Font size
WorksheetsUnggah Ungguh Basa
Total questions: 25
Worksheet time: 19mins
Ing ngisor iki ukara kang migunakake basa ngoko lugu yaiku. . .
Bapak tindak dhateng Semarang kalawau enjing.
Bapak tindak menyang Semarang mau esuk.
Bapak kesah dhateng Semarang kalawau enjing.
Bapak lunga menyang Semarang mau esuk.
Unggah-ungguh basa Jawa kang awujud basa ngoko, nanging tumrap wong sing diajak guneman lan digunem nggunakake tembung krama inggil yaiku basa. . .
krama lugu
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
Sampeyan punika yoganipun sinten?
Ukara kasebut ngetrapake panganggone basa. . .
Krama lugu
Krama alus
Ngoko lugu
Ngoko alus
Anggen kula ngrantos panjenengan kalawau sampun dangu sanget.
Yen diowahi ing basa ngoko lugu yaiku. . .
Anggonku nunggu sampeyan mau wis suwe banget.
Anggen kula nengga sampeyan wau sampun dangu sanget.
Anggonku nunggu kowe mau wis suwe banget.
Anggen kula nengga panjenengan wau sampun dangu sanget.
Bapak mulih saka swah jam sepuluh esuk.
Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .
Bapak kondur saka sawah jam sepuluh esuk.
Bapak kondur saking sabin jam sedasa enjing.
Bapak wangsul saking sabin jam sedasa enjing.
Bapak wangsul saka sawah jam sepuluh esuk.
Omahmu wis disapu apa durung?
Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu yaiku. . .
Dalemipun panjenengan sampun dipunsapu punapa dereng?
Griyanipun sampeyan sampun dipunsapu punapa dereng?
Dalemipun panjenengan wus disapu apa durung?
Griyanipun panjenengan wis disapu apa durung?
Kowe digawakake obat saka godhong suruh.
Basa krama aluse yaiku. . . .
Panjenengan diastakake obat saka godhong suruh.
Sampeyan dipunbektakaken jampi saking ron suruh.
Panjenengan dipunastakaken jampi saking ron suruh.
Sampeyan dipunastakaken jampi saking ron suruh.
Ayam punika sampeyan tumbas kemawon regi seket ewu.
Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .
Ayam punika panjenengan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.
Pitik iki tukunen wae rega seket ewu.
Ayam punika sampeyan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.
Pitik iki panjenengan pundhut wae rega seket ewu.
Mangana dhisik wae!
Yen diowahi basa krama lugu yaiku. . .
Panjenengan dhahar rumiyin mawon.
Sampeyan nedha rumiyin mawon.
Panjenengan dhahar dhisik wae!
Sampeyan nedha dhisik wae!
Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa Krama Alus yaiku. . .
Panjenengan midhangetaken musik punapa, Pak?
Simbah kalawau dhahar bakwan goreng.
Astanipun Mas Wahyu catu kenekan pangot.
Menda punika kagunganipun sinten?
Ing ngisor iki titikane basa krama alus yaiku. . .
Tembung kowe diganti panjenengan
Digunakake kanggo wong sing umure luwih tuwa lan duweni drajat pangkat luwih dhuwur saka awake dhewe
Migunakake tembung ngoko.
Tembung panambah di- lan -ake diganti dipun- lan -aken.
Sampeyan punika yoganipun sinten?
Ukara kasebut ngetrapake panganggone basa. . .
Krama lugu
Krama alus
Ngoko lugu
Ngoko alus
Kula sampun sinau unggah-ungguh basa.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Saben bubar maghrib aku ngaji ing mushollah.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Geneya bocah kudu ngerti tata krama?, ukara iki kalebu….
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama inggil
Ayo mengko bubar sekolah padha dolan!, ukara iki kalebu….
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Inggil
Simbah dhahar sekul wau enjang. Ukara iki kalebu….
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Inggil
Griya kula mboten tebih saking sekolahan. Ukara iki kalebu….
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Inggil
Apa kang diarani unggah ungguh basa iku?
tata-pranataning basa miturut lenggahing tata krama
Tata krama kang ora becik
Tata krama kang digunakake marang wong tua
Tata krama kanggo wong sing luwih tua
Basa Krama lugu ne omah yaiku….
Gubuk
Dalem
Griya
Joglo
Mas, sampeyan mengko didhawuhi bapak menyang daleme pakdhe. Tataran basa kang digunakake ing ukara kasebut yaiku...
krama
ngoko
ngoko alus
krama alus
krama lugu
Kula sampun.....menawi boten saged ndherek. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku...
ngomong
kandha
matur
ngendika
ngucap
Ukara-ukara ing ngisor iki luput unggah-ungguhing basa, kajaba...
Eyang sakit waja sampun tigang dinten
Putranipun Bu Nanik dipuntampi wonten UGM
Kula badhe tindak dhateng Madiun
Ageman kula sampun kanthah
Adhik dhahar pisang goring
Eyang ngunjuk wedang jahe. Adhiku melu-melu...wedang jahe.
ngombe
ngunjuk
nyruput
ngeglak
nenggak
Adhiku durung gelem mlebu sekolah“. Yen disalin dadi basa krama alus yaiku...
Adhiku dereng gelem mlebet sekolah.
Rayi kula durung gelem mlebu sekolah
Adhi kula dereng gelem mlebet sekolah
Rayi kula dereng kersa mlebet sekolah
Rayi kula durung purun mlebet sekolah
