wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

STS 1 BASA JAWA KELAS 5

Total questions: 19

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Salah siji titikan wacan narasi kaya ing ngisor iki, kejaba ... .

a)

nyritakake pengalaman

b)

nyritakake dedongengan

c)

nggambarake kahanan, panggonan

d)

urut wektu/kronologis

2.

Wacan sing nggambarake kedadean, kahanan, panggonan nganti

sing maca kaya-kaya ngalami kaya sing ana ing wacan kalebu

karangan jinis ... .

(a)  

3.

Pasangno pangerten struktur Teks dheskripsi ing ngisor iki

a)

obyek, panggon, utawa barang kang

diandharake kanthi umum

1.

Idhentifikasi

b)

ngandharake bagean-bageane obyek

2.

Klasifikasi

c)

ngandharake bagean-bagean kanthi rinci

3.

Dheskripsi bagean

4.

Pasangno pangerten struktur Teks Narasi ing ngisor iki!

a)

Urutane Kedadean

1.

Alur

b)

Kang ngalami kedadean

2.

Paraga lan watake

c)

wektu, papan, lan swasanane kedadean.

3.

Latar

5.

Cublak-cublak suweng

Suwenge ting gelenter

Mambu ketundhung gudel

Pak empong lera-lere

Sapa ngguyu ndhelikake

Sir sir pong dhele kopong

Sir sir pong dhele gosong

Judul Tembang Dolanan ing dhuwur yaiku?

(a)  

6.

dhe pokok kang mathuk kanggo gambar ing dhuwur yaiku...

a)

Dolanan Jamuran

b)

Sinau Bebarengan

c)

Dolanan Jumpritan

d)

Semayan Arep dolan

7.

Ukara panerang kang ora mathuk kanggo gambar ing dhuwur

yaiku....

a)

Bima rumangsa seneng atine.

b)

Bocah-bocah rumangsa seneng.

c)

Wayah sore bocah-bocah dolanan ing plataran.

d)

Bima rumangsa sedhih atine.

8.

Gambar ing dhuwur yen ditulis wujud pawarta, manut isine

bisa digolongake jinise....

a)

Kesehatan

b)

Ekonomi

c)

Agama

d)

Hiburan

9.

Bima ora weruh yen ibune wis teka. Ukara kasebut

nggunakake ragam basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

10.

Bima mboten sumerep yen ibunipun sampun dhateng. Basa

kang digunakake....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

11-17.

Wacanen kang setiti wacan narasi ing ngisor iki!

Gobag Sodor

Dina Setu ing kelas V ana pelajaran olah raga. Kabeh murid

kelas V wis padha baris ing lapangan. Kabeh padha bregas lan

seger. Barise manut klompoke dhewe-dhewe. Kabehe ana limang

klompok. Saben klompok bocah papat. Bima dadi ketua klompok

telu.

“Dina iki dolanan gobag sodor. Sapa sing wis tau dolanan

gobag sodor?” pandangune Pak Imam.

Bima, Niken, Wati, Ruslan lan Munip ngacung. Pancen bocah

lima iku kerep dolanan gobag sodor ing platarane Pak Jono.

Sawise padha hompimpah, dolanan gobag sodor kawiwitan.

“Ketua klompok dadi sodore, sing liyane dadi sing njaga,”

Pak Imam wis nggawe garis kothakan amba. Ana nem kothak,

telu ing sisih kiwa lan telu ing sisih tengen. Ing tengahe ana garis

kanggo sodore. Sing jaga padha jaga ing garis buri kothak.

Bima wiwit maju dadi sodor. Mungsuhe klompoke Munip.

“Bukak..!”

Bima mlayu nengah. Munip lan Iwan ing sisih tengene. Wati

lan Nuri ucul ing kotak sabanjure. Bocah loro iku dijaga karo Sari.

Ing burine Sari isih ana Roni lan Firli.

Sing njaga nduweni kuwajiban njaga kothak bageane. Mula

kudu waspada lan ngati-ati, aja nganti kecekel. Kabeh padha gesit

lan trengginas. Gobag sodor nglatih kelantipan lan ketrampilan.

Bakal menang yen salah siji ana sing bisa ngliwati kabeh sing

njaga saka ngarep nganti buri, lan bali ing garis mengarep tanpa

kecekel sing njaga.

Kabeh klompok wis main. Sing menang klompoke Munip. Jam

pelajaran olah raga wis rampung. Kabeh siswa isih ngethupyuk

ngomongake dolanan gobag sodor. Kabeh padha seneng, bisa

luwih guyub rukun amarga dolanan tradhisional.

11.

Dina .… ing kelas V ana pelajaran olah raga.

a)

Senin

b)

Rebo

c)

Jumat

d)

Sabtu

12.

Dina iku bocah-bocah arep dolanan … .

a)

dhelikan

b)

bekelan

c)

gobag sodor

d)

betengan

13.

Saben klompok ana … murid.

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

14.

Kelase Bima iku muridhe ana … bocah.

a)

15

b)

20

c)

25

d)

30

15.

Ing gobag sodor iku ana klompok sing main lan klompok sing.…

a)

jaga

b)

dawa

c)

cedhak

d)

nunggu

16.

Sodor iku manggone ing sisih … .

(a)  

17.

Gagasan pokok saka wacan ing dhuwur yaiku … .

a)

dolanan tradhisional

b)

pelajaran olah raga

c)

gobag sodor

d)

pemenange klompoke Munip

18.

Pawarta kang ditulis ing layang kabar kudu

kedadean nyata.

a)
True
b)
False
19.

awarta kang ditambahi panemune wong

diarani opini.

a)
True
b)
False
20.

Saben wong butuh pawarta.

a)
True
b)
False
21.

Pranyatan ing ngisor iki gandhengna karo tembung

kang wis cumepak, supaya mathuk!

a)

Kang dadi bakune paragrap.

1.

Ukara Pokok

b)

Paragrap kang idhe pokoke ana ing

ukara wiwitan.

2.

dheduktif

c)

Kajaba ukara pokok paragrap uga duwe ukara liyane.

3.

Penerang

d)

Kang dadi bakune ukara pokok.

4.

Idhe Pokok

e)

Paragrap kang idhe pokoke ana ing ukara pungkasan.

5.

ndhuktif

22.

Pasangno pangerten teks ing ngisor iki!

a)

tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi vcara nggambarake objek, panggon, utawa kedadean kanthi njlimet/ rinci, nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake panulis

1.

Dheskripsi

b)

teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadean kanthi runtut saka wiwitan nganti pungkasan, utawa kronologis. Wong kang maca teks narasi kaya-kaya ngalami dhewe kedadean kang diandharake.

2.

Narasi

c)

Teks saka kedadean kang nyata

3.

Pawarta

23.

Kanggo maca teks kang becik, kita kudu nggatekake bab-bab

kaya ngisor iki, Kejaba!

a)

Pangucap

b)

WIrama

c)

Ekspresi lan solah bawa

d)

wiraga

24.

Ing ngisor iki sing kelebu Struktur teks Narasimha, Kejaba!

a)

Alur

b)

Paraga lan watake

c)

Latar

d)

Idhentifikasi

25.

Ukara kang bener babagan pawarta yaiku...

a)

Pawarta kudu objektif.

b)

Pawarta ora perlu sumber.

c)

Pawarta ora perlu dianyari.

d)

Pawarta bisa ngandhut opini.