NEW
Font size
WorksheetsPTS Kelas IX sem 1 2526
Total questions: 35
Worksheet time: 1hrs 10mins
Titikan utawa ciri-ciri teks laporan asil observasi iku ana akeh. Nanging salahsijine duwe gegayutan karo sipate teks kasebut sing apa anane. Perkara iki diarani ... .
objektif
informatif
partisipatif
komunikatif
Coba gatekna ukara tanduk iki! Alfi nuku pulpene Pak Suri. Ukara kasebut yen didadekake ukara tanggap dadi ... .
Alfi dituku pulpene Pak Suri
Alfi nukoni pulpene Pak Suri
Pulpene Pak Suri dituku Alfi
Pulpene Pak Suri lan Alfi dituku
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!
1) Horee.. aku oleh biji satus !
2) Panasa, ya klambiku ben garing.
3) Aja lunga tengah wengi !
4) Sampeyan mundhut napa?
Kang kalebu ukara panguwuh ditandhani angka pira?
1
2
3
4
Tuladhanipun basa krama alus manut ukara ing ngandhap, inggih punika ….
Kowe arep menyang ngendi, Mas Sur?
Panjenengan apa arep tindak, Mas Sur?
Sampeyan ajeng kesah teng Myanmar?
Panjenengan dalemipun pundi, Mas Sur?
... Bentor utawa biasane diarani Becak Motor kuwi kalebu sawijine transportasi sing wis dimodifikasi, tegese wis ana bab sing wis an owah-owahane.
Manut jenenge bentor Iki saka becak sing diwenehi mesin sepeda motor. ...
Pethilan wacan ing dhuwur kalebu ... .
Teks Biografi
Teks Narasi
Teks Observasi
Teks Persuasi
...Bentor Utawa becak motor kedadeyan saka rong piranti transportasi, sepisan sepedha motor lan kaping pindhone saka Pit utawa Becak.
Saka rong piranti mau digathukake dadi siji, becake dijupuk bagean ngarepe.
Dene sepedha motore ditugel ing bagean gulune utawa setire. Dadi roda/bagean ngarepe sepedha motor mau diowahi nggone becak....
Manut wacan ing dhuwur, bentor iku kedadeyan saka ... .
Sepedha motor lan becak
Pit lan sepedha pancal
Sepedha motor lan pancal
Becak lan sepedha pancal
Tujuane becak motor nganggo bageyan becake, supaya bisa ngemot penumpang luwih saka siji lan bisa kanggo ngemot barang sing akeh. Dene dipasangi mesin sepedha motor supaya ora prelu ngetokake tenaga linuwih.
Nanging wektu saiki bentor angel banget ditemokake jalaran wis kalah karo ojek online kaya Grab lan Gojek.
Kena ngapa bentor nggunakake bageyane becak ing sisih ngarepe?
Supaya bentor ora kalah karo ojek online kaya Grab lan Gojek.
Supaya sopir ora prelu ngetokake tenaga ngayuh kang linuwih.
Supaya bisa ngemot penumpang luwih saka siji lan barang akeh.
Supaya bisa ngamot penumpang kang eksklusif lan luwih cepet.
...Senajan saiki wis kalah karo ojek online nanging isih ana wae sing mbutuhake. Kayata kanggo ngemot kasur, dagangan Pasar, lan liya-liyane.
Saiki anane bentor akeh ditemokake ing pasar, sing jasane kanggo ngemoti blanjan dagangan Pasar. Mula anane bentor Utawa becak motor Iki migunani tumrap panguripan saben dina....
Apa guna paedahe bentor utawa becak motor iku manut wacan ing dhuwur?
Kanggo biyantu ngeterake barang kang wigati.
Kanggo saingan karo ojek online kang saiki ana.
Kanggo ngangkut penumpang-penumpang.
Kanggo ngamoti blanjaan dagangan Pasar.
