wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

pts 1 b.jawa kls 6 tp 25/26

Total questions: 25

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Gathutkaca Gugur

Gathutkaca kuwi salah sawijining putra Bima. Gathutkaca lair saka buta wadon jenenge Arimbi. Bima utawa Bratasena bisa kepincut marang Arimbi amarga ibune yaiku Dewi Kunthi maes Arimbi dadi ayu, saengga Bima tuwuh tresnane. Saka dhaupe Bima lan Arimbi, lair Gathutkaca.


Ibune Raden Gathutkaca iku asmane ....

a)

Dewi Madrim

b)

Dewi Kunthi

c)

Dewi Arimbi

d)

Dewi Pregiwa

2.

Gathutkaca Gugur

Gathutkaca kuwi salah sawijining putra Bima. Gathutkaca lair saka buta wadon jenenge Arimbi. Bima utawa Bratasena bisa kepincut marang Arimbi amarga ibune yaiku Dewi Kunthi maes Arimbi dadi ayu, saengga Bima tuwuh tresnane. Saka dhaupe Bima lan Arimbi, lair Gathutkaca.


Jeneng liyane Bima yaiku ....

a)

Arimbi

b)

Bratasena

c)

Gathutkaca

d)

Dewi Kunthi

3.

Raden Gathutkaca satriya kang luhur budine, jujur, seneng tetulung, mbelani kang bener, lan tansah ngabekti marang wong tuane. Gagah prakosa, sekti, lan bisa ngambah gegana tanpa elar. Ananging Raden Gathutkaca duwe pangapesan, dene ing pusere ana warangka gaman Kuntawijayandhanu. Mengkono kahanane, kedadean nalika isih bayi pusere ora bisa kapangkas nganggo gaman apa wae, bisane mung kapangkas nganggo gaman Kuntawijayandhanu kuwi. Eloke nalika gaman Kuntawijayandhanu kelakon magas ari-ari, tanpa kanyana warangkane manjing ing pusere jabang bayi Tetuka. Tetuka iku jenenge Raden Gathutkaca nalika isih bayi.


Jeneng cilike Raden Gathutkaca yaiku ....

a)

Bagaskara

b)

Jayadrata

c)

Tetuka

d)

Kuntawijaya

4.

Wacanen kanthi patitis!

Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.

miturut wacan ing ndhuwur, kalebu jenise teks...

a)

pawarta

b)

persuasi

c)

deskripsi

d)

pariwara

5.

teks sing isine ngajak-ngajak, narik kawigatene liyan, lan ngyakinake wong sing maca diarani teks...

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

pariwara

d)

teks argumentasi

6.

Taman Nasional Baluran kuwi salah sijine cagar alam utawa hutan lindung sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistem sing asli ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku bantheng.

Irah-irahan sing mathuk kanggo paragraf ing ndhuwur yaiku...

a)

Taman Nasional Baluran

b)

Rekreasi ing Baluran

c)

Rekreasi Keluargaku

d)

Padhang Savana ing Baluran

7.

Namung tutuk lan netra kalih kadulu

Yen pinet kang karya

Sinunduk netrane kalih

Yeku saratira bangkit ngemah-ngemah

Guru wilangan lan guru lagu tembang kasebut, yaiku ....

a)

12u-6a-8i-12a

b)

12u-6u-8a-12i

c)

6a-81-12u-12a

d)

12u-12i-6u-8a

8.

Cacahe wanda saben sagatra diarani ....

a)

guru wilangan

b)

lumaksita

c)

guru gatra

d)

guru lagu

9.

Paugeran kangge cacahing gatra/larik saben sapada kasebut .....

a)

Guru lagu

b)

Guru gatra

c)

Guru wilangan

d)

Pupuh

10.

Sawijine karangan kang kaiket mawa paugeran : guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu di arani ...

a)

Tembang macapat

b)

Lelagon campursari

c)

Tembang dolanan

d)

Gendhing manasuaka

11.

tembang macapat klebu jinis ....

a)

kasustran jawa

b)

tembang ageng

c)

tembang dolanan

d)

unen-unen jawa

12.

kang ora klebu jinise tembang macapat, yaiku ....

a)

asmaradana

b)

maskumambang

c)

megatruh

d)

girisa

13.

tembung pangkur asale saka tembung ....

a)

mungkur

b)

pangku

c)

mangku

d)

pangurip

14.

Tembung ingkang pamaosipun papat papat, anggenipun maos saben gatranipun kapunggel 4 wanda 4 wanda kasebat ....

a)

Macapat

b)

Mancapat

c)

Guru Gatra

d)

Guru Lagu

15.

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged ( tercemar ). Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.

yen ditilik saka isine, paragraf ndhuwur iku kalebu jenise teks...

a)

pawarta

b)

persuasi

c)

iklan/pariwara

d)

deskripsi

16.

Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

17.

Wacanen pacelathon iki!

Anton : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”

Pak Timan : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yakuwi lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”


Manut naskah kasebut iku sing perlu digatekake maca geguritan yaiku ....

a)

lafal lan intonasi

b)

irama lan ekspresi

c)

lafal, intonasi, ekspresi, lan irama

d)

penjiwaan, ekspresi lan lafal

18.

Wacanen pacelathon iki!

Anton : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”

Pak Timan : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yakuwi lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”


Anton anggone matur marang Pak Timan nggunakake basa ....

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

krama lugu

d)

ngoko lugu

19.

Susi mangan kacang godhok lan ibune ... kripik pisang.

Ukara iku kudune dijangkepi tembung ....

a)

dhahar

b)

mangan

c)

nedha

d)

maem

20.

Para pamiarsa sami remen ningali lan mirengaken gendhing-gendhing ingkang dipungelar ing Festival Gamelan.


Tembung "remen" tegese ....

a)

seneng atine

b)

susah atine

c)

bingung atine

d)

ora cocoog

21.

Gambar iku diarani pagelaran ....

a)

jaran balap

b)

jaranan

c)

jathilan

d)

reog

22.

"Sapa sing nandur bakal ngunduh". Ukara iki klebu ..............

a)

slogan

b)

pawarta

c)

geguritan

d)

narasi

23.

Festival ingkang badhe dipungelar saben tauning Ngayogyakarta punika ngumandhangaken maneka gendhing ingkang dipungarap dening saben paguyuban.


Tembung "paguyuban" tegese ....

a)

gotong-royong

b)

musawarat

c)

pakumpulan

d)

dhewe-dhewe

24.

Basa Jawa krama alus iku lumrahe digunakake dening ....

a)

kanca sakelas

b)

guru marang siswa

c)

anak marang wong tuwa

d)

wong tuwa marang anak

25.

Raden Gathutkaca satriya kang luhur budine, jujur, seneng tetulung, mbelani kang bener, lan tansah ngabekti marang wong tuane. Gagah prakosa, sekti, lan bisa ngambah gegana tanpa elar. Ananging Raden Gathutkaca duwe pangapesan, dene ing pusere ana warangka gaman Kuntawijayandhanu. Mengkono kahanane, kedadean nalika isih bayi pusere ora bisa kapangkas nganggo gaman apa wae, bisane mung kapangkas nganggo gaman Kuntawijayandhanu kuwi. Eloke nalika gaman Kuntawijayandhanu kelakon magas ari-ari, tanpa kanyana warangkane manjing ing pusere jabang bayi Tetuka. Tetuka iku jenenge Raden Gathutkaca nalika isih bayi.


Wateke Raden Gathutkaca yaiku ....

a)

ciluka lan jirih

b)

jujur lan seneng tetulung

c)

jirih lan jujur

d)

kendel lan ora bekti marang wong tuwa