wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BDR KLS 9 GJL

Total questions: 40

Worksheet time: 20hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Ukara sing nuduhake perangan klasifikasi utawa definisi umum ing teks laporan observasi kasus Lidah Buaya yaiku ukara nomer...(1) Lidah buaya utawa jeneng ilmiahe Aloe vera yaiku salah sawijining tanduran sing wis dikenal ewonan taun kepungkur. (2) Tanduran iki dipercaya nduweni akeh khasiat kanggo kesehatan lan kecantikan, kayata kanggo nambani rambut rontok, ngilangake jerawat, lan ngobati tatu. (3) Lidah buaya bisa ditemokake kanthi gampang ing wilayah sing kering ing bawana Afrika. (4) Ananging, saiki tanduran iki wis akeh dibudidayakake ing wilayah tropis liyane, kalebu Indonesia. Ukara sing nuduhake perangan klasifikasi utawa definisi umum ing teks laporan observasi kasebut yaiku ukara nomer...

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

2.

Nalika ngrampungake teks laporan observasi babagan “Sampah Plastik ing Lingkungan Sekolah”, siswa nulis ukara iki:

“Sampah plastik nyebabake polusi amarga ora bisa urai. Kanggo iku, warga sekolah kudu nggunakake botol isi ulang.”Kalimat pungkasan luwih cocog mlebu bagean apa ing struktur teks laporan observasi?

a)

Pernyataan umum

b)

Deskripsi bagian

c)

Simpulan

d)

Data observasi

3.

     Siswa kelas IX nggawe laporan hasil observasi bab “Pemanfaatan Sampah Organik ing Sekolah”. Sawijining siswa nulis bagéan pamungkas laporan kaya ngisor iki:

“Kanthi nggunakake sampah organik, sekolah bisa ngurangi limbah lan ngasilake pupuk kanggo taman sekolah. Amarga iku, kabeh siswa kudu melu andil ing program iki supaya lingkungan sekolah dadi resik lan lestari.”

Bagéan laporan kasus babagan “Pemanfaatan Sampah Organik ing Sekolah” kalebu struktur apa, lan apa fungsine?

a)

Pendahuluan – kanggo narik kawigaten para maca bab pentingé ngelola sampah.

b)

Isi – kanggo njelasake proses pemanfaatan sampah organik kanthi rinci.

c)

Saran – kanggo memenuhi usulan supaya program kasusé dilakokaké kanthi luwih luas.

d)

Pitungan – kanggo memenuhi kesimpulan lan ajakan tumindak marang para maca.

4.

Ukara ing ngisor iki sing kalebu tuladha tembung kriya tanduk yaiku...

a)

Klambine dikumbah ibu ing jedhing.

b)

Simbah lagi dipijet dening adhiku.

c)

Bapak maos koran ing teras ngarep.

d)

Pitik-pitik kae dipakani saben esuk.

5.

Budi ditukokake buku anyar dening ibune. Tembung sing dikandelake yen diowahi dadi tembung kriya tanduk sing bener yaiku...

a)

tuku

b)

nukokake

c)

tinuku

d)

dituku

6.

Adhiku mangan sega pecel. Ukara kasebut yen dideleng saka cacahing gatra (klausa) kalebu jinis ukara...

a)

Ukara Lamba

b)

Ukara Camboran Sadrajad

c)

Ukara Camboran Sungsun

d)

Ukara Camboran Raketan

7.

Aku ora mlebu sekolah jalaran lara untu. Ukara kasebut kalebu tuladha ukara camboran...

a)

Sadrajad

b)

Sungsun

c)

Raketan

d)

Lamba

8.

Ukara "Bapak dhahar, ibu dhahar" yen diringkes dadi ukara camboran raketan sing bener yaiku...

a)

Bapak lan ibu dhahar.

b)

Bapak dhahar, ibu ya dhahar.

c)

Dhahar bapak lan ibu.

d)

Bapak ibu padha dhahar.

9.

Ndang age muliha, selak udan! Ukara kasebut kalebu jinis ukara....

a)

Ukara Sambawa

b)

Ukara Crita

c)

Ukara Pakon (Agnya)

d)

Ukara Pitakon

10.

Ukara "Sinaua nganti mempeng yen ora jujur ya bakal rugi" nuduhake ukara sambawa sing nduweni teges....

a)

sanajan

b)

saumpama

c)

muga-muga

d)

mokal

11.