Pasar tradhisional ing desaku rame saben esuk. Ana 10 bedhag ing ngarep pasar. Pedagang dodolan macem-macem barang, kaya sayur, buah, lan jajanan tradisional. Pedagang rata-rata nggunakake bahan lokal, mula regane luwih murah lan kualitas tetep apik. Ing pinggir pasar ana 17 bedhag kang dodol kebutuhan rumah tangga. Warga kang pengin tuku klambi bisa mlebu ing jero pasar. Bedhag klambine ana 4. Senajan pasar tradisional cilik, nanging dadi panggonan penting kanggo memenuhi kebutuhane warga.
Ana pira jumlahe bedhag ing Pasar Tradhisional desaku manut wacan ing dhuwur?
10
17
21
31
Pasar tradhisional ing desaku rame saben esuk. Ana 10 bedhag ing ngarep pasar. Pedagang dodolan macem-macem barang, kaya sayur, buah, lan jajanan tradisional. Pedagang rata-rata nggunakake bahan lokal, mula regane luwih murah lan kualitas tetep apik. Ing pinggir pasar ana 7 bedhag kang dodol kebutuhan rumah tangga. Warga kang pengin tuku klambi bisa mlebu ing jero pasar. Bedhag klambine ana 4. Senajan pasar tradisional cilik, nanging dadi panggonan penting kanggo memenuhi kebutuhane warga.
Ana wae kang didol ana ing bedhag ngarep pasar?
Sayur, buah, lan jajanan tradhisional.
Klambi-klambi sing dibutuhake warga.
Maneka macem kebutuhan rumah tangga.
Panganan kang arupa grosir lan murah.
Usaha home industri utawa indhustri omahan mujudake salah sijine indhustri sing ora mbutuhake modhal sing gedhe. Indhustri omahan luwih asring minangka wujud saka bisnis sampingan. Sanajan wiwitane wujud bisnis sampingan wusanane ndadekake bisnis sing ngrembaka lan nguntungake.
Sawise maca pethilan teks ing dhuwur kita bisa mangerteni menawa ... .
Usaha home industri utawa indhustri omahan mujudake salah sijine indhustri sing ora mbutuhake modhal sing gedhe.
Usaha home industri utawa indhustri omahan mujudake salah sijine indhustri sing ora mbutuhake modhal sing cilik.
Indhustri omahan luwih asring minangka wujud saka bisnis utama, kang saiki ngrembaka lan akeh nguntungake.
Indhustri omahan luwih asring minangka wujud saka bisnis sampingan, kang saiki ora ngrembaka lan ora nguntungake.
Ing Kutha Malang saiki bisa ditemokake maneka warna jinis kripik, utamane kripik maneka wohwohan. Ukara iki klebu jinise ukara ... .
Andhahan
Pitakon
Pakon
Sambawa
(A) HOME INDUSTRI
(B) Usaha home industri utawa indhustri omahan mujudake salah sijine indhustri sing ora mbutuhake modhal sing gedhe. Indhustri omahan luwih asring minangka wujud saka bisnis sampingan.
(C) Ing madyaning masyarakat indhustri omahan bisa kaperang dadi telu. Sepisan, indhustri omahan sing ngasilake jasa, kapindho indhustri omahan sing ngasilake barang, lan katelu, indhustri kang nyalurake barang.
(D) Salah sawijining indhustri omahan kang wektu dina iki dadi kembang lambe, yaiku indhustri kripik.
Bagean kang ditandhani aksara (A) ing wacan dhuwur bisa diarani yaiku ...
irah-irahan
Dhefinisi Umum
Dheskripsi Bagean
Dheskripsi Manfaat
(A) HOME INDUSTRI
(B) Usaha home industri utawa indhustri omahan mujudake salah sijine indhustri sing ora mbutuhake modhal sing gedhe. Indhustri omahan luwih asring minangka wujud saka bisnis sampingan.
