wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

XI Geguritan Re

Total questions: 26

Worksheet time: 24mins

Name
Class
Date
1.

Nama :

Kelas :

Nomer Absen :

4 lines
2.

Sakehing surat suratmu bisa dakwaca, ukara iki ngemu purwakanthi guru ....

a)

swara lan sastra

b)

swara lan basa

c)

sastra lan basa

d)

sastra lan irama

e)

swara lan irama

3.

Kaum kinunjara, ukara iki ngemu purwakanthi guru ...

a)

swara

b)

sastra

c)

irama

d)

nada

e)

tuladha

4.

Bapak Kepala Sekolah tinimbalan maju ing ngarep kanggo masrahake piala marang para siswa kang bebrengah. Sawise tinimbalan, panjenengane banjur matur kanthi wicara kang alus lan sora.

Tembung tinimbalan ing ukara kasebut ngemu teges kang luwih alus lan ajén tinimbang tembung dhasare. Teges (makna) kang paling trep kanggo tembung tinimbalan kanthi konteks ing ukara kasebut yaiku ....

a)

Ditimbali kanthi biasa maju ing ngarep

b)

Dikongkon kanthi wicara kang alus lan sora

c)

Diaturi rawuh kanthi cara kang luwih ngajeni

d)

Dielingake amarga ana kaluputan

e)

Dipanggil masrahake piala marang para siswa

5.

Tembung rinengga ing ngisor iki kang kalebu tembung kang mawa seselan -in yaiku...

a)

jroning, tinulis, sinengker

b)

sinengker, kinunjara, jroning

c)

kinunjara, tinulis, sinengker

d)

tinulis, jroning, kinunjara

e)

tinulung, sinengker, jroning

6.

Wanci sore, langit katon abang manjing kuning, . . . . . . . endah sinawang, nuduhake kuwasaning Gusti ing alam donya.

tembung rinengga kang mawa seselan -um- nduweni teges sing paling jumbuh karo konteks ukara kasebut yaiku...

a)

Kumelip

b)

Gumagus

c)

Keminter

d)

Gumebyar

e)

Tumindak

7.

Tembung rinengga kang mawa seselan um ....

a)

gumandhul, lumantar

b)

gumanti, gumbrebeg

c)

lumanthar, gumatin

d)

gumantin, gumati

e)

gumbrebeg, lumantar

8.

Struktur geguritan iku ana loro, yaiku ....

a)

basa lan swara

b)

fisik lan roh

c)

batin lan swara

d)

basa lan nada

e)

batin lan fisik

9.

Sikape pangripta marang pamaos ingaranan .....

a)

irama

b)

emosi

c)

tone

d)

konten

e)

rasa

10.

Struktur sing gegayutan karo metrum, ritme lan rima yaiku ....

a)

verifikasi

b)

imajinasi

c)

figurasi

d)

figuratif

e)

versifikasi

11.

Sikape panripta marang underane bab kang dumunung sajrone geguritan arane ....

a)

feeling

b)

sense

c)

konten

d)

nada

e)

amanat

12.

Ritme iku mujudake ....

a)

persaman bunyi ana ing sajerone geguritan

b)

dawa cendhake, banter alone, dhuwur endheke bunyi

c)

munggah mudhuning swara secara teratur

d)

mimiking wadana nalika maca geguritan

e)

dhuwur endheke, munggah mudhune swara

13.

Ukara 'sawise wengi, rembulan padhang' ngemu unsur ....

a)

metafora

b)

simile

c)

personifikasi

d)

hiperbola

e)

aliterasi

14.

Yen ana pawongan maca geguritan kanthi metrum sing ora teratur, kadhang banter, kadhang alon tanpa pola, lan dhuwur-endhek swara ora digatekake, apa akibat sing paling utama tumrap geguritan lan pamiarsa?

a)

Pamiarsa bakal luwih fokus marang mimik (ekspresi) wajah pawongan kasebut

b)

Geguritan kasebut bakal diarani gagrag lawas (puisi lama) amarga ora ngetrapake metrum

c)

Pawongan kasebut bakal entuk biji apik amarga maca kanthi kebak greget (semangat)

d)

Pamiarsa mung bakal nggatekake babagan purwakanthi (persamaan bunyi) ing geguritan

e)

Makna (isi) geguritan bakal ilang utawa ora bisa dirasakake kanthi jangkep amarga wirama (irama) kacau

15.

