Ukuran huruf
Lembar kerjaSAS Sem I Kelas 6
Total soal: 40
Worksheet time: 37mins
Kutha Blitar misuwur amarga dadi papan panggonane makam Bung Karno, presiden kapisan Republik Indonesia. Makam iki ana ing Kelurahan Bendogerit, ora adoh saka pusat kutha. Saben dina akeh wong teka kanggo ziarah lan ngurmati jasa-jasane Bung Karno. Ing sakupenge makam uga ana museum lan perpustakaan sing isine barang-barang peninggalan Bung Karno
Ing sacedhake makam Bung Karno ana …
Pasar lan pabrik
Museum lan perpustakaan
Sekolah lan taman
Terminal lan stasiun
Kutha Blitar misuwur amarga dadi papan panggonane makam Bung Karno
tembung sing kacithak kandel tegese . . .
terkenal
kondhang
sekti mandraguna
digdaya
Sapa jeneng presiden kapisan Republik Indonesia?
Bung Tomo
Bung Karno
Jenderal Sudirman
Ki Hajar Dewantara
Ing wektu cilik, Soekarno seneng sinau lan pinter ngandharake gagasan. Dheweke kerep maca buku lan rembugan karo guru-guru. Saka kene, dheweke dadi wong sing cerdas lan berani mbela rakyat.
Makam Bung Karno ing Blitar dadi salah siji ikon kutha iki. Saben dina akeh pengunjung teka kanggo ndedonga lan ngenang perjuangané minangka pahlawan nasional.
Apa gagasan pokok paragraf ing dhuwur . . .
Soekarno pinter lan seneng sinau
Soekarno dolan karo kanca
Soekarno dadi presiden
Soekarno arep lunga menyang Jakarta
Ing wektu cilik, Soekarno seneng sinau lan pinter ngandharake gagasan. Dheweke kerep maca buku lan rembugan karo guru-guru. Saka kene, dheweke dadi wong sing cerdas lan berani mbela rakyat.
Makam Bung Karno ing Blitar dadi salah siji ikon kutha iki. Saben dina akeh pengunjung teka kanggo ndedonga lan ngenang perjuangané minangka pahlawan nasional.
Apa kegiyatan sing disenengi Soekarno nalika cilik?
Dolanan
Maca buku
Lelungan
Masak
Tembung pahlawan nasional ateges wong sing …
Nglawan kanca
Dikenal kabeh wong
Berjuang kanggo bangsa
Punya sekolah
Sawijine teks sing isi lan andharane kanggo ngajak,ngyakinake,ndayani,mangaribawani(mempengaruhi) lan kanggo narik kawigatene wong liya ( sing maca) diarani teks . . .
narasi
persuasi
dheskripsi
argumentasi
Sawijine teks sing isine ngenani crita lelakon uripe manungsa,ana paragane(tokohe),ana temane,ana alur critane,lan ana pesen morale diarani teks . . .
narasi
persuasi
dheskripsi
argumentasi
Bapak saiki sish mangan,dene olehku mangan wes mau.
Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi krama sing bener yaiku . . .
Bapak sakmena taksih nedha,dene anggen kula nedha sampunkalawau
Bapak sakmenika taksih dhahar,dene anggen kula nedha sampun kalawau
Bapak sakmenika taksih nedha ,dene anggen kula dhahar sampun kalawau
Bapak sakmenika taksih dhahar ,dene anggen kula dhahar sampun kalawau
Ing ngisor iki sing dadi ciri-cirine terks pawarta yaiku . . .
ngandarake samubarang sing dianggep penting
isine ngajak-ngajak,ngyakinake marang wong liya
ngandharakeinformasi sing bisa nuwuhake semangat
isine kudu akurat lan bisa dipercayakanthi ngugemi paugeran 5W+1H
Ukara “Bapak maos koran saben enjing” yen diowahi dadi ngoko lugu yaiku …
Bapak maca koran saben esuk
Rama maca koran saben esuk
Bapakku maca koran saben esuk
Bapak maos koran saben esuk
Supadhos mboten kesiyangan,panjenengan nitih bis mawon.
ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa ngoko lugu dadi . . .
ben ora kesiyangan,sampean nitih bis mawon
ben ora kesiyangan,kowe numpak bis wae
ben ora kawanen,panjenengan nitih bis wae
ben ora kawanen,sampean numpak bis wae
Panjenengan mangke dalu tamtu sare mriki ?
ukara ing dhuwur yen didadekne basa ngoko lugu dadi . . .
panjenengan mengko bengi sida sare kene ?
sampean mangke dalu tamtu tilem mriki ?
panjenengan mengko bengi sida tilem kene ?
sampean mengko bengi sida sare kene ?
