WorksheetsJavanese Quizizz 7
Total questions: 20
Worksheet time: 15mins
Ukara ing ngisor iki endi kang nganggo rurabasa?
Adhiku seneng menek jambu
Mas Yani arep nggiling daging
Embah ngunjuk wedang jahe
Sena tuku sate jamur
"Negor gedhang" iku kalebu rura basa, amarga kang ditegor iku... dudu...
Gedhange, wite
Wite, gedhange
Plapahe, wite
Godhonge, oyode
Tembung "guru" kerata basane "digugu lan ditiru", dene "kodhok" kerata basane...
Teka-teka mlodhok
Soko pondok
Teka-teka ndhodhok
Reka-reka ndhodhok
Ing ngisor iki tuladhane kerata basa, negesi tembung kanthi neliti wandane (suku kata), kejaba...
Piring: sepi yen miring
Wanita: wani mranata
Tandur: nata karo mundur
Semar mendem
Tanti tuku gelas. Tembung "gelas" kerata basane...
Yen tugel dadi melas
Yen tugel ora bisa dilas
Yen tugel bisa dilas
Yen disegel mlebu kelas
Nalika mangkat sekola, Fahmi mbonceng Gandi boten njarag, nyrempet tiyang mikul dhawet, lajeng dhawah ngantos sukunipun medal rah. Kang kalebu rura basa ing ukara kasebut yaiku...
Mangkat sekola
Mikul dhawet
Nyrempet tiyang
Lajeng dhawah
Sawise ndonga bebarengan, brekat banjur didumake marang para tamu. Brekat kerata basane...
Gebreg ora mangkat
Yen udrek singkat
Mak breg terus diangkat
Gembredeg diikat
Ibu ngendika yen durung sinau aku ora pareng nonton Methikan. Ukara iki nggunakake basa...
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Ukara ing ngisor iki endi kang basane ngoko lugu?
Kula pangkat gasik amargi badhe piket.
Budhe arep mundhut beras ing pasar.
Dalemipun Pak ADM mboten telah.
Yen dina Minggu Besaran rame.
Ukara-ukara ing ngisor iki wis bener, kajaba...
Prapti ora wedi lunga wayah bengi.
Bulik Sri Hastuti ngunjuk jampi.
Nuning arep tindak griyane Rohmi.
Pak Bihardi rawuh ngasta lumpia.
Nalika Mbah Saefudin seda, prasasat ing palayatan udan tangis. Udan tangis tegese...
Akeh udan
Grimis riwis-riwis
Akeh sing nangis
Udan deres
Pak Lik Hasan piyayine... tegese sabar lan uga... kang artine sugih pangapura.
Dawa tangane, seneng ngrasani
Mencla-mencle, kandel kupinge
Tipis lambene, landhep dhengkul
Dawa ususe, jembar segarane
Kekancan karo Indri kudu ngati-ati, dheweke seneng ngrasani liyan, mula akeh sing ngarani...
Tipis lambene
Kandel lambene
Gedhe lambene
Dawa lambene
Yen arep mangkat sekola aja lali pamit karo Bapak lan Ibu nyuwun...
Donga sapu jagad
Donga dinonga
Donga pangestu
Donga sangu
Pambarepe Pandhawa jenenge...
Arjuna
Puntadewa
Bima
Werkudara
Paraga Pandhawa kang paling kuwat, kasar, paling diwedeni mungsuh nanging sebenere alus atine yaiku...
Yudhistira
Puntadewa
Bima
Nakula
Salah sawijine Pandhawa kang moncer duwe praupan nggantheng lan nate diparagakake dening Shaheer Sheikh yaiku...
Puntadewa
Arjuna
Nakula
Sadewa
Paraga antagonis ing carita Mahabharata kang dadi patih nalika Kurawa nduweni kuwasa ing Kraton Hastinapura yaiku...
Duryudana
Gathotkaca
Srikandhi
Sengkuni
Putrane Bima kang kawentar karo sebutan "otot kawat balung wesi" yaiku...
Antareja
Antasena
Gathotkaca
Werkudara
Ukara ing ngisor iki endi kang nganggo rurabasa?
Adhiku seneng menek jambu
Mas Yani arep nggiling daging
Embah ngunjuk wedang jahe
Sena tuku sate jamur
