Font size
WorksheetsSASTRA PIWULANG
Total questions: 100
Worksheet time: 1hrs 19mins
Analisis Wewarah (Nasihat):
"Nadyan asor wijilipun, yèn kinarya gugon tuhu, wit saking gunging kang wèwèh, liré wèwèh wulang wuruk, ing ngèlmu mung raga, kang wèwèh èstu luwih." Adhedhasar pethikan kasebut, analisis korelasine antarane "wijil asor" (keturunan asor) karo aji pitutur (nasihat) sing diwènèhake!
Keturunan asor ora bakal bisa nggayuh drajat luhur sanajan pitutur sing diwènèhake apik.
aji pitutur sing luhur mung asalé saka keturunan luhur lan duwé ngèlmu.
Pitutur sing becik (wulang wuruk) duwéni aji luhur sing madeg dhéwé, ora ditemtokaké saka sapa sing mènèhi (asal-usul).
Wong sing lair asor kudu ngimbangi kekurangan asal-usule kanthi mènèhi pitutur sing migunani.
Kebaikan kudu diwènèhaké tanpa milih-milih, nanging migunané gumantung marang status sosial sing nampa.
"Tansah ènggètan lamun dadi,
umarasa darajating,
nora karem ing wewèwèh,
anging masuwur ing ngèlmu,
iku kang èstu arga,
lan wus kakenan.
Pambukaning èlmu gung,
sanyata kang tanpa srana."
Kritik sosial apa sing paling trep dianalisis saka ukara sing negesaké pentingé "masuwur ing ngèlmu" (kondhang amarga ngèlmu) tinimbang "karem ing wewèwèh" (seneng pamrih/mènèhi amarga ngarepake balesan)?
Pengarang ngritik tradhisi mènèhi sedekah sing kakèhan ing kalangan priyayi.
Pengarang ngritik tokoh-tokoh sing mung ngandelaké bandha donya kanggo nggayuh pakurmatan sosial.
Pengarang muji wong-wong sing seneng mènèhi bandha tinimbang mènèhi kawruh.
Pengarang ngalisis yèn bandha iku sarana utama kanggo nggayuh ngèlmu sajati.
Pengarang ngècèp wong-wong sing kakèhan goleki ngèlmu nganti lali sosialisasi.
Kang nganggit Serat Wedhatama yaiku
KGPAA Mangkunegara IV
KGPAA Mangkunegara V
KGPAA Mangkunegara VII
Prasetya Eka Purnomo
Ranggawarsita II
Serat Tripama dianggit dening pujangga mumpunu, kang aran ....
KGPAA Mangkubumi IV
KGPAA Mangkunegara IV
Sri Sultan Hamengku Buwana IX
Sri Paku Alam IX
R. Ng. Ranggawarsito
Isine Serat Tripama yaiku Pupuh ….
Pangkur
Sinom
Pocung
Kinanthi
Dhandhanggula
Tegese Tripama yaiku ….
Tuladha kang utama
Patuladhan kang utama
Telung patuladhan kang utama
Tuladha Bela Negara
Lakon Wayang Bab Bela Negara
sajroning serat wedhatama, wiwitan pupuh kinanthi mapan ing pada ...
84
100
83
83-100
Adipati Karna iku sejatine esih sedulure Pandawa, ananging beda Bapak nunggil Ibu. Kawit cilik Karna diopeni dening kusir lan nalika wis diwasa dheweke didadekake panglima perang dening Kurawa. Ana ing perang Bharatayudha, Karna perang nglawan Arjuna, sedulure dhewe. Iku ditindakake Karna amarga ….
Nuduhake sifat nasionalisme
Nuduhake sifat kendel
Nuduhake sifat balas budi
Nuduhake jiwa patriotism
Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki!
samengko ingsun tutur,
sembah catur: supaya lumuntur,
dihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki,
ing kono lamun tinemu,
tandha nugrahaning Manon
Tembang Gambuh ing ndhuwur ngandhut piwulang....
Nggolet ilmu kudu kanti niat kang temen
Aja keminter menawa pancen durung pinter
Para muda kudu nuladha laku sing utama saking para kamitua
Nindakake patang perkara (sembah) supaya entuk kanugrahan Gusti
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.
