wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASTS SESORAH XI

Total questions: 51

Worksheet time: 58mins

Name
Class
Date
1.

Micara ana ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tartamtu lan migunakake pagu kang mligi diarani ....

a)

geguritan

b)

pawarta

c)

sesorah

d)

nembang

2.

perangan sesorah kang ngandharake wigatining atur yaiku ....

a)

purwaka

b)

surasa

c)

wasana

d)

pangajab

3.

Dhumateng Bapak Kepala sekolah smk negeri 1 trucuk ingkang kinurmatan. Bapak ibu guru ingkang kula urmati. ingkang kinurmatan bapak/ ibu staf karyawan, dalasan kanca-kanca smk negeri 1 trucuk ingkang kula tresnani.

Pethikan pidhato ing dhuwur kalebu perangan sesorah ....

a)

salam pambuka

b)

atur pakurmatan

c)

atur pamuji syukur

d)

pangajab

4.

jinising sesorah wonten 3. salah setunggale yaiku sabdatama. sabdatama yaiku ....

a)

sesorah kang isine medharake gagasan utawa isine penggalih

b)

sesorah kang ngandharake panemu

c)

sesorah kang ancase menehi pitutur marang pamirenge kanthi medharake kabecikan

d)

sesorah kang ancase nampa rawuhe tamu ing sawijining pasamuan

5.

pambagyaharja adicara temanten, sambutan panitia lomba 17an menika tuladha kagiyatan sesorah kang nduwe ancas ....

a)

kanggo aweh kabar/ informasi

b)

kanggo ngandharake panemu/gagasan/ pikiran

c)

kanggo panglipur/ ngayem-ayem/ ngilangake rasa susah

d)

kanggo nampa rawuhe tamu ing sawijining adicara

6.

gambar ingkang nuduhake sesorah kanggo nampa tamu ing sawijining pasamuan yaiku ....

a)
b)
c)
d)
7.

pambagyaharja iku asale saka tembung pambagya lan raharja. tegese pambagya yaiku ....

a)

mbagekake

b)

syukur

c)

nasihat

d)

menyambut

8.

perangan sesorah kang isine pangarep-arep utawa pituduh kang kasuwun katindakake dening pamireng yaiku ....

a)

wasana basa

b)

surasa basa

c)

dudutan

d)

pangajab

9.

kanthi nindakake cara ingkang kados mekaten, mugi-mugi saged minangka satunggaling pambudidyaa kanggo nebihi sarta ngusadani lare ingkang kenging narkoba. pramila kula ngemutaken dhateng dhiri pribadi kula piyambak, lan dhumateng kanca-kanca, ampun ngantos dados satunggaling pengguna narkoba, awit narkoba punika pancen ngrisak pajangka lan sedaya kekajengan ingkang badhe dipungayuh.

pethikan sesorah menika kalebu perangan ....

a)

atur pamuji syukur

b)

surasa basa

c)

dudutan

d)

wasana basa

10.

metode sesorah ekstemporan yaiku sesorah kanthi .....

a)

cara langsung tanpa nyamatake naskah luwih dhisik

b)

nggawa catetan cilik kang isi balungane sesorah (isi pokok)

c)

cara iki migunakake teks utawa naskah kang diwaca langsung sasuwene sesorah

d)

cara ngapalake naskah sesorah kang wis digawe sadurunge

11.

nalika arep nindakake sesorah kudu migatekake perangan, kajaba ....

a)

wiraga

b)

wirasa

c)

wirama

d)

audience

12.

gegayutane karo solah bawa lan obahe awak nalika sesorah diarani ....

a)

wiraga

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wicara

13.

unsur-unsur kang kudu ana ing sesorah kajaba ....

a)

sapa kang sesorah

b)

kepiye swasanane

c)

apa ancase sesorah

d)

apa kang dirembug

14.