Kenging menapa bapak panjenengan kok mboten tindak ?
ukara ing dhuwur kalebu nggunakake basa . . .
ngoko lugu
krama lugu
ngoko alus
krama alus
Yen kepengin awakmu tetep sehat, ngombea jamu herbal asil ramuane Mak Bawor sing wis kondhang nganti tekan ngendi-endi.
Ukara ing duwur kalebu jinise teks.....
pawarta
slogan
persuasi
pariwara
Ing ngisor iki sing dadi ciri-cirine teks sesanti yaiku.....
ngandharake informasi bab kaluwihane prodhuk.
Isine tetembungane bisa nuwuhake rasa semangat.
Isine nawakake barang/prodhuk marang wong liya
Isine adu akurat ngugemi paugeran 5W+1H
Wong sing kegedhen penggayuh (kekarepan) kena diparibasakake.....
Ngubak-ubak banyu bening.
Kebanjiran segara madu.
Kakehan gludhug kurang udan.
Kegedhen empyak kurang cagak.
Salah siji tata carane maca teks pawarta yaiku . . .
olehe maca kudu banter lan cepet
sing diwaca mung judhule wae
maca nganggo pengeras suara
olehe maca kudu bener lan cetha
Kapan kedadeyan sing diwartakake jroning pawarta iku mujudake jawaban kanggo tembung pitakonan . . .
what
who
when
why
Sapa sing terl;ibat jroning pawarta iku mujudake jawaban kanggo tembung pitakonan . . .
what
who
when
why
Ing ngisor iki titikane sasanti utawa slogan sing bener yaiku . . .
ukarane ngajak-ngajak
ukarane nyenengake
ukarane mamerake
ukarane ngujuk-ngujukie
Kita kudu ngirit banyu supaya ora kekurangan nalika mangsa ketiga.
ukara ing dhuwur kalebu . . .
sasanti
persuasi
pariwara
narasi faktual
Tata paugerane tembang macapat sing baku iku ana 3, yaiku ....
guru gatra, guru sastra, guru basa
guru gatra, guru wilangan, guru basa
guru gatra, guru wilangan, guru lagu
guru gatra, guru lumaksita, guru lagu
Cacahing gatra saben sak pada diarani ....
Guru wilangan
Guru sastra
Guru gatra
Guru lagu
Eyang kakung...................saking Kalimantan
Wangsul
teka
Kondor
Mulih
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip
Guru gatra tembung ing nduwur yaiku ana...
6
7
8
9
Tibane swara ing pungkasaning gatra diarani...
guru wilangan
guru gatra
guru lagu
guru wanda
Gambuh
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapaluh
Kapatuh pan dadi awan
Guru wilanagan tembang macapat ing nduwur yaiku….
7, 10, 12, 8, 8
8, 7, 8, 8, 9, 9
7, 9, 10, 7, 8
8, 10, 12, 8, 8
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
watak e tembang gambuh yaiku . . .
sembrana
asrih
wanuh
prihatin
Kanggo nulisake swara o digunakake sandhangan . . .
taling
taling tarung
pangkon
pengkal
Ukara ing ngisor iki sing kalebu bebasan yaiku . . .
mikul dhuwur mendhem jero
sadumuk bathuk sanyari bumi
mburu uceng kelangan dheleg
arep nangkane emoh pulute
wong sing marani bebaya kena diparibasakake . . .
timun wungkuk jaga imbuh
kriwikan dadi grojokan
timun mungsuh duren
kutuk marani sunduk
Unen-unen kang ajeg penganggone utawa ora kena diowahi tegese wantah diarani . . .
pepindhan
paribasan
bebasan
saloka
Gupak pulute ora mangan nangkane ,tegese . . .
wong kang tumindak luput bakale konangan
melu rekasa nanging ora melu ngrasakne asile
nyambut gawe tansah kuatir yen luput
tumindak ala sarana kongkonan
Unen-unen sajerone basa lan kasusastran Jawa cacahe ana . . .
loro
papat
telu
lima
Lamun sira anggeguru kaki,miliha sujanma kang nyata.
Tembung kang kacethak miring tegese . . .
wanita
manungsa
murid
penggaweyan
ꦏꦺꦧꦺꦴꦏꦧꦺꦴꦠꦤ꧀ꦱꦸꦁꦒꦸ
yen ditulis latin . . .
kebo kabotan sungu
keba kabetan sunggu
kerbau kabotan sunu
kebu kabutan sungu
Tegese saloka " kaya banyu karo lenga" . . .
wong kang ora bisa rukun
wong pinter ning ora ana sing merlokake
wong sugih umuk nanging bodho
tegese wong kang bedhigasan
Bu Tatik ora sida . . .menyang Surabaya amarga awake lara.
tembung sing cocok kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku . . .
tindak
budhal
lunga
tindhak
