Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

bahasa jawa bab prastawa budaya lan gathotkaca

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Teks kang njelentrehake sawijining barang kanthi gamblang lan menehi gambaran kanthi jelas babagan apa kang diwedharake diarani ....

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

argumentasi

2.

Ing ngisor iki ciri-ciri teks deskripsi, kajaba ....

a)

gambarake samubarang

b)

gunakake panca indra

c)

bisa ngajak deleng dewe

d)

ora bisa krungu apa-apa

3.

Urut-urutane nulis teks deskripsi sing kapisan yaiku ...

a)

nulis kasile kanthi urut

b)

nyatet perang-perangane bab kanthi tlesih

c)

nemtokake tema

d)

ngumpulake katrangan bab sing ditulis

4.

Ing ngisor iki kang klebu prastawa budaya yaiku ...

a)

pelangi

b)

gunung mbledhos

c)

sekaten

d)

pemilu

5.

Puncake adicara Sekaten ing tanggal 12 Mulud taun Hijriyah ngepasi tanggal wiyose Nabi Muhammad saw kasebut ...

a)

Sedekah Bumi

b)

Padusan

c)

Grebeg Muludan

d)

Dhugderan

6.

Teks dheskripsi kang nggambarke objek kang ora dikantheni karo opini saka penulis, yaiku...

a)

subjektif

b)

objektif

c)

induktif

d)

deduktif

7.

Salah sawijine titikan kang mligi saka teks dheskripsi, yaiku ...

a)

nggatekake urat-uratan wektu

b)

nglibatke unsur pancadriya

c)

Isine ngajak pamaca supaya nglakoni apa sing njlentrehake dening panulis

d)

linambaran bukti-bukti kang relevan

8.

Saben paragrap iku nduweni ... pokok pikiran.

a)

siji

b)

loro

c)

telu

d)

papat

9.

Supaya bisa nemokake pokok pikiran sajrone paragrap, wacane kudu diwaca ...

a)

saithik

b)

separo

c)

kabeh

d)

ora rampung

10.

Budaya kang ana ing tlatahe awake dhewe kudu

a)

dikenal

b)

diuri-uri

c)

dimangerteni

d)

bener kabeh

11.

iki jenenge

a)

Arjuna

b)

Werkudara

c)

Gathotkaca

d)

Bathara Narada

12.

gathotkaca iku putrane

a)

werkudara lan dewi Sinta

b)

Werkudara lan Dewi Arimbi

c)

Werkudara lan Dewi Sri

d)

Arjuna lan Dewi Arimbi

13.

Aji-ajine Gathotkaca yaiku

a)

aji narantaka

b)

gaman

c)

keris

d)

wusana wesi

14.

Sawise lair, Gathotkaca dijegurake ana ing

a)

kawah panas

b)

Candradimuka

c)

mega mendhung

d)

jero pusara

15.

garwane gathotkaca yaiku

a)

Dewi Sinta

b)

Dewi Kunthi

c)

Arimbi

d)

Dewi Pergiwa

16.

perang anatarane Pandhawa lan Kurawa diarani perang

a)

mahabarata

b)

Ramayana

c)

Baratayudha

d)

wayang

17.

Gathotkaca iku kondhang kanthi sebutan Satriya ....

a)

Alap-Alap

b)

Pringgondani

c)

Pringgotani

d)

Tetuka

18.

Arane Gathotkaca nalika isih bayi yaiku Jabang ....

a)

Bayi

b)

Bocah

c)

Raseksa

d)

Tetuka

19.

Nalika isih bayi, Gathotkaca digawa menyang Kahyangan dening ....

a)

Bathara Guru

b)

Bathara Narada

c)

Prabu Kresna

d)

Werkudara

20.

Nalika maju ing paprangan, tandange Gathotkaca yaiku ....

a)

alon-alon

b)

anteng kitiran

c)

cukat trengginas

d)

klemar-klemer

21.

Wacanen wacan ing ngisor iki.

Adipati Karna nggunakake aji-aji Kalalupa kang dayane ngetokake tiron rareksa kembar sapirang-pirang saka epek-epeke. Gathotkaca nandhingi aji-aji Narantaka kang saka epek-epeke ngetokake geni ngalad-alad ngobong raseksa daden-daden. Swara buta pating glereng kaya singa rebutan kidang ing wana.


Epek-epeke Gathotkaca ngetokake aji-aji wujude ....

a)

angin ribut

b)

buta daden-daden

c)

geni mbulat-mbulat

d)

udan panah

22.

Wacanen wacan ing ngisor iki.

Sang Adipati keseser perange banjur ganti tata gelar perang kanthi numpak kreta perang Jatisura kang dikusiri Patih Hadimanggala. Bebarengan swaraning peperangan, Adipati Karna mburu dununge Gathotkaca, enggal ngunus pusaka Kuntadruwasa. Sang Gathotkaca enggal mabur munggah ndhelik ing mega malang supaya ora katon.


Perange Adipati Karna numpak ....

a)

gajah

b)

jaran

c)

kreta

d)

turangga

23.

Gamane Gathotkaca kang wujud caping yaiku caping ....

a)

antrakusuma

b)

basukarna

c)

basunanda

d)

waja

24.

Putrane Adipati Karna yaiku Warsakusuma uga pralaya. Pralaya tegese pada karo ….

a)

sigra

b)

kundur

c)

mati

d)

sekti

25.

Gathotkaca gugur kena pusaka awujud …arane Kuntadruwasa.

a)

Tumbak

b)

Panah

c)

Gendhewa

d)

Keris