Tokoh sapa kang dicritakake ana ing bait kasebut …
Patih Suwanda
Sasrabau
Kumbakarna
Adipati Karna
Gatekna tembang ing ngisor iki!
wonten malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa
Tokoh sapa kang dicritakake ana ing bait kasebut …
Patih Suwanda
Sasrabau
Kumbakarna
Adipati Karna
Sri Sususuhunan Pakubuwana IV iku saka kraton....
Kasunanan Surakarta Hadiningrat
Yogyakarta Hadiningrat
Mangkunegaran Surakarta
Kaultanan Pajang
mring wong tuwa anak kudu bekti,
kanthi bekti gemati pan nyata,
wong tuwa gedhe dongane,
kanthi donga puniku,
bakal gampang le golek ilmi,
anak akeh ilmuya,
gampil besukipun,
nggenira padha ngupaya,
rejeki sarta urip kang mulya nenggih,
wong tuwa bagya mulya.
Guru lagu gatra (baris) ke 4 tembang ing dhuwur yaiku ...
i
e
a
u
mring wong tuwa anak kudu bekti,
kanthi bekti gemati pan nyata,
wong tuwa gedhe dongane,
kanthi donga puniku,
bakal gampang le golek ilmi,
anak akeh ilmuya,
gampil besukipun,
nggenira padha ngupaya,
rejeki sarta urip kang mulya nenggih,
wong tuwa bagya mulya.
Gatra (baris) kang guru lagune padha (sama) yaiku ...
1 lan 3
2 lan 5
1 lan 5
3 lan 4
Adat waton puniku dipunkadulu. Teges tembung "waton" yaiku ...
apik
bengi
aturan
elek
Miwah ingkang tata krama. Teges e tembung "tata krama" yaiku ...
unggah-ungguh
tembang
dilakoni
luwih utama
Dipunsami ambanting sariranira,
Cegah dhahar lan guling,
Darapon sudaa,
Nepsu kang ngambra-ambra,
Rerema ing tyasireki,
Dadi sabarang,
Karyanira lestari.
Adhedhasar tembang Durma ing dhuwur, ana gatra papat kang unine “Nepsu kang ngambra-ambra” tegese yaiku.....
Ngilangake hawa nepsu
Aja padha tumindak ala
Aja ngurangi hawa nepsu
Hawa nepsu kang sumebar utawa angel dikendhalikake
Dipunsami ambanting sariranira,
Cegah dhahar lan guling,
Darapon sudaa,
Nepsu kang ngambra-ambra,
Rerema ing tyasireki,
Dadi sabarang,
Karyanira lestari.
Adhedhasar wos ing Serat Wulangreh Pupuh Durma Pada siji bisa dimangreteni bilih awake dhewe kudu tansah ngurangi mangan lan turu, ancase yaiku.....
Supaya sehat
Supaya ngirit
Supaya ora lemu
Sarana kanggo ngurangi hawa nepsu
Dipunsami ambanting sariranira,
Cegah dhahar lan guling,
Darapon sudaa,
Nepsu kang ngambra-ambra,
Rerema ing tyasireki,
Dadi sabarang,
Karyanira lestari.
Adhedhasar serat Wulangreh pupuh Durma pada siji ing dhuwur bisa dimangreteni isine yaiku.....
Urip iku kudu prihatin, carane yaiku kanthi nyudha mangan lan turu. Mula urip ing donya aja akeh mangan lan turune mundak dadi wong males. Yen males awake dhewe angel anggone nggayuh cita-cita
Aja padha seneng mangan karo turu mundak awak dadi lemu. Lan sregepa ngibadah supaya bisa mlebu swarga.
Latihen lan biasakna awakmu urip lan laku prihatin kanthi cara ngurangi mangan lan turu. Kabeh iku minangka srana kanggo ngendhaleni hawa nepsumu, yen prelu karo tafakur lan ngeningke cipta nyedhak marang sing gawe urip. Kabeh iku bisa ndadekake Kabul/kaleksanan panjangkamu/cita-cita.