Bapak, ibu saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati,Wonten wekdal menika, wulan Agustus 2012, Indonesia sampun ganep yuswanipun ingkang kaping 67. Yuswa kados menika mboten sami kaliyan kahananipun Bangsa Indonesia luwih-luwih perjuwanganing pahlawan nagari. Taksih kathah warga masyarakat ingkang dereng ngraosaken gesang ingkang mulya wonten warsa menika. Ugi taksih kathah luwih saking setunggal ewu siswa/i Indonesia ingkang mboten nglajengaken sekolah amargi kiranging biaya saha inggilipun kebutuhan pokok luwih-luwih wonten kitha ageng kados to Kitha Malang menika. Punapa menika kamardikan hakiki ingkang sampun dipun sandhang Nagari Indonesia kurang luwih 67 warsa kepengker? Kahanan menika miturut pangemut kula amargi kiranging partisipasinipun warga masyarakat Indonesia. Pamerintah RI saged sae kinerjanipun saha lancar programipun menawi sedaya warga masyarakat nggadhah partisipasi ingkang ikhlas kagem nglaksanakaken program pembangunan menika saha maringi tanggung jawab marang pamerintah.

pethikan sesorah ing ndhuwur ngemu tema sesorah ....

a)

mengeti dinten olahraga nasional

b)

mengeti dinten kamardikan RI

c)

mengeti dinten sumpah pemuda

d)

mengeti dinten pendidikan nasional

15.

Saderengipun mangga kita sareng ngaturaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha kuwaos inggih punika Gusti Allah swt. Amargi kanthi linuberan rahmat saha hidayanipun kita sedaya saged pinanggihan wonten wekdal ingkang saeu menika kagem mengeti dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 67.

pethilan sesorah ing ndhuwur kalebu perangan sesorah ....

a)

atur pakurmatan

b)

atur pamuji syukur

c)

atur panuwun

d)

salam pambuka

16.

metode sesorah kanthi cara spontan utawa katindakake langsung tanpa nyamatake naskah luwih dhisik diarani ....

a)

maca naskah

b)

apalan

c)

ekstemporan

d)

impromtu

17.

nalika mirengake sesorah pamedhar sabda ngandharake wigatining rembug kang dadi wos ngendikane. perangan mirengake iku diarani ....

a)

sapa sing ngendika

b)

apa sing dirembug

c)

bayarane piro

d)

kapan ditindakake

18.

Sedherek-sedherek ingkang minulya,Kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken. Kula ugi nyuwun gunging samudra pangaksami menawi wonten pitutur kula ingkang mboten sekeca wonten penggalihipun para rawuh sedaya.

pethilan sesorah ing ndhuwur kalebu perangan sesorah ....

a)

salam pambuka

b)

pangajab

c)

wasana basa

d)

surasa basa

19.

ingkang kinurmatan, ingkang pinundhi, ingkang kula tresnani, ingkang bagya mulya, salah sawijining tuladha ana ing perangan ....

a)

atur pamuji syukur

b)

atur pakurmatan

c)

atur panuwun

d)

salam pambuka

20.

pamicara ngaturake salam marang pamiyarsa kanggo mungkasi sesorah. yaiku perangan ....

a)

salam pambuka

b)

surasa basa

c)

salam panutup

d)

pangajab

21.

"Nuwun panjenenganipun para sepuh, langkung para pepundn ingkang mahambeg drama, panjenenganipun para priyagung ingkang winantu ing pakurmatan, dalasan sadaya para rawuh kakung miwah putri ingkang winantu ing karahayon."


andharan kasebut klebu ing perangan ....

a)

atur sukur

b)

atur panuwun

c)

salam pambuka

d)

isi

e)

dhudhutan

22.

Ingkang kinabekten Bapak Kepala SMA N I Kutowinangun, ingkang kinurmatan Bapal/Ibu Guru saha Staf Tata Usaha SMA N I Kutowinangun, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Andharan kasebut klebu perangan ... ing pidhato

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Wos

d)

Salam panutup

e)

Panutup

23.

