NEW
Font size
WorksheetsSUMATIF TEMBANG MACAPAT (X/GANJIL)
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Tembang pangkur aweh gambaran yen manungsa iku duweni fase mundur saka panguripan ragawi tumuju panguripan spiritual. Tegese tembang kasebut duweni makna…
Pitutur
Mungkur
Nasihat
Kahanan paprangan
Kahanan grapyak
Sing kalebu sasmitane tembang Asmarandana yaiku
Jumbuh
Wijil
Yungyun
Wunat
Dur
Sing ora kalebu jenis tembang macapat yaiku
Maskumambang, Wijil, Durma
Pocung, Mungkur, Dhandhanggula
Durma, Maskumambang, Mungkur
Maskumambang, Wijil, Mungkur
Megatruh, Durma, Pocung
Tembang macapat sing duwe 4 gatra yaiku…
Maskumambang
Mijil
Sinom
Kinanthi
Gambuh
Tembang sing duwe filosofis tumrap ritual manungsa sawise seda lan diwungkus kain mori yaiku…
Dhandhanggula
Pocung
Megatruh
Gambuh
Mijil
Apa paugerane tembang macapat
Guru lagu, guru swara, guru wilangan
Guru lagu, Guru Gatra, Guru Swara
Guru swara, guru sastra, guru wilangan
Guru lagu, gudu gatra, guru wilangan
Guru sastra, guru basa, guru wilangan
Guru wilangan yaiku cacahe … saben sak ….
wanda, pada
wanda, bait
bait, wanda
gatra, wanda
wanda, gatra
Guru lagu yaiku dhong dhinge swara saben pungkasane…
Wanda
Gatra
Pada
Bait
Tembang
Ana kidung rumeksa ing wengi
Pan gawe ayu
Luputa saka bilahi
Yen den sambat kalis nirmala
Adedhasar paugerane, tembang kasebut yaiku…
Pocung
Maskumambang
Gambuh
Wijil
Kinanthi
Ana kidung rumeksa ing wengi
Pan gawe ayu
Luputa saka bilahi
Yen den sambat kalis nirmala
Katrangan sing benenr adedhasar tembang ing dhuwur yaiku
5 gatra — 12 i, 6a, 8i, 8a
4 gatra — 12 a, 6a, 8i, 8a
4 gatra — 10i, 6a, 8i, 8a
4 gatra — 10 a, 6a, 8i, 8a
4 gatra — 12 i, 6a, 8i, 8a
Basa rinengga yaiku gabungan … kang mujudake basa sing endah
Purwakanthi
Tembung
Ukara
Wanda
Kalimat
Ing ngisor iki penganggone basa rinengga sing ora bener yaiku kanggo…
Geguritan
Tembang macapat
Cerkak
Karya sastra Jawa
Panulisan skripsi
Sing ora kalebu jenis basa rinengga yaiku
Purwakanthi Guru Sastra
Purwakanthi guru lagu
Bebasan
Seselan
Saloka
Ukara “Bakul Baksone Budhal Bakulan” kalebu jenis basa rinengga apa?
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru basa
purwakanthi guru lumaksita
tembung saroja
Ukara “Bakul Baksone Budhal Bakulan” kalebu jenis basa rinengga apa?
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru basa
purwakanthi guru lumaksita
tembung saroja
Sing kalebu tuladha purwakanthi guru basa yaiku
Bocah pinter, dadi dhokter
Sluman slumun slamet
Urip kuwi sawang sinawang, sawangane penak durung mesthi penak tenan
Kadang konang
Saiki sanguku sewu seket
Basa rinengga sing kasusun saka 2 tembung sing meh padha artine lan dienggo bebarengan yaiku
Seselan
Bebasan
Saroja
Saloka
Paribasan
Tuladha tembung saroja yaiku
Dugi+um= dumugi
Gagah Prakosa
Jer basuki mawa bea
Kadang konang
Sluman slumun slamet
Wong tuaku yen nyambut gawe direwangi… supaya aku bisa dadi bocah sukses
Jembar polatane
Adus kringet
Dhuwur atine
Dawa ususe
Ngekep dhengkul
Bocah ora duwe tata krama, yen sekolah bijine ya elek. Pancen rai gedhek. Rai gedhek artine…
Nesu
Bodho
Ora duwe pikir
Ora duwe isin
Gampang nyepelekne
Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu.
bathangane apa?
Glali
Timba
Dangu
Laras
Peniti
Jangan gori, nagnti judheg anggonku mikir.
Jangan gori=
Tewel
Kecap
Gudeg
Jangan pedes
Lawuh
unen unen sing mathuk racikane lan mawa teges tartamtu yaiku
Tembung entar
Wangsalan
Saloka
Saroja
Paribasan
nunggu utawa ngarep-ngarep samubarang sing during mesthi.
kalebu tuladha bebasan sing unine…
Njagakake endhoge si blorok
Anak polah bapa kepradah
Adigang, adigung, adiguna
Car cor kaya kurang janganan
Durung pecus keselak besus
wong wis kelangan isih mbutuhake wragat kanggo nggoleki barang sing ilang.
yaiku maknane saloka sing unine…
Idu didilat maneh
Asu belang kalung wang
Beton melu seton
Kebo ilang tombok kandhang
Klenthing wadah masin
