WorksheetsPostes Unggah-ungguh Basa | Kelas VIII
Total questions: 10
Worksheet time: 30mins
Nalika kula wangsul saking sekolah, simbah nembe ...
Dhahar
Nedha
Mangan
Nedhi
Menawa nyuwun idin mlebu kelas jalaran telat, anggone matur...
Pak guru nuwun sewu kula telat, yen oleh kula ajeng melu pelajaran
Pak guru nuwun sewu kula telat, yen angsal kula ajeng tumut pelajaran
Pak guru nuwun sewu kula telat, menawa angsal kula ajeng ndherek pelajaran
Pak guru nuwun sewu kula telat, menawi dipunkeparengaken kula badhe ndherek pelajaran
Ukara-ukara ngandhap menika, pundi ingkang mujudaken tuladha basa ngoko lugu?
Simbah lagi sare, aja diganggu.
Apa mau bengi kowe nonton bal-balan?
Saben midhanget adzan Subuh, Ibu mesthi banjur wungu.
Kula suwun panjenengan kersa lenggah pinarak ing griya kula.
Saben sonten simbah remen .... giyaran radhio Adhiloka, menapa malih nalika uyon-uyon Senin Wage.
Midhangetaken
Mirengake
Ngrungokake
Kapireng
Bapak ... saking kantor tabuh gangsal sonten.
Bali
Mantuk
Kondur
Wangsul
Rika nalika nyuwun idi badhe nyipeng wonten dalemipun simbah, maturipun makaten :
"Bu, menapa kepareng menawi benjing kula nyipeng wonten ... simbah."
griyane
omahe
dalemipun
kalenggahane
Pacelathon ing dhuwur kalebu tata krama utawa unggah-ungguh kanggo...
Nyuwun pitulungan
Paring pangalembana
Nyuwun kawigatosan
Nyuwun idin
Nalika bel sampun kapireng, Pak Guru katingal ... buku dhateng kelas.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku?
mbucal
mundhut
ngampil
ngasta
Kawit wau enjing, kula nengga Ibu wonten griya amargi Ibu nembe...
puyeng
lara
sakit
gerah
Minangka kupiya nguri-uri tradhisi lan budaya Jawi, Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ngawontenaken kirab lan ... Trunajaya.
Tembung kang trep kangge njangkepi ukara kasebut yaiku?
laga
beksan
joged
tandhing
