wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Asesmen Sumatif Materi Tembang Dhandhanggula

Total questions: 14

Worksheet time: 7mins

Name
Class
Date
1.
Dhandhanggula Nanging yen sira nggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing lyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana Tembang dhandhanggula kasebut cuplikan sekang serat wulangreh anggitane ….
a)
KGPAA Mangkunegaran IV
b)
Hamengku Buwana IX
c)
Susuhunan Pakubuwana IV
d)
R. Ng. Rangga Warsita
2.
Pitutur luhur tembang dhandhanggula ing ngisor iki yakuwe ……… Dhandhanggula Nanging yen sira nggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing lyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana
a)
Carane milih guru
b)
Carane ngerti hukum
c)
Carane dadi manungsa kang becik
d)
wong kang temen
3.
Tegese larik tembang tan mikir pawewehing lyan yakuwe….
a)
Manungsa kang becik
b)
Ninggal kabeh larangan
c)
Ora mikir imbalan
d)
Wong kang temen
4.
Lamun ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang, prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, lan kiyase papat iku salah siji, anaa kang mupakat. Isi pokok tembang ing ndhuwur nerangna menawa angger ana wong ngomong bab ngelmu kudu cocok utawa paling ora ana sing cocok karo patang perkara. Patang perkara kang dimaksud yakuwe .....................
a)
Opsi 1Rumuhun, dalil, kadis, ijmak
b)
dalil, kadis, qiyas, ijmak
c)
rumuhun, dalil, ijmak, qiyas
d)
dalil, ijmak, qiyas, mupakat
5.
aja sira age-age,. Ukara sing kacithak miring nduweni teges....
a)
Ko kurang cepet-cepet
b)
aja kudu cepet-cepet
c)
ko aja cepet-cepet
d)
dhewek kudu cepet
6.
Ana uga kena denantepi, yen ucul saka patang prakara, nora enak legetane, tan wurung tingal wektu, panganggepe wus angengkoki, aja kudu sembahyang, wus salat katengsun, banjure mbuwang sarengat, batal karam nora nganggo den rawati, bubrah sakehing tata. Tembang kasebut ana ………pada
a)
1
b)
2
c)
3
d)
4
7.
Paugerne tembang dhandhanggulakuwe diantarane guru gatra, guwu wilangan lan guru lagu. Guru gatra yakuwe cacahing gatra saben sepada. Guru gatrane tembang dhandhanggula ana …..
a)
10
b)
9
c)
8
d)
7
8.
Kang diarani guru wilangan yakuwe cacahing wanda saben sagatra. Guru wilangan gatra ke 1 -10 ana ………wanda
a)
80 wanda
b)
82 wanda
c)
85 wanda
d)
84 wanda
9.
Tembang dhandhanggula neng serat wulangreh ana 8 pada. Dadi jumlah gatra tembang dhandhanggula ana ing serat wulangreh ana ……
a)
80 wanda
b)
84 wanda
c)
82 wanda
d)
85 wanda
10.
Gunane aksara swara diantaraen kanggo nulis ...
a)
nulis jeneng wong
b)
nulis jeneng jabatan
c)
nulis tembung kang ngarepe aksara swara
d)
nulis aksara swara ing kabeh tembung
11.
Pratelan ning ngisor iki sing ora kalebu carane gawe tembang macapat yakuwe ....
a)
tetembungane bebas ora perlu nganggo paugeran
b)
nemtokna tema lan undheraning gagasan
c)
ukarane kudu selaras lan mathuk karo paugeran
d)
gatekna sasmitane tembang sing arep digawe
12.
Watake tembang dhandhanggula yakuwe ...
a)
susah, rasa gela kang mbangeti
b)
seneng, gunanae kanggo mratelake rasa seneng
c)
luwes, seneng lan ngresepake
d)
sakepenake, sembrono lan guyonan
13.
Ana uga kena denantepi, yen ucul saka patang prakara, nora enak legetane, tan wurung tingal wektu, panganggepe wus angengkoki, aja kudu sembahyang, wus salat katengsun, banjure mbuwang sarengat, batal karam nora nganggo den rawati, bubrah sakehing tata. Guru lagu lan guru wilangan tembang dhandhanggula gatra 3 lan 4 yakuwe ...
a)
9i lan 7u
b)
7a lan 7i
c)
7u lan 9i
d)
7i lan 9a
14.
Pak slamet mundhut ing toko bangunan 3 sak semen tiga roda regane Rp 65.000,1 dam pasir Rp 950.000. yen pak slamet kagungan dhuwit Rp 1.300.000, pira dhuwit sing isih ana sawise mundhut semen lan pasir ...
a)
Rp 165.000
b)
Rp 155.000
c)
Rp 145.000
d)
Rp 135.000