wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

busana jawa

Total questions: 15

Worksheet time: 9mins

Name
Class
Date
1.

Wujude sandhangan jawa gagrag Ngayogyakarta sing dianggo ana sirah kanggo bocah wadon ...

a)

Sanggul

b)

Kalpika

c)

Suweng

d)

Sangsangan

2.

Sandhangan jawa Gagrag Ngayogyakarta sing dianggo ing sikil yaiku ...

a)

Sepatu

b)

Trompah

c)

Sandhal

d)

Selop

3.

Aku Wes nganggo surjan lurik. Basa Kramane ...

a)

Kula sampun ngangem surjan lurik.

b)

Kula sampun ngangge surjan lurik

c)

Kulo sampun busana surjan lurik

d)

Kula sampun ngasta surjan lurik

4.

Nyandang Jawa kudu sing sumeh aja Peteng Ulate ! Peteng Ulate Tegese ...

a)

Grapyak

b)

Sumanak

c)

Gumbira

d)

Mrengut

5.

Perangan busana Jawi tumrap kakung ing inggil menika kawastanan …

a)

Lonthong

b)

Blangkon

c)

Kamus

d)

Jarik

e)

Keris

6.

Adhedhasar gambar ing inggil kasebut, ageman Sri Sultan Hamengku Buwana X menika kawastanan …

a)

Surjan pranakan

b)

Surjan rerenggan

c)

Surjan lurik

d)

Surjan sembagi

e)

Surjan bathik

7.

Jinis busana Jawi gagrag Ngayogyakarta salah satunggalipun awujud warni biru cemeng lurik telupat kawastanan …

a)

Surjan

b)

Surjan lurik

c)

Pranakan

d)

Sembagen

e)

Atela

8.

Busana warni biru cemeng lurik telupat kasebut minangka busana dhines …

a)

Abdidalem Kraton Ngayogyakarta

b)

Sri Sultan Hamengku Buwana

c)

Kulawarga Kraton Ngayogyakarta

d)

Kanjeng Pangeran

e)

Bupati Kraton Ngayogyakarta

9.

Jinis busana kanthi wujud ing inggil menika kawastanan …

a)

Surjan pranakan

b)

Lurikan

c)

Surjan polos

d)

Polosan

e)

Surjan lurik

10.

Gambar sing nuduhake perangan busana adat gagrak Ngayogyakarta sing dienggo bebet sikil, yaiku ....

a)
b)
c)
d)
11.

Gatekna gambar iki!

Ubarampe busana surjan kasebut biasane dienggo ing ....

a)

sikil

b)

tangan

c)

awak

d)

sirah

12.

Gatekna gambar iki!

Rambute tiyang putri menika dipun ....

a)

poni

b)

gelung

c)

kucir

d)

kepang

13.

Gatekna gambar iki!

Salah sijine ubarampe surjan jangkep kesebut aran ....

a)

timang

b)

stagen

c)

kamus

d)

anggar

14.

Jeneng liyane dhestar, yaiku ....

a)

keris

b)

bebet

c)

blangkon

d)

jarik

15.

Perangan busana iki biasane dianggo marang piyanyi putri. Biasane dianggo ono ing sirah. Wernane biasane ireng lan bisa dipasangi mentul. Perangan ini diarani ....

a)

topi

b)

konde

c)

blangkon

d)

rambut palsu