

purwakanthi, pepindhan lan paribasan

8.

Guritan iku tembung-tembunge luwih akeh migunakake tembung kanthi teges…

a)

wantah

b)

kias

c)

denotative

d)

apaanane

e)

lumrah

9.

Wong sing ngarang geguritan diarani…

a)

dhalang

b)

komponis

c)

panggurit

d)

niyaga

e)

sindhen

10.

Ing  guritan asring tinemu basa rinengga wujud runtute swaraing saben pungkasane gatra. Basa rinengga iki diarani purwakanthi…

a)

guru swara

b)

guru sastra

c)

guru basa

d)

guru lagu

e)

guru gatra

11.

Supaya bisa mangerteni isine guritan, kita kudu mangerteni…

a)

tegese  tembung

b)

palambang tembung

c)

pamacane tembung

d)

ekspresi wajah

e)

wong sing ngarang

12.

Wong sing maca guritan bisa apik lan enak dirungokake sauger mangerteni…

a)

tegese tembunge

b)

isine geguritan

c)

mangerteni wong sing ngarang

d)

irah-irahane

e)

basane

13.

Jingglengana pethikan guritan ing ngisor iki!

Uneg-uneg Tukang Rosok Marang Calon Pemimpin

Dening  Siti Purwati, S.Pd

….

Nanging,  jajalen…titenana!Y

en panjenengan klakon lungguh kursi

Aja maneh kok takon lan nyalami aku 

Yen ketemu, noleh bae panjenengan ora duwe wektu!

Apa maneh kok mujudake janji-janji panjenengan!

Tembung “lungguh kursi” ing pethikan guritan“Uneg-uneg Tukang Rosok Marang Calon Pemimpin” iku ateges…

a)

dadi pemimpin

b)

dadi juwara

c)

lungguh kepenak

d)

lungguh empuk

e)

kursi kang empuk

14.

Wacanen guritan iki kanthi patitis!  

Iwak-Iwak Padha Langen

Dening : Aris Irianti Iwak-iwak padha langen  

Ana kalen lan siwakan

Gegodhongan jejogedan

Amarga katiyup angin

Hawa seger lan ganda arum

Sumerbak saka kekembangan

Kang padha mekrok

Ana ing mangsa ketiga

Bocah-bocah padha ngundha layangan

Para kadang tani padha ura-ura

Sinambi ndhangir sukete

Kang padha thukul ana Ing kiwa tengene tetanduran Lombok lan teronge

Ayo kanca tugas kita

Bisane kahanan tetep kaya ngene

Ora ana limbah lan sampah

Uga polusi kang gawe Regede desaku iki

Sing padha langen ing siwakan kang ana ing guritan “Iwak-Iwak Padha Langen” iku…

a)

iwak-iwak

b)

gegodhongan

c)

kekembangan

d)

bocah-bocah

e)

kadangtani

15.

Sing padha jejogedan kang ana ing guritan “Iwak-Iwak Padha Langen” yaiku…

a)

iwak-iwak

b)

gegodhongan

c)

kekembangan

d)

bocah-bocah

e)

kadangtani

16.

Sajroning pamacane geguritan becik migatekake sawatara babagan. Salah sijine cethane pangucapan swara, wanda lan tetembungan kang diarani…

a)

wicara

b)

wirama

c)

solah bawa

d)

wiraga

e)

wirasa

17.

Ing panulisan geguritan kawangun saka basa sing endah kayata nggatekake purwakanthi utawa unen-unen liyane sing diarani basa…

a)

Kawi

b)

Ngoko

c)

Rinengga

d)

Krama

e)

Padinan

18.

Basa kang dipaesi dadi katon endah lan bisa ndudut ati diarani basa (a)  

19.

Cacahing gatra saben sapada diarani guru (a)  

20.

Cacahing wanda saben sagatra diarani guru (a)