Font size
WorksheetsULANGAN TEMBANG PANGKUR
Total questions: 22
Worksheet time: 16mins
Serat Wulangreh iku karya sastra anggitane (ciptaane) ….
Sunan Kalijaga
Ranggawarsita
Sultan Agung
Sri Pakubuwana IV
Tujuan utama saka Serat Wulangreh yaiku ….
Nyeritakake legenda Jawa kuna
Maringi piwulang budi pekerti marang para mudha
Njlentrehake asal-usul tembang macapat
Nglukis kahanan keraton
Gatekna jenis-jenis tembang ing ngisor iki!
1) Dhandanggula
2) Gambuh
3) Pangkur
4) Juru demung
sing kalebu tembang ing serat wulangreh yakuwe nomor ....
1, 2, lan 3
2, 3, dan 4
1, 3, dan 4
1, 2, dan 4
Tembang pangkur yaiku salah sijine saka jenis tembang macapat. Tembang pangkur yaiku saka tembung “mungkur” artine ....
wedi
maju
mundur
minder
Miturut Serat Wulangreh, watak manungsa bisa katon saka …
Sandhangane
Panggone manggon
Solah lan bawa
Arane
Sekar pangkur kang .....
lanjutan syair tembang ing dhuwur yakuwe ....
winarna
prayoga
utama
wibawa
tembang macapat duweni aturan utawa paugeran. Aturan sing nerangake jumlah baris ing saben bait tembang diarani ....
guru gatra
guru wilangan
gudu lagu
Pada
kalamun ana manungsa,
anyinggahi dugi lawan prayogi,
iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah,
wong degsura ndaludur tan wruh ing endur,
aja sira pedhak-pedhak,
nora wurung neniwasi.
Guru gatra tembang Pangkur ing dhuwur yaiku ...
4 (papat)
5 (lima)
6 (enem)
7 (pitu)
"kang sugih lan kang melarat"
Guru wilangan lan lagu pethilan tembang Pangkur ing dhuwur yaiku ....
7a
8a
9a
10a
Ukara “Sekar pangkur kang winarna, lelabuhan kang kanggo wong ngaurip” ateges …
Tembang pangkur kanggo upacara adat
Tembang pangkur minangka piwulang urip
Tembang pangkur kanggo wong tua bae
Tembang pangkur mung kanggo hiburan
Tegese gatra “adat waton puniku dipunkadulu” yakuwe …
Aja nganti nglanggar adat lan aturan
Aja manut marang liyan
Bebas saka kabeh aturan
Aja nggatekake kabecikan
Deduga lawan prayoga,
myang watara reringa aywa lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng anendra, duga-duga nora kari.
Tembang ing dhuwur ngandhut piwulang supaya …
Manungsa tumindak kanthi sembrana
Saben tumindak kudu nganggo pangira lan pikir
Wong ora perlu nggatekake sopan santun
Wong kudu wani nglanggar aturan
Kalamun ana manusa,
anyinggahi dugi lawan prayogi,
iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah,
wong degsura ndaludur tan wruh ing edur,
aja sira pedhak-pedhak,
nora wurung neniwasi.
Tembung neniwasi duweni teges ....
nulari
waspada
kabecikan
mbebayani/cilaka
aja sira pedhak-pedhak
Guru wilangan lan guru lagu syair tembang kasebut yakuwe ....
7e
7a
8e
8a
1) Lelabuhan kang kangge wong aurip,
2)Sekar Pangkur kang Winarna,
3) Den kaesthi siyang ratri
4) Prayoga kawruhana,
5) Miwah ingkang tatakrama,
6) Adat waton punika dipun kadulu,
7) Ala lan becik punika,
Urutane tembang pangkur kasebut, sing leres yakuwe….
1)-3)-2)-4)-6)-7)-5)
5)-1)-7)-4)-6)-2)-3)
7)-1)-2)-4)-6)-5)-3)
2)-1)-7)-4)-6)-5)-3)
Bapak maos koran kaliyan .... kopi wonten teras
nginum
ngombe
dahar
ngunjuk
kula mboten siyos .... bapak wonten peken
dherek
tumut
melu
nunut
aku lagi bae mulih sekolah nalika ibu lunga tuku gula ing pasar
Ukara ing dhuwur menawa ditulis nganggo basa krama alus yakuwe ....
kula nembe mawon kondur sekolah nalika ibu tindhak mundhut gendis wonten peken
kula nembe mawon wangsul sekolah nalika ibu tindhak tumbas gendis wonten peken
kula nembe mawon wangsul sekolah nalika ibu tindhak mundhut gendis wonten peken
kula nembe mawon Kondur sekolah nalika ibu tindhak tumbas gendis wonten peken
Bapak sampun kalih dinten sakit waja.
tembung waja tegese .....
mata
weteng
untu
sirah
Simbah .... oleh-oleh gethuk goreng saking Purwokerto.
ngasta
nggawa
Mbekta
nyangking
Tulisna syair (1 pada/bait) tembang pangkur ing serat wulangreh sing kok mangerteni!
saka syair tembang pangkur sing uwis kok tulis, jelasna makna sing ana ing syair tembang kasebut!