Nyedaka marang Gusti Allah supaya tansah pikantuk kanugrahan saking Gusti Allah.
Tafakur lan ngeningke cipta nyedhak marang sing gawe urip. Kabeh iku bisa ndadekake Kabul/kaleksanan panjangkamu/cita-cita.
Ing pangawruh lair batin aja mamang,
yen sira wus udani,
ing sariranira,
yen ana kang amurba,
misesa ing alam kabir,
dadi sabarang,
pakaryanira ugi.
Guru wilangan lan lagune gatra kaping gangsal yaiku ....
7a
71
8a
8i
Apan ana sesiku telung perkara
Nanging gedge pribadi Puniki lilira
Ya kang telung perkara
Poma ywa nggunggung sireki
Sarta lan aja nacad kepati pati
Saking serat wulangreh pupuh Durma ing nginggil wonten sesiku ingkang kedah dipun singkiri inggih punika :
nggunggung salahe wong liya
sengit banget karo wong liya
nggoleki salahe wong liya lan jumlah salahe wong liya
njumlah salahe wong liya lan nyacad wong liya
Susi : “Mbak, njenengan mau wis dhahar durung ta?”
Dina : “Durung je Dhik, lha arep maem ketungka ana tamu.”
Undha-usuking basa ingkang dipunginakaken dening Susi ing pacelathon kasebat, inggih menika ....
ngoko alus
krama alus
krama
ngoko
krama inggil
Kados pundi anggenipun matur menawi telat sekolah…
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula ajeng piwucalan?”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapura kula telat, menapa kepareng kula dherek piwucalan?”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, kula badhe dherek piwucalan.”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menawi kepareng kula ajeng dherek piwucalan.”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula dherek piwucalan?”
Guru : “ Saderengipun ibu wiwiti piwulangan Basa Jawi ing taun ajaran enggal menika, para siswa sampun sami tepang kaliyan ……………. menapa dereng? Lajeng kaliyan ibu guru menapa sampun sami tepang?”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ceceg-cegeng ukara kasebut inggih menika……
kanca-kanca
rencang-rencang
para sedulur
bapak saha ibu guru
sekolahanipun
Ibu : “Dit, anggonmu bali sekolah mengko jam pira?”
Adit : “ Kula ................ sonten Bu.”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....
wangsul
kondur
tindak
kesah
bali
Andharan menika ingkang boten kalebet undha-usuking basa Jawi, inggih menika .....
basa ngoko
basa krama
basa krama inggil
basa krama alus
basa ngoko alus
Ingkang ngginakaken basa ngoko, inggih menika ....
lare enem dhateng tiyang sepuh ingkang sampun rumaket
lare enem dhateng tiyang sepuhipun
nalika tiyang enem mertamu
tiyang sepuh dhateng lare enem
nalika pikantuk pitepangan enggal
Bapak .......... adhiku dhuwit 20 ewu.
tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika .....
menehi
nyaosi
maringi
ngaturi
nyuwun
Bapak ora sida ........... amarga sukune aboh.
tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika .....
menyang
mlampah
mlaku
tindak
mangkat
Wawan rembag kaliyan tiyang ingkang enggal ngginakaken basa .....
ngoko
krama alus
ngoko alus
ngoko lugu
krama inggil
Bapak lagi .............. karo ibu ana ngisor wit jambu.
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika .....
omong-omongan
ngendikan
crita
matur
mundhut pirsa
Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …
krama lugu
Krama inggil
Ngoko lugu
Ngoko alus
Adhik .... susu, kula .... es teh ugi bapak .... kopi
Tembung-tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....
Ngombe, nginum, ngunjuk
Nginum, nginum, ngunjuk
Ngombe, ngombe, ngombe
Nginum, nginum, ngunjuk
Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....
Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....
Dhahar, nedha
Nedha, nedha
Nedha, mangan
Nedha, dhahar
Kanca-kanca, dina iki bu Susi ora rawuh.
Ukara ing dhuwur kalebu basa Jawa ragam... .
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Sedaya kemawon saget rawuh sakmenika.
Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa ngoko lugu yaiku ....
