Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Geguritan Kelas 6

Total questions: 20

Worksheet time: 24mins

Name
Class
Date
1.

Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani (a)  

2.

Nalika penulis ngarang teks geguritan miwit kanthi netepake (a)  

3.

Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani (a)  

4.

Maceme geguritan yaiku (a)  

5.

Kang kudu digatekake tumrape wong maca geguritan kaya kang disebutke ing ngisor iki, yaiku…..

(a)  

6.

Obahing awak nalika moco geguritan diarani...

(a)  

7.

“Uripe Manungsa”


Iki ana cerita

Kados uripe manungsa

Ingkang rekosa

Amarga kakean dosa


Ora gelem nindake dawuhe agama

Geleme mung nyusahke wong tuwa

Ora isoh nyukuri sing diparingi pencipta

Isohe malingi duite tangga


(Sumber: nor-baru.blogspot.co.id)


Miturut geguritan ing dhuwur, manungsa urip rekosa amarga . . . .

(a)  

8.

“Uripe Manungsa”


Iki ana cerita

Kados uripe manungsa

Ingkang rekosa

Amarga kakean dosa


Ora gelem nindake dawuhe agama

Geleme mung nyusahke wong tuwa

Ora isoh nyukuri sing diparingi pencipta

Isohe malingi duite tangga


(Sumber: nor-baru.blogspot.co.id)


Irah-irahane geguritan ing dhuwur yaiku . . . .

(a)  

9.

Pesen kang disampekake pengarang marang para maos utawa sapa wae sing ngrungokake guritan diarani (a)  

10.

Coba gatekno andharan ngisor iki

1. Tanpa kaiket ing guru lagu, guru wilangan lan guru gatra

2. Kaiket ing guru lagu, guru wilangan lan guru gatra

3. Carike bebas, bisa wujud pada, bisa uga wujud carita

4. Iki miturut jenise tembang

Sing kalebu struktur wacana geguritan ...

(a)  

11.

Wirama yaiku ....

4 lines
12.

Yen isine geguritane bab semangat polatane sing maca kudu (a)  

13.

Manawa maca geguritan kanthi pocapan kang cetha, ora groyok, pelo utawa rangu-rangu, lan bisa ngucapake aksara kanthi bener, umpamane mbedakaken aksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha), mangkono iku tegese nggatekake .….

(a)  

14.

Budi maca geguritan kanthi tema perjuangan, pamacane gurit sora lan semangat, beda karo yen maca geguritan sing isine kesusahan, pamacane luwih alon lan sareh. Bab iki ateges Budi bisa ngecakake .….

(a)  

15.

Anggone maca geguritan wirasa uga aja dilalekake amarga wirasa iku .….

a)

lirih lan serone swara

b)

cetha lan orane swara

c)

rasa pangrasane pocapan

d)

munggah mudhune swara

16.

Unsur sing sifate katon ing susunane tembung diarani ...

(a)  

17.

Alam kang Lestari

Dening : Rikiega

Bukit-bukit kang ijo

Sawah-sawah kang selak kuning

Swara alang-alang kang gumrising

Ndadekna atiku ayem lan tentrem

Wit-witan kang ngrembuyung

Embun kang nyejukake ati

Lemah kang subur lan gempur

Alamku, alam kang endah lan agung

Swara tetembangan manuk sing mabur

Swara banyu kang netes-netes

Angin kang sumrisik ngrasuk ati

Pancen lestari alamku

Irah-irahan geguritan kasebut yaiku ...

(a)  

18.

Geguritan ing nomer 17 kasebut nggambarake ...

(a)  

19.

Geguritan ing nomer 17 kasebut nduweni tema ...

(a)  

20.

Gatekna maneh geguritan ing nomer 17. Apa sing ndadekna atiku ayem lan tentrem?

4 lines