NEW
Font size
WorksheetsUTS Bahasa Jawa 8 2025
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Ki Benawi rumaos krasan lan remen gesang ing desa iki, nganti sawijining dina ngendika tembung "balamawa" tegese "iki papan kang dakkarepake". Saka tetembungan "balamawa" kuwe mau, panggonan iki banjur diarani "Balamoa" Crita ana ing dhuwur gegayutan karo kedadean panggonan, diarani crita....
legenda
roman
mitos
fabel
Asal-usule aran desa Balamoa saka tetembungan kang diucapake Ki Benawi, yaiku tembung
Balamana
Balamawa
Bangawan
Balapulang
Pangeran Benawi kuwi sejatine putra narpati ing kerajaan Pajang. Tembung narpati/kalebu tembung garba, asale saka tembung....
nar + pati
nara + pati
na + rapati
narpa + ti
Nalika ngulandara Pangeran Benowo... kanthi asma Ki Benawi.
kalokeng
sukeng
tekeng
sureng
Sajroning ngulandara Pangeran Benowo nggunakake asma samaran Ki Benawi lan mbiwarakake menawi Pangeran Benowo wis seda. Ki Benawi ngulandara dumugi salah sawijining papan kang ana aki-aki lan nini-nini asmane Kyai Djinten lan Nyai Djinten, Tembung ngulandara ing dhuwur tegese padha karo
lunga saparan-paran
lunga bebarengan
lunga dewek-dewek
lunga dewekan
Ing wacan ana tembung aki-aki lan nini-nini, kalebu tembung rangkep....
dwipurwa
dwiwasana
dwilingga salin swara
dwilingga wantah
Wacan ing dhuwur migunakake unggah-ungguh basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Aku pan maring omahe Bulik Harni, nyuwun pirsa crita dumadine Desa Pedeslohor kene. Tembung omahe kang trep manut unggah-ungguh ngoko alus yaiku …
griyane
griyanipun
daleme
pondoke
Pak Camat mau ngomong yen arep menehi bantuan kanggo warga kene. Ana ing ukara iki, tembung ngomong lan menehi ora trep sing trep yaiku ....
ngendika, menehi
ngendika, menehake
ngendika, maringi
ngendika, maringaken
Mimin : "Ana tugas saka Pak Anton kon golet crita legenda, pimen yen... maring Simbahmu baen? Tono : "Ide bagua kiwe. Ya wis kapan awake dewek arep... maring daleme Simbahku." Pacelathon iki kudu diganepi nganggo tembung.....
nyuwun pirsa, ngadep
nyuwun pirsa, sowan
nyuwun pirsa, dolan
nyuwun pirsa, matur
Ibu : "Pak, yahwene kok mbeke... apa ana gawean sing kudu dilembur?" Bapak : "lya Bu. Iki mau kepalane maringi tugas maring bapak. Bapak kudu makili tindak rapat ing Dinas Pendidikan." Ukara Ibu diganepi nganggo tembung....
balik
kondur
wangsul
teka
Ana : "Bapak! Badhe nyuwun pirsa tatakramanipun mlampah nglancangi tiyang sepuh, menika kados pundhi?" Bapak : "Kowe mlaku arep nglancangi wong tua kudu uluk-uluk tembunge mangkene, mangga, ngrumiyini." Ing pacelathon iki ana tembung diwilingga wantah, yaiku.....
tatakramanipun
ngrumiyini
nglancangi
uluk-uluk
Saben kelas duwe tanggung jawab miara... kang ana ngarep kelase dhewek. Ukara iki ganepi nganggo tembung...
tura-turu
ngati-ati
sesambat
tetanduran
Pakdhe : "Gus, gasik temen pan endi?" Agus : ………………………………….
Badhe mundhut sarapan pakdhe, kula dereng maem.
Badhe tumbas sarapan pakdhe, kula dereng dhahar.
Badhe mundhut sarapan pakdhe, kula dereng nedha.
Badhe tumbas sarapan pakdhe, kula dereng nedha.
Ibu : "Pimen..., Lasmi nulis apa nang WA?" Murti : ……………………………………….
Lasmi ngomong kamardikan kiye asil perjuangane para pahlawan.
Lasmi ngendika kamardikan menika asil perjuanganipun para pahlawan.
Lasmi paring dhawuh kamardikan menika asil perjuanganipun para pahlawan.
Lasmi sanjang kamardikan menika asil perjuanganipun para pahlawan.