Kabeh wae bisa mulih saiki
Kabeh wae bisa teka saiki
Kabeh wae bisa lunga saiki
Kabeh mawon saget dugi saiki
Simbah kandha marang bapak yen arisane trah diundur minggu ngarep.
Tembung kramane "kandha" ing ukara nduwur yaiku...
Ngomong
Ngendika
Matur
Caos atur
Kandhane Dea,dheweke ngrasa wis ora kuwat dadi ketua kelas. Ukara kasebut mujudake ukara ...
Langsung
Ora langsung
Tanduk
Tanggap
Pathokaning tembang kang dadi wewaton cacahe wanda ing saben gatra tembang yaiku...
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!
Ngelmu iku kalakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Sedya budya pangekese dur angkara.
Guru gatra saka tembang macapat kasebut yaiku...
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!
Ngelmu iku kalakone kanthi laku, Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Sedya budya pangekese dur angkara.
Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku...
Ngelmu iku kalakone kanthi laku, Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Sedya budya pangekese dur angkara.
Saka tembang macapat kasebut, kalebu jinis tembang macapat ...
Ngelmu iku kalakone kanthi laku, Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Sedya budya pangekese dur angkara.
Duweni sastra piwulang kanggo panguripan. Pitutur luhur utawa ajaran luhur kang ora trep(tepat) adhedhasar bait tembang kasebut yaiku....
Gatekna pada-pada ing ngisor iki!
1) Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun Semune ngaksama Sasamane bangsa sisip Sarwa sareh saking mardi martatama
2) Yen dinadak tanpa usul Asaling nalar nalurinaluringing kang lalakyan Yen linalar datan luwih Winahya purbaning suksma Suksmanen dipunkatitik
3) Yen kasusu tan katemu Mung nemu tyas datan titi Maketer katiban tata Tataning saka tumitih O yatallah awak ingwang Dadi gandrung aweh wangsit
4) Tutur bener puniku, Sayektine apantes tiniru Nadyan metu saking wong sudra papeki, Lamun becik nggone muruk, Iku pantes sira anggo.
5) Sun cedhak pitutur ingsun Ing lakuning ngamal sholih Wus gumelar aneng kitab Lan pituturing ngulami Yen durung mangerti sira Takokena kang utami
Pada pada tembang kasebut kang kalebu tembang Kinanthi yaiku...
“Katri mingka sudarsaneng Jawi, pantes lamun sagung prawira...”
Pangudhale tembung garba sudarsaneng yaiku....
Ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||
Tembang kasebut kalebu tembang .....
Gatekna cakepan tembang macapat Dandhanggula iki!
"Yogyanira kang para prajurit"
Guru wilangan lan guru lagu kang ana ing gatra kasebut yaiku ....
Ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||
Wos Surasane tembang ing ndhuwur, yaiku .....
Gatekna tembang kinanthi iki!
Wajibe murid puniku ngudi ilmu kanthi esthi angel yen durung diwaca mula becik den titeni susah seneng den rasakna kanggo bekal urip iki
Adhedhasar tembang Kinanthi kasebut bisa dititiki yen paugeraning tembang macapat Kinanthi iku kadadean saka... gatra
Satitikna pethilan teks Pupuh Pocung iki!
Durung punjul ing kawruh kaselak jujul
Tembung ‘kawruh’ padha tegese karo…
Ukara “Polah kang kalantur” ing tembang gambuh tegese yaiku
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!
Ngelmu iku kalakone kanthi laku, Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Sedya budya pangekese dur angkara.
Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku...
Ngelmu iku kalakone kanthi laku, Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Sedya budya pangekese dur angkara.
Duweni sastra piwulang kanggo panguripan. Pitutur luhur utawa ajaran luhur kang ora trep(tepat) adhedhasar bait tembang kasebut yaiku....
