wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Teks Deskriptif lan Geguritan

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Teks deskriptif iku kalebu teks kang isine …

a)

Nerangake kedadeyan sejarah

b)

Nerangake sawijining obyek kanthi cetha

c)

Nyeritakake crita rekaan

d)

Njlentrehake tumindak wong

2.

Unsur teks deskriptif ana pira?

a)

Telu

b)

Papat

c)

Lima

d)

Enem

3.

Teks deskriptif lumrahe digawé kanggo …

a)

Mbantu pamaca ngimajinasikaké sawijining obyek

b)

Ngandhut nasihat urip

c)

Ngandharaké carita sejarah

d)

Njlentrehake kawruh ilmiah

4.

Geguritan gagrag lawas kawiwitan nganggo …

a)

Tembung bebas

b)

Tembung sun gegurit

c)

Ukara anyar

d)

Diksi prosa

5.

Geguritan gagrag anyar nduwèni ciri …

a)

Cacahe wanda padha saben gatra

b)

Gatrane bebas, ukarane ketat

c)

Ora ana paugeran gatra lan cacahe wanda bebas

d)

Gatra tetep 4 saben bait

6.

Unsur fisik geguritan antarané yaiku …

a)

Wirama, wirasa, wiraga

b)

Tipografi, diksi, imaji, rima, majas

c)

Tema, amanat, rasa, nada

d)

Basa, ukara, aksara

7.

Unsur batin geguritan ana …

a)

Lima

b)

Papat

c)

Telu

d)

Loro

8.

Wiraga ing geguritan iku ateges …

a)

Tatanan swara utawa wirama

b)

Gaya maca geguritan nganggo gerak awak

c)

Rasa sing dikandhut geguritan

d)

Larik kang ngemu makna

9.

Wirama ing geguritan gegayutan karo …

a)

Swara lan intonasi maca

b)

Tembang macapat

c)

Tipografi teks

d)

Cacahe ukara saben bait

10.

Wirasa ing geguritan tegesé …

a)

Piwulang sing didakokaké

b)

Rasa sing metu nalika maca utawa ngrungokaké

c)

Tata tulisan

d)

Ukara kang dipotong-potong

11.

Tumrap pangripta, nulis geguritan kudu diwiwiti karo …

a)

Milih judhul sing unik

b)

Nemtokaké tema

c)

Milih irama sing pas

d)

Nggawé tipografi

12.

Supaya geguritan luwih endah, kudu nganggo …

a)

Basa ilmiah

b)

Majas utawa gaya basa

c)

Tembang macapat

d)

Ukara resmi

13.

Yen maca geguritan, kudu nganggo ekspresi …

a)

Sing padha wae, ora usah diganti

b)

Cocog karo laras lan isi geguritan

c)

Nganggo swara keras terus

d)

Ora nganggo gerakan awak

14.

Geguritan bisa dadi sarana kanggo …

a)

Sinau sejarah

b)

Nyampèkaké rasa lan pikiran pangripta

c)

Nyeritakaké lelampahan nyata

d)

Nglatih maca teks ilmiah

15.

Geguritan gagrag lawas lumrahe ditulis nganggo aturan …

a)

Gatra lan cacahe wanda tartamtu

b)

Ukara bebas

c)

Basa prosa

d)

Diksi ilmiah

16.

Geguritan gagrag anyar biyasane luwih …

a)

Keket lan ketat paugerane

b)

Bebas lan ora kaiket aturan gatra

c)

Mirip karo tembang macapat

d)

Cuma nganggo basa kawi

17.

Tipografi ing geguritan iku …

a)

Tata letak utawa wujud tulisan ing kertas

b)

Swara nalika diwaca

c)

Isi utawa tema geguritan

d)

Makna kang dikandhut larik

18.

Unsur sing mbantu geguritan luwih urip amarga ana gambaran-gambaran nyata yaiku …

a)

Imaji

b)

Wirasa

c)

Wiraga

d)

Rima

19.

Nalika maca geguritan nganggo swara alus, banter, utawa semangat, iku nuduhaké …

a)

Tipografi

b)

Wiraga

c)

Wirama

d)

Wirasa

20.

Alun-alun Purwokerto awan kuwi rame banget. Wit-witan sing ngancani pinggir alun-alun kaya payung ijo kang nglindhungi wong-wong saka panasé srengéngé. Ing tengah alun-alun, bocah-bocah padha dolanan bal kaya manuk-manuk cilik sing padha mabur bebas. Suasanané gawe ati krasa ayem lan kepenak.

Ing teks deskripsi ana ukara “wit-witan sing ngancani pinggir alun-alun kaya payung ijo kang nglindhungi wong-wong saka panasé srengéngé.”

Ukara kuwi kalebu teges ora langsung amarga …

a)

Wit-witan pancen dadi payung tenan

b)

Wit-witan dibandhingaké karo payung ijo kanggo nggambarake pangayomané

c)

Wit-witan digawe saka kain ijo

d)

Wong-wong padha nggawa payung nalika ana ing alun-alun