Pitakon nomer 16-25 wangsulana kanthi menehi tandha ping (X) ing aksara:
Pangkur
Sekar pangkur kang winama,
lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,
ala lan becik puniku prayoga kawruhаnа,
adat waton ingkang dipunkadulu."
miwah ing tata krama,
den kaesthi siyang ratri,
Paugeran tembang Pangkur ing dhuwur
(1) Guru gatrane 6
(2) Gatra 4 lan 6 guru wilangane 7
(3) Gatra 2 lan 6 guru lagune i
(4) Gatra 1 lan 6 guru lagune a
Jawaban (1), (2), lan (3) bener
Jawaban (1) lan (3) bener
Jawaban (2) lan (4) bener
Kabeh jawaban bener
Tembang Pangkur ing dhuwur nerangna
(1) Gatra 1 apa bae sing dicritakake ana ing tembang Pangkur.
(2) Gatra 3: apik lan ora apik sing ana.
(3) Gatra 5 taat marang adat lan aturan sing apik.
(4) Gatra 7: dilatih awan lan bengi.
Jawaban (1), (2), lan (3) bener
Jawaban (1) lan (3) bener
Jawaban (2) lan (4) bener
Kabeh jawaban bener
TUkara-ukara iki endi sing mujudake tembung tanduk?
(1) Tokone buka saben dina.
(2) Gilang ngombe es teh.
3) Pak Topik remen kopi.
(4) Tono nyekel pitik.
Jawaban (1), (2), lan (3) bener
Jawaban (1) lan (3) bener
Jawaban (2) lan (4) bener
Kabeh jawaban bener
Ukara-ukara iki kalebu tembung tanggap yaiku
(1) Bapak dipadosi Pak RW.
(2) Bukumu dakgawa aku.
(3) Obatmu apa wis kokjupuk?
(4) Lemper didamel saking ketan.
Jawaban (1), (2), lan (3) bener
Jawaban (1) lan (3) bener
Jawaban (2) lan (4) bener
Kabeh jawaban bener
"Ing ngarep menehi patuladhan, ing tengah mbangun semangat, ing buri menehi kekuwatan" Paribasan sing cocog karo tegese ing dhuwur yaiku
(1) Ing ngarsa sung tuladha
(2) Ing madya mangun karsa
(3) Tut wuri handayani
(4) Tut wuri kuwawa ing ati
Jawaban (1), (2), lan (3) bener
Jawaban (1) lan (3) bener
Jawaban (2) lan (4) bener
Kabeh jawaban bener
Ukara-ukara iki kang kalebu paribasan yaiku
(1) Jer basuki mawa bea.
(2) Bathok bolu isi madhu.
(3) Desa mawa cara nagara mawa tata.
(4) Gajah ngidak rapah.
Jawaban (1), (2), lan (3) bener
Jawaban (1) lan (3) bener
Jawaban (2) lan (4) bener
Kabeh jawaban bener
Ukara-ukara ing ngisor iki endi kang kalebu basa krama alus?
(1) Bu, kula nyuwun pamit badhe kesah sekedhap mundhut buku!
(2) Menapa Simbah sampun sare, kok boten mirsani TV?
(3) Ngendikanipun Pak Guru kula dipuntimbali?
(4) Mas Adi, bapak apa wis kondur?
Jawaban (1), (2), lan (3) bener
Jawaban (1) lan (3) bener
Jawaban (2) lan (4) bener
Kabeh jawaban bener
Tekade para pejuang.
jaga praja mbelani Bu Pertiwi,
korban jiwa raga tuhu,
prayoga dituladha,
rawe-rawe rantas malang-malang putung,
bebarengan padha tandhang
kanggo mulyaning nagari.
23. Ing tembang Pangkur iki tinemu
(1) Tembung tanggap diTuladha
(2) Tembung tanduk mbelani
(3) Paribasan Rawe-rawe rantas malang-malang putung
(4) Paribasan: mulyaning nagari
Jawaban (1), (2), lan (3) bener
Jawaban (1) lan (3) bener
Jawaban (2) lan (4) bener
Kabeh jawaban bener
Ukara kang nerapake tembung dwipurwa yaiku...
(1) Bocah-bocah padha lungguh ngarep kelas.
(2) Lin, yen tetuku apa bae kudu ngileng manfaate
(3) Adhiku mlayu-mlayu ana lapangan.
(4) Pak Marwan kuwi sesepuh ana ing desaku.
Jawaban (1), (2), lan (3) bener
Jawaban (1) lan (3) bener
Jawaban (2) lan (4) bener
Kabeh jawaban bener
Ukara-ukara ing ngisor sing mujudake tembung dwilingga salin swara yaiku …
(1) Runi mesam-mesem maca whatsApp saka kancane.
(2) Sani ngguya-ngguyu bae sing mau katone lagi seneng
(3) Kowe aja tura-turu ana kamar bae, gagian adus mengko ditinggal batire.
(4) Pak guru duka amarga siswane cengängesan nalika diwulang
Jawaban (1), (2), lan (3) bener
Jawaban (1) lan (3) bener
Jawaban (2) lan (4) bener
Kabeh jawaban bener