Tembung "mangkata" bisa digunakake ing Ukara Hagnya lan Ukara Sambawa. Ukara ing ngisor iki sing nuduhake Ukara Sambawa yaiku...

a)

"Wis sore, gek ndang mangkata saiki, mengko kancamu ngenteni suwe!"

b)

"Kowe mangkata menyang pasar dhisik, Bapak arep nyusul mengko."

c)

"Mangkata esuk, kowe mesthi isih keri amarga dalane macet."

d)

"Mangkata dhisik, aku dak nututi sepedahe!"

12.

Wacanen kahanan ing ngisor iki kanthi premati!

Bima weruh adhine lagi sinau matematika lan katon mumet banget. Bima ngerti yen soal iku pancen angel, malah Bima dhewe durung mesthi bisa nggarap. Dheweke ora pengin nambahi mumet adhine, nanging pengin menehi pangarep-arep. Ukara sing paling trep diucapake Bima marang adhine miturut kahanan kasebut yaiku...

a)

"Soal kuwi angel, sinaua sing mempeng ben bisa!"

b)

"Kowe maneh bisaa nggarap, aku wae sing luwih tuwa ora bisa."

c)

"Rasah digarap yen pancen ora bisa, tinggalen turu wae!"

d)

"Muga-muga diparingi gampil anggonmu sinau lan bisa nemokake wangsulane."

13.

Gatekna ukara rumpang ing ngisor iki! "Bu, ngapunten, kula badhe matur. Bapak kala wau [...] dhateng griya sakit, amarga Eyang [...] gerah wanjanipun." Tembung krama inggil sing bener kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku...

a)

tindak, sakit

b)

kesah, lara

c)

tindak, gerah

d)

tindak, lara

14.

Rini lagi wae tekan omah, weruh Simbah lagi lenggah ing kursi. Rini banjur takon, "Mbah, sampeyan wau dhahar punapa?" Ukara sing diucapake Rini iku kurang trep. Perangan sing kudu didandani supaya dadi Krama Alus sing bener yaiku...

a)

Tembung dhahar diganti nedha.

b)

Tembung sampeyan diganti panjenengan lan dhahar wis bener.

c)

Tembung sampeyan diganti kowe lan dhahar diganti mangan.

d)

Tembung sampeyan wis bener, nanging dhahar kudune nedha.

15.

Parikan:

Wedang jahe dicampur gula,
panas nyeduh ing wayah wengi.
Sabar lan rila nglakoni lara,
niscaya bakal kaparingan becik.

Apa pesen sing bisa dijupuk saka parikan kasebut?

a)

Aja mangan jahe ing wengi

b)

Sabar lan ikhlas bakal nggawa kabecikan

c)

Wong lara kudu cepet waras

d)

Panganan tradisional luwih sehat

16.

Drama tradisional saka Jawa Timur sing basane lugas, medhok, lan asring diselengi dhagelan lan parikan diarani...

a)

Ketoprak

b)

Wayang Wong

c)

Ludruk

d)

Randai

17.

Adhiku tuku buku satumpuk. Tembung "satumpuk" tegese...

a)

Tumpukane ana siji

b)

Sakabeke tumpukan

c)

Tumpukan sing akeh

d)

Tumpukanane rena-rena

18.

Tembung "lumaku" iku asale saka tembung lingga "laku" kang oleh rimbag bawa...

a)

Bawa Ma Wantah

b)

Bawa Ma Tundha

c)

Diwilangga Bawa Ma

d)

Bawa Ha

19.

Murid-murid padha aklambi lurik saben dina kemis. Tembung "aklambi" kalebu rimbag...

a)

Bawa Ma Wantah

b)

Bawa Ma Tundha

c)

Diwilangga Bawa Ma

d)

Bawa Ha

20.

Miturut etika Jawa, yen mlaku ngliwati wong sing lagi lenggahan, becike awak rada...

a)

Ndangak

b)

Dibusungake dhadhane

c)

Mbungkuk sethithik

d)

Mlayu banter

21.

Aksara Murda digunakake kanggo ...

a)

Nulis aksara sanepan

b)

Nulis jeneng wong, pangkat, lan pakurmatan

c)

Nulis aksara swara

d)

Nulis unen-unen

22.

Drama ludruk asale saka ...

a)

Yogyakarta

b)

Jawa Tengah

c)

Jawa Timur

d)

Bali

23.

Ing etika Jawa, yen ketemu wong luwih tuwa kudu ...

a)

Nyapa nganggo krama alus

b)

Ngguyu kenceng

c)

Nyuwun dhuwit

d)

Munggah swara

24.

Bedane drama kethoprak lan ludruk yaiku ...

a)

Kethoprak: crita sejarah, Ludruk: crita rakyat lan banyolan

b)

Kethoprak: banyolan, Ludruk: sejarah

c)

Kethoprak: manca negara, Ludruk: local

d)

Ora ana bedane

25.

