wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Geguritan

Total questions: 25

Worksheet time: 14mins

Name
Class
Date
1.

Geguritan ing basa Indonesia kaaran ...

a)

puisi

b)

pantun

c)

pidato

d)

surat

2.

Tembung geguritan ing Bausastra Jawa asale saka tembung "gurit" kang tegese ...

a)

tulis

b)

tulisan tatahan

c)

tatahan

d)

nulisan

3.

Geguritan gagrag anyar asipat ...

a)

kaku

b)

ora kawengku paugeran kang gumathok

c)

kawengku paugeran kang gumathok

d)

ora bebas anggone migunakake tetembungan

4.

Sajrone geguritan ngemu surasa kang ....

a)

kaku

b)

bebas

c)

pantes

d)

mentes

5.

Jinis geguritan miturut wektune kaperang dadi geguritan ........ lan geguritan .......

a)

gagrag mundur

b)

gagrag maju

c)

gagrag anyar

d)

gagrag lawas

6.

Geguritan gagrag lawas duweni paugeran kaya ....

a)

cacahe wanda saben gatra bebas lan ora kudu padha

b)

diwiwiti kanthi tembung "sun gegurit"

c)

cacahing gatra saben pada ora tamtu

d)

cacahing wanda saben gatra kudu padha

7.

Geguritan gagrag anyar duweni paugeran kaya ....

a)

Guru lagu ing saben gatra kudu runtut

b)

ora nggunakake wiwitan tembung "sun gegurit"

c)

cacahing gatra saben pada ora tamtu

d)

cacahing wanda saben gatra ora ditamtokake

8.

Geguritan gagrag anyar akeh migunakake tetembungan konotasi utawa kiasan.

a)

Bener

b)

Salah

9.

Miturut pandhapuke ukara, geguritan kang saben pada kasusun saka 'rong gatra' utawa larik kasebut ....

a)

gita trigatra sapada

b)

gita caturgatra sapada

c)

gita dwigatra sapada

d)

gita pancagatra sapada

10.

Miturut pandhapuke ukara, geguritan kang saben pada kasusun saka 'patang gatra' utawa larik kasebut ....

a)

gita trigatra sapada

b)

gita caturgatra sapada

c)

gita dwigatra sapada

d)

gita pancagatra sapada

11.

Miturut pandhapuke ukara, geguritan kang saben pada kasusun saka 'wolung gatra' utawa larik kasebut ....

a)

gita hastagatra sapada

b)

gita caturgatra sapada

c)

gita saptagatra sapada

d)

gita nawagatra sapada

12.

Pamilihaning tembung ing geguritan diarani ...

a)

tema

b)

tipografi

c)

rima

d)

diksi

13.

Wewujudan gatra lan pada sajroning geguritan diarani ...

a)

tema

b)

tipografi

c)

rima

d)

diksi

14.

Ide pokok kang dadi dhasare geguritan diarani ...

a)

tema

b)

swasana

c)

amanat

d)

diksi

15.

Penggurit medhar pitutur becik marang pamaca lumantar surasane geguritan diarani ....

a)

tema

b)

swasana

c)

amanat

d)

diksi

16.

Struktur fisik ing geguritan yaiku ....

a)

diksi

b)

tipografi

c)

rima

d)

lelewaning basa

e)

amanat

17.

Struktur batin ing geguritan yaiku ....

a)

tema

b)

nadha sikap panganggit

c)

rima

d)

swasana

e)

amanat

18.

Geguritan diwaca kanthi maca teknik ...

a)

maca biasa

b)

maca endah

c)

maca rikat

d)

maca bathin

19.

banter alone swara, cendhak-dhuwure swara, tata pangaturing napas ing maca geguritan diarani ...

a)

wirama

b)

wirasa

c)

wiraga

d)

wicara

20.

Anggone maca geguritan dijumbuhake karo isining geguritan, tuladhane susah, seneng, getun,nesu diarani ...

a)

wirama

b)

wirasa

c)

wiraga

d)

wicara

21.

Obahing awak nalika maca geguritan diarani ...

a)

wirama

b)

wirasa

c)

wiraga

d)

wicara

22.

Pocapane maca geguritan kudu cetha, ora mangu-mangu utawa ragu-ragu diarani ...

a)

wirama

b)

wirasa

c)

wiraga

d)

wicara

23.

Mandhege swara nalika maca geguritan diarani ...

a)

swara

b)

nada

c)

jeda

d)

wicara

24.

Dhuwur cendhake swara nalika maca geguritan diarani ...

a)

swara

b)

nada

c)

jeda

d)

wicara

25.

Asil susastra modheren kang surasane kanggo medhar rasa pangrasa kanthi tetembungan sing cekak, endah, lan mentes yaiku ...

a)

geguritan

b)

cerkak

c)

tembang macapat

d)

cangriman