wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

STS BAHASA JAWA KELAS 3 SMT 1 (2025)

Total questions: 20

Worksheet time: 10hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Klebu tuladhane fabel yaiku...

a)

Dumadine Kutha Surabaya

b)

Malin Kundang

c)

Kancil lan Baya

d)

Dampo Awang

2.

Piweling panulis awujud pitutur luhur kang kinandhut sajroning crita diarani....

a)

tema

b)

latar

c)

amanat

d)

paraga

3.

Kewan kang dicritakake duwe watak kang julig, kadhang kala wicaksana yaiku......

a)

kancil

b)

baya

c)

semut

d)

kebo

4.

Crita dongeng minangka tradhisi lesan kang kudu dilestarekake amarga....

a)

kanggo sarana nggulawenthah

b)

critane apik

c)

critane ora tinemu nalar

d)

bisa kanggo medeni bocah

5.

Crita dongeng iku klebu ing wacan.....

a)

deskripsi

b)

eksposisi

c)

narasi

d)

argumentasi

6.

Sawah ing kana pancen jembar lan amba

Tembung sing nggutiak swara [a] jejeg yaiku.....

a)

sawah lan kana

b)

sawah lan jembar

c)

jembar lan amba

d)

kana lan amba

7.

Crita dongeng kang kita mangerteni saiki critane kaya mangkono Kang mangkono uga padha karo sing dimangerteni karo wong tuwane dhewe. Upamane crita Malin Kundang nyritakake anak kang duraka marang wong tuwa wusanane malih dadi watu amarga supatane ibune. Kang mangkono nuduhake salah siji sipat dongeng sing diarani....

a)

anonim

b)

statis

c)

imajiner

d)

ngemu tuladha

8.

Sing diarani paraga yaiku....

a)

underaning gagasan pokok

b)

papan dumadine kedadeyan

c)

tokoh sing maragakake crita

d)

piweling marang pamaca

9.

Crita sing nyritakake asal-usul sawijining panggonan utawa barang diarani....

a)

dongeng

b)

fabel

c)

mitos

d)

legenda

10.

Ing crita, latar yaiku....

a)

gagasan pokok

b)

pesan moral

c)

papan lan wektu kedadeyan

d)

tokoh utama

11.

Pengalaman kang gawe bungahing ati tumrap wong sing ngalami diarani pengalaman....

a)

susah

b)

aneh

c)

seneng

d)

lucu

12.

Bapak wis mangkat nyambut gawe numpak sepedha.

Wujud basa krama saka ukara ing dhuwur yaiku....

a)

Bapak sampun budhal nyambut gawe numpak sepedha.

b)

Bapak wis budhal nyambut damel nitih sepedha.

c)

Bapak sampun tindak nyambut gawe nitih sepedha

d)

Bapak sampun tindak nyambut damel nitih sepedha.

13.

Adit lagi ajar numpak pit. Adit diajari dening bapake. Olehe latihan numpak pit wis oleh telung dina lan wis meh bisa numpak pit rodha loro. Dina kepapat. Adit nyoba numpak pit metu saka omahe. Tekane dalan pingeran pojokan, Adit ora ngerti yen ana bakul bakso lewat, amarga kaget Adit ora bisa menggok ngendha gerobag baksone. Wusanane Adit tiba lan setang ngarepe peyok.

Katrangan kang trep karo surasane crita ing dhuwur yaiku....

a)

nyenengake

b)

lucu

c)

medeni

d)

nyedhihake

14.

Nalika guneman karo wong tuwa nggunakake basa....

a)

krama alus

b)

ngoko alus

c)

ngoko lugu

d)

krama lugu

15.

Bisa diarani crita pengalaman pribadi amarga....

a)

crita pengalaman kang awujud angen-angen

b)

crita pengalaman kang durung ditemahi

c)

crita pengalaman kang wis dialami saben manungsa

d)

crita pangrekane manungsa kanggo nguripake angen-angen

16.

Kita bisa ngrungokake crita pengalaman saka wong liya. Kang mangkono wigati amarga....

a)

oleh pengalaman lawas

b)

milih crita kang becik

c)

kanggo gladhen ngrungokake

d)

bisa nambahi kawruh

17.

Panganggone basa krama kang trep yaiku.....

a)

guru marang siswa

b)

marang sapadha kanca

c)

anak marang wong tuwane

d)

padha karo wong tuwane

18.

Nulis crita pengalaman pribadi iku supaya gampang sing luwih dhisik ditindakake…

a)

Gawe irah-irahan

b)

Gawe pitutur luhure

c)

Gawe cengkorongan

d)

Nemtokake topik utawa temane crita

19.

Pengalaman kang nggambarake lelakon sedhih yaiku ...

a)


Dadi juwara lomba sesorah

b)

Dadi juwara lomba macapat

c)


Kelangan sedulur kang ditresnani

d)


Oleh undian saka acara jalan sehat

20.

Bapak Bupati ijik lara.

Yen dikramakne alus sing bener yaiku ....

a)


Bapak Bupati ijik gerah

b)


Bapak Bupati taksih gerah

c)

Rama Bupati taksih gerah

d)


Rama Bupati ijik gerah