Gatekna pada-pada ing ngisor iki! 1) Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun Semune ngaksama Sasamane bangsa sisip Sarwa sareh saking mardi martatama 2) Yen dinadak tanpa usul Asaling nalar nalurinaluringing kang lalakyan Yen linalar datan luwih Winahya purbaning suksma Suksmanen dipunkatitik 3) Yen kasusu tan katemu Mung nemu tyas datan titi Maketer katiban tata Tataning saka tumitih O yatallah awak ingwang Dadi gandrung aweh wangsit 4) Tutur bener puniku, Sayektine apantes tiniru Nadyan metu saking wong sudra papeki, Lamun becik nggone muruk, Iku pantes sira anggo. 5) Sun cedhak pitutur ingsun Ing lakuning ngamal sholih Wus gumelar aneng kitab Lan pituturing ngulami Yen durung mangerti sira Takokena kang utami
Pada pada tembang kasebut kang kalebu tembang Kinanthi yaiku...
“Katri mingka sudarsaneng Jawi, pantes lamun sagung prawira...”
Pangudhale tembung garba sudarsaneng yaiku....
Ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||
Tembang kasebut kalebu tembang .....
Gatekna cakepan tembang macapat Dandhanggula iki!
"Yogyanira kang para prajurit"
Guru wilangan lan guru lagu kang ana ing gatra kasebut yaiku ....
Gatekna tembang kinanthi iki!
Wajibe murid puniku ngudi ilmu kanthi esthi angel yen durung diwaca mula becik den titeni susah seneng den rasakna kanggo bekal urip iki
Adhedhasar tembang Kinanthi kasebut bisa dititiki yen paugeraning tembang macapat Kinanthi iku kadadean saka... gatra
Satitikna pethilan teks Pupuh Pocung iki!
Durung punjul ing kawruh kaselak jujul
Tembung ‘kawruh’ padha tegese karo…
Wacanen tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan!
Lawan maning sumurupa putra mami
lakuning agesang
iku satuhune mesthi
kataman suka sungkawa
Pada kasebut nduweni pitutur luhur kanggo kahuripan. Pitutur luhur kang ora trep adhedhasar pada kasebut yaiku.....
manungsa iku mesthi nglakoni lakuning urip
manungsa iku ora bakal nduwe rasa susah lan seneng
lakuning urip iku seneng lan susah
manungsa urip iku kudu gelem nglakoni nalika susah lan seneng
manungsa iku kudu bisa nrima nalika susah lan seneng
Den mungsuhken kadange pribadi
aprang tandhing lan Sang Dananjaya
Sri Karna suka manahe
marga dennya arsa males sih
ira Sang Duryudana
aprang rame Karna mati jemparing
sumbaga wirotama
28. Paribasan kang jumbuh kang nggambarake paraga utama ing pada kasebut yaiku.....
nganti mati ora lali, tekan mati ora ngeli
becik ketitik, ala ketara
timun mungsuh duren
ancik-ancik pucuking eri
diwenehi ati ngrogoh rempela
28. Aja nganti mbuwang tuladha, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Gatra sing ngandharake teges kasebut yaiku.....
amirita sakadare
ing lelabuhanipun
aywa kongsi buwang palupi
aywa kongsi buwang palupi
menawa tibeng nistha
ing esthinipun
senadyan tekaning buta
tan prabeda budi panduming dumadi
marsudi kotaman
pantes sagung kang para prawira
amirita sakadare
ing lelabuhanipun
ing lelabuhanipun
aywa kongsi buwang palupi
menawa tibeng nistha
Marma den taberi kulup
angulah lantiping ati
rina wengi den anedya
pandak-panduking pambudi
bengkas kahardaning driya
supaya dadya utami
Miturut wosing tembang ing dhuwur, tegese ukara angulah lantiping ati yaiku.....
nggodha ati
ngresiki ati
ngasah ati
ngiris ati
njaga ati
Marma den taberi kulup
angulah lantiping ati
rina wengi den anedya
pandak-panduking pambudi
bengkas kahardaning driya
supaya dadya utami
Tembang ing dhuwur ngamot piwulang yen manungsa kudu tansah.....
eling lan waspada marang pituduh kang dituduhake dening alam donya
nggatekake tembung kang metu saka omongane dhewe
nyingkirake tumindak nistha supaya dadi manungsa kang utama
waspada marang sawijining bab supaya dadi manungsa kang sejati
migunakake rasa lan ngadohi hawa nepsu supaya dadi manungsa kang mulya