(C) Ing madyaning masyarakat indhustri omahan bisa kaperang dadi telu. Sepisan, indhustri omahan sing ngasilake jasa, kapindho indhustri omahan sing ngasilake barang, lan katelu, indhustri kang nyalurake barang.
(D) Salah sawijining indhustri omahan kang wektu dina iki dadi kembang lambe, yaiku indhustri kripik.
Bagean kang ditandhani aksara (C) ing wacan dhuwur bisa diarani yaiku ...
irah-irahan
Dhefinisi Umum
Dheskripsi Bagean
Dheskripsi Manfaat
Salah sawijine kagiyatan ngamati, kang panalitine utawa pengamate (observer) melu (terlibat) ing kagiyatan pangamatan. Perkara iki diarani ... .
Observasi Kreatif
Observasi Partisipatif
Observasi Nonpartisipatif
Observasi Komunikatif
Tembung tanduk iku tembung kang oleh ater-ater anuswara. Tembung ing ukara ngisor iki kang ngandhut ater-ater anuswara yaiku ... .
Reni nyapu latar omahe.
Bukuku diwaca Rahma.
Seblakku kokpangan, ta?
Sendhalku dijupuk Bian.
Gatekna titikane Basa ing Ngisor iki!
1. Tetembungane nggunakake ngoko kecampuran krama inggil.
2. Kanggo ngajeni wong sing diajak guneman lan sing digunem.
3. Panganggone wong diwasa karo wong diwasa.
4. Bocah padha bocah nalika nyritakake wong ka-3 sing diajeni
Yen dideleng saka andharan ing dhuwur, klebu titikane Basa ... .
Basa Ngoko Lugu
Basa Ngoko Alus
Basa Krama Lugu
Basa Krama Alus
Kita wis sinau materi Pidhato utawa Sesorah. Kita uga bisa mangerteni yen pidhato iku duwe teges yaiku ...
Medharake gagasan ing sangarepe wong akeh
Pawongan kang nata lumakuning adicara (MC)
Wong kang nglantarake upacara adat Jawa
Neliti perkara kang bisa narik kawigatene wong
Struktur Teks Tanggap Wacana iku ana telu (3).
Jawaben pener yen andharan/pernyataan ing dhuwur bener, jawaben luput yen andharan ing dhuwur salah.
Pener
Luput
Tujuan utawa ancase pidhato iku salah sijine menehi kawruh.
Jawaben pener yen andharan/pernyataan ing dhuwur bener, jawaben luput yen andharan ing dhuwur salah.
Pener
Luput
Pidhato Kenegaraan iku klebu pidhato ing kahanan setengah resmi.
Jawaben pener yen andharan/pernyataan ing dhuwur bener, jawaben luput yen andharan ing dhuwur salah.
Pener
Luput
Teknik maca naskah iku padha karo teknik impromptu.
Jawaben pener yen andharan/pernyataan ing dhuwur bener, jawaben luput yen andharan ing dhuwur salah.
Pener
Luput
Obahe awak nalika pidhato kudu prasaja lan aja digawe gawe.
Jawaben pener yen andharan/pernyataan ing dhuwur bener, jawaben luput yen andharan ing dhuwur salah.
Pener
Luput
Bagean panutup pidhato iku isine ngenani kesimpulan utawa dudutan.
Jawaben pener yen andharan/pernyataan ing dhuwur bener, jawaben luput yen andharan ing dhuwur salah.
Pener
Luput
Busana adat Jawa iku beda-beda. Busana adat Jogja iku blangkone ana mondholane utawa benjolane ing mburi.
Jawaben pener yen andharan/pernyataan ing dhuwur bener, jawaben luput yen andharan ing dhuwur salah.