Apa tegese tembung "sasekolahan"?

a)

Tembung sing nuduhake panggonan kanggo dolanan.

b)

Tembung sing nuduhake kabeh isi sekolah.

c)

Tembung sing nuduhake panggonan kanggo sinau.

d)

Tembung sing nuduhake kabeh guru ing sekolah.

26.

Apa sing kudu ditindakake nalika nggunakake basa krama alus?

a)

Tetembungane kudu dikramakake kajaba (kecuali) kanggo awake dhewe.

b)

Tetembungane kudu digunakake kanggo kabeh wong.

c)

Tetembungane kudu digunakake kanggo acara resmi wae.

d)

Tetembungane kudu digunakake kanggo wong sing luwih enom.

27.

Apa sing diarani "Aksara Murda"?

a)

Aksara sing ora duwe pasangan.

b)

Aksara sing cacahé ana 7 lan kabeh duwe pasangan.

c)

Aksara sing digunakake kanggo nulis basa asing.

d)

Aksara sing digunakake kanggo nulis basa Jawa kuno.

28.

Apa tegese ukara "Muga-muga diparingi gampang anggonmu sinau lan bisa nemokake wangsulane"?

a)

Nambah beban marang wong liya

b)

Ndhongakake lan nambahi semangat

c)

Nolak bantuan saka wong liya

d)

Nggoleki alesan kanggo ora nindakake

29.

Apa tegese tembung "maguru" ing basa Jawa?

a)

Nindakake pagaweyan kaya guru

b)

Nindakake pagaweyan kaya petani

c)

Nindakake pagaweyan kaya seniman

d)

Nindakake pagaweyan kaya pedagang

30.

Ukara "Adhik tuku krupuk" menawa ditulis mawi aksara Jawa sing bener yaiku...

a)

ꦲꦝꦶꦏ꧀ꦠꦸꦏꦸꦏꦿꦸꦥꦸꦏ꧀

b)

ꦲꦝꦶꦏ꧀ꦠꦸꦏꦸꦏꦼꦫꦸꦥꦸꦏ꧀

c)

ꦲꦝꦶꦏ꧀ꦠꦸꦏꦸꦏꦿꦸꦥꦸꦏ꧀ꦏ

d)

ꦲꦝꦶꦏ꧀ꦠꦸꦏꦸꦏꦿꦸꦥꦸ

31.

Ukara "Ibuk masak ing pawon, dene bapak maos koran ing teras" kalebu tuladha ukara camboran raketan

a)

bener

b)

salah

32.

Aksara Jawa ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦩꦕꦥꦠ꧀ menawi dipunwaos Latin ungelipun "tembang macapat".

a)

bener

b)

salah

33.

Ukara "Para siswa padha laku-lumaku ing alun-alun" tembung sing kacetak kandel nggunakake tembung kanthi rimbag dwilinggane bawa ma wantah

a)

bener

b)

salah

34.

Sandhangan wignyan ( ꦃ ) digunakake kanggo menehi swara sigeg /r/ ing pungkasaning wanda.

a)

bener

b)

salah

35.

Panulisan aksara Jawa ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦺꦧꦺꦴ menawi dipunwaos Latin ungelipun "anak kabo".

a)

bener

b)

salah

36.

Tembung gumuyu (saka lingga guyu) lan tembung gumregah (saka lingga gregah) kalebu jinis rimbag ingkang sami, inggih menika bawa ma wantah.

a)

bener

b)

salah

37.

Kangge nyerat tembung "kreteg", aksara Jawi ingkang dipunginakaken inggih menika aksara Ka dipunparingi pasangan Ra lajeng dipunpepet.

a)

bener

b)

salah

38.

"Sinaua sing mempeng supaya bijimu apik." Ukara menika kalebet ukara sambawa ngemu teges mokal/ora mungkin

a)

bener

b)

salah

39.

Setunggal lare matur dhumateng eyangipun, "Kula wau sampun dhahar rumiyin wonten griya." Panganggening tembung dhahar ing ukara menika lepat/klintu amargi tembung krama inggil menika namung kangge ngurmati tiyang sanes, sanes kangge dhiri pribadi.

a)

bener

b)

salah

40.

Nalika nyaosaken (memberikan) setunggaling barang dhumateng tiyang ingkang langkung sepuh, miturut tata krama Jawi ingkang leres inggih menika ngginakaken asta tengen sinambi awakipun radi mbungkuk utawi ndhodhok.

a)

bener

b)

salah