Sesorah iku nduweni ancas maneka warna, ing ngisor iki kang kalebu sesorah kanggo ajak-ajak, yaiku ….

a)

Pambagyaharja

b)

Rapat RT

c)

Sesorah 17-an

d)

Orasi kampanye

e)

Sesorah hardiknas

24.

Gatekna pethilan sesorah ing ngisor iki!

Kula namung asung pepenget dhumateng pengurus enggal, supados sami kersa lan saged nyonto pitedah-pitedah saking pengurus lami, pengurus enggal mugi tansah manunggal ing sedya, cipta, rasa, karsa, lan karyanipun.


Tembung asung tegese ....

a)

Ngusung

b)

Asok

c)

Aweh

d)

Piweling

e)

Pituduh

25.

Parto sesuk arep pidhato ing acara perpisahan kelas XII. Anggone Parto miwiti pidhato yaiku …

a)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

b)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak ibu wali murid ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

c)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak ketua RT ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

d)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak camat ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

e)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak kepala desa ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

26.

Jumenenge jejeg ananging ora kaya patrape wong baris, sikil ora mepet utawa mbeguagah, ora ndhingkluk utawa ndanga, ora kakehan obah, pandengan kudu mirsani kabeh pamiyarsa ora mung kendel ing sak nggon wae. sajrone nindakake sesorah iki perangan bab apa?

a)

Busana

b)

Basa lan Sastra

c)

Sikap

d)

Suara

27.

Gatekna bab-bab ing ngisor iki!

(1) ndhingkluk

(2) tangan ngapurancang

(3) nyawang tamu

(4) nguwasani pemirsa

Bab kang ora kena dilakokake nalika sesorah yaiku bab nomer…

a)

(4)

b)

(3)

c)

(2)

d)

(1)

28.

Conto babagan penutup teks pidhato, yakuwe....

a)

Cekap semanten atur kula, menawi lepat nyuwun pangapunten

b)

Mangga sami muji maring Gusti Sing Kuwasa, awit dinten niki kita teksih saged kempal wonten papan ngriki

c)

Dhumateng Bapak lan Ibu Guru sing kula bekteni, lan kanca batir sing tak tresnani

d)

Batir kabeh sing tak tresnani, dadi siswa kudu sregep sinau, manut maring guru, lan netepi aturan sekolah

29.

Puji syukur kula aturaken dumateng ngarsanipun Gusti Allah swt awit sampun paring kesehatan, kekiyatan, saha keselametan. Karana menika panjenengan saha kula saged makempal wonten adicara silaturahmi.

Pratelan pidhato kuwi kalebu perangan….

a)

surasa basa/isi

b)

salam pambuka

c)

purwaka basa

d)

wasana basa/panutup

30.

Kangge mengeti lan mahargya dinten miyosipun Ibu Kartini, Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga kabupaten Gunungkidul ngawontenaken Lomba Sesorah kanggo siswa SMK. Ardi ndherek lomba sesorah. Nalika maju lomba Ardi nggawa cathethan pokok-pokoking sesorah ingkang badhe diaturake, lan kanthi pengalaman lan jembaring kawruh  Ardi saged ngembangake sesorahe kanthi becik . Metode sesorah sing dipunginakaken Ardi yaiku ….

a)

A.      Ekstemporan

b)

B.       Impromptu

c)

C.       Apalan

d)

D.      Maca Teks

e)

E.       Mawwat

31.

Kagatosna wacan ing ngandhap menika!

(1)     Pangarep-arep

(2)     Pamuji Syukur

(3)     Uluk salam/salam pambuka

(4)     Salam panutup

(5)     Wigatining atur/isi

(6)     Panutup

Urutan cengkorongan sesorah kang trep yaiku…

a)

A.      2, 3, 5, 4, 6, 1.

b)

B.       1, 2, 3, 4, 5, 6.

c)

C.       3, 2, 5, 1, 6, 4.

d)

D.      2, 3, 5, 1, 6, 4.

e)

E.       2, 3, 1, 5, 6, 4.

32.

