wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KTS 1 B Jawa Kelas 5 SDN Kaligentong

Total questions: 40

Worksheet time: 2hrs 35mins

Name
Class
Date
1.

Dolanan Engklek Ing Jaman Biyen 

            Ing jaman mbiyen, bocah-bocah ing Jawa Timur seneng dolanan engklek ing njaba omah. Dolanan iki dimainake karo nggambar pola kotak-kotak ing lemah, banjur nggunakake watu utawa koin kanggo nlempar lan ngelumpukake nalika mlumpat saka siji kotak ing kotak liyane mung nganggo siji sikil. Dhuwur lan ambane pola kotak-kotake iku beda-beda gumantung karo aturan sing disepakati, nggawe dolanan luwih tantangan lan seru. Angin sepoi-sepoi sing nggebregake rambut lan swarane bocah-bocah sing ngguyu lan nembang nalika dolanan nggawe pemandangan sing nyenengake ing sore dina. Wedhi lan lemah sing kecipratan nalika mlumpat nggawe lanang-lanang katon luwih gagah lan para bocah wadon katon luwih lincah.

Teks ing dhuwur kalebu jenis karangan . . .

a)

Eksposisi

b)

narasi

c)

deskripsi

d)

argumentasi

2.

Dolanan engklek iku kalebu dolanan . . . .

a)

tradisional

b)

modern

c)

langka

d)

unik

3.

Jenising maca kanthi nggunakake pengeling-eling /ingatan/visual memory diarani maca . . . .

a)

maca sajroning batin

b)

maca kanthi swara bening

c)

maca literal

d)

maca ekstensif

4.

Kalawarti yaiku media cetak sing terbite . . . .

a)

saben minggu

b)

saben dino

c)

ora saben dino

d)

saben wulan

5.

Ing ngisor iki sing ora nuduhake struktur teks narasi yaiku . . . .

a)

Pambuka/orientasi

b)

deskripsi bagean

c)

pasulayan/komplikasi

d)

pangudhare prakara/resolusi

6.

Mlaku-mlaku Ing Pasar Puser

                Dhek Minggu wingi, antarane jam 7 esuk Azam mlaku-mlaku ing pasar Puser. Azam mlaku-mlaku bareng karo bapak , ibu lan adhine. Pasar Puser sakiki wis beda karo dhisik. Dhisik durung rame kaya sakiki. Saiki akeh wong-wong kang dodolan maneka warna kabutuhan.

            Sing tak temoni wektu kuwi kayata bakul sandhangan, sandhal lan sepatu, maneka dolanan bocah, lan maneka panganan kang akeh jenise. Sawise mlaku-mlaku saubengan, Azam, bapak, ibu lan adhine mampir ing bakul bubur ayam. Rampung sarapan bubur ibune Azam ngajak menyang bakul sandhangan, nanging adhine ora gelem amarga njaluk dolanan. Adhine Azam njaluk ditumbasake dolanan gangsing. Ibune akhire numbasne gangsing kabehe loro  kanggo Azam lan adhine. Amarga wis kesel olehe mlaku-mlaku Azam ngajak bali bapak, ibu lan adhine. Azam lan adhine atine seneng banget amarga oleh dolanan gangsing.

Teks ing dhuwur kalebu jenis karangan . . . .

4 lines
7.

Sing bisa ditemoni ing pasar Puser yaiku . . . .

4 lines
8.

Karangan kang nggambarake obyek kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewe obyek kang digambarake diarani karangan . . . .

4 lines
9.

Perangan teks narasi kang ngandharake ngenani pengenalan paraga lan latar diarani . . . .

4 lines
10.

Maca kang luwih nggatekake pelafalan, intonasi, wirama lan tekanan uga diarani maca . . . .

4 lines
11.

Saben dino akeh wisatawan padha plesir ing JLS Pantai Sine. Plesir tegese . . . .

4 lines
12.

Teks narasi disusun adhedasar urutan . . . .

4 lines
13.

Bab kang diandharake minangka pengamatan langsung saka panca indra, kalebu karangan . . . .

4 lines
14.

Piranti yen dolanan kasti yaiku . . . .

4 lines
15.

Maca kanthi swara bening lan banter uga diarani . . . .

4 lines
16.

Sebutna dolanan tradisional sing kokweruhi 3 (telu) wae!

4 lines
17.

Jelasna bedane teks narasi karo deskripsi !

4 lines
18.

Sebutna carane maca teks deskripsi sing bener !

4 lines
19.

Sebut lan jelasna struktur teks narasi iku opo wae !

4 lines
20.

Kebersihan Sekolah

Ing sawijining sekolah , ana bocah jenenge Budi sing seneng banget njaga kebersihan. Saben dina, Budi tansah nggawa kantong sampah cilik kanggo nyunggi sampah sing ditemokake ing pekarangan sekolah. Ing sawijing dina, Budi weruh kanca-kancane padha mbuwang sampah sembarangan. Budi nyedhaki lan ngomong, “ayo padha njaga kebersihan sekolahkita. Kanthi sekolah sing resik , kita bisa sinau kanthi nyaman lan ora gampang lara.”  Krungu omongane Budi, kanca-kancane banjur setuju lan padha nyunggi sampah bareng-bareng.

Tulisen Ide pokok teks ing dhuwur !

4 lines
21.

Sing ora klebu titikane teks pawarta yaiku …

a)

nyata

b)

aktual

c)

khayal

d)

unik

22.

Bapak adus ana jeding mburi, Tembung adus sing bener yaiku . . . .

a)

ciblon

b)

siram

c)

mandi

d)

koceh

23.

Endhek dhuwure swara sajroning maca pawarta diarani . . . .

a)

jeda

b)

pelafalan

c)

intonasi

d)

vokal

24.

Salah sijine conto media cetak yaiku . . . .

a)

internet

b)

radio

c)

kalawarti

d)

tv

25.

Pawarta kang ditulis kanti singkat, padhet, lan lugas lan apa anane diarani . . . .

a)

langsung

b)

andharan

c)

jangkep

d)

interpretatif

26.

Kayla : . . . . kowe mau sore? Ayu : Aku bar lunga saka omahe Anisa. Tembung pitakon sing bener kanggo ukara pitakon ing dhuwur yaiku . . . .

4 lines
27.

Alon utawa cepete anggone maca pawarta diarani . . . .

4 lines
28.

Sing nduwe tugas ngumpulake lan nggoleki laporan warta yaiku . . . .

4 lines
29.

Simbah . . . . telo lan kopi, basa krama aluse kanggo jangkepi ukara yaiku . . . .

4 lines
30.

Bapak ngomong yen arep tindak kantor, ngomong krama aluse . . . .

4 lines
31.

Basa kang digawe murid marang gurune yaiku . . . .

4 lines
32.

Simbah gerah waja, waja ngokone . . . .

4 lines
33.

Kalawarti lan ariwati iku media kanggo nyampekake . . . .

4 lines
34.

Kapan iku mujudake keterangan . . . .

4 lines
35.

Wong nom marang wong tuwa sing diajeni, lumrahe gawe basa . . . .

4 lines
36.

Sebutna ciri-ciri teks pawarta iku !

4 lines
37.

Sebutna 3 jenis-jenis pawarta !

4 lines
38.

Sebutna 3 media kanggo nyampekake pawarta !

4 lines
39.

Ukara ing ngisor iki owahono dadi basa krama alus ! a. Ibu tuku endog telung kilo ana toko. b. Bapak mulih saka Jakarta nggowo oleh-oleh akeh banget.

4 lines
40.

Sebutna lan jelasna unsur-unsur padhapuke pawarta !

4 lines