wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH 1 BASA JAWA KELAS VII

Total questions: 22

Worksheet time: 2hrs 50mins

Name
Class
Date
1.
Pasar Legi Pasar Legi dumunung ing tengah kutha. Saben esuk, pasar iku rame banget. Pedagang padha ngatur dagangané kanthi rapi: ana sing adol woh-wohan, sayur-mayur, daging, lan sandhangan. Ambune woh sing seger, kecut asem saka jeruk lan manis saka mangga, kadhang nyampur karo ambune iwak seger. Swara wong tawar-menawar lan guyubing pedagang karo pembeli marakaké suasana pasar dadi urip lan anget. Ing sisih wetan, ana deretan warung panganan. Saka kadohan, ambune sego liwet lan sate ayam mbledhos, ngundang sapa wae kang liwat kanggo mampir. Ing njero pasar, rega barang luwih murah tinimbang toko-toko moderen. Nanging, kepenake pasar tradisional ora mung regane sing mirah, nanging uga suasanane sing guyub lan akrab. Apa tujuan pengarang nalika nggambarake suasana Pasar Legi ing teks?
a)
Marang pembaca supaya tuku barang murah
b)
Nggambarake pasar tradisional kanthi rinci lan nyata
c)
Mbandhingake pasar modern karo pasar tradisional
d)
Ngajak wong supaya dagang ing pasar
2.
Struktur teks deskripsi umume dumadi saka …
a)
Pambuka – isi – panutup
b)
Identifikasi – klasifikasi – ringkesan
c)
Identifikasi – Klasifikasi – Dheskripsi
d)
Orientasi – komplikasi – resolusi
3.
Isuk mau ibu mlampah-mlampah karo bapak banjur mampir warung tumbas sarapan. Sebutna tembung kriyane...
a)
Isuk mau, karo, tumbas
b)
Mlampah-mlampah, mampir, tumbas
c)
Mlampah-mlampah, mampir, karo
d)
Karo, mampir, sarapan
4.
...kadhang nyampur karo ambune iwak seger. Tembung iwak seger kalebu tembung...
a)
Aran + Kahanan
b)
Kriya + Aran
c)
Kahanan + Kriya
d)
Aran + kriya
5.

“Ambune sego liwet lan sate ayam mbledhos”. Tembung mbledhos nuduhake …

a)

Huruf "o" swara jejeg

b)
Huruf "e" swara miring
c)
Huruf "o" swara miring
d)
Huruf "e" pepet
6.
Yen tembung tuku banjur diganti dadi dituku, owah-owahan iku nuduhake …
a)
Tembung lingga
b)
Tembung andhahan/ wuwuhan (ater-ater di-)
c)
Tembung kahanan
d)
Tembung kriya lingga
7.
Kepenake pasar tradisional iku regane sing mirah. Tembung Tradional kalebu tembung...
a)
Kriya
b)
Aran
c)
Panggandheng
d)
Kahanan
8.
Tuladha tembung kan entuk ater-ater anuswara yaiku...
a)
Nulis, Nandur, Nangkis
b)
Ditulis, Daktulis, katulis
c)
Sinau, Lara, Waras
d)
Tukul, Tuku, Nuku
9.
Yen tembung ngundang diganti dadi dakundang owah-owahan kasebut nuduhake ater-ater ?
a)
N-
b)
Tripurusa
c)
di-
d)
Ka-
10.

Pasar Legi Pasar Legi dumunung ing tengah kutha. Saben esuk, pasar iku rame banget. Pedagang padha ngatur dagangané kanthi rapi: ana sing adol woh-wohan, sayur-mayur, daging, lan sandhangan. Ambune woh sing seger, kecut asem saka jeruk lan manis saka mangga, kadhang nyampur karo ambune iwak seger. Swara wong tawar-menawar lan guyubing pedagang karo pembeli marakaké suasana pasar dadi urip lan anget. Ing sisih wetan, ana deretan warung panganan. Saka kadohan, ambune sego liwet lan sate ayam mbledhos, ngundang sapa wae kang liwat kanggo mampir. Ing njero pasar, rega barang luwih murah tinimbang toko-toko moderen. Nanging, kepenake pasar tradisional ora mung regane sing mirah, nanging uga suasanane sing guyub lan akrab.

Apa sebab pasar tradisional luwih disenengi tinimbang toko modern miturut teks?

a)
Lokasi luwih strategis
b)
Rega luwih murah lan suasana guyub
c)
Barang luwih lengkap
d)
Ana deretan warung panganan
11.
Yen teks mau dadi bahan iklan, ukara endi sing paling pas dijupuk?
a)
“Pasar Legi dumunung ing tengah kutha.”
b)
“Saben esuk, pasar iku rame banget.”
c)
“Ambune sego liwet lan sate ayam mbledhos.”
d)
“Kepenake pasar tradisional ora mung regane sing mirah, nanging uga suasanane sing guyub lan akrab.”
12.
Apa efek panggunaan ukara deskriptif “ramé banget … guyubing pedagang karo pembeli” marang pamaca?
a)
Nambah data faktual
b)
Nggawe pamaca bisa ngrasakake kahanan pasar
c)
Nambah argumentasi logis
d)
Ngurangi unsur estetis teks
13.
Ukara “Saka kadohan, ambune sego liwet … ngundang sapa wae kang liwat kanggo mampir” nggunakake indera apa?
a)
Pangrungu
b)
Paningal
c)
pangrasa
d)
pangambu
14.

Swara "é" ing tembung "seger" kalebu …

a)
"e" swara pepet
b)
"e" swara miring
c)
"e" swara jejeg
d)
"e" swara vokal
15.
Dina iki udan deres … aku tetep menyang sekolah. Tembung panggandhen sing pas kanggo ukara ing dhuwur yaiku?
a)
Lan
b)
Nanging
c)
Utawa
d)
Supaya
16.
“Bapak menyang pasar kanggo tuku iwak lan sayur. Pasar iku rame amarga akeh wong dodolan.” Tembung aran sing ana ing paragraf yaiku …
a)
Tuku
b)
Akeh
c)
Pasar
d)
Amarga
17.
“Pasar iku katon resik, sanadyan isih ramé, nanging wong-wong padha krasa lega amarga bisa blanja.” Tembung kahanan sing ana ing ukara yaiku …
a)
pasar, wong-wong, blanja
b)
resik, rame, lega
c)
katon, isih, amarga
d)
sanadyan, nanging, bisa
18.

“Taman sekolah katon ijo royo-royo. Ana wit mangga, wit jati, lan kembang mawar sing semerbak ambune. Saben esuk, siswa padha lungguh ing kursi taman kanggo maca utawa rembugan karo kanca. Suasanane adem lan damai, nggawe kahanan sekolah dadi luwih nyenengake.”

Saka teks kasebut, apa sing ndadekake tulisan kuwi bisa diarani teks deskripsi? Tulisen alesané!

4 lines
19.

IJO lan ADHEM

Sebutna ngendi sing kalebu swara jejeg lan swara miring saka tembung kasebut!

4 lines
20.

Apa sing dimaksud struktur identifikasi lan dhefinisi bagean? Jelasna!

4 lines
21.

Gawea ukara (kalimat) saka tembung aran, kriya, lan kahanan (minimal saben-saben tembung 2)!

4 lines
22.

Tembung "maca", tembung linggane apa? Yen diwuwuhi ater-ater dak- (tripurusa), gawea ukara nganggo tembung kasebut!

4 lines