wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Bab Geguritan

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Titikane geguritan gagrag anyar yaiku...

a)

Guru lagune wis pinathok

b)

Lumrahe dumadi saka patang gatra

c)

Diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit

d)

Ngugemi anane guru wilangan

e)

Bebas saka paugeran gatra, wilangan, lan lagu

2.

Struktur teks geguritan kaperang dadi loro yaiku struktur...

a)

Fisik lan batin

b)

Lawas lan anyar

c)

Tipografi lan diksi

d)

Luar lan batin

e)

Kongkret lan imaji

3.

Kang kalebu struktur fiksi ing geguritan, kajaba ...

a)

Tembung kongkret

b)

Wirama

c)

Amanat

d)

Tipografi

e)

Diksi

4.

Geguritan yaiku ...

a)

Sawijine karya sastra kang basane dawa, mentes, lan ora endah

b)

Sawijine karya sastra kang basane dawa, mentes lan endah

c)

Sawijine karya sastra kang basane cekak, mentes lan endah

d)

Sawijine karya sastra kang basane cekak, mentes lan ora endah

e)

Sawijine karya sastra kang basane cekak, ora mentes, lan endah

5.

Geguritan asale saka tembung “gurit” kang ateges … utawa tulisan kang awujud tatahan.

a)

Karya 

b)

Tembung

c)

Nyanyian

d)

Kidung

e)

Lagu

6.

Geguritan iku kangga gampange diaran uga ...

a)

Tembung macapat

b)

Kidung jawa pertengahan

c)

Kakawin jawa kuna

d)

Puisi gagagrak anyar

e)

Tembang campursari

7.

Kang kelebu struktur bati geguritan yaiku ...

a)

Tema lan amanat

b)

Panyitra lan diksi

c)

Diksi lan tipografi

d)

Purwakanthi lan wirasa

e)

Enjabemen lan lelewaning basa

8.

Sing kelebu struktur lair geguritan yaiku ...

a)

Tema lan amanat

b)

Panyitran lan tema

c)

Wirasa lan amanat

d)

Diksi lan tipografi

e)

Enjabemen lan wirasa

9.

Gemricik swaramu ing wayah esuk

Agawe tentrem ning ati

Kricik-kricik kata tatanan kang enda

Kutipan geguritan ing dhuwur nggunakake panyitra ...

a)

Pangarasa

b)

Panindak

c)

Panggada

d)

Pangrungu

e)

Pandeleng

10.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani

Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...

a)

Sedulur

b)

Putu

c)

Bapak

d)

Ibu

e)

Anak

11.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani

Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...

a)

Bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara

b)

Susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong

c)

Susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak

d)

Wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak

e)

Bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

12.

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani

Purwakanthi sing digunakake yaiku purwakanth guru ...

a)

Sastra t

b)

Basa/lumaksita kali

c)

Sastra g

d)

Swara i

e)

Swara um

13.

Alon bantere swara, selaras-seimbange swara nganti dadi kaya wirama kang endah, iku diarani ...

a)

Artikulasi

b)

Diksi

c)

Tempo

d)

Dinamika

e)

Modulasi

14.

owah-owahane swara, umpamane swara tuwa, swara bocah cilih, swarane digawe cempreng, ulem, geter lan sapanunggale iku diarani ...

a)

Tempo

b)

Modulasi

c)

Dinamika

d)

Artikulasi

e)

Diksi

15.

Alon cepete pangucapan, dijumbuhake karo napas lan swasana sing pengin di wedharake diarani ...

a)

Tempo

b)

Dinamika

c)

Diksi

d)

Modulasi

e)

Artikulasi

16.

Pesen kang kinandhut ing geguritan kang diandharake panggurit marang pamaca yaiku...

a)

Makna

b)

Amanat

c)

Tema

d)

Nada

e)

Rasa

17.

Sing kalebu struktur batin ing geguritan yaiku...

a)

Tema, rasa, nada, amanat

b)

Tema, imaji, makna, amanat

c)

Rasa, makna, diksi, amanat

d)

Tema/makna, wirama, nada, amanat

e)

Tema, diksi, nada, amanat

18.

Kekarepan utawa maksud tartamtu kang kinandhut ing saben tembung, gatra, pada, lan sakabehe ing geguritan, yaiku...

a)

Tema

b)

Rasa

c)

Wirama

d)

Nada

e)

Imaji

19.

Intonasi yaiku...

a)

Maju mundure lagu pocapan ing geguritan

b)

Maju mundure pocapan ing ukara

c)

Lagune tembung-tembung ing geguritan

d)

Munggah mudhune lagu pocapan ing ukara

e)

Munggah mudhune tembung

20.

Sing mbedakake geguritan lan tembang dijelasake kaya ing ngisor iki, yaiku ...

a)

Geguritan cacahe wanda lan cacahe gatra ana tata aturane.

b)

Geguritan iku olehe maca kudu ditembangake/dilagokake.

c)

Geguritan iku ora kaiket guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
d. Tembang macapat iku ora nduweni guru gatra, guru wilangan, guru lagu.

d)

Tembang iku migunakake purwakanthi guru swara ab / ab.

e)

Geguritan iku ora kaiket guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.

21.

Sekar Gambuh ping catur
Kang cinatur tutur ..........................
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh
Kapatuh pan dadi awon

Tembung kang mathuk kanggo njangkepi cakepane tembang ing ndhuwur yaiku ...

a)

Tutur kalantur

b)

Kang tansah cinatur

c)

Kang kalantur

d)

Atur lumuntur

e)

Catur kalantur

22.

Supaya luwih gampang nulis geguritan, mula kudu mangerteni dhisik . . .

a)

Ciri-cirine

b)

Tulisane

c)

Ukarane

d)

Jeneise

e)

Intonasine

23.

Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake . . .

a)

Tema

b)

Intonasi

c)

Tulisan

d)

Bahasa

e)

Inspirasi

24.

Geguritan yaiku . . . . ukara sing ditulis dening pengarang, duweni amanat sing apik kanggo pamaos.

a)

rerangkening

b)

cerita

c)

urutane

d)

jenis

e)

pitakon

25.

Wong sing nulis geguritan diarani . . .

a)

Panggurit

b)

Pamaos

c)

Panulis

d)

Dening

e)

Sesorah