Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KISI-KISI SAS GANJIL 2025

Total questions: 25

Worksheet time: 27mins

Name
Class
Date
1.

Jenengku Denny Caknan. Wong tuwaku njenengke Denny Caknan kuwi supaya aku tansah entuk kesukesan. Kancaku padha nyeluk Denny. Umurku 17 taun, kelas X ing sawijining SMA. Arep dakcritakake nalika aku isih sekolah SMP kelas VIII biyen.

Paraga utama uga diarani protagonis. Paraga utama ing cerkak dhuwur kui yaiku ….

a)

Denny Caknan

b)

Denny Caknun

c)

Mas Denny

d)

Kang Denny

2.

Nalika aku SMP, aku sempet mikir geneya Gusti Allah ora adil marang aku? Aku diciptakake nduwe kekurangan lan kaluwihan. Aku iya tau meri marang Asti, kanca sakelasku sing pinter main voli tur anake wong sugih. Nanging, piye maneh aku ora nduwe bakat olahraga apa bae. Aku uga meri marang kanca-kanca sakelasku. Kabeh pada nduwe komputer jinjing utawa laptop. Saben bocah merek laptope kuwi beda-beda, jarang yen ana sing pada paling iya siji loro bocah sing merek laptope padha.

  1. Ing ngisor iki watak paraga aku, yaiku ....

a)

Gemati

b)

Telaten

c)

Ora bersyukur

d)

Sombong

3.

Aku ya sempet ngrasakake minder utawa ora percaya diri jalaran penampilanku kuwi biyasa-biyasa ora kaya kanca-kanca wadonku sing liyane. Kanca-kancaku, yen tas wis oleh telung wulan ndang cepet-cepet ganti tas anyar. Nanging, tasku wis oleh setaun ora jaluk ganti. Tasku uga akeh jaitane. Aku uga ora nduwe klambi-klambi sing apik-apik. Klambiku iku rata-rata diwenehi tanggaku sing jenenge Mbak Indah.

Wos surasane paragrap ing nduwur, yaiku .....

a)

Tasku ana setaun pisan ora ganti

b)

Aku minder jalaran penampilanku biyasa-biyasa ae

c)

Kancaku pada ganti tas anyar yen wis telung wulan digawe

d)

Aku seneng amarga diwenehi klambi Mbak Indah

4.

Saka prastawa kuwi, aku dadi seneng banget karo nulis. Saben dina, yen ana wektu kosong, aku mesthi nulis cerkak. Sekolahanku ngerti hobi anyarku iku. Akire, banjur aku dimelokake lomba-lomba nulis cerkak nganti tingkat nasional. Ing omahku, akeh piala pemenang lomba-lomba nulis cerkak. Piala sing nomer siji sing dakoleh wektu lomba nulis cerkak remaja kuwi dakseleh ing kamar. Akire, yen aku wis mlebu SMA, aku bakal milih jurusan bahasa. Alesanku arep milih jurusan kuwi amarga aku kepengin nekuni bidang bahasa khususe nulis. Saka hobi nulisku iki, aku nduwe cita-cita" dadi guru bahasa Indonesia utawa penulis cerkak utawa novel kondhang besuke. Aku bangga marang awakku dhewe. Aku bisa buktikake marang wong liya, yen kakurangan dudu penghalang gawe nggayuh mimpi kang dhuwur.

Wos surasane paragrap nduwur kuwi, yaiku ....

a)

Kekurangan dudu penghalang gawe nggayuh mimpi kang dhuwur.

b)

Seneng oleh piala amarga menang lomba

c)

Seneng nulis cerkak

d)

Sekolahe ngerti hobi anyar yaiku nulis cerkak

5.

Tegese "cebol nggayuh lintang", yaiku ....

a)

nyela-nyela wong guneman

b)

wong asor nanging sugih kapinteran

c)

wong kang ilang kekuwatane

d)

wong cilik kang nduweni gegayuhan kang tangeh lamun kelakon

6.