(1)     Bapak RW saha Bapak RT ingkang kula urmati

(2)      Bapak Dhukuh ingkang kinurmatan

(3)      Para warga desa Wonosari ingkang kula tresnani

(4)     Bapak Lurah ingkang dhahat kinurmatan

Urutan pakurmatan ingkang trep inggih menika…

a)

A.   (1), (2), (3), (4)

b)

B.  (2), (4), (1), (3)

c)

C.   (3), (4), (1), (2)

d)

D.  (4), (2), (1), (3)

e)

E.   (4), (2), (3), (1)

33.

Ukara kang nuduhake panutup ing sesorah yaiku...

a)

A. Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni. Bapak / Ibu Guru ingkang kinurmatan. Kadang kula sepuh kelas tiga ingkang kula tresnani.

b)

B. Kula minangka wakil saking kelas kalih saha kelas setunggal, ngaturaken agunging panuwun. Dene raka kelas tiga sampun ikhlas paring pitedah saha bimbingan ingkang kathah.

c)

C. Puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun ngluberaken rahmat saha hidayah dene panjenengan sedaya dalasan kula saged nyawiji kangge ngawontenaken adicara pepisahan.

d)

D. Cekap semanten atur kula. Menawi wonten kiranging atur kaladuking wicanten kula nyuwunagunging samodara pangaksami.

e)

E. Kadang kula kelas tiga, kula sakanca ndherek bingah dene panjenengan sampun kasil medal saking pawiyatan menika kanthi biji ingkang sae.

34.

Perangane wasana basa ana ing sesorah padatane ngandharake ….

a)

Nyuwun agunging panuwun dhumateng para rawuh sedaya

b)

Ngajak supados ngaturaken raos syokur wonten ngarsa dalem Allah SWT

c)

Nyuwun pangapunten menawi wonten lepating atur

d)

Ngandharaken sedaya perkawis

e)

Atur pakurmatan sesepuh pinisepuh

35.

Ana ing ngisor iki bab-bab kang kudu ditinggalake pamicara nalika sesorah, kajaba

a)

Obahing awak kirang becik

b)

Obahing awak boten jumbuh kaliyan ingkang dipunaturaken

c)

Ngadeg kanthi lelamberan sikil siji

d)

Ngadeg tanpa nggatosaken papan panggenanipun

e)

Ngadeg jejeg, swanten sarta iramanipun kedah cetha

36.

Supri sesuk arep sesorah ing adicara perpisahan kelas. Kang rawuh yaiku Kepala Sekolah, bapak Ibu guru sarta kanca-kanca kelas sewelas. Anggone Supri miwiti sesorah / pidhato yaiku …..

a)

Assalamualaikum wr.wb. Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan, lan kanca-kanca remaja masjid ingkang bagya mulya

b)

Assalamualaikum wr.wb. Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru ingkang kula kurmati, saha wali murid ingkang kula kurmati ugi.

c)

Assalamualaikum wr.wb. Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kula kurmati, kanca-kanca ingkang kula tresnani.

d)

Assalamualaikum wr.wb. Kanca-kanca ingkang kula tresnani, Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kula kurmati,

e)

Assalamualaikum wr.wb. Kanca-kanca, Bapak Ibu Guru saha Kepala Sekolah ingkang kinurmatan

37.

Supaya bisa sesorah kanthi apik, para siswa prelu ngrancang sesorah, kanthi nggatekake bab-bab ing ngisor iki, kajaba …

a)

Ngginakaken basa ingkang awrat/angel dipunmangertosi

b)

Damel cengkorongan (kerangka) sesorah

c)

Mekaraken cengkorongan sesorah menika kanthi milih tembung- tembung ingkang leres

d)

Nggtosaken unggah - ungguh (sesorah dhateng sinten)

e)

Sesorah kanthi lafal, tempo, intonasi, patrap ingkang leres

38.