Ritme (Irama) ing geguritan iku mujudake obahing swara lan unine tembung kang runtut lan teratur. Yèn dianalisis luwih jero, fungsi wigati ritme sajrone geguritan yaiku kanggo ....

a)

Nggampangake pamaca anggone apalan isi geguritan

b)

Mujudake dhuwur endheke, dawa cendhake, lan banter alone swara

c)

Matesi cacahe gatra (larik) lan pada (bait) supaya katon ringkes

d)

Nggawe runtuting swara lan makna tembung supaya nuwuhake rasa (emosi) kang jumbuh karo nadha

e)

Nemtokake purwakanthi (persamaan bunyi) ing saben pungkasan gatra geguritan

16.

Jenis diksi utawa pamilihing tembung kang paling trep kanggo nggambarake kahanan Mbah Karta sing wis luwih dhuwur umure, nanging tetep ngugemi basa kang alus/sopan, yaiku ngganti tembung ing ngisor iki. Analisisen lan pilihen pamilihing tembung kang paling trep karo konteks lan unggah-ungguh basa!

a)

Ngganti tembung 'badan' dadi 'awak'

b)

Ngganti tembung 'tuwa' lan 'sepuh' dadi 'jidhor'

c)

Ngganti tembung 'nom-noman' dadi 'mudha'

d)

Ngganti tembung 'lèrèn' dadi 'tilem'

e)

Ngganti tembung 'ngrasa sayah' dadi 'rasa kesel'

17.

Tema lan Nada kelebu struktur ....

a)

swara

b)

irama

c)

nada

d)

fisik

e)

batin

18.

Diksi lan Imaji kelebu struktur ...

a)

rohani

b)

fisik

c)

batin

d)

nada

e)

emosi

19.

Sing mujudake ide pokok utawa gagasan utamaning drama yaiku ....

a)

judul

b)

lakon

c)

dialog

d)

tema

e)

sutradara

20.

Apa tegese (pengertiane) monolog ing pagelaran seni drama?

a)

Pacelathon utawa guneman kang ditindakake dening wong loro utawa luwih kanthi sambung-sinambung

b)

Guneman kang alon lan lirih banget, nganti ora dirungokake dening paraga liyane

c)

Babak utawa adegan pungkasan (terakhir) ing pagelaran drama kang isine dudutan (kesimpulan)

d)

Omongane paraga klawan awake dhewe utawa marang pamirsa

e)

Guneman utawa pacelathon kang ditindakake dening paraga siji dhewekan kanggo pamirsa

21.

Sing mujudake gerakan gerakan kanggo di tindakake paraga minangka wujud penghayatan peran yaiku ....

a)

mimik

b)

pantomim

c)

akting

d)

gestur

e)

drama

22.

Drama iku nggambarake panguripan lan watak lewat ....

a)

dhialog utawa akting

b)

monolog utawa akting

c)

crita utawa akting

d)

akting utawa drama

e)

crita utawa drama

23.

Drama iku mujudake dhialog kang kudune ....

a)

direkam

b)

dipentasne

c)

disawang

d)

ditulis

e)

diperagakne

24.

Opo wacane ....

a)

mume bumu momu

b)

mumé bumu momu

c)

mumé bumé momé

d)

mume bumé momu

e)

mume bumu momé

25.

Opo iki wacane ....

a)

mumun kumu keme

b)

mumung kumu kémeh

c)

mumun kumu keméh

d)

mumun kumu kéme

e)

mumung kumu kemé

26.

iki diwoco opo ....

a)

mota sum sila

b)

moteh sum sileh

c)

mote sum sile

d)

moté sum silé

e)

mopute sum sipule