Jenengku Nur Hidayati. Wong tuwaku njenengake Nur Hidayati kuwi supaya aku tansah entuk panyinaran hidayah saka Gusti Allah. Kancaku padha nyeluk Yati. Umurku 17 taun, kelas X ing sawijining SMA. Arep dakcritakake nalika aku isih sekolah SMP kelas VIII biyen.

Alur yaiku urut-urutane kadadeyan ing crita. Jinising alur sing digunakake ing cerkak dhuwur yaiku ....

a)

maju

b)

mundur

c)

campuran

d)

maju mundur

7.

Gatekna unsur-unsur ing ngisor iki!

(1)    Alur

(2)    Sudut pandang

(3)    Sosial

(4)    Ekonomi

(5)    Paraga

Kang kalebu unsur ekstrinsik, ditunjukake angka ….

a)

(1) lan (2)

b)

(2) lan (3)

c)

(3) lan (4)

d)

(4) lan (5)

8.

Saka prastawa kuwi, aku dadi seneng banget karo nulis. Saben dina, yen ana wektu kosong, aku mesthi nulis cerkak. Sekolahanku ngerti hobi anyarku iku. Akire, banjur aku dimelokake lomba-lomba nulis cerkak nganti tingkat nasional. Ing omahku, akeh piala pemenang lomba-lomba nulis cerkak. Piala sing nomer siji sing dakoleh wektu lomba nulis cerkak remaja kuwi dakseleh ing kamar. Akire, yen aku wis mlebu SMA, aku bakal milih jurusan bahasa. Alesanku arep milih jurusan kuwi amarga aku kepengin nekuni bidang bahasa khususe nulis. Saka hobi nulisku iki, aku nduwe cita-cita" dadi guru bahasa Indonesia utawa penulis cerkak utawa novel kondhang besuke. Aku bangga marang awakku dhewe. Aku bisa buktikake marang wong liya, yen kakurangan dudu penghalang gawe nggayuh mimpi kang dhuwur.

Pesan moral utawa amanat saka crita nduwur, yaiku ....

a)

aja tau nyerah kanggo nggayuh impen, senajan nduwèni kakurangan

b)

seneng nulis supaya oleh piala

c)

dadi juara kanggo banggakne wong tuwa

d)

dadi penulis novel supaya sugih

9.

Personifikasi yaiku lelawaning basa kang nggunakake sipat insani tumuju ing barang mati lan pamanggih kang abstrak. Ing ngisor iki tuladha ukara personifikasi sing bener, yaiku …

a)

Bocahe pancen ayu, mula ora kleru yen dadi kembang desa

b)

Bal bunder mak bleng mlebu gawang

c)

Ana Avanza mlebu ing plataran omah gubug iku

d)

Bengi mau angine ngamuk, gawe geger wong sak desa

10.

Pleonasme yaiku lelawaning basa kang nggunakake tembuh kang keluwihen utawa mubadzir, kang sebenere ora kanggo. Ing ngisor iki tuladha ukara pleonasme sing bener, yaiku …

a)

Ana Avanza mlebu ing plataran omah gubug iku

b)

Sumpahe disekseni langit lan bumi

c)

Sumini tiba mak gedebuk neng ratan

d)

Bocahe pancen ayu, mula ora kleru yen dadi kembang desa

11.

Wayang iku minangka budaya kang adi luhung. Tembung adi luhung kalebu tuladha ….

a)

tembung saroja

b)

tembung entar

c)

wangsalan

d)

paribasan

12.

Para warga pada wedi amarga ana wong lara owah. Tembung lara owah kalebu tuladha ....

a)

tembung saroja

b)

tembung entar

c)

wangsalan

d)

paribasan

13.

Gatekna tembung-tembung ing ngisor iki!

(1)    narpati

(2)    randha royal

(3)    dubang

(4)    kupluk

(5)    semar mendem

Kang kalebu tuladha tembung camboran tunggal, ditunjukake angka ….

a)

(1) lan (2)

b)

(2) lan (4)

c)

(2) lan (5)

d)

(4) lan (5)

14.

Camboran wudar yaiku tembung camboran sing tembung siji lan sijine isih nduwe teges dhewe-dhewe. Ing ngisor iki sing kalebu tuladha tembung camboran wudar, kajaba ....

a)

semar mendem

b)

pelem golek

c)

wayang kulit

d)

meja tulis

15.