Pener
Luput
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawula hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMA Banyuripan
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas SMA Banyuripan
Perangan ing dhuwur klebu bagean teks pidhato yaiku ... .
salam pambuka
salam pakurmatan
bagean purwaka
Andharan inti
Dhumateng Bapak Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat Gusti Allah. Aamiin..Aamiin…Aamiin. Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalilh, kula nyuwun agenging pangapunten.
Perangan ing dhuwur klebu bagean teks pidhato yaiku ... .
salam pambuka
salam pakurmatan
bagean purwaka
bagean panutup
Gatekna andharan ing ngisor iki! Kang ORA klebu ancas utawa tujuane pidhato yaiku ... .
Menehi hiburan
Menehi Kawruh
Pangajak-ajak
Maca Rantaman
Gatekna andharan iki! Swarane wong kang pidhato iku kudu ... .
Lirih
Banter
Cetha
Bengok
Ing Jaman samenika, kita ngraosaken lingkungan ingkang mboten sami kaliyan lingkungan mangsa kita nom.
Minggahipun toya segara ugi tambahipun panas wonten lingkungan ingkang kasebut pemasanan global menika tuladhanipun dampak lingkungan ingkang sampun rusak amargi polah manungsa.
Ingkang nyebabken pemanasan global inggih menika ngagem listrik ingkang luwih, mboten wonten wit-witan ing papan rame, polusi saking motor lan mobil, ugi kahanan hutan ingkang sampun rusak. Mula, ayo kita sedaya padha njaga lingkungan supados saged dinikmati para generasi enom.
Manut wacan ing dhuwur, apa kang dadi sebab pemanasan global?
Nggunakake toya kekathahen
Ngagem listrik ingkang luwih
Kekathahen pados ulam segara
Boten saged jaga resiking badan
Sampun kita mangertosi Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April ing Jepara taun 1879. Salajengipun sedanipun nalika taun 1904.
Pramila tanggal 21 April 2025 kita pangeti dinten miyosipun Raden Ajeng Kartini lan perjuanganipun ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita ngantos saged sami kaliyan drajating priya.
Pinten yuswa/umuripun RA Kartini manut wacan ing dhuwur?
21
23
25
27
Pantai Krakal inggih menika salah satunggaling pantai ingkang wonten ing Gunungkidul, tepatipun ing Desa Ngestirejo, Kecamatan Tanjung Sari, Kabupaten Gunungkidul.
Saking Ngayogyakarta lokasi Pantai Krakal kirang langkung 37 kilometer sisih kidul saking pusat kutha Wonosari.
Ing ngendi dununge/lokasine Pantai Krakal iku manut wacan ing dhuwur?
Kabupaten Gunungsari
Kabupaten Jogjakarta
Kabupaten Gunungkidul
Kabupaten Tanjungsari
Meerkat umume kewan jinak. Nanging, dheweke ora cocog minangka ingon-ingon amarga bisa dadi agresif lan duwe ambu ora enak.
Ing Afrika Kidul, meerkat digunakake kanggo mateni tikus ing omah-omah pedesaan lan kupu-kupu ing tanah pertanian.
Meerkat bisa nularake rabies menyang manungsa. Meerkat umume ora dianiaya amarga pentinge ekonomi ing perlindungan panen.
Kena ngapa Meerkat ora cocog kanggo ingon-ingon?
amarga meerkat bisa dadi agresif
amarga duwe ambu kang enak
amarga bisa mateni tikus - tikus
amarga penting kanggo ekonomi
Bukuku disilih Naja. Ukara iki yen didadekake Basa Jawa Krama Alus dadi ... .
Bukuku diampil Naja
Buku kula diampil Naja
Buku kula dipunampil Naja
Buku kula disilih Naja
Titikane Basa Jawa iku ana maneka warna. Basa Krama Alus titikane yaiku ...
Tetembungan sing digunakake ngoko kabeh
Tetembungan nggunakake ngoko kecampuran krama inggil
Tetembungane krama lugu tumrap tembung sing ana kramane
Tetembungane krama kabeh kecampuran krama inggil