Murwakaning atur sumangga tansah ngonjukaken puja lan puji sokur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan, sarta kalodhangan, satemah kita saged kempal wonten Aula menika kanthi kabagaswarasan lan kawilujengan ingkang tansah tumanduk dhateng angga priyangga kita sedaya. Perangan sesorah ing dhuwur kalebu ….

a)

Salam pambuka

b)

Salam panutup

c)

Purwaka basa

d)

Wasana basa

e)

Suras basa

39.

Endi ukara ing ngisor iki sing unggah-ungguhe ora pener/kleru?

a)

Dhek wingi esuk Ibu tindak pasar, mundhut tape karo cethot

b)

Kala wingi enjing Ibu tindak peken, mundhut tape kaliyan cethot

c)

Yen ora kleru Pakdhe sesuk kesah Semarang numpak sepur

d)

Menawi mboten lepat Pakdhe ngenjang tindak Semarang nitih sepur.

40.

Gatekna informasi ing ngisor iki.

1)      Gugup

2)      Ngguyu sing digawe-gawe

3)      Patrap kudu manteb

4)      Tangan sedhakep

5)      Teteg

6)      Tangan ngapurancang

Babagan kang kudu disingkiri nalika sesorah yaiku....

a)

1 lan 4

b)

2 lan 5

c)

3 lan 2

d)

4 lan 5

e)

5 lan 6

41.

“Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Akarya Loka mugi tansah kajiwa kasarira wonten panjenengan sedaya dalasan kula. Panjenenganipun Bapa Harja, keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapa saha Ibu Wardi. Kula kinen masrahaken putra temanten kakung pun Bagus Albana Hafiz. Mugi katur panjenenganipun Bapa saha Ibu Sardi.”

Jenenge penganten kakung saha pethilan sesorah ing dhuwur yaiku....

a)

Sardi

b)

Albana Hafiz

c)

Harja

d)

Rozaq Irfanda

e)

Irwan Hafiz

42.

Perangkening ukara kasebut kalebu perangan panutuping sesorah yaiku....

a)

Nuwun, para pepundhen, para sepuh, para pinisepuh ingkang pinundhi, para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes kinurmatan, para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya, para rawuh kakung putri ingkang sinudarsana.

b)

Pungkasaning atur kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Widada tansah tumadhah lebering pangaksama, karana kiranging subasita, kalentuning basa sastra anggen kula matur kalebet anggen kula nampi panjenengan sarombongan. Kajawi saking menika panjenengan sarombongan taksih kula suwun hanjenengi panggihing sri penganten ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan ing dalu menika. Nuwun.

c)

Salajengipun keparenga kula ngaturaken reroncening adicara ing dinten menika: (1) pambuka, (2) atur pambagya saking kulawarga temanten putri, (3) atur saking kulawarga temanten kakung, (4) atur saking kulawarga temanten putri, (5) panutup.

d)

Wus handungkap prapta hunggyan ingkang tinuju, putra temanten putri nulya kalenggahaken wontening sasana rinengga hangrantau laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.

e)

Tinangsulan lawe wenang werdinipun tinangsulan lan akrami kaiket ing prasedya luhur, mugi anggennya mangun bebrayan boten nalisir saking hanger paugeraning kautaman.

43.

Bapak kulina dipundhapuk dados sesulih ingkang kagungan damel, pakaryan punika atur pambagyaharja. Nalika pasamuan wonten dhusun Bapak ngagem jas nasional, nanging nalika wonten kraton ngagem kejawen jangkep. Perangan ing bab wigati amrih prayoginipun wedharan ingkang dipunwastani ....

a)

pirsa wawasan pamireng ingkang bakal mirengaken tanggap wacana

b)

pirsa wekdal tanggap wacana ingkang dipunparingaken

c)

pirsa jinisipun tanggap wacana lan tema acara

d)

nyiyagakaken bab-bab saha piranti ingkang dipunbetahaken nalika tanggap wacana

e)

busana ingkang jumbuh kaliyan swasana

44.

para rawuh ingkang kinurmatan, sumangga langkung rumiyin kula saha panjenengan sadaya tansah ngunjukaken raos sukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kawasa awit sadaya sih nugrahaning, pramila saged prapta ing papan menika kanthi ginanjar wilujeng nir ing sambekala.

pethikan ing nginggil minangka perangan sesorah ingkang sinebut….

a)

pambuka

b)

atur panuwun

c)

wosing gati

d)

pamuji syukur

e)

wasana basa

45.