Tegese paribasan: ana gula ana semut yaiku ….

a)

wong cilik tur asor bebudene

b)

dum duman barang, nanging sing andum ora oleh bagean

c)

tumindak ala kanthi sesideman

d)

panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani

16.

Tegese saloka: baladewa ilang gapite yaiku …

a)

wong asor nanging sugih kapinteran

b)

wong cilik kang nduweni gegayuhan kang tangeh lamun kelakon

c)

wong kang melu-melu, nanging ora ngerti karepe/tujuwane

d)

wong kang ilang kekuwatane

17.

Buta buri: tebu ditata mlebu lori. Ukara kasebut klebu cangkriman ….

a)

awujud pepindhan

b)

awujud blenderan

c)

sinawung ing tembang

d)

awujud wancahan

18.

Pitik walik saba meja, batangane .....

a)

nanas

b)

sulak

c)

salak

d)

kates

19.

Gajah ngidak endhog ora pecah. Batangane: sing ora pecah gajahe. Ukara kasebut klebu cangkriman ….

a)

awujud pepindhan

b)

awujud blenderan

c)

sinawung ing tembang

d)

awujud wancahan

20.

Dideleng gampang, dicekel angel. Batangane ....

a)

tempe

b)

celengan

c)

srengenge

d)

banyu

21.

Anik            : “Kula nuwun.”

Pak Karji     : “Mangga Nak, kene mlebu kene.”

Anik            : “Inggih Pak, matur nuwun.”

Pak Karji     : “Ana perlu apa kok sajak wigati banget?”

Anik            : “Punika ljo Pak, kula pengin ngertos bathik kagungan panjenengan.”

Pak Karji     : “Apa bae sing pengin dingerteni Nak?”

Anik            : “[…]”

Pak Karji     : “Usaha bathik iki dakjenengake Sekar Jagad.”

“Ana perlu apa kok sajak wigati banget?” Tembung wigati tegese ….

a)

temenan

b)

penting

c)

gumun

d)

pengin

22.

Anik            : “Kula nuwun.”

Pak Karji     : “Mangga Nak, kene mlebu kene.”

Anik            : “Inggih Pak, matur nuwun.”

Pak Karji     : “Ana perlu apa kok sajak wigati banget?”

Anik            : “Punika ljo Pak, kula pengin ngertos bathik kagungan panjenengan.”

Pak Karji     : “Apa bae sing pengin dingerteni Nak?”

Anik            : “[…]”

Pak Karji     : “Usaha bathik iki dakjenengake Sekar Jagad.”

Kanggo nggenepi pacelathon ing dhuwur ukara sing trep, yaiku …

a)

"Sapa jenenge sing duwe usaha bathik, Pak?”

b)

“Apa jenenge usaha bathik sampeyan Pak?”

c)

“Punapa naminipun usaha bathik panjenengan, Pak?”

d)

"Sinten naminipun usaha bathik panjenengan, Pak?”

23.

1.      Gatekna pratelan ing ngisor iki!

(1)    Kepiye carane ngembangake usaha bathik “Sekar Jagad” punika Pak?

(2)    Kados pundi caranipun ngembangaken bathik “Sekar Jagad” punika Pak?

(3)    Kenging punapa kok opah buruh awis Pak?

(4)    Sinten ingkang paring bantuan?

Ukara pitakon ing dhuwur sing nakokake cara yaiku ukara nomer ….

a)

(1) - (2)

b)

(1) - (3)

c)

(2) - (4)

d)

(3) - (4)

24.

Ing ngisor iki sing kudu disiapake sadurunge nindakake wawancara, kajaba nemtokake ….

a)

biaya

b)

narasumber

c)

tema

d)

tujuan

25.

Nalika arep nindakake wawancara, kudu nyiapake pedhoman wawancara kang wujude ….

a)

dheskripsi sing arep ditakokake

b)

tape recorder kanggo ngrekam

c)

dhaftar pitakonan sing kanggo takon

d)

ringkesan materi sing arep ditakokake