Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Quiz Cerkak lan Tembang Macapat

Total questions: 23

Worksheet time: 12mins

Name
Class
Date
1.

Unsur sing mbangun cerkak ana loro yaiku …

a)

tema lan alur

b)

paraga lan latar

c)

intrinsik lan ekstrinsik

d)

amanat lan konflik

2.

Ing ngisor iki kalebu unsur intrinsik cerkak kejaba …

a)

tema

b)

paraga

c)

latar

d)

panganggit

3.

Bagéan struktur cerkak sing nerangake wiwitan (awal) kedadeyan yaiku …

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

krisis

d)

koda

4.

Krisis yaiku bagéan crita sing …

a)

nyritakake watak tokoh

b)

gawe pamaca deg-degan

c)

nerangake papan lan wektu

d)

ngemot amanat

5.

Koda kalebu struktur cerkak kang …

a)

gawe bingung pamaca

b)

nerangake latar

c)

dadi pungkasaning crita

d)

ngenalake paraga

6.

Amanat iku …

a)

maksud kang arep diwenehake panganggit

b)

jeneng paraga utama

c)

latar wektu lan papan

d)

jinis konflik sing ana

7.

Ing nulis cerkak, langkah kang kapisan yaiku …

a)

gawe rangkèn

b)

nemtokake irah-irahan

c)

nemtokake tema

d)

nemtokake latar

8.

Ing kasusastran Jawa, puisi dipérang dadi loro yaiku …

a)

puisi klasik lan puisi Jawa modheren

b)

geguritan lan cerkak

c)

mantra lan parikan

d)

guritan lan prosa

9.

Tembang macapat klebu puisi …

a)

modheren

b)

klasik

c)

anyar

d)

bebas

10.

Guru gatra tegesé …

a)

cacahe wanda saben tembung

b)

cacahe baris saben sapada

c)

cacahe swara ing saben sagatra

d)

cacahe paraga ing crita

11.

Guru lagu tegesé …

a)

aturan jumlah kata

b)

aturan pethikan swara ing saben gatra

c)

aturan basa sing digunakake

d)

aturan pethikan paraga

12.

Guru wilangan tegesé …

a)

cacahing swara

b)

cacahing tembung

c)

cacahing wanda (suku kata)

d)

cacahing pupuh

13.

Tembang macapat ana pira jinis?

a)

7

b)

9

c)

11

d)

14

14.

Ing ngisor iki kalebu jinis tembang macapat yaiku …

a)

Parikan

b)

Pantun

c)

Gambuh

d)

Syair

15.

Serat Tripama kagawé dening …

a)

Sunan Kalijaga

b)

KGPA Mangkunegara IV

c)

Ranggawarsita

d)

Sunan Pakubuwana II

16.

Serat Wulang Sunu kagawé dening …

a)

Sunan Pakubuwana IV

b)

Sunan Giri

c)

Ranggawarsita

d)

Mangkunegara I

17.

Serat Kalatidho kagawé dening …

a)

Yasadipura II

b)

Sunan Kalijaga

c)

Ranggawarsita

d)

Ronggowarsito

18.

Purwakanthi tegesé …

a)

ukara kang ngemot amanat

b)

ukara kang diulang swara utawa wanda

c)

ukara kang ngemot konflik

d)

ukara kang mratelakake latar

19.

Tembang macapat sing nggambarake katresnan yaiku …

a)

Asmaradana

b)

Pocung

c)

Gambuh

d)

Sinom

20.

Tembang macapat sing nggambarake sedhih lan pati yaiku …

a)

Pocung

b)

Sinom

c)

Gambuh

d)

Megatruh

21.

Arif seneng banget maca buku ing perpustakaan sekolah. Saben istirahat, dheweke lungguh neng pojok perpustakaan lan ora gelem keganggu. Amarga kebiasaan kuwi, Arif dadi pinter lan asring menang lomba maca crita.

Apa sing nyebabaké Arif dadi pinter?

a)

Seneng dolanan bal

b)

Seneng mangan jajan

c)

Seneng maca buku

d)

Seneng turu nang kelas

22.

Nalika dolan menyang kutha, Rani nemokaké dompet isi dhuwit lan KTP. Senadyan dheweke butuh dhuwit kanggo tuku buku, nanging Rani milih nggawa dompet mau menyang kantor polisi supaya bisa bali marang sing nduwèni.

Apa nilai kejujuran sing katon saka Rani?

a)

Ora kepengin ketok pelit

b)

Seneng nuduhake barang sing ketemu

c)

Ora gelem nggunakake sing dudu duweke

d)

Gelem berbagi karo kanca-kanca

23.

S.M "Dhandanggula" Laras Slendro Pathet 9 (Serat Tripama)
Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa sira anuladha
Duk ing nguni caritane
Andelira Sang Prabu
Sasrabahu ing Maespati
Aran Patih Suwonda
Lelabuhaneipun
Kang ginelung tri prakara
Guna kaya purun ingkang den antepi
Nuhoni trah utama

Sebutna guru wilangan lan guru lagu, saka baris ke lima kang serat macapat iki!

a)

9i

b)

8i

c)

10i

d)

12i