Font size
WorksheetsSoal ATS Basa Jawa Kelas 5
Total questions: 25
Worksheet time: 14mins
Teks wacan kang ngandharake kedadeyan kanthi urut (kronologis), yaiku ….
a. argumentasi
b. dheskripsi
c. narasi
d. persuasi
Ing ngisor iki sing kalebu titikane karangan narasi, yaiku ….
a. njlentrehake objek kanthi cetha
b. kanggo mbujuk utawa ngajak -ajak sing maca
c. ngandarake kedadeyan secara kronologis
d. njlentrehake carane gawe barang
Bagean karangan narasi sing paling pungkasan , yaiku ….
a. orientasi
a. orientasi
c. komplikasi
d. koda
Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah cilik sing langen ora perlu samar. Ora ana wuwuh kang kumambang. Dalanan saurute kali ditanduri suket ijo.
Ide pokok paragraph ing dhuwur yaiku …
a. Ambane watara telung meteran
b. Bocah-bocah cilik sing langen ora perlu samar
c. Kali ing desaku banyune isih alami tur resik
d. Ora ana wuwuh kang kumambang
Jinis teks kang titikane nggunakake pancadriya, yaiku ….
a. dheskripsi
b.eksposisi
c. narasi
d. persuasi
Wacan dheskripsi sing nggambarake objek adhedhasar kesan sing diduweni penulis sajrone wacan diarani dheskripsi ….
a. campuran
b. objektif
c. spasial
d. subjektif
Ing ngisor iki sing kalebu jinise wacan dheskripsi, yaiku …
a. dheskripsi campuran
b. dheskripsi objektif
c. dheskripsi spasial
d. dheskripsi subjektif
Ing ngisor iki sing kalebu struktur teks narasi yaiku ….
a. koda
b. orientasi
c. resolusi
d. subtansi
Narasi ekspositoris yaiku karangan narasi kang nduweni ancas kanggo menehi informasi marang pamaca supaya tambah jembar kawruhe.
Bagian kang mratandhani critane wis arep rampung ing teks narasi yaiku komplikasi.
Gatekna pranyatan ing ngisor iki!
1) Narasi iku nyritakake kedadeyan kanthi urut, dene dheskripsi iku nggambarake samubarang kanthi cetha.
2) Narasi iku nggambarake samubarang kanthi cetha, dene dheskripsi iku nyritakake kedadeyan kanthi urut.
3) Narasi iku njlentrehna carane nggawe samubarang, dene dheskripsi iku nggambarake samubarang kanthi cetha.
4) Narasi iku menehi informasi nganggo bukti, dene dheskripsi iku njlentrehna carane nggawe samubarang.
a. 1)
b. 2)
c. 3)
d. 4)
Papan wisata pantai Gili Ketapang mapan ing Desa Ketapang, Kecamatan Sumberasih, Kabupaten Probolinggo, Jawa Timur. Pantai iki klebu wilayah pesisir sisih lor.
Unsur 5W + 1H kang jumbuh karo pranyatan ing dhuwur yaiku ....
a. what
b. who
c. when
d. where
Informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi diarani ….
a. actual
b. fakta
c. majalah
d. pawarta
Perangan unsur sajrone pawarta yaiku ….
a. 1W + 5H
b. 6W + 2H
c. 5W + 1H
d. 2W + 6H
Sadurunge nulis pawarta, becike gawe … luwih dhisik.
a. cengkorongan
b. orek-orekan
c. gambaran
d. urut-urutan
Arus lalu lintas ing dalan A.Yani ngalami kemacetan.
Unsur pawarta sing ana ing ukara kasebut yaiku ….
a. sapa
b. kena apa
c. kapan
d. ana ngendi
Ing ngisor iki sing kalebu titikane pawarta yaiku….
a. aktual
b. factual
c. opini
d. wigati
Jinise pawarta adhedhasar isine yaiku ….
a. pawarta lisan
b. pawarta agama
c. pawarta pendidikan
d. pawarta dadakan
Ngoko lugu lumrahe digunakake kanggo guneman marang ….
a. wong kang wis rumaket
b. anak marang wong tuwa
c. wong tuwa marang bocah
d. wong kang lagi tepung
Ariwarti yaiku warta kang diterbitake saben dina, tuladhane layang kabar utawa koran.
Pakdhe bali saka Semarang numpak Bis.
Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo krama alus yaiku ....
a. Pakdhe tindak dhateng Semarang nitih bis
b. Pakdhe wangsul menyang Semarang numpak bis
c. Pakdhe kondhur dhateng Semarang nitih bis
d. Pakdhe kondur saking Semarang nitih bis
Golek informasi saka wong kang diarani narasumber kanthi cara kagiyatan pitakon wangsulan, diarani ...
a. wawancara
b. wartawan
c. narasumber
d. ariwarti
Saben wayah liburan mesthi akeh wisatawan sing padha plesir ing papan kene. Tembung plesir tegese ...
a. sinau
b. rekreasi
c. mondhok
d. nginep
Pawarta dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadeyan bisa dipasthekake.
Pawarta kang cakupane wilayah kabupaten utawa kutha diarani pawarta ....
a.internasional
b. lokal
c. nasional
d. regional