Nuwun,

Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Bapak ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Boten katalumpen kadang-kadang kula siswa-siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang winantu ing karaharjan.

Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan kaparingan wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan.

Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani …

a)

purwaka basa

b)

surasa basa

c)

wasana basa

d)

salam pambuka

e)

pambagya harja

46.

Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wanita mliginipun remaja putri kedah cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged damel aruming bangsa.

Pethikan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng perangan …

a)

purwaka basa

b)

surasa basa

c)

wasana basa

d)

salam pambuka

e)

pambagyaharja

47.

Pramila sumangga panjenengan sedaya, kula ... ngonjukaken raos puji sokur wonten ... Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Awit sedaya berkah kaliyan rahmatipun ingkang linuberaken ... panjenengan sedaya kaliyan kula ... saged kempal manunggal kanthi wilujeng.

Tembung-tembung kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg kasebut yaiku ....

a)

dherekaken, ngajeng, dhateng, saengga

b)

dherekaken, ngarsanipun, dhateng, satemah

c)

dherekaken, ngasanipun, dhumateng, sabibaripun

d)

aturaken, sangajengipun, dhateng, tumuli

e)

aturaken, ngarsanipun, dhateng, salajengipun

48.

Ing desa Dhukuh pak Hadi kulina kadhapuk dadi sesulih priyayi kang nduwe gawe. Dene pakaryan iki atur pambagyaharja. Nalika pasamuwan ing desa pak Hadi ngagem jas nasional, nanging nalika ana ing karaton ngagem busana kejawen jangkep. Perangan iki kalebu bab wigati murih prayogane wedharan kang diarani ....

a)

Ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacana

b)

Ngreteni wektu utawa durasi tanggap wacana kang diwenehake

c)

Ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara

d)

Nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacana

e)

Busana kang jumbuh karo swasana

49.

Sesorah utawa pidhato bisa digunakake ing sadhengah kahanan. Tegese sesorah yaiku ….

a)

Wicara utawa nglairaken panemu sarana lesan ing sangarepe wong akeh

b)

Ngarang utawa nglairake panemu kanggo awake dhewe

c)

Ngarang utawa nglairake panemu awujud tembung-tembung

d)

Ngarang utawa nglairake panemu kanthi cara lesan lan tulisan

e)

Nulis utawa nglairake panemu sarana tulisan

50.

Sepisa sumannga kita sadaya ngaturaken puji syukur dumatheng Gusti Allah ingkang sampun maringaken nikmat saengga kita saged makempal ing adicara perpisahan kelas VI.Kula siswa kls VI ingkang tinanggenah guru, makili kanca-kanca ngaturaken matur nuwun dhumateng bapak ubu guru, ingkang sampun nggulawentah kula sakanca. Kula lan rencang nyuwun donga pangestu supados saged lancar anggenipun nglanjutaken ing pawiyatan ingkang langkung inggil ,saengg a cita-cita kula lan rencang-rencang saged kawuju.Aamiin. Pidhato kaya paragraph ing ndhuwur diarani....

a)

purwaka basa

b)

salam pambuka

c)

wigatining atur

d)

wasana basa

51.

Ing ngisor iki kang ora kalebu ancase nindakake tanggap wacana, yaiku ...

a)

nggunakake unggah-ungguh basa kang becik.

b)

nggatekake tata rakite ukara kang becik.

c)

enggal-enggal dirampungi.

d)

swara lan pocapan cetha.